wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS Basa Jawa Kelas XII

Total questions: 16

Worksheet time: 11mins

Name
Class
Date
1.

Pranatacara kudu bisa ngucapake (melafalkan) tembung-tembung basa Jawa krama inggil kanthi bener. Uga kudu bisa njaga suwarane supaya . . . .

a)

tetep narik kawigaten

b)

endah keprungu lan cetha

c)

tetep jelas nganti pungkasaning acara

d)

para rawuh rumangsa remen manahe

2.

Tembung yogyaswara yaiku . . . .

a)

tembung loro dienggo bareng kang nduweni makna padha

b)

gabunganing tembung kang nuduhake pasangan lanang wedon

c)

tetembungan kang kleru nanging lumrah dinggo ing pakulinan

d)

kalebu tembung camboran kang nuduhake samubarang

3.

Tembung entar kang nduweni teges omongane tansah kelakon yaiku . . . .

a)

adus luh

b)

landhep ilate

c)

idu geni

d)

lunyu ilate

4.

Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa cara, pambiwara, pranata adicara, pranata titi laksana utawa pranata laksitaning acara, utawa pranatacara. Pranatacara yaiku . . . .

a)

paraga kang duwe jejibahan nata lan nglantarake acara utawa adicara

b)

paraga kang duwe jejibahan maca donga

c)

paraga kang gawe acara utawa adicara pahargyan mantu

d)

paraga kang duwe jejibahan ngaturake tanggap wacana

5.

Ajining dhiri ana kedaling lathi, ajining raga ana ing busana, ajining awak saka tumindak. Ing ngisor iki wujud wiraga lan busana pranatacara Malaksana . . . .

a)

yaiku awak, pasuryan, cara dandan lan busanane, jumbuh, pantes, wajar ora digawe-gawe

b)

yaiku carane mlangkah utawa mlaku katon kewes lan luwes, ora ragu-ragu

c)

yaiku ngadeg jejeg kanthi kapitayan (percaya diri) lan ora dhoyong

d)

yaiku mantep, anteng, ora gemeter, panyawange tajem marang pamirsa

6.

Pranatacara kuwi yen ngucapake ukara lan tembunge kudu cetha. Yen nganti salah ucap bakal ngurangi kawibawane pranatacara. Iki kalebu olah swara babagan . . . .

a)

logat / aksentuasi

b)

pocapan / artikulasi

c)

prana / nafas

d)

intonasi

7.

Struktur utawa urutane teks pranatacara kang ngandharake salam pambuka, puji syukur lan sapa aruh kuwi manggon ing perangan . . . .

a)

pambuka

b)

panutup

c)

paniti laksana

d)

surasa

8.

Teks pranatacara kang ngandharake yen adicara wis paripurna yaiku . . . .

a)

Kulanuwun, ingkang satuhu kinurmatan Bapak Kepala Dinas Pendidikan, Pemuda lan Olahraga Kab. Cilacap

b)

Mekaten menggah lampahing adicara purna wiyata adisarjana SMA Harapan sampun paripurna kanthi rancag, rahayu widodo nir ing sambekala

c)

Kangge acara selajengipun nun inggih pasugatan beksan Jalungmas ingkang badhe kaaturaken dening sedherek Annisa, Feri lan Gifty

d)

Saderengipun kapurwakan lampahing tata adicara purna wiyata adisarjana, ingkang langkung rumiyin badhe kula aturaken menggah reroncening adicara ingkang sampun sinanggit

9.

Tembung-tembunug yogyaswara ing ngisor kang bener yaiku . . . .

a)

dewa-dewi, hapsara-hapsari, bathara-bathari

b)

suprapto-suprapti, karno-karni, darno-darni

c)

bola-bali, wara-wiri, kaki-nini

d)

bapak-ibu, cakra-cikri, clala-clili

10.

Panyandra kang trep kanggo satriya utawa priya ing ngisor iki kajaba . . . .

a)

baguse kaya Bathara Kamajaya

b)

dedeg piadege gagah prakosa kaya Raden Werkudara

c)

rikmane ngembang bakung katon sulistya

d)

tandange kaya sikatan nyamber walang

11.

Tembung entar lan tegese

a)

landhep dhengkul

1.

bodho banget

b)

dawa tangane

2.

seneng nyolong

c)

luhur budine

3.

kelakuane becik

d)

adol ayu

4.

ngendelake ayune

e)

lambe tipis

5.

criwis/akeh omonge

12.

Jenising panyandra

a)

Mangsa kala

1.

Mangsa Katelu

b)

Perangan awak

2.

Rikma memak ngembang bakung

c)

Solah bawa

3.

Pangamuke kaya bantheng ketaton

d)

Wong ngombe

4.

Catur wanara rukem

e)

Kahanane wadyabala

5.

Abang kumpul pada abang kaya alas kobong

13.

Diwaca . . . .

a)

Surakarta

b)

Surabaya

c)

Suralaya

d)

Subang

14.

Diwaca . . . .

a)

Juli

b)

Agustus

c)

September

d)

Oktober

15.

Aksara kang dianggo kanggo nyalin tembung saka manca yaiku . . . .

a)

murda

b)

angka

c)

rekan

d)

sandangan

16.

Diwaca . . . .

a)

Dina riaya Idul Adha

b)

Dina Riyaya Idul Adha

c)

Dina Riyaya Idul Fitri

d)

Dina Riaya Idhul Fitri