wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL UTS1 BAHASA JAWA KLS 5

Total questions: 50

Worksheet time: 27mins

Name
Class
Date
1.

ing ngisor iki seg klebu dolanan tradisional yaiku .....

a)

game wat

b)

ML

c)

Gobagsodor

d)

HP

2.

Ngumbulake Layangan


Srengenge isih panas-panase, watara isih jam 2 awan. Karepe ngono Rudi arep ngumbulake layangan. Pamitan Ibune, mesthi wae ora diparengake. Sing apik kuwi ngumbulake layangan yen wis rada iyup. Kira-kira jam setengah papat. Hawane ora pati ya panas. Nanging Rudi nduwe alasan yen sore-sore angine wis ora pati banter maneh.


Sidane Rudi gawe layangan dhisek samba ngnteni iyupe srengenge. Ora let suwe Kiki karo Yoga teko marani Rudi. Bocah telu gawe layangan neng emper mahe Rudi. Dheweke wis kulina nggawe dolanan dhewe. Ora usah ndadak tuku.


Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku……

a)

Srengene isih panas-panase

b)

Ngumbulake layangan

c)

Rudi bocah sregep

d)

Gawe layangan

3.

Sing apik ngumbulake layangan yen

a)

Esuk-esuk

b)

Awan-awan

c)

Bubar sarapan

d)

Sore-sore

4.

Rudi, Kiki lan Yoga gawe ragangan layangan nganggo

a)

Kayu Jati

b)

Kayu pring

c)

Kawat

d)

Wesi

5.

Ngumbulake layangan sing aman ana ing

a)

Latar

b)

Mburitan

c)

Lapangan

d)

Ratan gede

6.

Ing ngisor iki gunane dolanan tradisional, kejaba….

a)

Gawe awak sehat

b)

Sugih banget

c)

Bisa gawe rukun

d)

Nglatih ketrampilan

7.

Karangan sing isine nyritakake sawijine rerangken kedadiyan sing urut diarani…..

a)

Narasi

b)

Diskripsi

c)

Diskusi

d)

Argumentasi

8.

Ing karangan, kang nduduhake tanggal lan dina kadadean diarani…

a)

Obyek

b)

Latar waktu

c)

Latar kahanan

d)

Kahanan

9.

Pesan sing dikandut ing cerita / karangan diarani…

a)

Pambuka

b)

Pasulayan

c)

Prakara

d)

Amanat

10.

Kang Ora kalebu dolanan tradisional yaiku.

a)

egrang

b)

layangan

c)

free fire

d)

gobag sodor

11.

Wacan kang isine nyritakake kedadean nganti runtut saka wiwitan nganti pungkasan , diarani teks ...

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Eksplorasi

12.

Kang diarani teks Deskripsi yaiku ...

a)

Warta

b)

Tulisan sing nggambarake kedadean kang nyata

c)

Tulisan kang isine nyritaake kedadean nganti runtut

13.

Dhakon, jumpritan, egrang, termasuk dolanan ...

a)

Modern

b)

Tradisional

c)

Kekinian

14.

Ing ngisor iki gunane dolanan tradhisional, kajaba …

a)

Bisa gawe rukun sakancane

b)

Nglatih kelantipan, ketrampilan

c)

Gawe awak sehat, seger waras

d)

Boros, wragade akeh lan larang

15.

Dolanan tradisional, iso nyiptaake ...

a)

Permusuhan

b)

Kebencian

c)

Kerukunan

16.

Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolingga . ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem.Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan.Saperangan ana kang nenandur janganan.


