wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Soal Sumatif Bahasa Jawa Geguritan

Total questions: 25

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Geguritan gagrak lawas nduweni aturan sing ketat ing guru wilangan lan guru lagu. Apa sing bakal kelakon yen aturan iki ora digatekake?

a)

Geguritan tetep nduweni estetika kang kuat

b)

Geguritan bisa ilang swasana tradisional lan ora ngurmati pakem

c)

Makin gampang diwaca lan dimangerteni

d)

Makna lan pesan geguritan bakal tetep jelas

e)

Geguritan dadi luwih ekspresif lan bebas

2.

Penggunaan basa kawi asring ditemokake ing geguritan gagrak lawas. Apa peran utama basa kawi ing geguritan kasebut?

a)

Basa kawi ngurangi kejelasan makna

b)

Basa kawi nambah estetika lan nuansa klasik

c)

Supaya gampang dimangerteni kabeh kalangan

d)

Mung kanggo nambah jumlah larik

e)

Basa kawi digunakake kanggo kabeh genre sastra

3.

Guru lagu lan guru wilangan nduweni fungsi penting ing geguritan gagrak lawas. Apa pengaruh utama yen geguritan ora nggunakake guru lagu lan guru wilangan?

a)

Geguritan bakal tetep nduweni swasana sing laras

b)

Geguritan isa ilang struktur lan rima tradisional

c)

Bisa nambah estetika lan kekuatan makna

d)

Geguritan dadi luwih bisa ditampa pembaca muda

e)

Supaya karya dadi luwih bebas

4.

Panulisan geguritan nggunakake basa sing ngandhut makna kang jero. Kang mangkono nuduhake basa ing geguritan asipat ....

a)

Mentes

b)

Cekak

c)

Edukatif

d)

Estetis

e)

Persuasivr

5.

Panulisan geguritan migunakake basa kang endah lan bisa negesi pirang-pirang kekarepan kanthi migatekake larasing uni. Babagan iki kaaran ....

a)

Diksi

b)

Amanat

c)

Lelewaning Basa

d)

Tipografi

e)

Tema

6.

Nilai pendhidhikan kang kinandhut sajroning geguritan lan pengin diwe dharake penulis lumantar geguritan. Perangan iki kaaran unsur ....

a)

Estetis

b)

Koheren

c)

Lelewaning basa

d)

Edukatif

e)

Estetika

7.

Geguritan klebu jinis puisi Jawa gagrag ....

a)

Kuna

b)

Modheren

c)

Tengahan

d)

Anyar

e)

Lawas

8.

Nulis geguritan supaya asile luwih becik lan endah ana saperangan paugeran kang bisa digatekake. Ing ngisor sing ora klebu perangan kasebut yaiku ....

a)

Ora prelu migunakake paramasastra

b)

Migatekake swasana ati lan lingkungan

c)

Milih tema

d)

Migunakake purwakanthi

e)

Migatekake tetembungan

9.

Ing ngisor iki kang ora perlu digatekake nalika nyulih wedharaning geguritan yaiku ....

a)

Njingglengi menawa nggunakake pasemon

b)

maca tulisan kanthi tliti

c)

Ora prelu njarwani pralambang utawa pasemon

d)

ngira-ira tetembungan kang diilangi nuli mbalekake

e)

nggoleki teges tembung kang angel

10.

Geguritan ing ndhuwur klebu jinis geguritan …

a)

Kuna

b)

Lawas

c)

Anyar

d)

Tengahan

e)

Pinathok

11.

Katrangan kang trep kanggo nggambarake amanat geguritan yaiku ....

a)

Crita wayang ora ngemu pitutur luhur ing njerone

b)

kadang kanoman ora kudu nguri-uri crita wayang amarga ora kabeh duwe kaprigelan kanggo ndhalang

c)

kadang kanoman kudu bisa njaga warisan budaya kanthi ajar ndhalang

d)

crita wayang klebu budaya Jawa kudu diuri-uri amarga ngandhut pitutur suci tumrap dhiri kang migunani tumrap negara

e)

crita wayang klebu crita kuna sing wis ora bisa ditrapake ing jaman saiki

12.

Geguritan ing dhuwur ngemu surasa kang

a)

Ngalembana

b)

Panyendhu

c)

Nuturi

d)

Nyemoni

e)

Ngguroni

13.

Geguritan asale saka tembung lingga gurita kang diowahi saka tembung gerita. Dene gerita saka tembung gita. Tegese tembug gita yaiku ....

a)

Tulisan

b)

Tulisan kang awujud tatahan

c)

Swara endah

d)

Tembang

e)

Rumpakan

14.

Gatekna punggelan geguritan ing ngisor iki!

 

Gemericik swaramu ing wayah esuk

Agawe Tentrem ing ati

Kricik-kricik kaya tatanan tembang kang endah

 

Katrangan kang trep karo geguritan ing dhuwur yaiku …

a)

Migunakake pamilihan tembung denotative

b)

Nuduhake nada sajroning geguritan

c)

Medharake amanat ing geguritan

d)

Ngemu imajinasi pangindran pangrungu

e)

Nengenake babagan wirama ing pandhapukaning tembung

15.

Sajroning panulisan geguritan bisa kanthi nganggo dasanama supaya luwih endah. Dene ing ngisor iki kang ora klebu dasanama kanggo tembung angin yaiku ....

a)

Sindhung

b)

Maruta

c)

Warih

d)

Bayu

e)

Bajra

16.

