NEW
Font size
WorksheetsPenilaian Harian Artikel
Total questions: 15
Worksheet time: 9mins
Sing kalebu struktur artikel ing ngisor iki, kajaba...
Judhul
Pambuka
Isi
Panutup
Tema
Bagiyan sing paling penting jroning proses panulisan artikel jalaran sakabehing masalah diterangake, kalebu pangerten saka?
Judhul
Isi
Pambuka
Panutup
Perangan kang pungkasan sajrone artikel kang kena diarani anti klimaks, minangka pangerten saka?
Judhul
Pambuka
Isi
Panutup
Wujud saka dhasare andharan penting kang didadekake dhasar (lelandhesan) kanggo ngandharake isi artikel diarani ...
Judhul
Pambuka
Isi
Penutup
Idhe utawa gagasan pokok saka sawijining artikel diarani...
Tema
Judhul
Isi
Pambuka
Panutup
Artikel kang isine njlentrehake babagan tartamtu kanthi rinci sarana nggatekake anane kanyatan (fakta-fakta) sing jangkep lan jelas diarani artikel ...
Eksposisi
Persuasi
Narasi
Deskripsi
Argumentasi
Artikel kang isine nyritakake sawijining kedadean utawa crita kang olehe nyritakake mawa rerangkepan urutan wektu diarani artikel
Eksposisi
Narasi
Deskripsi
Persuasi
Argumentasi
Artikel kang isine menehi panemu lan gagasan utawa teyori sebab akibat sawijine kedadeyan kanthi alasan sing jelas lan klebu nalar diarani artikel ...
Eksposisi
Narasi
Deskripsi
Persuasi
Argumentasi
Artikel kang nggambarake sawijine bab uatawa kedadeyan sing dideleng kanthi langsung kang bisa njalari sapa wae kang maca kaya-kaya ndeleng dhewe ,ngrungokake, ngrasakake utawa ngalami dhewe diarani artikel ...
Eksposisi
Narasi
Deskripsi
Persuasi
Argumentasi
a=Artikel sing isine ajakan utawa pambujuk supaya wong-wong sing maca padha gelem nindakake apa kang dadi karepe panulis diarani artikel ...
Eksposisi
Narasi
Deskripsi
Persuasi
Argumentasi
Gunung Merapi kang endah
Gunung Merapi punika satunggaling gunung geni ingkang dumunung wonten ing winatesane antara provinsi Yogyakarta kaliyan Jawa Tengah. Gunung punika misuwur awit saking aktivitas vulkanikipun ingkang gadhah potensi mbebayani. Senadyan makaten, Gunung Merapi gadhah kaendahan alam ingkang ngresepake ati.
Saben esuk, swasana ing sakupenge gunung katingal seger, ijo royo-royo, saha kathah wit-witan ingkang ngrembaka. Hawa wonten mriku adhem lan resik. Gunung punika ugi dados papan wisata lan panggonan sinau babagan geologi. Sanadyan asring njeblug, masyarakat ing sacedhake tetep ngajeni lan urip sesrawungan kanthi alam kanthi wicaksana.
Artikel ing dhuwur kalebu jinis artikel ...
Eksposisi
Narasi
Deskripsi
Persuasi
Argumentasi
Parangtritis kang Nyengsemake Ati
Nalika Preian semester kepungkur, aku lan keluargaku dolan menyang Segara Parangtritis ing Yogyakarta. Esuk-esuk aku wis siap-siap nggawa panganan lan ubarampe kanggo dolan. Kira-kira jam wolu esuk, wis mangkat saka omah.
Sakwise lelungan kurang luwih saka rong jam, aku tekan ing Parangtritis. Angin Segara sing semilir, swara ombak, lan langit biru ndadekake aku rumangsa seneng banget. Aku mlaku-mlaku ing pinggir Segara, nggambar ing lemah, lan dolanan banyu karo adhikku. Bapak ibu lungguh ing tikar, padha ndeleng aku lan adhikku dolanan.
Sawise awan, aku lan kaluwargaku nedha bareng. Panganan sing digawa ibu rasane enak banget, luwih enak amarga dipangan bareng kaluwarga. Sore, sadurunge mulih, aku tuku klambi kaos lan njupuk foto kanggo kenang-kenangan.
Artikel kasebut kalebu ing jinis artikel ...
Preian iku pancen nyenengake lan ora bakal tak lali. Aku pengin bisa dolan maneh ing kono nalika preian sok mben.
