Font size
WorksheetsGeguritan Kelas XI
Total questions: 42
Worksheet time: 23mins
Geguritan minangka salah siji wujude karangan/anggitan sing ora migatekake pathokan ....
Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Basane endah, mentes, lan mantes.
Basa rinengga, mentes, lan mantes.
Guru swara, guru sastra, lan guru basa.
Purwakanthi, pepindhan, lan paribasan.
Pokok masalah kang dirembug ing geguritan diarani ….
Tema
Amanat
Jeda
Diksi
Irah-irahan
Pamilihé tembung sing trep, mentes, lan mantesi ing geguritan, diarani …
Tema
Amanat
Jeda
Diksi
Irah-irah
Geguritan iku tembung-tembunge luwih akeh migunakaké tembung kanthi teges …
Wanthah
Denotatif
Apa anane
Lumrah
Kias
Wong sing ngarang geguritan diarani …
Dhalang
Niaga
Komponis
Sindhen
Panggurit
Pesen kang disampekkake panggurit marang para maos utawa sapa wae sing ngrungokake guritan, diarani …
Tema
Amanat
Jeda
Diksi
Irah-irah
Ing geguritan asring tinemu basa rinengga wujud runtute swara ing saben pungkasane gatra. Basa rinengga iki diarani …
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru lagu
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru gatra
Purwakanthi guru basa
Ing geguritan uga asring tinemu basa rinengga wujud runtute sastra ing saben pungkasane gatra. Basa rinengga iki diarani …
Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru lagu
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru gatra
Purwakanthi guru basa
Supaya bisa mangerteni isine geguritan, kita kudu mangerteni ….
Tegese tembung
Ekspresi wajah
Pralambange tembung
Wong sing ngarang
Pamacane tembung
Wong sing maca geguritan bisa apik lan enak dirungokake saugeran …
Mangerteni tegese tembungé
Mangerteni irah-irahané
Mangerteni isine geguritan
Mangerteni basané
Mangerteni wong sing ngarang
Pethikan geguritan ngisor iki jingglengana!
Medhitasi Mangsa
(Dening: Sumono Sandy Asmoro)
Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake
Samubarang kang ana ing sandhuwure
Kabeh winihi dhitukulake
Ora metu papan liyane
Basa rinengga sing tinemu ing pethikan geguritan ndhuwur yaiku …
Purwakanthi guru basa
Purwakanthi guru gatra
Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru lagu
Purwakanthi guru swara
Pethikan geguritan ngisor iki jingglengana!
Medhitasi Mangsa
(Dening: Sumono Sandy Asmoro)
Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake
Samubarang kang ana ing sandhuwure
Kabeh winihi dhitukulake
Ora metu papan liyae
Isine pethikan geguritan ing ndhuwur yaiku ….
Manungsa kudu milah lan milih
Manungsa ora oleh mbedak-mbedakake
Purwakanthi guru sastra
Manungsa kudu bisa mbedak-mbedakake
Manungsa kang ngina mring sasama
Uneg-uneg Tukang Rosok Marang Calon Pemimpin
(Dening: Siti Purwati, S.Pd)
Nanging, jajalen…, titenana!
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh kok takon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!
Apa maneh kok mujudake janji-janji panjenengan!
Temane pethikan geguritan ing ndhuwur yaiku …
Kursi empuk
Rosokan
Kursi panas
Pemimpin
Pemulung
Uneg-uneg Tukang Rosok Marang Calon Pemimpin
(Dening: Siti Purwati, S.Pd)
Nanging, jajalen…, titenana!
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh kok takon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!
Apa maneh kok mujudake janji-janji panjenengan!
Tembung "lungguh kursi" ing pethikan geguritan iku ateges ....
Dadi pemimpin
Dadi juwara
Lungguh kepenak
Lungguh empuk
Kursi kang empuk
Uneg-uneg Tukang Rosok Marang Calon Pemimpin
(Dening: Siti Purwati, S.Pd)
Nanging, jajalen…, titenana!
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh kok takon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!
Apa maneh kok mujudake janji-janji panjenengan!
