Font size
WorksheetsUlangan Harian 1 Kelas 8
Total questions: 15
Worksheet time: 7mins
Ing ngisor iki sing dadi titikane cerita cekak, yaiku....
paraga ngadhepi pirang-pirang perkara
butuh wektu sing dawa kanggo ngrampungake maca wacan
alur tunggal
nggunakake tembung-tembung sing cekak tur menthes
Kula badhe nyuwun palilah dhateng (a)
Urutna tembung iki ngisor iki dadi ukara sing trep:
Ibu
mundhut
piring
cacah
lima
"Srengenge wiwit mlethek nalika aku wis siyap budhal sekolah." Latar wektu sing digambarake ing ukara kasebut, yaiku...
surup
awan
esuk
bengi
"Brakkk. Ani nuli nggebrak meja. Dheweke rumangsa mangkel karo apa sing dingendikake Ibune. Rasa ora trima ngebaki dhadhane. Kena apa Ibune menging dheweke nerusake sekolah ing jurusan kecantikan? Mangka dheweke pengin banget dadi MUA. Mripate abang tandha ngempet nesu. Ambegane menggos-menggos kaya tas mlayu marathon limang kilo adohe. Dheweke ngadeg jejeg ing ngarepe Ibune."
Swasana atine Ani sing digambarake ing pethikan cerita kasebut, yaiku ....
bungah
bombong
muntab
susah
Gathukna tembung ing ngisor iki karo dhapuke sajrone ukara
Pak Ari
Jejer
ing pawuhan
wasesa
ngebong
lesan
resek
Katrangan panggon
Reroncene prastawa sing dumadi sajrone crita saka wiwitan nganti pungkasan, diarani ...
pamawas
alur
paraga
amanat
Pak Tono mung isa godheg-godheg ana terase. Omah sing dibangun kanthi tirakat sing gedhe, saiki wis owah wujude. Omah joglo sing biyen katon gagah lan njawani, wis owah dadi omah cekli modern kanthi cakrik Eropa. "Oalah, bocah saiki. Wis ora kena dikandhani. Omah sing isa nggo ngenggar-enggar ati, saiki wis muspra. Selerane salin modern, ning ora marai tentrem." gremenge Pak Tono sinambi ngrasakake getun keduwung. Pramono, putra ragile jebul sing ndadekake atine susah. Putra kinasihe malah sing njalari Pak Tono gerah nemen merga nggrantes menggalih omah sing tansah diuri-uri.
Piweling sing cundhuk karo pethikan crita ing ndhuwur, yaiku....
Aja ngowahi bandha donyane wong tuwa tanpa oleh palilahe
Ngrubuhake omah joglo ateges ngrubuhake budhaya jawa
Aja seneng model saka negara liya
Model saka negara liya durung mesthi trep karo budaya kita
Pawadan nggunakake basa krama nalika nyuwun palilah marang guru, yaiku...
Siswa luwih tuwa tinimbang gurune
Siswa ngajeni marang gurune
Guru mujudake kanca sinau
Guru ngajeni siswane
Ukara nyuwun palilah sing ora trep yaiku...
Bu badhe nyuwun palilah dhateng kantor guru.
Bu badhe nyuwun palilah tumbas rasukan enggal.
Bu kula bidhal, nyuwun sangu.
Bu badhe nyuwun palilah nyambut buku cerita.
Urutan unggah-ungguh nyuwun palilah yaiku (a) (b) (c) (d)
Kena apa kudu ngaturake panuwun nalika nyuwun palilah?
amarga wis diparingi palilah
amarga wis nempil kamardikane mitra wicara
amarga tujuwane nyuwun palilah kudu jlentreh
amarga kanggo miwiti pacaturan
Klumpukna tembung sing sumadya cundhuk karo jinise
mlaku
nulis
mangan
tuku
nyapu
sapu
tangan
meja
angin
kucing
ayu
susah
seneng
biru
kuning
sesuk
saiki
mengko
mene
awan
Ukara kanthi struktur J-W-L-Katrangan cacah, yaiku....
Susi diutus Ibu tuku gula limang kilo
Bu Marta nimbali Hanafi wektu jam istirahat
Budi nggawa buku tulis cacah lima
Saiful lan Purnomo ditimbali Bu Rita menyang kantor
"Hoee, wis aja diteruske. Mundhak ngrusaki alam kowe iki." bengoke Pangestu nalika weruh kanca-kancane padha nambang wedhi kanthi illegal. "Halah, aja sok suci kowe, Tu. Ngene iki golek dhuwit nggo urip saben dina. Kowe dhewe ya butuh dhuwit ta?" saute Trimo, kanca SDne Pangestu biyen. "Aku ya butuh dhuwit, ning carane ora kaya ngono." semaure Pangestu.
Pamawas sing digunakake panulis ing pethikan crita kasebut, yaiku ....
pamawas wong kapindho
pamawas wong katelu
pamawas wong kapisan
pamawas paraga utama
