Font size
WorksheetsUlangan Crita Wayang
Total questions: 13
Worksheet time: 34mins
Wayang duweni ateges tumuju marang roh spiritual utawa ghoib, dewa utawa gustine. Wayang asale saka tembung ...
Sang Hyang
Ma Hyang
Wa Hyang
Se Mbahyang
Bebayang
Wayang kang digawe saka kulit lembu lan sumbering crita saka epos Ramayana lan Epos Mahabharata diarani Wayang ...
Purwa
Golek
Suluh
Beber
Madya
Wayang saka kayu kang digawe persisi kawangun pawongan critane babagan dakwah islam, kayata Wong Agung Jayenggrana Umarmaya lan Umarmadi. Diarani Wayang ...
Purwa
Golek
Suluh
Beber
Menak
Wayang kang klebu jinis wayang modhern, kang digawe saka kulit lembu nanging wujude manungsa jaman saiki lan nganggo sandhangan kayata celana lan rok. Wayang kuwi diarani wayang ...
Purwa
Golek
Suluh
Beber
Wahyu
Wayang kang diciptakake dening Sri Mangkunegaran IV
Purwa
Golek
Gedog
Madya
Wahyu
Wayang diartikake nganggo basa Jawa sing maknane "bayangan" yaiku disebabkake uwong sing ana mburi pakeliran awujud bayangan. Crita pewayangan padatanipun saking crita epos ...
Pandhawa
Kurawa
Mahabharata
Purwa
Ramayana
Wayang kuwi sawijining seni pagelaran kang awujud drama khas. Seni kang kaamot sajroning pagelaran wayang kajaba ...
Seni Gamelan
Seni Rupa
Seni Nembang
Seni Sastra
Seni Swara
Nilai kang kaamot sajroning crita wayang yaiku saben titah kang urip ing jagad iki kudu duwe sikap empati marang Kajaba ...
Pepadhane
Bapa Biyunge
Gustine
Kewan lan tanduran
Manungsa
Bima Bungkus
Duhkitaning Prabu Pandu Dewanata lan Dewi Kunti jalaran laire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumama kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe- cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnakake si bungkus. Permadi banjur kautus sowan eyange Resi Abiyasa ing Sapta Arga, wisiking dewa supaya sang bungkus kinen nyingitake ana ing alas Winangsraya. Ya ing alas kono mengkono bakal ana kaelokaning jagad ya dadi sarana ruwating si bungkus saka panandhange.
Seje papane nanging nunggal caritane, yaiku kang mapan ing Kayangan Suralaya. Yaiku tekane Gajahsena kang bakal jaluk supaya dililani urip manunggal karo para dewa, ananging para jawata ora ngidini satemah dadi pancakara lan para dewa.
Gajah Sena : “ e e e, ora pangling iki tetungguling para jawata. Bathara Endra…iki! “
Bathara Endra : “ ya dhasar kepara nyata, ulun bathara Endra. He…Gajah Sena yen kena tak elingake, wurung anggonmu darbe gegayuhan urip bareng lan para dewa dewandara ing kayangan. Awit sira iki isih sipat titah.”
Gajah Sena : “ ha.. embuh ra idhep, bakune aku pengin urip ing kayangan.”
Dewa Endra : “ wow.. jebul ora kena digawe becik. Ora enggal lunga saka kayangan kene sampluk canela pecah sirahmu! “
Gajah Sena : “ oi…sing ngati-ati, gadhing pedhot igamu! “
Akhire dumadi perang tandhing Gajah Sena mungsuh Bathara Endra, wusanane Bathara Endra kalah. Gilir gumanti para dewa ngadhepi kridahaning Gajahsena, kawiwitan bathara Endra, bathara Brama lan Bathara Yamadipati, nanging kabeh padha asor ing yuda.
Bathara Naradha kang dadi sesepuhing para dewandara banjur mrepegi marang Bathara Bayu lan paring dhawuh kinen golek dalan kanggo ngadhepi pangamuking Gajahsena. Awit saka panemune Bathara Bayu Gajahsena kinen kadhawuhan tumuju ing wana Winangsraya saperlu angruwat putrane Prabu Pandhu kang isih awujud bungkus. Banjur bathara Naradha marepegi Gajahsena.
Bathara Naradha :” he…Gajahsena Manawa sira pancen penging nemu dalaning kaswargan iki ana sranane”!
Gajahsena : “ hiya enggal tuduhna apa kuwi saranane?”
Bathara Naradha : “ sira tumuli nyedhaka ing Wana Winangsraya, Manawa sira bisa ngruwat marang si Bungkus, ya ing kana sira bakal antuk dalaning kaswargan lan sira bisa urip manunggal bareng para jawata” .
