WorksheetsSas jawa 8
Total questions: 40
Worksheet time: 31mins
Ngecakake unggah-ungguh menika wonten mupangatipun, inggih menika…
supados dialem tiyang sanes
supados pikantuk bebungah
ndadosake siswa siap majeng lomba
ndadosaken pribadhi ingkang andhap asor
gatekna pacelathon ngisor iki!
Wati: “Dhik, kepiye yen mengko sore neng Gramedia?
Rani: “…””
Wangsulane rani kang trep kanggo nyarujuki usule wati yaiku…
waduh, mengko sore aku arep nggarap tugas mbak
wegah aku mbak, kesel!
wah, gelem aku mbak, aku pengin tumbas buku
mbok sesuk wae mbak, yen mengko sore aku arep pit-pitan
Ukara ana ngisor iki kanggo mratelakake rasa sedhih amarga kelangan barang, kajaba…
ndherek prihatos bulik, mugi-mugi Gusti Allah paring lintu langkung sae
Ndherek prihatin mbak, muga-muga motore enggal ketemu
ndherek prihatos budhe, mugi-mugi pakdhe enggal dhangan
Ndherek prihatos paklik, mugi-mugi mendhet laptopipun saged kepanggih
Dina iki ana asesmen harian kanggo kelas 9F. sakdurunge marigi soal, Bu Guru ndhawuhi para siswa padha ndedonga dhisik.
Kepiye donga kang trep karo andharan ing nduwur?
Muga-muga aku bisa lulus kanthi biiji kang apik
Muga-muga aku bisa nggarap soal kanthi bener
Dhuh Gusti, mugi-mugi acara menika lumampah kanthi rancag
Pangajabku kowe kabeh bisa ketampa sekolah sing dikarepke
gatekna pranyatan ngisor iki!
1. Muga-muga kowe bisa nggarap soal-soal ujian sekolah kanthi bener ya, Le!
2. Mugi-mugi gegayuhan kula dipun ijabah dening gusti Allah
3. Muga-muga apa sing dadi gegayuhanmu bisa kasembadan ya, Nduk.
4. Mugi-mugi adicara dinten menika saget lumampah kanthi gangsar.
Ukara isi pandonga saka wong tuwa marang putrane yaiku nomer…
1 lan 3
2 dan 3
1 dan 4
2 dan 4
Gatekna andharan ngisor iki!
Esuk iki kelas 9 arep outingclass ing kulon progo. Kabeh siswa dilumpukake dhisik saperlu mirengake arahan saka ibu Kepala Sekolah. Ing Pungkasan, para siswa didhawuhi ndedonga.
Kepiye ukara pangarep-arep kang trep kanggo para siswa kelas 9?
muga-muga kegiyatan iki lancar tanpa alangan
kekarepanku, besok dianakake meneh kegiyatan kang luwih apik
Aku pingin bisa melu kabeh kegiyatan sekolah
Kegiyatane apik banget lan aku bisa melu
Unggah-ungguh nalika ngaturake rasa prihatin marang budhemu sing trep yaiku…
ndherek prihatin sakitipun budhe, mugi-mugi budhe enggal kaparingan waras
Aku sedhih budhe sakit, mugi-mugi budhe enggal sehat
Ndherek prihatos awit gerahipun budhe, mugi-mugi budhe enggal dhangan
Ndherek belasungkawa awit sakitipun budhe, m
Sore iku bali sekolah, kowe karo kanca-kancamu padha layat menyang omahe kancamu kang kesripahan bapake. Sawise tekan, kowe nuli nyeraki ibune kancamu karo matur… Ukara kang trep miturut unggah-ungguh kanggo ngganepi andharan kasebut…
atur belasungkawa awit pejahipun bapak, mugi-mugi pikantuk papan ingkang sae.
kula ngucapaken belasungkawa nggih bu, mugi bapak husnul khotimah.
Bu, kula tumut paring belasungkawa nggih, mugi bapak seda husnul khotimah.
ndherek belasungkawa awit sedanipun bapak, mugi-mugi husnul khotimah.
Ukara kang trep kanggo mratelakake rasa seneng nalika ambalwarsa yaiku…
Ndherek mangayubagya aggenipun tindak haji, mugi ibadahipun lancer
ndherek bingah mbak, sampun katampi ing UNY
sugeng ambalwarsa budhe, mugi pinaringan yuswa ingkang barokah.
alhamdulillah, melu seneng aku Dhik.
