wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN STS BAHASA JAWA SMT 1 KELAS 4

Total questions: 40

Worksheet time: 35mins

Name
Class
Date
1.

Maca geguritan kudu dibarengi kanthi rasa ... .

a)

Pangrasa

b)

Alon

c)

Seru

d)

Lara

2.

Wewangun geguritan ana sing awujud pada lan ora awujud pada. Tegese pada yaiku .

a)

Larik

b)

Bait

c)

Gatra

d)

Wanda

3.

Basa kramane tembung takrungokake yaiku. . . .

a)

kula pirengaken

b)

tak rungokake

c)

Tak mirengke

d)

Dirungoke

4.

Basa ngokone tembung mring yaiku. . . .

a)

dhateng

b)

sinambi

c)

Marang

d)

Karo

5.

Geguritan "Biografi" menika dipunserat dening . . .

a)

W.S Rendra

b)

Haryo WM

c)

Ibu Sud

d)

Tasya WM

6.

Sing dicritakake ing geguritan iku yaiku. . . .

a)

Masinis

b)

Pahlawan

c)

Priyayi

d)

Raja

7.

Paugeran sing kudu ditindakake yaiku . . .

a)

agama

b)

undang-undang

c)

rahayu

d)

Priyayi

8.

Dadi priyayi iku kudu ngestokake….

a)

Dhawuhe wong tuwa

b)

Duwite wong tuwa

c)

Menengke wong tuwa

d)

Omahe wong tuwa

9.

Geguritan "Pepeling" iku ngusung tema babagan ….

a)

Kabudayan

b)

Pendhidhikan

c)

Ekonomi

d)

Sejarah

10.

Geguritan iki menehi pepeling marang siswa supaya …

a)

Ora perlu sinau

b)

Pedhot sinau yen wis kesel

c)

sregep sinau ojo nganti pedhot

d)

Sinau mung nalika ujian

11.

Seben pada kasusun saka papat gatra, iku jinis geguritan kang arane ….sapada.

a)

Gita tri gatra

b)

Gita dwi gatra

c)

Gita catur gatra

d)

Gita panca gatra

12.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, kudu….

a)

Mangerteni wujude

b)

mangerteni tulisane

c)

Mangerteni macane

d)

mangerteni isine

13.

Wong sing ngasilake karya sastra wujud geguritan diarani

a)

Composer

b)

Penyanyi

c)

Panggurit

d)

Youtuber

14.

Ciri- ciri murid kang tumemen ing pamulangan kudu….

a)

setiti mirengake, wani micara sajrone pasinaon, lan tansah tumemen

b)

Seneng micara

c)

Sinau kala ujian

d)

guyon karo kancane

15.

Geguritan "Murid Tumemen" dianggit dening….

a)

Rangga Cinta

b)

Rangga Aditama

c)

WS Rendra

d)

Prasetyo

16.

Ing geguritan kasebut, saben esuk murid tumemen cengkelak ninggalake….

a)

omah

b)

klasa bantal

c)

Pit

d)

Sekolah

17.

Pitutur luhur sing bisa dijupuk saka pethilan geguritan ing ndhuwur yaiku ….

a)

kita kudu tansah sregep guneman

b)

Kita kudu tansah seneng dolan

c)

kita kudu tansah sregep lan tumemen anggone sinau

d)

kita kudu tansah sregep adus

18.

Cacahing larik ing geguritan ing nduwur ana….

a)

10 larik

b)

11 larik

c)

9 larik

d)

14 larik

19.

Apa tegese wong kondhang?

a)

wong sing nguli

b)

wong sing dodolan

c)

wong sing misuwur utowo terkenal

d)

wong sing nembang

20.

Apa pitutur luhur ing jroning geguritan "Aja lali"?

a)

tansah eling marang kancane

b)

tansah dolan

c)

tansah eling adus

d)

tansah eling marang wong tuwa, aja lali marang jasa-jasane wong tuwa

21.

Miturut panemumu, Apa sing bakal kelakon yen wong lali marang wong tuwa?

a)

Yen lali marang wong tuwa, uripe bakal ora tentrem, ora entuk berkah, lan bisa wae ngalami kesusahan ing urip.

b)

urip bakal tentrem

c)

urip bakal kondhang

d)

urip bakal berkah

22.

Pira cacahing larik ing geguritan ing nduwur?

a)

7 larik

b)

6 larik

c)

3 larik

d)

4 larik

23.

Geguritan, yaiku….

a)

Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok

b)

Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok

c)

Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening paugeran(aturan) kang gumathok

d)

Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang kaiket dening paugeran (aturan) kang gumathok

24.

Gatra ing geguritan uga diarani ….

a)

Gatra

b)

Ibuku mugi kaparingan sugeng lan raharja.

c)

Tembung sugeng tegese ….

d)

Budhe badhe … pundi?

25.

Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

Nanik Herawati

b)

Pahlawanku

c)

Indonesiaku

d)

Bumiku

26.

Amanat geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

wani mati mbela tanah air

b)

supaya ora tau berjuang

c)

bumi kuwi mosak-masik HOTS

d)

pahlawan kang berjuang

27.