Gajahsena : “ ora ngomong wiwit mau! “
Ganti kang cinarita kang mapan ing tengahing wana Winangsraya, Batahara Bayu kang nyedaki marang si Bungkus banjur maringi kanugrahan kang awujud panganggon jangkep. Ora let suwe katon tekane Gajahsena lan banjur angruwat marang si Bungkus. Gajahsena namakake gadhing lan tumanjep dadi bedhaing bungkus. Eloking kahanan saka jero bungkus jumedhul manungsa kang wus gedhe, rumangsa kelaran metu saka jero bungkus satrus dadi pancakara sakarone.
Pungkasane dadi pancabakah Gajahsena asoring yuda katuwek kuku pancanaka satemah ilang musna nyawiji lan sang bungkus sing wus dadi manungsa lumrah iku.Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus.
Praptane Bathara Narada. Si Bungkus tumakon marang Bathara Bayu lan Naradha:
Bathara Naradha : “ prekencong pak pak pong waru dhoyong kalicodhe mangetan iline…, ho jebul gagah temenan bocah iki. Pendah bungahe wong tuwane manawa
nyumurupi putrane iki.. “
Bungkus :“Heemmm, aku iki sapa?”
Bathara Bayu : “ mangertiya ya ngger sira iku atmajane prabu Pandhu kang mau awujud bungkus. Sarehning sira iku mau sing bisa ngruwat Gajahsena mula sira tak paring jeneng Bratasena. “
Bathara Naradha : “ aku ya bakal menehi jeneng sira ngger,.. yaiku Werkudara. Kersane para dewa sira besuk bakal dadi satriya utama kulup. “
Rawuhe Prabu Pandhu kadherekake para putra yaiku Puntadewa lan Permadi. Prabu Pandhu katon bungah amarga putrane si bungkus wis pecah.
Pandhu : “ Putraku ger jeneng sira wis ruwat saka panandhangmu ger,..,. Pukulun keparenga kula amaringi pusaka awujud asma putra kula nami …? “
Bathara Naradha :” Iya iya ger… kudu iku. Kwajibane sudarma iku antarane maringi tetenger.”
Pandhu : “ Kulup sira sun paring tenger Gandawastratmaja, gandawastra iku jejuluk ingsun, atmaja anak. Lire sira iku putrane Pandhu ing Astina. Ayo ger tumuli dak kanthi bali mring praja Ngastina kulup .”
Prabu Pandhu sakwuse maringi jeneng marang putrane bungkus yaiku Gandawastratmaja. Sateruse Bratasena kaboyong kondur mring kraton Astina. Wondene para jawata sami kondur ing kayangan.
Paraga utama sing ana sajroning crita BIma Bungkus yaiku ...
Bathara Narada
Gajahsena
Bathara Indra
Bratasena
Duryudana
Miturut saka teks crita Bima Bungkus, paraga sing lagi nandhang susah yaiku ...
Prabu Panndudewanata lan Dewi Kunthi
Gajahsena
Permadi
Bratasena
Kurawa
" Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnakake si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus kinen nyingitake ana ing alas Winangsraya "
.
Tembung lelamisan sing ana ing pethikan teks ing dhuwur tegese …
tenanan
ethok-ethok
mimisen
maesan
ngegla
Paraga sing bisa ngruwat utawa mecah marah si Bungkus miturut teks ing dhuwur yaiku
Bathara Brama
Bathara Indra
Bathara Guru
Gajahsena
Gajahmada
Gambar iki tokoh bungkus nalikane wis dewasa kanthi aran ...
Bathara Guru
Pandhudewanata
Bathara Bayu
Gajahsena
Werkudara
“ Wong manawa pengin oleh pakurmatan iku kudu ngatonake luwih dhisik labuh labete marang wong liya “. Pratelan iki cocok kanggo paraga ing crita Bima Bungkus, yaiku paraga …
Bathara Guru
Bratasena
Gajahsena
Werkudara
Pandhudewanata
Setting papan panggonan nalikane si BUngkus bisa ruwat/pecah yaiku ana ing ...
Praja Astina
Praja Amarta
Kayangan Suralaya
Alas Krendhayana
Alas Winangsraya
Bungkus sakwise bisa pecah wujud pawongan gedhe dhuwur prakosa banjur pinaringan jeneng Werkudara, Bratasena, Bimasena, Gandawastratmaja ya sang Bayusuta. Bayusuta tegese dipundhut anak dening Bathara Bayu dewaning …
(a)
Sawijine tokoh sajrone crita Mahabharata yaiku putrane Bimasena utawa Werkudara yaiku
(a)
Arjuna duweni jeneng liya yaiku
(a)
Sedulure pandhawa sing nomer 3 yaiku
(a)
Jenenge ibune para Pandhawa yaiku
(a)