Wacan kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks....

a)

Narasi

b)

Eksposisi

c)

Deskripsi

d)

Argumentasi

17.

sing ora klebu latar ing teks narasi yaiku...

a)

wektu

b)

papan

c)

konflik

d)

swasana

18.

pitakon ana ngendi utawa ing ngendi, iku biasane nakokake.....

a)

paraga

b)

kedadeyan

c)

papan kedadeyan

d)

isine pawarta

19.

sandhangan kanggo menehi ng mati ana ing aksara yaiku ....

a)
b)
c)
d)
20.

sandhangan kanggo menehi r mati ana ing aksara migunakake sandhangan ....

a)
b)
c)
d)
21.

sandhangan kanggo mateni aksara yaiku ....

a)
b)
c)
d)
22.

sandhangan kanggo nulis huruf u yaiku sandhangan ....

a)
b)
c)
d)
23.

sandhangan kanggo nulis o ana ing tembung kebo yaiku sandhangan ....

a)
b)
c)
d)
24.

aksara iki wacane

a)

sukoharjo

b)

sukaharja

c)

sukorejo

d)

sukareja

e)

sukawarja

25.

aksara iki wacane yaiku

a)

pitikku cilik

b)

pitike cilik

c)

witik cilik

d)

pitik cilik

e)

pitik culik

26.

Tembung-tembung iki sing nggunakake sandhangan pepet yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)

Sambel

b)

Tempe

c)

Enak

d)

Jare

27.

aksara kasebut yaiku.....

a)

ba

b)

nya

c)

nga

d)

tha

e)

ya

28.

Tembung kasebut wacane ....

a)

RASA

b)

RAGA

c)

RADA

d)

RAMA

29.

Taling yaiku sandangan swara..

a)

I

b)

U

c)

E

d)

O

30.

Piro cacahe aksara Jawa iku ....

a)

10

b)

20

c)

30

31.

aksara jawa iku diwaca ...

a)

jaja

b)

jaka

c)

jana

32.

Andaran marang wong liyan ngenani kedadean kang nyata diarani...

a)

prastawa

b)

pawarta

c)

pambuka

d)

layang

33.

Adhedasar saka sumbere, jenise pawarta saka kedadean langsung/nyata diarani....

a)

Pawarta pendidikan

b)

Fakta

c)

opini

d)

pawarta lokal

34.

Warta/kabar kang diterbitake saben dina, tuladane...

a)

Koran Jawa Pos

b)

Layang kabar Penyebar Semangat

c)

Buku Pinter Basa Jawa

d)

Layang kabar Joko Lodhang

35.

Simaken cuplikan pawarta ing ngisor iki!


BANGKALAN – Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan. Bencana mau ngobrak-abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih.


Miturut pawarta iku kedadeane ana ing kutha ....

a)

Bangkalan

b)

Sampang

c)

Jawa wetan

d)

indonesia

36.

Simaken pawarta ing ngisor iki!

BANGKALAN – Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan.


Bencana mau ngobrak-abrik tanduran parine para tani nganti bosah-basih. Pari sing maune thukul ngadeg jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk, nganti lesoh ora karu-karuwan. Para tani mbudidaya njejegake pariparine supaya ora kesuwen kakum banyu udan.


Bencana kang kedadean ana ing pawarta mau yaiku...

a)

Gempa bumi/lindhu

b)

udan angin

c)

banjir lan tanah longsor

d)

Banjir lan udan dikantheni angin gedhe

37.

Gambar ing ndhuwur yen ditulus wujud pawarta, manut isine bisa digolongake jinise....

a)

hiburan

b)

kesehatan

c)

ekonomi

d)

agama

38.

Bima ora weruh yen ibune wis teka.

ukara kasebut nggunakake ragam basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

39.

Bima mboten sumerep yen ibune sampun dugi.

Basa kang digunakake....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

40.

"Dina Kemis, 10 Juli 2021 ing Malang geger anane salah siji siswa sekolah dasar kang positif COVID 19."


Saka cuplikan pawarta iku, unsur pawarta sing ora ana yaiku...

a)

sapa

b)

ing ngendi

c)

menyang endi

d)

kapan

41.

Pawarta sing ana ing medhiya elektronik tuladhane yaiku...

a)

Ariwarti

b)

warta berita ing radio

c)

Kalawarti

d)

Tabloid

42.

Laporan prastawa anyar utawa prastawa ngenani hal sing lagi kedadean, sing dikabarake lewat Koran, siarana internet utawa diceritakake diarani … .

a)

Laporan

b)

Berita (Pawarta)

c)

Parikan

d)

Narasi

43.

Jingglengono pawarta ing ngisor iki!


