wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

STS 1 BAHASA JAWA KELAS 4

Total questions: 50

Worksheet time: 26mins

Name
Class
Date
1.

Puisi modern jenenge...

a)

geguritan

b)

macapat

c)

parikan

d)

kidung

2.

Ukara ingkang trep ngangge tembung mbudidaya yaiku...

a)

dadi wong aja seneng mbudidaya

b)

toni lah adit mbudidaya watek ingkang ora becik

c)

siti seneng mbudidaya iwak lele

d)

doni mbudidadaya aben bar turu

3.

tegese tembung "tangis" yaiku...

a)

aja ngremehna

b)

geting

c)

nangis

d)

laku becik

4.

cara maca endah gegurtian ing ngisor iki, kejaba...

a)

diwaca alon kanthi iramane trep

b)

maca karo kesuh-kesuh

c)

macane aja gemrungsung

d)

dhuwur cendheke swara manut ukara

5.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. Tantiningsih

d)

R.A. Kartini

6.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantingingsih

b)

Pahlawan

c)

Pahlawanku

d)

Karajang

7.

Wacanen kanthi satiti!


Dina senin wingi Sofa dolanan layangan mbi Rudi lan Wawan. Cah telu iku dolanaan layangan ana ing ratan. Saking senenge dolanan, ujug-ujug ana mobil sing lewat banter. Bocah telu iku ameh ketabrak. Nanging sopir mobile untung wae iso mandekake mobile kanthi cepet. Sahingga cah telu iku ora ana sing ketabrak. Bocah telu iku langsung diseneni pak sopire. Dikandani nek dolanan layangan ora oleh nang ratan.


Sapa sing dolanan layangan nang ratan ?

a)

Sofa

b)

Wawan

c)

Rudi

d)

Sofa, Rudi lan Wawan

8.

jeneng pengarang ing geguritan yaiku...

a)

irah-rah

b)

anggita

c)

asma

d)

bausastra

9.

Rini anggone maturnuwun marang Bu Guru ngganggo basa...

a)

ngoko alus

b)

krama madya

c)

ngoko lugu

d)

krama inggil

10.

Budhe badhe .... pundi? Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku...

a)

tindak

b)

lunga

c)

kesah

d)

wangsul

11.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ...

a)

katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng

b)

katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah

c)

katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih

d)

katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng

12.

Wacanen wacana ing ngisor iki kanthi titi!

Program adiwiyata iku mujudake kerja bareng antarane Kendikbud karo Kementerian Lingkungan Hidup (KLH) ing babagan warga sekolah nduweni rasa peduli marang kalestarene lingkungan. Program iki diwiwiti taun 1996, sing dianyari maneh taun 2005. Taun 2006 Kementerian Negara Lingkungan Hidup ngembangake program pendhidhikan lingkungan hidup ing tataran pendhidhikan dasar lan menengah lumantra program adiwiyata. Adiwiyata mujudake sawijine program kang duwe tujuwan kanggo mujudake warga sekolah sing nduweni tanggung jawab marang rasa tresna lan open marang lingkungan lumantar program-program kegiyatan ing sekolah.


Program adiwiyata mujudake program pemerintah tumrap sekolah sing......

a)

Peduli marang kalestarene lingkungan

b)

Peduli marang bocah-bocah sing mlarat

c)

Ora seneng karo kalestarene lingkungan

d)

Kepingin dadi sekolah taraf internasional

13.

Lingsem tegese ...

a)

isin

b)

cilik

c)

entek

d)

gampang

14.

Diutus tegese ...

a)

dikandhani

b)

dikongkon

c)

gampang

d)

bali

15.

Budhe badhe .... pundi? Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku...

a)

tindak

b)

lunga

c)

kesah

d)

wangsul

16.

Teks pacelathon iku katulis kanthi wujud ....

a)

gancaran (prosa)

b)

pada (bait)

c)

imbal wacana ( dhialog)

d)

geguritan (puisi)

17.

Wangsul tegese ...

a)

bali

b)

lagi

c)

seneng

d)

cilik

18.

Omong-omongan antarane wong loro utawa luwih babagan salah sawijine bab kang ditindakake kanthi langsung diarani...

a)

persuasi

b)

eksposisi

c)

pacelathon

d)

narasi

19.

Jeneng liyane pacelathon yaiku...

a)

pidhato

b)

wara-wara

c)

dhialog

d)

pawarta

20.

Wong kang diajak omongan ing pacelathon diarani...

a)

panutur

b)

mitra tutur

c)

tuturan

d)

pamedhar sabda

21.

Pacelathon saka tembung celathu entuk ater-ater pa- lan panambang...

a)

-on

b)

-un

c)

-in

d)

-an

22.

Pacelathon kang nduweni tujuwan supaya mitra tuture gelem nindakake apa kang dikarepake diarani....

a)

menehi hiburan

b)

menehi duka

c)

menehi informasi

d)

sarana pangajak

23.

Ing ngisor iki klebu ancas pacelathon kajaba...

a)

menehi informasi

b)

menehi hiburan

c)

sarana pengajak

d)

sarana ngapusi

24.

