WorksheetsKuis Pranatacara & Sesorah
Total questions: 11
Worksheet time: 9mins
1. Menawi panjenengan menika ndherek ing salasatunggaling kagiyatan ingkang kalampahan ing tlatah Jawi, temtu kemawon wonten reroncening adicara ingkang kedah dipunlampahi. Saking menika, miturut panjenengan pangertosan saking pranata titi laksana inggih menika…
A. Tiyang ingkang gadhah jejibahan kangge ngatur lampahing adicara saking wiwitan dumugi pungkasan supados saged kalampahan kanthi rancag.
B. Tiyang ingkang gadhah jejibahan kangge ngatur lampahing adicara saking wiwitan dumugi pungkasan supados saged kalampahan kanthi semrawut.
C. Tiyang ingkang gadhah jejibahan kangge ngatur lampahing adicara saking wiwitan dumugi pungkasan supados saged kalampahan kanthi rubeda.
D. Tiyang ingkang gadhah jejibahan kangge ngatur lampahing adicara saking wiwitan dumugi pungkasan supados saged kalampahan kanthi lumantun.
2. Nalika panjenengan ndherek kagiyatan mengeti 17 Agustusan menika temtu wonten tiyang ingkang dipunsuwun majeng kangge matur ingkang dipundhawuhi kaliyan pranatacaranipun. Saking menika, miturut panjenengan ingkang dipunwastani tanggap wacana ingkang leres inggih menika…
A. Tiyang ingkang kajibah ngandharaken menapa kemawon ingkang wonten ing manah saha pikiranipun kanthi meksa.
B. Tiyang ingkang kajibah ngandharaken gagasan utawi informasi kanthi lisan saha dipuntujuaken dhateng tiyang kathah.
C. Tiyang ingkang kajibah ngandharaken unek-unek ingkang nembe dipunraosaken dening tiyang kathah.
D. Tiyang ingkang kajibah ngandharaken gagasan utawi pawarta kanthi langsung saha dipunandharaken ing sangajengipun para pambiji.
3. Wonten ing salebeting adicara ingkang isinipun wonten tiyang ingkang kathah temtu kemawon mbetahaken tiyang ingkang sampun lanyah saha gadhah kaprigelan kangge ngatur lampahing adicara menika. Saking menika, miturut panjenengan nama sanes utawi dasanama saking pranatacara ingkang leres inggih menika…
A. Pranatalaksana, pamedhar sabda, laksitaning pawarta
B. Pambiawara, sabdatama, titi wanci
C. Pranata adicara, paniti laksana, pambiawara
D. Pamedhar sabda, sabdatama, Pamanci laksana
4. Wonten ing salasatunggaling adicara, temtu pranatacara menika paring dhawuh dhumateng tiyang ingkang kajibah ngandharaken informasi dhumateng tiyang sanes ingkang ndherek kagiyatan menika. Saking menika, miturut panjenengan jinising saking sesorah ingkang leres inggih menika…
A. Paniti laksana, pranata laksana, praniti laksini
B. Pamedhar sabda, sabdatawa, pambagyaharta
C. Tanggap wartana, pamedhar sekar, pambagyaraja
D. Sabdatama, pambagyaharja, tanggap wacana
5. Nalika dados pranatacara saha sesorah menika wonten bab-bab ingkang kedah dipungatosaken supados anggenipun mranata adicara lan ngandharaken informasinipun menika saged kalampahan kanthi sae. Saking menika, ingkang kalebet ing bab ingkang kedah dipungatosaken nalika dados pranatacara utawi sesorah inggih menika, kajawi…
A. Etika saha yatra
B. Kawruh basa saha teknik
C. Ngadi busana
D. Kawruh tata cara miwah upacara
6. Nalika dados pranatacara utawi sesorah menika ugi kedah gadhah kaprigelan utawi keterampilan ingkang nyengkuyung nalika dados pranatacara utawi sesorah menika langkung sae saha andadosaken kagiyatan ingkang kalampahan menika langkung regeng. Saking menika, ingkang kalebet ing kaprigelan nalika dados pranatacara utawi sesorah inggih menika…
A. Olah jiwa, olah pikiran, olah kabudayan
B. Olah jiwa, olah swara, olah raga
C. Olah basa saha sastra, olah raga, olah tetanen
D. Olah raga, olah hati, olah padamelan
7. Nalika dados pranatacara utawi sesorah ing ngajeng tiyang kathah menika, kedah migatosaken babagan olah raga supados langkung ketingal profesional saengga adicara saged kalampahan kanthi sae. Saking menika, ingkang kalebet wonten ing perangan babagan olah raga ingkang leres inggih menika…
A. Magatra, Mawwat, Malaki
B. Mawastha, Maraga, Matanggawa
C. Mawwat, Malagawa, Malaksana
D. Matanggap, Magatur, Malagawa
8. Pranatacara saha sesorah menika saged kalaksanan amargi wontenipun salasatunggaling adicara ingkang dipundhereki kaliyan tiyang kathah, dados kekalih menika boten mesti wonten ing pagesangan saben dinten. Saking menika, bab ingkang dados panyengkuyung pranatacara saha sesorah sanesipun wontenipun adicara tartamtu inggih menika…
A. Pangrengga swara, papan, malagawa
B. Katewajuhan, gladhen, yatra
C. Pawiyatan, katewajuhan, nyamikan
D. Gladhen, katewajuhan, papan
9. Nalika dados pranatacara utawi sesorah menika temtu kemawon perlu wontenipun persiapan gayut kaliyan teks, kaprigelan ngginakaken basa lan sastra, ngolah jiwa lan raga, saha sanesipun. Saking menika menawi wonten tiyang nalika mranatacara utawi sesorah mbeta kepekan utawi kertas alit kangge waosan supados boten kesupen, dipunwastani kanthi metode…
A. Ekstemporan
B. Memoriter
C. Impromtu
D. Mawi naskah
10. Nalika dados pranatacara utawi sesorah menika ugi kedah nggatosaken pamilihing basa lan sastra ingkang trep utawi jumbuh dipunginakaken wonten ing salebeting adicara menika tanpa nyinggung para pamireng utawi damel salah paham. Saking menika, tetembungan ingkang kirang trep utawi kirang sae menawi dipunginakaken nalika dados pranatacara utawi sesorah inggih menika…
A. Luput, sepisan, pangandikan
B. Sambutan, makempal, sepindhah
C. Sepisan, makempal, ngonjukaken
D. Makempal, sambutan, luput
Kados pundi raos (perasaan) panjenengan sinau materi bab menika? (Gambar emoji atau apa bebas)