Miturut para siswa, tata krama nalika dhateng tiyang ingkang langkung sepuh, tinemu ing pranyatan…
matur kanthi santun, nganggo basa kang becik trep karo unggah-ungguh.
patrape sopan kanthi ngadeg jejeg sirah ndangak.
ngadeg jejeg tangane dilebokake ing sak kiwa tengen, basa ngoko
tangan ngapurancang, matur nganggo basa ngoko
Yen arep matur marang wong liya kamangka wong iku mau lagi ngendikan prayogane…
ngenteni nganti ngendikane rampung
enggal matur, ora perlu ngendikane rampung.
yen perlu nyela sanajan ngendikane during rampung.
cepet-cepet matur, sing sero supaya aturmu dirungokake
wong guneman iku prayogane…
guneman sing becik lan saperlune wae.
Guneman sing sora supaya kabeh wong krungu
kabeh kudu diomongake sanajan ora perlu, supaya marem.
guneman kudu manut karepe dhewe
Yen ora sarujuk karo penemune wong liya prayogane…
ora perlu digatekake, amarga ora sarujuk.
perlu digatekake nanging sing perlu wae
tetep nggatekake lan ngurmati.
digatekake ora perlu ngrumati.
Yen panemumu ora disarujuki dening wong liya, prayogane…
ora perlu nerusake rapat.
Njaluk supaya didadekake keputusan
Meksa supaya kabeh nyetujoni
kudu legawa
Deri arep mangkat sekolah. Olehe matur pamitan marang ibune…
Bu, Nyuwun pamit kula badhe bidhal sekolah.
Bu, nyuwun pamit kula badhe tindhak sekolah
Bu, nyuwun pamit kula badhe kesah sekolah.
Bu, nyuwun pamit kula badhe jengkar sekolah.
Ukara ing ngisor iki kang mawa katrangan karana/sebab yaiku
supaya kasil lulus kanthi biji apik, kowe kudu sregep sinau
Gita ngoceki pelem nganggo peso
Mario ora mlebu sekolah amarga lara untu
Bulik Jum dodolan sembako ing pasar
Pak Guru sadurunge bali, ngomong karo ketua kelas ngakon ngumumake kelas liyane yen minggu ngarep garapan nyalin tulisan aksara Jawa dikumpulake.
Ukara iku kurang trep unggah-ungguhe, kudune tembung-tembunge sing digaris ngisore diowahi dadi ....
dugi, sanjang, kondur
kondur, sanjang, ngutus
dhateng, sanjang, ngutus
kondur, ngendika, ngutus
Dipun rantos rumiyin inggih bapak taksih siram.
Ukara ing dhuwur nganggo basa : ...
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Sithik, akeh , siji, kapisan. Tembung iku kelebu tembung ....
tembung aran
tembung kriya
tembung wilangan
Tembung kanaan
Ing ngisor iki sing kalebu tembung kriya yaiku....
Ayu, pinter, sabar
Tas, buku, sepatu
Maca, nulis, mangan
Dolan,sepeda,petlot
............... carane nggawe layangan?
Tambung kang bener kanggo ngisi ukara pitakon ing dhuwur yaiku....
Sapa
Kepriye
Kapan
Apa
Tembang kang ditembangake sinambi dolanan yaiku....
Tembang macapat
Tembang dolanan
Tembang kinanthi
Tembang-tembangan
Wong-wong yen lunga ing pasar biasane arep ….
Adus
Mangan
Rapat
Blanja
Gundhul-gundhul pacul-cul.............
Gembelengan
Wakul glimpang
Segane
Nyunggi
Bapak dhahar soto ing depot
Goleki ukara jejer lan katrangane......
Dhahar lan soto
Soto lan ing depot
Bapak lan ing depot
Depot
Saben esuk Adi nyapu latar. Tembung ing ukara kang kagolong tembung kriya yaiku............
Adi
Nyapu
Latar
Esuk
Kucing mangan tikus ing ngisor amben. Wasesane ukara iki.................
Kucing
Tikus
Mangan
Ngisor amben
salah siiji cara hemat listrik ing omah, yaiku....
nggunakake AC
Yen awan lampu dipateni
Nonton TV suwe
Yen gak digawe banyu ora dipateni
Mateni lampu, tembung kang digaris ngisor kagolong tembung....
Tembung aran
Tembung kriya
Tembung kahanan
Tembung katrangan
tuladha tembung aran yaiku....
Lampu
Hemat
Petheng
nggambar
Iki wes padhang, lampune enggal patenana!
