WorksheetsBahasa Jawa Kelas V - PTS GANJIL
Total questions: 50
Worksheet time: 45mins
Ing ngisor iki sing ora kalebu dolanan tradisional yaiku.....
Egrang
Bekelan
Playstation
Bentik
Gatekna pratelan ing ngisor iki!
(1) Dhakon
(2) Betengan
(3) Pasaran
(4) Dham-dhaman
(5) Gobag sodor
Dolanan sing nggunakake olah pikir yaiku.....
1 lan 2
2 lan 3
1 lan 4
2 lan 5
Jenis pawarta sing biasane dideleng lan dirungokake yaiku lumantar.....
Radhio
Kalawarti
Tipi
Ariwarti
Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani.....
Brosur
Majalah
Lelayu
Pariwara
Wong utawa tokoh kang ngalami kedadeyan diarani.....
Paraga
Alur
Tema
Amanat
Jinise dolanan tradisional kang carane dolanan kanthi bocah loro yaiku.....
Dhakon
Betengan
Gobagsodor
Patil lele
Sing ora klebu dolanan tradisional yaiku.....
Jumpritan
Bal-balan
Gobagsodor
Bekelan
Dolanan tradisional kang mbutuhake bocah akeh yaiku.....
Dhakon
Jamuran
Lompat tali
Bekelan
Kembang mawar iki sesuk mesthi bakal alum. Tembung alum kosok baline
seger
bosok
alus
wangi
.............regane buku Basa Jawa kuwi?
Sapa
Apa
Kepriye
Pira
Adhiku lagi adus ing jedhing. Ukara iki kalebu ....
ukara pakon
ukara pitakon
ukara andharan
ukara panjelas
Manuk emprit menclok pager Dadi murid kudu sing pinter Unen-unen iki jenenge ....
paribasan
bedhekan
parikan
wangsalan
Bapak nonton wayang, aku nonton dhangdhut. Yen dadi basa karma
Bapak ningali wayang, kula ningali dhangdhut.
Bapak mirsani wayang, kula ningali dhangdhut.
Bapak ningali wayang, kula mirsani dhangdhut.
Bapak mirsani wayang, kula mirsani dhangdhut.
Pakdhe uwis ngombe banyune Yen dikramake dadi ....
Pakdhe sampun ngombe banyunipun
Pakdhe sampun ngunjuk toyanipun
Pakdhe sampun mundut yatranipun
Pakdhe sampun nyambut yatranipun
Woh jati arane
Karuk
Besusu
Janggleng
Kolang-kaling
Rani iku nek mlaku banter, nanging nek Dini iku mlakune alon kaya ....
Sepur
Kilat
Keyong
Kucing
Pak Danu wes wegah ngomongi Adi, amarga Adi kui bocah sing kaku atine. Kaku atine iku artine............................
Gampang nesu
Angel dikandani
Seneng bantah
Ora gelem ngomong
Piranti ing ngisor iki sing ora kalebu gamelan yaiku...
Gambang
Gong
Biola
Saron
Aksara jawa cacahé/jumlahé ana ...
18
20
19
21
Jinisé wacan/bacaan werna-werna, kang pas diwaca dening bocah yaiku ...
artikel
sinetron
dongeng
novel
Nalika maca geguritan/puisi, perangan-perangan kang kudu digatekake iku yaiku kasebut ing ngisor iki, kejaba ...
informasi
lafal
ekspresi
irah-irahan
Crita rakyat sing turun-temurun lan kanggo nglipur/menghibur ati arané ...
dongeng
geguritan
cerkak
sejarah
Crita kedadean gunung Tangkuban Perahu kalebu jinis crita...
sage
legenda
fabe
mite
Manawa wangsulane/jawabane "iya", pitakon kang mathuk/cocok yaiku ...
Pira regane tas iki?
Sapa jenenge bapakmu?
Apa omahmu ing Kebumen?
Kapan kowe sunat?
Wit gedhang jenenge debog. Yen wit kambil jenenge............
pucang
glugu
lung
tebon
Simbah nembe mriksakaken............dhateng Puskemas.
padharanipun
untune
mripate
sikile
Cacahing wanda/jumlah suku kata saben sagatra/salarik diarani ...
guru gatra
guru lagu
guru wilangan
dhondling
Aku wingi kodanan, sandhanganku teles ...
blas
njejet
mbethet
kebes
Tembung sing nduweni teges 'kaya' yaiku ...
