WorksheetsSumatif Bahasa Jawa Bab 1
Total questions: 17
Worksheet time: 29mins
Ing tanggal 25 September 2025, SMP N 1 Sukamaju nganakaké lomba maca geguritan kanggo murid kelas 7 nganti kelas 9. Kegiatan iki digelar ing aula sekolah lan diikuti déning luwih saka 50 peserta.
Lomba iki kagelar kanthi tujuan nguri-uri kabudayan Jawa lan ningkataké rasa percaya dhiri para siswa nalika ana ing ngarepé umum. Juri sing diundang yaiku guru basa Jawa lan budayawan saka desa Sukamaju.
Asil saka lomba, juara kaping pisan dipunduwèni déning Siti Aminah, siswi kelas 8B, kanthi geguritan kang judhulé Ibu. Juara loro yaiku Joko Prasetyo saka kelas 9A, lan juara telu yaiku Rina Wulandari saka kelas 7C.
Kepala sekolah, Bapak Suparman, nyariosaken rasa bangga amarga siswa-siswi isih seneng lan trampil maca geguritan. Panjenenganipun ngarepake lomba kaya mangkene bisa digelar saben taun.
Teks informasi ing bacaan iku, diarani .......
pariwara
pawarta
slogan
persuasi
Ing ngendi panggonan lomba maca geguritan kasebut ...
Ing lapangan sekolah
Ing perpustakaan
Ing aula sekolah
Ing balai desa
Sapa sing dadi juri lomba maca geguritan ...
Guru basa Jawa lan budayawan
Kepala sekolah lan murid
Guru olahraga
Pamong desa
Geguritan apa sing diwaca déning juara pisan ...
Guru
Sekolahku
Desa Sukamaju
Ibu
Tujuwan utama digelaraké lomba maca geguritan, yaiku ....
Supaya siswa seneng sinau matematika
Nguri-uri kabudayan Jawa lan ningkataké percaya diri siswa
Nambah prestasi olahraga
Nyenengaké para juri
Ayo Nguri-uri Basa Jawa
Kanca-kanca sedaya, ayo padha nguri-uri lan migunakaké basa Jawa saben dinten. Basa Jawa iku warisan budaya sing adi luhung. Yen kita ora nguri-uri, bisa wae basa Jawa alon-alon ilang saka urip saben dinane.
Kanthi nganggo basa Jawa, kita bisa ngurmati leluhur lan nuduhaké rasa tresna marang kabudayan dhewe. Ayo wiwiti saka bab cilik, kayata rembugan karo kanca nganggo basa Jawa, maca geguritan, utawa nulis cerkak nganggo basa Jawa.
Yèn saben wong gelem nganggo basa Jawa kanthi bangga, mesthi basa Jawa bakal lestari lan ora ilang kaelokanipun. Ayo padha bebarengan: Gunakna basa Jawa, uri-uri kabudayan kita!
Apa sing dadi pokok ajakan saka teks persuasi kasebut ...
Nguri-uri kabudayan manca
Nglalekake basa Jawa
Sinau basa Inggris saben dina
Supaya basa Jawa tetep lestari
Apa alasan basa Jawa kudu diuri-uri ....
Amarga gampang sinau
Amarga warisan budaya leluhur
Amarga luwih apik tinimbang basa liya
Amarga dadi pelajaran sekolah
Apa conto tumindak cilik kanggo nguri-uri basa Jawa ...
Nulis geguritan nganggo basa Jawa
Sinau musik modern
Moco buku basa Inggris
Dolanan HP saben dina
Yen wong Jawa ora nguri-uri basa Jawa, apa sing bisa kedadeyan ...
Basa Jawa tambah sugih
Basa Jawa ilang alon-alon
Basa Jawa luwih disenengi donya
Basa Jawa dadi basa internasional
Apa tembung panutup ing teks persuasi kasebut ....
"Sinau basa Inggris saben dina!"
"Basa Jawa ora perlu digunakaké!"
"Budaya manca luwih apik tinimbang budaya Jawa!"
"Gunakna basa Jawa, uri-uri kabudayan kita!"
"Sekolah Resik, Sinau Becik."
Apa tegese slogan ini nduwur ....
ayo sekolah supaya dadi sukses
sekolah sing resik gawe sehat
sekolah sing resik gawe sinau dadi apik
bocah sekolah kudu sinau
"Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Rumaketing kekadangan mahani jejeging kamulyan."
Teks informasi iki kalebu teks ....
pawarta
pariwara
slogan
iklan
Sawijine teks sing isine tawa-tawa, pamer utawa nuduhake lan ngajak marang sing maca supaya gelem ndeleng, nuku, nglakoni, lan nggunakake prodhuk-prodhuk sing ditawakne/ dipamerke diarani ......
pariwara/iklan
slogan/ sesanti
pawarta
persuasi
Sing kalebu ciri-ciri teks persuasi yaiku .......
ngandharake kedadeyan kang nyata
ngandharake tetembungan sing bisa nuwuhake semangat
ngandharake informasi bab kaluwihane prodhuk
ngandarake samubarang sing dianggep penting
Sawijine teks sing isine mujade panemu utawa pendhapate penulis ngenani bab sing diandharake diarani teks .....
narasi
persuasi
dheskripsi
argumentasi
Sawijine teks sing isine ngenani crita lelakon uripe manungsa, ana paragane (tokohe), ana temane, ana alur critane, lan ana pesen morale diarani teks .........
narasi
persuasi
dheskripsi
argumentasi
sing kalebu basa ngoko alus yaiku .......
kowe mengko bengi sida turu kene, ta?
panjenengan mengko bengi sida sare kene, ta?
sampeyan mangke dalu tamtu tilem ngriki, ta?
panjenengan mangke dalu tamtu sare ngriki, ta?
Sing kalebu basa krama lugu yaiku .......
kowe mengko bengi sida turu kene, ta?
panjenengan mengko bengi sida sare kene, ta?
sampeyan mangke dalu tamtu tilem ngriki, ta?
panjenengan mangke dalu tamsu sare ngriki, ta?
"Kowe sadurunge nyambut gawe aja lali sarapan dhisik". Tembung iku kalebu basa ......
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
"Pakdhe sesok lak bali arep numpak bisa." Tembung iki yen dadi basa krama alus yaiku ...
Pakdhe benjing lak wangsul badhe numpak bis.
Pakdhe benjing anggenipun wangsul nitih bis.
Pakdhe benjing anggenipun kondur badhe nitih bis.
Pakdhe benjing badhe kondur nitih bis.
Apa wae sing kalebu teks informasi iku?
Jelasna apa sing diarani teks dheskripsi!
Apa bedane basa ngoko alus karo basa krama alus?
Bu guru dinten menika boten dugi, amargi tasih sakit. Ukara iki owahana dadi basa ngoko lugu!
Bapak wingi sore ora sido tuku tivi anyar. Ukara iki owahana dadi basa krama inggil!