Pacelathon iku ditindakake paling sithik .... wong.

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

25.

Nalikane omongan karo wong kang wis akrab banget migunakake ragam basa....

a)

krama lugu

b)

ngoko lugu

c)

krama alus

d)

ngoko alus

26.

Pacelathon bisa kelaksanan menawa ditindakake paling sithik wong cacah...

a)

lima

b)

papat

c)

telu

d)

loro

27.

Unggah-ungguh kang becik nalika tetepungan yaiku...

a)

bengak-bengok saka kadohan

b)

nyedak karo meneng

c)

nyedak karo ngajak salaman

d)

mripate ngawaske wong liya

28.

Ukara ing ngisor kang migunakake ragam ngoko lugu yaiku...

a)

Kowe wingi neng ngendi?

b)

Mbak, aku nyuwun jajan maneh.

c)

Ibu kesah nyambut damel.

d)

Ibu tindak dhateng Surabaya.

29.

Geguritan utawa guritan asale saka tembung lingga gurit, tegese...

a)

kidung utawa tembang

b)

tembang kanggo cah enom

c)

kesusastraan Jawa kang nduweni pesen

d)

pidhato ngaturake pirembagan

30.

Sing klebu jinise geguritan, yaiku...

a)

gagrag lawas lan tuladha

b)

gagrag anyar lan pamilihing tembung

c)

gagrag anyar lan gagrag lawas

d)

gagrag lawas lan pamilihing tembung

31.

Geguritan kang nggunakake basa Jawa jaman saiki lan ditulis nganggo aksara latin sarta uwis migunakake kertas, klebu jinise geguritan gagrag...

a)

anyar

b)

lawas

c)

sawetawis

d)

kidung

32.

Karangan karya sastra Jawa gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging isih ngugemi anane rasa kaendahan diarani...

a)

campursari

b)

cangkriman

c)

macapat

d)

geguritan

33.

Dadi bocah kuwi aja sok seneng goroh. Dasanamane tembung goroh yaiku...

a)

dolanan

b)

gumedhe

c)

gawean

d)

ngapusi

34.

Maca geguritan iku klebu perangane maca...

a)

endah

b)

batin

c)

cepet

d)

balapan

35.

Endahing geguritan dumunung ana ing ngisor iki, kajaba...

a)

pilihan tembunge kang menthes

b)

nggunakake wirama nalika maca

c)

nganggo busananing basa kang maneka warna

d)

temane narik kawigaten

36.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu...

a)

katon seneng supaya ngrungokake melu seneng

b)

katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah

c)

katon semangat supaya sing ngrungokake melu semangat

d)

katon sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih

37.

Salah sawijine karya sastra kang awujud syair ing basa Jawa diarani...

a)

syair

b)

paragrap

c)

puisi

d)

geguritan

38.

Ing basa Indonesia, geguritan asring sinebut...

a)

puisi

b)

paragrap

c)

novel

d)

sandiwara

39.

tembung gurit nduweni teges...

a)

parikan

b)

cangkriman

c)

paragrap

d)

tulisan

40.

Geguritan iku klebu karya sastra...

a)

Kalimantan

b)

Papua

c)

Sumatra

d)

Jawa

41.

Pacopan cetha, benar, jelas, tegas, ora bindheng, lan ora blero diarani...

a)

wirama

b)

wicara

c)

wirasa

d)

wiraga

42.

Diwiwiti 'sun gegurit' mujudake titikane...

a)

geguritan gagrag lawas

b)

kakawin

c)

kidung

d)

tembang macapat

43.

Guyup rukun bisa digambarake kaya barang, yaiku...

a)

pager

b)

saka/cagak

c)

genthong

d)

sapu sada

44.

Piweling utawa pesan ing sajrone geguritan diarani...

a)

alur

b)

tema

c)

amanat

d)

latar

45.

Para murid nglakoni kerja bakti ngresiki sekolahan ing dina...

a)

Jumat asri

b)

Sabtu asri

c)

Minggu asri

d)

Senin asri

46.

Guneman karo kanca utawa wong liya diarani...

a)

pacelathon

b)

wara-wara

c)

pawarta

d)

pidhato

47.

Pacelathon kang nduweni tujuwan supaya mitra tuture kang mulane susah ati dadi seneng lan bungah maneh diarani ancas...

a)

menehi hiburan

b)

menehi duka

c)

menehi informasi

d)

sarana pangajak

48.

Teks pacelathon iku katulis kanthi wujud...

a)

imbal wacana (dhialog)

b)

gancaran (prosa)

c)

geguritan

d)

pada (bait)

49.

Cacahing paraga (tokoh) ing teks pacelathon yaiku...

a)

siji

b)

loro utawa luwih

c)

ora bisa dietung

d)

akeh banget

50.

Mbakyu lagi turu.

Ukara krama alus saka ukara kasebut yaiku...

a)

Mbakyu lagi sare

b)

Nimas lagi tilem

c)

Mbakyu nembe sare

d)

Mbakyune turu