Sajroning pamacane geguritan kita bisa jupuk piwulangan kang kakandhut ing jerone sing bisa dadi tepa tuladha ing urip saben dina. Kang mangkono klebu babagan ing jerone geguritan kang diarani ....

a)

Rumpakan

b)

Unsur Edukasi

c)

Unsur kaendahan

d)

Nuwuhake rasa tresna

e)

Wutuh utawa koheren

17.

Maca geguritan kudu nggatekake babagan kedaling lesan, tata panga turing napas, lan pamedhoting ukara. Kang mangkono diarani ....

a)

Penampilan

b)

Sarana

c)

Olah swara

d)

Komunikatif

e)

Busana

18.

Ing panulisan geguritan kawangun saka basa sing endah kayata nggatekake purwakanthi utawa unen-unen liyane sing diarani basa ....

a)

Kawi

b)

Ngoko

c)

Rinengga

d)

Krama

e)

Padinan

19.

Geguritan kawangun saka larik lan pada kayadene tembang macapat. Nanging ana babagan sing bedakake. Dene sing bedakake yaiku ....

a)

tembang macapat keiket paugeran guru kang gumathok

b)

geguritan ora kaiket paugeran guru gatra, wilangan, lan lagu

c)

anggone maca geguritan kudu dilagokake

d)

cacahing gatra lan wanda sajroning geguritan kudu padha

e)

geguritan lan macapat padha dene ditembangake

20.

Asil susastra modheren kang surasane kanggo medhar rasa pangrasa kanthi tetembungan sing cekak, endah, lan mentes yaiku ....

a)

Wayang

b)

Tembang macapat

c)

Tembang dolanan

d)

Geguritan

e)

Cerkak

21.

Ancas maca kanthi teknik maca endah tumrap geguritan yaiku ....

a)

bisa kanggo sarana mamerake kaunggulan maca geguritan

b)

golek pangalembana saka pami arsa tumrap pamacane geguritan

c)

bisa menehi tandha andhegan nalika maca geguritan

d)

tumrape sing ngrungokake bisa mangerteni surasane geguritan

e)

amrih bisa pinunjul ing pamacane geguritan

22.

Basa rinengga sajroning geguritan ngemu ancas kanggo nambahi endah ing rasa ing geguritan. Kaya ing ukara “Sikil kadya tanpa tlapak, amarga wis mlethek daging tumekane kuku”.

Migunakake rerenggan basa. Basa rinengga kang digunakake ing ukara kasebut yaiku ....

a)

Pepindhan

b)

Parikan

c)

Purwakanthi

d)

Sanepa

e)

Entar

23.

Gatekna pethilan geguritan ing ngisor iki!

Delengen githokmu dhewe

Ngiloa ing kaca kang rada suwe

Banjur rungokna

Ana swara tanpa sangka

Nuli waspadakna

 

Piwulang utawa pesen moral kang kinandhut jroning geguritan ing ndhuwur yaiku …

a)

Sadurunge tumindak kudu mikira dhisik

b)

Wong yen seneng ngilo iku tegese becik

c)

Yen pengin Mulya tumindaka kebecikan

d)

Manungsa urip kuwi kudu seneng macak

e)

Dadi manungsa kuwi bisa mawas dhiri

24.

Jroning maca geguritan roning maca geguritan solah bawa (obahe awak sakujur) bisa nguwatake geguritan sing diwaca, mulane jroning ngobahake awak kudu bisa …

a)

Kominakatip tegese lirih bantere swara, slaras-seimbange pamaca geguritan, kaendahan wirama kang njalari para pamirsa lan pamireng bisa kesengsem

b)

Konsentrasi tegese munjerake pikiran, wektu lan tenaga kanthi nggladhi sinau maca geguritan supaya asile ora getun tiba buri, sebab kalodhangan lan wektu iku ora bisa dibaleni.

c)

Ekspresip tegese olehe ngintrepretasi weruh struktur lair lan struktur batine geguritan banjur diwujudake jroning mimic-pantomimik-kinetik lan solah vawa kang becik lan endah

d)

Ekspresip tegese owah-owahane swara, upamane swarane wong tuwa, bocah cilik, swarane digawe cempreng, ulem, geter, lan sapanunggalane

e)

Komunikatip tegere jroning maca geguritan kudu ngrasakake isine geguritan, solah-bawane utawa obahe awak kudu bener-bener metu saka ati supaya bisa nggawe getere atine pamirsa.

25.

Gathekna pethilan geguritan ing ngisor iki!

Bapa, anakmu lanang iki mung wayang

Dudu yaga, dudu dhalang sing wenang

Gawe abang ijone kahanan

 

Bapa, anakmu lanang iki mung wayang

Ngreti bedane ireng lan putih

Nanging ora duwe wenang kanggo milih

Samubarang gawe gumantung marang tangane dhalang kumlawe ngobahake

 

Isi kang kinadhut jroning geguritan ing ndhuwur yaiku …

a)

Senadyan awake dhewe ora bisa nulak takdir nanging kudu bisa pasrah

b)

Yen kepengin oleh urip kamulyan kudu tansah tumindak kebecikan

c)

Kabeh manungsa kuwi isih nduweni wenang ngowahi takdire dhewe

d)

Sakabehe manungsa urip kuwi duwe kuwajiban tumindak kang becik

e)

Uripe manungsa kuwi wis ditakdirake dening Gusti Kang Maha Kuwasa