Kedadean ing Parangtritis

Kecilakan kedadean neng Pantai Parangtritis, dina Minggu (19/11/2017), sekitar tabuh 13.00 WIB. Kecilakaan iki dialami dening telu bocah wadon yaiku Nicky Fitriani (15), Marini (38), lan Sunarti (39), ketelune warga Sragen, Jawa tengah. Kronologi kedaden kawitan pas rombongan keluarga saka Sragen Tengah plesiran neng Yogyakarta lan adus neng Pantai Parangtritis.


Saking dolanan banyu, ketelu korban ora eling nglangi menyang tengah nganti palung segara. "Wektu adus dumadakan ketelu korban keseret ombak menyang kidul," ujare Brigadir Sunarto, anggota SAR Polairud Polda DIY, dikutip saka laman resmi Polda DIY. Untunge , korban cepet bisa dislametake dadine ora ana korban jiwa jero kadadean iki. Brigadir Suharto ngelengake kanggo para wisatawan pantai supaya bisa nggatekake tanda lan ngutamakne kaslametan wektu nglangi.


Ing endi kedadean iku?

a)

Ing Pangandaran

b)

Ing Yogyakarta

c)

Ing Pantai Parangtritis

d)

Ing Laut Kidul

44.

Bapak kondur saking kantor jam sekawan sonten. Ukara iki yen ditulis nganggo basa ngoko lugu dadi … .

a)

Bapak wangsul saking kantor jam papat sore

b)

Bapak mulih saka kantor jam papat sore

c)

Bapak mulih saka kantor jam sekawan sonten

d)

Bapak wangsul saka kantor jam sekawan sonten

45.

Bapak karo ibu lunga menyang Malang.

Ukara iki yen dikramakake inggil dadi … .

a)

Rama kaliyan Ibu kesah dhateng Malang

b)

Rama kaliyan Ibu tindak dhateng Malang.

c)

Rama kalih Ibu tindak dhateng Malang

d)

Rama kaliyan Ibu tindak menyang Malang.

46.

Pak Guru kelas papat iku jenenge Pak Ahmat. Tembung jenenge yen di kramakne inggil dadi … . .

a)

arane

b)

asmane

c)

rikmane

d)

sukune

47.

Jingglengono wacan ing ngisor iki !

Ing dino Minggu

Ing dino minggu aku libur sekolah. Aku seneng banget yen dino minggu teko. Wiwit esuk mari sholat subuh aku biasane muteri kompleks omahku karo sepedahan. Yen sepedahan iku akeh kancane.aku aro kancaku sepedahan bareng-bareng, mari ngono engko mandeg sauntara ing taman pinggire perumahan. Taman nek lingkunganku iku ijo royo-royo, lan akeh wit gedhe-gedhe.


Sabanjure sepedahan aku mulih. Aku ngumbah klambi sragam lan sepatu sekoahku. Mari ngono aku melu ngrewangi ibuk masak. Bapak lan mas ku biasane ngumbah mobil lan sepedah ing ngarepan. Mari kabeh reresik terus sarapan bareng.


Miturut wacan ing dhuwur kang kalebu paraga yaiku …

a)

Taman

b)

Ing dino Minggu

c)

Wit-wit gedhe

d)

Aku

48.

Jingglengono wacan ing ngisor iki!

Kenzi

Kenzi jenenge kucingku. Kucing kui tak temokne ning pinggir dalan setahun kapungkur. Kucing kui tak ingoni. Saben seminggu sepisan kenzi tak dus i. mulo wulune dadi lembut lan ambune wangi. Saben 2 minggu sepisan kukune tak potongi.

Kang dicritakake ing wacan dhuwur yaiku ....

a)

Kucing

b)

Truwelu

c)

Manuk

d)

Marmut

49.

Pawarta iku andharan marang liyan ngenani kedadean kang ....

a)

Fiktif

b)

Nyata

c)

Absurd

d)

Werna-werna

50.

Dolanan kang nggunakake tata aturan manut adat - istiadat lan wis ana kanthi turun - temurun. Yaiku ...

a)

a. dolanan modern

b)

b. dolanan tradhisional

c)

c. dolanan anyar

d)

d. dolanan kuno