Ukara iki kagolong ukara....
Pitakon
Pakon
Carita
Panjaluk
sing diarani damar gaspom utawa petromak iku wujude ...
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?
Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun
simbah?
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun
simbah?
Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?
Ngirit Banyu
Bu Rita : “Adam, Nabil, lagi ngapa?”
Adam : “Kula kaliyan Nabil siram-siram Bu.”
Nabil : “Inggih Bu, ngrencangi mas Adam siram-siram.”
Bu Rita : “Banyu sing kanggo siram-siram saka ngendi?”
Adam : “Toyanipun saking sumur Bu”
Bu Rita : “Biasane yen ketiga ngene iki asat. Alhamdulillah yen isih megung. Nanging aja lali, banyu kudu diirit”
Apa irah-irahane pacelathon ing dhuwur?
Ngirit banyu
Siram-siram
Bu Rina, Adam, Nabil
Bu Rina, Adam, Nabil
Bu Ratna : "Kowe mau bengi apa ndeleng TV?"
Sinta : "........."
Bu Ratna :" Iya aku uga ndeleng."
Wangsulanipun Sinta ingkang trep kaliyan unggah-ungguh...
"Inggih , kula ningali, panjenengan menapa inggih mirsani?"
"Inggih kula ningali, sampeyan napa nggih ningali?"
"Inggih kula mirsani, panjenengan inggih mirsani?"
"Inggih kula ningali, sampeyan napa nggih mirsani?"
1). Pak, panjenengan dhahar rumiyin kemawon!
2.) Saben Kemis sore Dwi melu ekstra karawitan ana sekolahan.
3.) Sedaya sampun sarujuk menawi dinten Minggu badhe dipunwontenaken kerja bakti lingkungan kelas.
4.) Astane mas Adi keseleo nalika kondur kantor.
5.) Rikmanipun pakdhe sampun pethak sedaya benten kaliyan rikmanipun bapak ingkang taksih cemeng sedaya.
Ukara ing dhuwur kang migunanake basa krama alus yaiku...
1), 2), 4)
3), 4)
1), 3), 5)
1), 3)
PUASA ?
Adhi: Mas.., mas, .. Sampeyan teng pundi? Kula ajeng sanjang.
Kakang: Neng kene. Nyam... nyam..
Adhi: Lho, Iho mas Sampeyan saweg dhahar. Kula sing alit nedhine wau sederenge Subuh.
Kakang: Sstt ... Aja ngomong bapak ya!
............ Ujug-ujug bapak rawuh.
Bapak: Lha. Kaya kuwe jenenge puasa 'thing-thing' esuk esuk nyandhing cething.
Tembung 'dhahar' angger diurut dadi tembung ngoko, krama lan krama inggil dadine...
mangan - nedha - dhahar
mangan - dhahar - nedha
dhahar - nedha - mangan
nedha - mangan - dhahar
Deni: "Kula Nuwun ...!"
Bu Tuti: "Manggaaa! Ee Nak Aji, ngeneh, ngeneh mlebu!"
Deni: "Enggih Bu, matur nuwun. Nuwun sewu napa Beni wonten nggriya, Bu?"
Bu Tuti: "Sedhela Den, Andi lagi diutus bapake tuku obat neng apotek prapatan kae lho. Enteni sedhela, ora suwe koh!"
Deni: "Bapak gerah napa, Bu?"
Bu Tuti: "Biasa koh, wong angger kesayahen ya kaya kuwe. Siki sida padha arep sinau klompok apa?"
Deni: "Enggih Bu, ko Ibu priksa?"
Bu Tuti: “Andi mau wis matur Ibu."
Setting panggonan pacelathon ndhuwur kedaden neng ....
Ruang tamu
Umahe Beni
Teras umah
Pinggir dalan
Gatekna pethikan Teks Palapuran Asil Observasi ing ngisor iki!
Pemanasan global utawa global warming mujudake proses dhuwure suhu bumi saben taune sing disebabake mundhake gas buwang karbon saka kegiyatan industri, pembakaran bahan bakar, lan liya-liyane. Pemanasan global dumadi amarga efek gas rumah kaca sing arupa gas karbon dioksida (CO2), karbon monoksida (CO), gas metan lan liya-liyane. Gas-gas iki sing nyebabake greenhouse effect …..
Miturut isine, teks ing dhuwur bisa digolongake jinis struktur...
Deskripsi Umum
Definisi Umum
Deskripsi Bagean
Deskripsi Guna