Amanah sing tinemu ing geguritan ndhuwur yaiku …
Aja seneng ngumbar janji
Aja seneng silahturahmi
Dadio pemeimpin ing becik
Goleka kursi sing empuk
Rungokno uneg-uneg e tukang rongsok
Kangen
(Dening: Edi Winarno)
aja nangis anakku
ibumu isih lunga
sedhela maneh teka
aja nangis, anakku
umpama hongkong kuwi mung lor kali
wis wingi-wingi dakparani
Ing geguritan kasebut, panggurit dadi …..
Ibu
Bapak
Simbah
Putu
Adhi
Kangen
(Dening: Edi Winarno)
aja nangis anakku
ibumu isih lunga
sedhela maneh teka
aja nangis, anakku
umpama hongkong kuwi mung lor kali
wis wingi-wingi dakparani
Isine geguritan "Kangen" yaiku ….
Wong tuwa iku mesthi nduweni rasa kangen marang anak
Bapak kang nggoleki bojone nganti tekan lor kali
Susahé bapak amarga tangisé anak sing kangen marang ibune sing nyambut gawe ing Hongkong
Ibu kang nggoleki anaké tekan Hongkong sinambi nyambut gawe ing kana
Anak kang kangen marang bapak lan ibune kang nyambut gawe ing lor kali
Tujuane maca endah geguritan yaiku ….
Nemokake struktur lair geguritan
Nemokake struktur batin geguritan
Supaya sing ngrungokake bisa nggumun marang kawasisane sing maca geguritan
Bisa nemoni tandha andhengan lan intonasi ing teks geguritan
Sing nyemak lan mirsani bisa mangerteni isi, piweling lan kaendahane geguritan
Kang kalebu struktur batin geguritan yaiku ….
Tema lan amanat
Tipografi lan amanat
Imaji lan tipografi
Tema lan imaji
Imaji lan rasa
Ing ngisor iki kalebu struktur lair geguritan, yaiku ….
Tipografi lan purwakanthi
Tema lan amanat
Amanat lan rasa
Tema, amanat lan rasa
Rasa lan nada
Wangun geguritan kang tinulis ora ngikuti larik lan ora kudu kawiwitan aksara gedhe sarta ora dipungkasi tandha titik utawa tandha pawacan liyane, struktur fisik geguritan kasebut diarani …
Tipografi
Wirama
Diksi
Busananing basa
Imaji
Endahing geguritan iku gumantung kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ….
Pilihane tembung kang mentes
Runuté swara utawa nggunakake purwakanthi
Tembung entar kang digunakake
Tembung andhahan kang karimbag
Bagus lan ayune kang maca geguritan
Unen-unen kang dibolan-baleni, bisa ndadekake geguritan katon nduweni irama ….
Rima
Purwakanthi
Tembung entar
Tembung saroja
Tembung garba
Patuladhan
(Dening: Davit Harijono)
Kang mimpin
Ora ana ing ngarep
Nanging cahyane
Patuladhan iku kudu
Ngaton mangejawantah
Yen wus madhep mantep
Tegese tegen
Ngendhaleni panguwasa
Nyekel pusara
Ya pusakaning adil
Yen jirih wateke
Mung bakal tansah
Singidan dhe dhemitan
Samun kang dadi
Patuladhane kuthung
Geguritan ing nduwur sapada ana ….
Sepuluh gatra
Sangang gatra
Pitung gatra
Limang gatra
Enem garta
Patuladhan
(Dening: Davit Harijono)
Kang mimpin
Ora ana ing ngarep
Nanging cahyane
Patuladhan iku kudu
Ngaton mangejawantah
Yen wus madhep mantep
Tegese tegen
Ngendhaleni panguwasa
Nyekel pusara
Ya pusakaning adil
Yen jirih wateke
Mung bakal tansah
Singidan dhe dhemitan
Samun kang dadi
Patuladhane kuthung
Amanat geguritan kang ana ing pada 1 yaiku ….
Pemimpin iku kudu madhep, mantep atine
Pemimpin iku kudu bisa dadi tepa tuladha
Pemimpin iku ora kena mangu-mangu
Pemimpin iku aja mung golek banda donya
Pemimpin iku ora kena sembarangan wong
Ing ngisor iki bab-bab kang perlu ditindakaké nalika maca geguritan, kajaba ….