Semono
Kados
Sedaya
Sadaya
Wong kang nyedhak menyang jagad pewayangan diarani ...
Pandhita
Dalang
Waranggana
Sinden
Tegese tembung "nyangga" yaiku ...
nyabut
njupuk
ngangkat
nempel
Ukara sing nggunakake basa krama alus yaiku ...
Mbok Randha urip piyambak ora duwe anak.
Mbok Randha gesang piyambak mboten kagungan putra.
Mbok Randha gesang dewe mboten kagungan putra.
Mbok Randha gesang piyambak mboten gadhah anak.
"Kowe wis ngombe jamu?" Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku ...
Sampeyan sampun ngunjuk jamu?
Panjenengan sampun ngunjuk jamu?
Sampeyan sampun ngombe jamu?
Panjenengan sampun ngombe jamu?
"Esuk-esuk aku wis tangi." Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama inggil yaiku ...
Esuk-esuk aku sampun wungu.
Enjing-enjing aku sampun wungu.
Esuk-esuk kula sampun wungu.
Enjing-enjing kula sampun wungu.
"Aku lagi sinau basa Jawa." Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama yaiku ...
Aku lagi sinau basa Jawi
Kula nembe sinau basa Jawi.
Aku nembe sinau basa Jawa.
Kula nembe sinau basa Jawa.
“Sapa sing njupuk buku kuwi?” Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama yaiku ...
Sinten ingkang mendhet buku niku?
Sinten ingkang mendhet buku menika?
Sapa ingkang mendhet buku niku?
Sapa ingkang mendhet buku menika?
“Kula badhe matur.” Ukara iki kalebu unggah-ungguh basa ...
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
“Kowe wis ngombe obat?” Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku ...
Sampeyan sampun ngombe obat?
Panjenengan sampun ngombe obat?
Sampeyan sampun ngunjuk obat?
Panjenengan sampun ngunjuk obat?
“Aku lagi nulis layang.” Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama yaiku ...
Aku lagi nyerat serat.
Kula nembe nyerat serat.
Aku nembe nulis layang.
Kula nembe nulis layang.
“Kowe wis mangan apa durung?” Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku ...
Sampeyan sampun nedha napa dereng?
Panjenengan sampun nedha napa dereng?
Sampeyan sampun dhahar napa dereng?
Panjenengan sampun dhahar napa dereng?
Lafal tembung-tembung nalika maca teks pawarta kudu cetha.
Lafal uga diarani ...
intonasi
pocapan
ekspresi
jeda
Pak guru sampun ... nalika kula nembe dugi.
Tembung sing bener kanggo nggenepi ukara ing ndhuwur yaiku ...
rawuh
teka
dugi
dhateng
Cendhek dhuwure irama nalika maca cerita uga diarani ...
intonasi
lafal
ekspresi
jeda
Sumarto tuku TV anyar.
Ukara in dhuwur kalebu ...
krama alus
krama madya
ngoko alus
ngoko lugu
Bapak sampun ... nalika kula nembe bidhal sekolah.
Tembung sing pas kanggo nggenepi ukara kasebut yaiku ...
adus
pakpung
siram
kungkum
Ibu lunga dhateng peken mundhut tas.
Tembung lunga ing ukara ndhuwur iku sing bener yaiku ...
kesah
plesir
pinarak
tindak
Aku ... ibu supaya dipundhutke buku gambar.
Tembung sing bener kanggo nggenepi ukara in ndhuwur yaiku ...
ngomong
matur
ngandika
sanjang
Pawarta kang sumbere ana sajrone provinsi diarani pawarta ...
lokal
regional
nasional
internasional
Nalika ngalami sawijine kedadean kang nyedhihake, becike bisa ...
meneng wae
njupuk hikmahe
muni-muni
nyalahke wong liya
Sing perlu ditemtokake sepisan nalika arep nulis crita bab kedadean yaiku ...
tema karangan
paraga karangan
cengkorongan karangan
alur karangan
