wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen Tengah Semester

Total questions: 29

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Pacelathone murid marang gurune nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

2.

Nalika pacelathon iku polathane nganggo waton, tegese aja nganti ....

a)

mencereng

b)

sumeh

c)

ngresepake

d)

mesem

3.

Ing ngisor iki kang klebu kagiyatan pacelathon yaiku ....

a)

dalang kang lagi ndalang

b)

wawan rembug ing pamulangan

c)

siswa kang maca geguritan

d)

monolog ing pentas sandiwara

4.

Unggah-ungguh nalika pacelathon karo kanca sapadha-padha iku nggunakake basa ....

a)

gaul

b)

krama

c)

ngoko

d)

padinan

5.

Ibu badhe ... pundi? Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....

a)

lunga

b)

kesah

c)

tindak

d)

wangsul

6.

Gatekna pacelathon ing ngisor iki! Bu Tuti : "Anik, ibumu lara apa ta?" Anik : "....." Bu Tuti : "Wis diobati apa durung?" Anik : "Sampun, kala wau enjing sampun ngunjuk obat." Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ....

a)

Ibu gerah untu

b)

Ibu lara untu

c)

Ibu sakit waja

d)

Ibu gerah waja

7.

Pacelathon iku kagiyatan ....

a)

rembugane wong loro utawa luwih ngenani sawenehe bab

b)

beda karo percakapan utawa dialog ing Basa Indonesia

c)

pangudarasane pawongan ngenani sawenehe bab

d)

ing bahasa Indonesia diarani drama utawa teater

8.

Rembugan antarane bocah cilik karo bocah cilik iku migunakake basa ....

a)

krama alus

b)

ngoko lugu

c)

ngoko andhap

d)

krama inggil

9.

Sing dudu pacelathon, yaiku ....

a)

drama monolog

b)

wawancara

c)

wawan rembug

d)

pagelaran sandiwara

10.

Pacelathon iku wujude ....

a)

gancaran

b)

lelagon

c)

guneman

d)

geguritan

11.

Tembung ing ngisor iki padha tegese kajaba ....

a)

a. tanglet lan takon

b)

b. badhe lan arep

c)

c. inggih lan iya

d)

d. takon lan mangsuli

12.

raden gatotkaca iku satriyo ing ....

a)

Alengka

b)

Astina

c)

Pringgodani

d)

Jodhipati

13.

Sing migunakake basa krama yaiku ....

a)

Raden Werkudara

b)

Raden Gathotkaca

c)

Bapak

d)

Aryo

14.

Paraga pacelathon ing dhuwur, yaiku ....

a)

Aryo

b)

Gathotkaca

c)

Werkudara

d)

Jodhipati

15.

Mandhege swara ing basa arane...

a)

paugeran

b)

tandha

c)

ukara

d)

tembung

16.

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep! 3. Maca kanthi ngedhalake lathi awewaton aturan kang gumathok iku arane maca

a)

banter

b)

meneng

c)

alon-alon

d)

lirih

17.

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep! 4. Larik ing geguritan bisa mung wujud satembung, bisa wujud kumpulan tembung utawa bisa uga wujud ............................................................

a)

ukara

b)

warna

c)

angka

d)

swara

18.

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep! 5. Basa endah iku basa sing ngempu purwakanti swara, sastra utawa ............................................................

a)

makna

b)

warna

c)

rasa

d)

ukara

19.

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep! 6. Basa krama alus kang kedadeyan saka basa krama lugu lan ...

a)

krama andhap

b)

ngoko alus

c)

krama inggil

d)

madya

20.

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep! 7. Ing sajerone pacelathon iku mesthi ana sawijining bab kang nembe ............................................................

a)

diomongake

b)

dilakokake

c)

dilalekake

d)

dilerenake

21.

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep! 8. Polatane wong pacelathon kudu nganggo

a)

tata krama

b)

basa kasar

c)

ngomong serampangan

d)

ora sopan

22.

Kanggo mratelakake swasana ing pacelathon migunakaké ukara.............

a)

interogatif

b)

imperatif

c)

deklaratif

d)

ekslamatif

23.

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep! 10. Wong Jawa yen pacelathon diatur dening tata krama sing diarani

a)

unggah-ungguh

b)

tembung andhap asor

c)

parikan

d)

tembang macapat

24.

Nalika njlentrehake isine geguritan iku kudu kepriye?

a)

Njlentrehake isi geguritan kudu cetha, runtut, lan nganggo basa sing trep.

b)

Njlentrehake isi geguritan kudu nganggo basa krama inggil wae.

c)

Njlentrehake isi geguritan kudu nganggo tembung kawi kabeh.

d)

Njlentrehake isi geguritan ora perlu runtut lan cetha.

25.

6. Teks pacelathon kerep nggunakake tembung pitakon apa wae?

a)

Tembung pitakon sing kerep digunakake yaiku apa, sapa, kapan, ing endi, kepriye, lan pira.

b)

Tembung pitakon sing kerep digunakake yaiku nanging, utawa, amarga, supaya, lan sanajan.

c)

Tembung pitakon sing kerep digunakake yaiku aku, kowe, dheweke, kita, lan sampeyan.

d)

Tembung pitakon sing kerep digunakake yaiku gedhe, cilik, dawa, cekak, lan amba.

26.

Nalika mragakake teks pacelathon, polatan lan gestur kudu kepriye?

a)

Polatan lan gestur kudu cocog karo isi pacelathon, supaya pesen bisa diterima kanthi apik.

b)

Polatan lan gestur ora perlu digatekake nalika pacelathon.

c)

Polatan lan gestur kudu beda karo isi pacelathon supaya luwih menarik.

d)

Polatan lan gestur mung penting nalika ana ing panggung.

27.

Apa sing diarani polatan ing pacelathon?

a)

Polatan yaiku ekspresi rai utawa mimik wajah nalika pacelathon.

b)

Polatan yaiku tembung kang digunakake kanggo ngatur swasana.

c)

Polatan yaiku cara ngucapake tembung kanthi banter.

d)

Polatan yaiku basa kang digunakake nalika upacara adat.

28.

Gestur ing pacelathon iku wujudake apa?

a)

Gestur ing pacelathon wujudake gerakan tangan, sirah, utawa anggota awak liyane kanggo ndhukung pacelathon.

b)

Gestur ing pacelathon wujudake swara sing banter.

c)

Gestur ing pacelathon wujudake tulisan tangan.

d)

Gestur ing pacelathon wujudake warna sandhangan.

29.

Jlentrehnа pangertene ngoko alus!

a)

Ngoko alus yaiku ragam basa Jawa ngoko sing luwih sopan, biasane kanggo ngomong karo wong sing dihormati nanging wis akrab.

b)

Ngoko alus yaiku basa Jawa kasar sing digunakake kanggo ngomong karo bocah cilik.

c)

Ngoko alus yaiku basa Jawa krama sing digunakake kanggo pidato resmi.

d)

Ngoko alus yaiku basa Jawa sing mung digunakake ing upacara adat.