Lafal kudu cetha, umpama swara d, dh, t, th, e
Sareh, ora perlu kemrungsung amarga bisa ngilangi nges utawa greget
Swara ditata adhedhasar karakteré tembung
Anteng
Mapanake jeda kanthi trep (pas)
Panganggone basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake anggepan (konotasi) tartamtu sarta bisa nuwuhake rasa kaendahan diarani ….
Wirama
Rasa
Tema
Busananing basa/ Gaya Basa
Nada
Ing ngisor iki kalebu tembung entar, kajaba ….
Bocah kae pancen dawa tangane
Gajah ngidak rapah
Entek atiku krungu kabar ana kacilakan
Wong kuwi atine ana wulune
Bojone Nardi kae pancen dawa ususe
Kanggo mangerteni kondisi wektu arep maca puisi kang perlu ditindakake yaiku ….
Analisis situasi lan pamireng
Milih geguritan
Mbedhah geguritan
Latihan maca geguritan
Istilah nulis geguritan
Olehe nyambut gawe direwangi adus kringet. Ukara kasebut tegese ….
Olehe nyambut gawe ing panggonan kang panas
Olehe nyambut gawe rekasa banget
Nyambute gawe ing panggonan kanggo olah raga
Olehe nyambut gawe nggarai sehat
Olehe nyambut gawe kepenak banget
Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi guru sastra, yaiku ….
Sluman, slumun, slamet
Abang-abang ora legi, tiwas magang ora dadi
Kolik priya, priyagung anjani putra
Kawi sekar, sekar pepundhen Sri Kresna
Witing tresna jalaran saka kulina
Ing ngisor iki kalebu purwakanthi guru basa, yaiku ….
Bibit, bobot, bebet
Sluman, slumun, slamet
Desa mawa cara negara mawa tata
Rujak degan, degane krambil ijo
Ana awan ana pangan
Kusuma, padma, puspita, sekar, iku dasanamane ….
Banyu
Angin
Kembang
Bumi
Segara
Jisim, kunarpa, kuwanda, wangke, iku dasanamane ….
Lanang
Mayit
Ula
Kali
Segara
Ing ngisor iki dasanamane manungsa, yaiku ….
Antariksa
Jumantara
Janma
Ernawa
Jaladri
Wangsulana pitakon ngisor iki kanthi milih wangsalan sing tepak !
Ing ngisor iki kalebu titikané geguritan, yaiku ….
Ora kaiket ing pathokan kayadene tembang
Pokok masalah kang dirembug ing geguritan diarani ….
Tema
Pamilihé tembung kang trep, mentes, lan mantesi ing geguritan diarani ….
Diksi
Pesen kang kaemot ing geguritan, kang diaturake marang pamaos diarani ….
Amanat/ Pesen
Mulihe anak lan putune kuwi bisa gawe beninge atine Bu Umi. Tembung entar beninge atine ateges ….
Bungah
Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi milih jawaban sing tepak !
Geguritan salah sawijining kasusastran jawa ….
Anyar
Supaya katon endah lan ngresepake maca geguritan iku kudu gatekake wirama. Tegese wirama yaiku ….
Munggah mudhune swara
Bab kang kudu digatekake nalika gawe geguritan ….
Ginaake basa kang endah
Ngowahi wujud geguritan dadi teks prosa utawa gancaran ….
Parafrase
Tembung digugu lan ditiru tegese ….
Srawunge tumindak apik lan bener
Geguritan gagrag lawas (gaya lama) padha karo geguritan gagrag anyar (gaya baru) ing babagan struktur lan basa kang dianggo.
Bener
Salah
Tema ing geguritan mung bisa babagan katresnan lan pepeling ....
Bener
Salah
Rima (persamaan bunyi akhir) lan metrum (jumlahe suku kata) ora wigati ing geguritan ....
Bener
Salah
"Gurit" iku salah sijining tembung dhasar kang ana gandhengane karo geguritan ....
Bener
Salah
Geguritan modern diarani uga geguritan gagrag lawas ....
Bener
Salah