Eksposisi
Narasi
Deskripsi
Persuasi
Argumentasi
Pentinge njaga lan nglestarikake lingkungan sekolah
Lingkungan sekolah kudu dijaga supaya tetep resik lan nyaman. Akeh siswa lan guru sing saben dinane ana ing sekolah, mula karesikan lingkungan sekolah dadi tanggung jawab bebarengan.
Yen lingkungan sekolah reged, akeh sampah ing samubarang papan, lan ora dirumat, mesthi bakal ngganggu nalika sinau. Murid dadi ora tumemen amarga ambune ora enak lan ora nyenengake. Kajaba kuwi, lingkungan reged uga bisa nyebabake lelara.
Mula saka kuwi, saben siswa kudune duwe rasa tanggung jawab kanggo ora mbuwang sampah saknggon-nggon, melu kerja bakti, lan ngajeni tukang kebon utawa petugas karesikan sekolah. Sekolah sing resik ndadekake siswa luwih semangat sinau lan luwih betah ing kelas.
Miturutku, nglestarekake lingkungan sekolah iku penting banget amarga ora mung ndadekake sekolah ayem, nanging uga ndidik siswa supaya luwih disiplin lan tanggung jawab. Yen ditekani tamu, sekolah sing resik uga bakal ndadekake kesan sing apik.
Artikel ing dhuwur kalebu jinis artikel ...
Eksposisi
Narasi
Deskripsi
Persuasi
Argumentasi
Buku Jendhela Donya
Maca buku iku kabiasaan sing migunani kanggo sapa wae, luwih-luwih kanggo para siswa. Kanthi maca buku, kita bisa nambah kawruh, nambah imajinasi, lan luwih pinter ngungkapake gagasan. Nanging saiki, akeh bocah luwih seneng main HP tinimbang maca buku.
Kowe ngerti ora? Kanthi maca buku saben dina, pikiranmu bakal luwih aktif lan idhe-idhemu bakal luwih landhep. Buku kuwi jendhela donya. Saka buku, kowe bisa ngerti carita saka negara liya, ilmu pengetahuan anyar, lan akhlak kang becik. Apa kowe ora kepengin dadi bocah pinter lan trampil?
Ayo padha nyisihake wektu paling ora 15 menit saben dina kanggo maca buku. Pilih buku sing disenengi, kayata komik, novel, antolohi cerkak, utawa ilmu pengetahuan. Wiwit saka saiki, ayo padha mbudidaya maca buku supaya mangsa tembe dadi luwih padhang.
Artikel ing dhuwur kalebu jinis artikel ...
Eksposisi
Narasi
Deskripsi
Persuasi
Argumentasi
Manfaat Tuwuh-tuwuhan kanggo Uripe Manungsa
Tuwuh-tuwuhan nduweni bab penting tumrap uripe manungsa. Ora mung dadi sumber pangan, nanging uga nyedhiyakake oksigen lan mbantu njaga keseimbangan alam. Akeh tuwuhan sing bisa dimanfaatake kanggo kebutuhan saben dina.
Kaping pisan, tuwuhan nyedhiyakake oksigen liwat proses fotosintesis. Proses iki penting banget amarga manungsa butuh oksigen kanggo ambegan. Tanpa tuwuhan, oksigen ing bumi bakal suda lan ngganggu urip makhluk urip.
Saliyane kuwi, tuwuhan uga dadi sumber pangan. Pari, jagung, sayuran, lan woh-wohan kabeh asalé saka tuwuhan. Manungsa ngolah tuwuhan dadi panganan saben dina. Kajaba iku, sawetara tuwuhan uga bisa dadi obat tradisional, kaya jahe, temulawak, lan kunyit.
Tuwuhan uga nduweni fungsi njaga keseimbangan lingkungan. Wit-witan bisa nyegah erosi, nyerep banyu, lan nglindhungi bumi saka pemanasan global. Alas lan kebon sing ijo royo-royo ndadekake lingkungan luwih sejuk lan resik.
Dadi, tuwuhan iku penting banget kanggo urip kita. Kita kudu ngajeni lan nglestarekake tuwuh-tuwuhan supaya alam tetep lestari lan urip manungsa bisa luwih becik.
Artikel ing dhuwur kalebu jinis artikel ...
Eksposisi
Narasi
Deskripsi
Persuasi
Argumentasi
