wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 16mins

Name
Class
Date
1.

Jeneng liyane Punthadewa yaiku ....

a)

Janaka

b)

Yudhistira

c)

Bima

d)

Bratasena

2.

Cacahe Pandhawa iku ana wong...

a)

2 loro

b)

3 telu

c)

4 papat

d)

5 lima

3.

Ibune Nakula lan Sadewa yaiku . . .

a)

Dewi Kunthi

b)

Dewi Arimbi

c)

Dewi Madrim

4.

jeneng liyane werkudara yaiku ....

a)

arjuna

b)

yudhistira

c)

bima

d)

nakula

5.

Pandhawa kuwi putrane ....

a)

Hastinapura

b)

Prabu Pandhu

c)

Yudhistira

d)

Dhestrarastra

6.

Gathutkaca kasatriya ana ing ....

a)

Jangkarbumi

b)

Pringgodani

c)

Sapta Baruna

d)

Plangkawati

7.

Antareja iku putrane Dewi Nagagini karo ....

a)

Arjuna

b)

Bima

c)

Nakula

d)

Sadewa

8.

Sedulur Kurawa kang arane Duryudana iku dadi raja ana ing . . . .

a)

Ngamarta

b)

Pringgandani

c)

Ngastina

d)

Kurusetra

9.

Sajrone crita pewayangan, Gathutkaca iku bisa mabur tanpa lar. Tegese tembung lar yaiku . . . .

a)

muntha

b)

kitiran

c)

swiwi

d)

buntut

10.

Arane perang kang ndadekake Gathutkaca gugur yaiku . . . .

a)

Mahabarata

b)

Baratayudha

c)

Bubat

d)

Tanding

11.

Arane senjatane Gathutkaca sing dianggo ing dada yaiku . . . .

a)

nanggala

b)

kotang antrakusuma

c)

alugara

d)

pasopati

12.

Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ........

a)

uwuh utawa larahan

b)

uwuh lan limbah

c)

suket kang tukhul saparan-paran

d)

gegodongan

13.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

14.

Apa kang nyebabake sumber banyu lan kali akeh sing asat?

a)

banyu kali kena polusi

b)

akeh wit-witan ing pinggir kali

c)

wit-witan kang nandon banyu wis entek ditegori

d)

wis suwe ora udan

15.

Mas Rudi arep siram siki apa engko?

Ukara kasebut migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

16.

Kondur basa ngokone yaiku ....

a)

mulih

b)

wangsul

c)

kondur

d)

tindak

17.

Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama alus yaiku ....

a)

bapak sampun tindak datheng Yogyakarta

b)

kula badhe mangan mas. napa panjenengan badhe tumut?

c)

pak iwan saiki wis rawuh apa durung?

d)

irma ora mlebu sekolah jalaran lara.

18.

Bapak ngunjuk kopi, aku ....... wedang putih.

Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara kasebut yaitu....

a)

ngunjuk

b)

ngombe

c)

mangan

d)

dhahar

19.

Basa krama alus/inggil dinggo dening....

a)

kanca sapdha

b)

wong tuwa marang anake

c)

guru marang muride

d)

anak marang wong tuwa

20.

Gambar wayang ing duwur iku diarani....

a)

Pandhawa

b)

Kurawa

c)

Punakawan

d)

Kembar