Geguritan iku kalebu...

a)

puisi Jawa modern

b)

karangan anyar

c)

rura basa

d)

purwakanthi

28.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantingingsih

b)

Pahlawan

c)

Pahlawanku

d)

Karajang

29.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Sapa sing nulis geguritan ing duwur?

a)

R. Widiyati

b)

Jeng Kitut

c)

Bunda Etik Kusweni

d)

Astuti

30.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Tembung santosa pada tegese karo ...

a)

rusak

b)

mulya

c)

rukun

d)

rembug

31.

Geguritan ing ngisor iki kang nyritaake rasa syukur marang Gusti Allah amarga wes dikaruniai alam kang apik yaiku . . .

a)
b)
c)
d)
32.

Kucingku

Kucingku telu

kabeh lemu-lemu

kabeh manut karo aku

Kucingku ana sing ireng wulune

ana sing abu-abu

lan ana sing putih

tapi saiki mung dadi kenangan

amarga kucingku wis ilang kabeh

irah-irahan geguritan kasebut, yaiku ....

a)

Kucingku Telu

b)

Kucingku Lemu

c)

Kucingku

d)

Kucingmu

33.

Kucingku

Kucingku telu

kabeh lemu-lemu

kabeh manut karo aku

Kucingku ana sing ireng wulune

ana sing abu-abu

lan ana sing putih

tapi saiki mung dadi kenangan

amarga kucingku wis ilang kabeh

Cacahe gatra ana ing pada sepisan utawa pertama yaiku ....

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

34.

Kucingku

Kucingku telu

kabeh lemu-lemu

kabeh manut karo aku

Kucingku ana sing ireng wulune

ana sing abu-abu

lan ana sing putih

tapi saiki mung dadi kenangan

amarga kucingku wis ilang kabeh

Geguritan ing ndhuwur ana ... pada.

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

35.

Ibu...
Aku njaluk restu
Supaya anggonku sinau
Bisa migunani kanggo masa depanku

tegese tembung migunani yaiku ....

a)

berguna

b)

bertujuan

c)

berusaha

d)

bersepakat

36.

Guru

Cahyaning ati
Polahmu digugu lan ditiru
Pahlawan ilang tanpa pamrih
Jasamu sak dawaning jaman
Mula...
Bektia marang guru
Kang dadi boring pendidikan
Kan mandhengani pembangunan moral

Tema geguritan ing ndhuwur yaiku ....

a)

ibu

b)

guru

c)

pahlawan

d)

murid

37.

Pancen luhur bebudenmu
Urip prasaja ora kesusu
Ana ing desa kang asri
Urip rukun dadi petani

Geguritan ing ndhuwur nyeritaake bab ....

a)

uring ing ndesa

b)

uripe warga desa

c)

uripe pak tani

d)

luhur bebudene

38.

Nduk Anakku Wadon

Dening  Mira Aulia Alamanda

Ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe
Dadi wong wadon iku kudu
Suci uni, suci rupi, lan suci ati


Mula iku omonga sing apik
Dandana sing resik
Mlakuwa sing becik
Ing ngalam donya
Ndhuk, anakku wadon sing ayu dhewe
Goleka dalan swarga liwat tetep madhep
Lan mantep terus dhedhep marang Gusti

Sing bener miturut geguritan ing ndhuwur yaiku ....

a)

geguritan ing ndhuwur ana 3 pada

b)

geguritan ing ndhuwur 10 gatra

c)

sing nggawe geguritan kasebut yaiku Rani

d)

nasehate geguritan ing ndhuwur yaiku kudu nglawan wong tuwa ben mlebu suwarga

39.

Sekolahku,
Panggonku ngangsu kawruh
Dididik dening guru
Amrih dadi bocah kang mituhu

Sekolahku,
Gedungmu ora megah
Tegelmu dudu keramik
Nanging kenanganmu tansah takeling-eling

Geguritan ing ndhuwur nyritaake bab ....

a)
Pengalaman lan kenangan sekolah.
b)

Peraturan sekolah sing ketat.

c)

Kegiatan olahraga ing sekolah.

d)

Fasilitas sekolah sing modern.

40.

Esuk budhal sekolah

Sore nyekel buku

Awan daknggo turu

Mung arep nggayuh cita-citaku

Yen dak roso ora ono wektu dinggo senenge atiku

Aku sinau saben dina

Tansah manut dhawuhe wong tuwaku

Supaya aku dadi bocah pinter

Ing tembe bisa mujudake cita-citaku

Bisa mendhem jero lan mikul dhuwur marang wong tuwa

Bisa mulyakne wong tuwaku

Lan utamane bisa bekti marang wong tuwaku

Yagene utawa kenangopo aku kudu manut marang wing tuwaku?

a)
Supaya bisa dolan-dolan saben dina.
b)
Supaya ora perlu sinau lan bisa santai.
c)
Supaya bisa nglawan wong tuwa lan ora manut.
d)
Supaya bisa nggayuh cita-cita lan mulyakne wong tuwa.