WorksheetsQUIZ BHS. JAWA (GEGURITAN & PACELATHON)
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Puisi basa jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening aturan sing gumathok. diarani ....
Geguritan
Paribasan
Pantun
Tembung
Nalika penulis ngarang teks geguritan miwit kanthi netepake ....
Tema karangan
Judul karangan
Isi karangan
Kesimpulan karangan
Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa
Guyub rukun kaya sapu sada
Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....
Guyub rukun
Sapu sada
Adiwiyata murih rahayu
Jumat asri
Tema geguritan ing dhuwur yaiku ....
Guyub rukun ing keluarga
Guyub rukun ing sekolah
Guyub rukun ing lingkungan
Guyub rukun ing masyarakat
Salah sijine struktur teks geguritan yaiku ....
Patrap
Nyawiji
Sarana
Larik
Wirama yaiku ....
Kumpulan larik kang selaras
Tujuane penulis gawe geguritan
Endhek-dhuwur, cendak-dawa, utawa alus kasare swara seng diucapake
Tembung seng ora sebenere
Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....
Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng
Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia
Katun Semangat supaya sing ngrungokake melu semangat
Katun sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune ....
Bisa ngarang
Pinter nembang
Ngerti pengarange
Paham isine
Apa wae kang ndukung supaya anggone maca geguritan tambah enak diperlukno ....
Sarana
Nyawiji
Olah vokal
Patrap
Tema geguritan bisa ditemoake kanthi cara ....
Ngerungokno kanthi saksama
Ngerungokno kanthi ngomong
Maca geguritan kang titi
Maca kanthi ngomong
Nalika maca geguritan swarane kudu ....
Lirih
Banter
Rodok banter
Banter terus
Tembung-tembung sing dipilih kanggo nulis geguritan yaiku tembung-tembung kang ....
Mentes lan mantesi
Lumrah digunake
Angel dingerteni
Ora tau digunakake
Rukun dhuweni arti ....
Urip tukar padu
Urip sing selaras
Greget tumindhak bebarengan
Greget mulane ora tumindhak
Kara kanca aja seneng .... ben ora didohi kancane
Bebarengan
Gotong royong
Rukun
Drengki
Yen isine geguritane bab semangat polatane sing maca kudu ....
Lemes
Sedih
Teges
Seneng
1. Pacelathon tegese . . .
a. rembugane wong loro utawa luwih ngenani sawenehe bab
b. beda karo percakapan utawa dialog ing Basa Indonesia
c. ing bahasa Indonesia diarani drama utawa teater
d. pangudarasane pawongan ngenani sawenenhe bab
2. Unggah-ungguh dibagi dadi . . .
1
2
3
4
3. Miturut unggah-ungguh utawa udha usuk, basa Jawa kaperang dadi loro yaiku . . .
a. ngoko lugu lan ngoko alus
b. krama lugu lan krama alus
c. basa ngoko lan basa karma
d. krama lugu lan krama inggil
4. Basa ngoko lugu digunakake dening . . .
a. Siswa marang guru
b. Bocah-marang bocah
c. Wong enom marang wong tuwa
d. Bocah marang wong tuwa
5. Bapak : “Bim, ibukmu apa wis muleh saka pasar?”
Bima : “…………………”
a. Inggih sampun kondur saking peken pak
b. Nggih wis muleh pak
c. Sampun muleh saka pasar pak
d. inggih sampun kondur saking pasar pak
6. Pacelathon wong enom marang wong tuwo nggunakake basa . . .
a. ngoko lugu
b. ngoko alus
c. krama lugu
d. krama alus
7. Rini : “Bim, mbak oleh njaluk tulung?”
Bima : “Nggih mbak, njaluk tulung apa?”
Rini : “Jipukna tas e mbak nek kamar ya!”
Bima : “Nggih mbak, tak jipukne sak iki.”
Rini : “Suwun ya bim.”
Bima : “Nggih sami-sami mbak.”
Sing nindakake pacelathon ing dhuwur yaiku . . .
a. Bima
b. Rini
c. Bima lan Rini
d. Njaluk tulung
8. Prilaku gemi marang energi ing ngisor iki sing bener yaiku . . .
a. Bima mari adus lali ora nutup kran
b. Rini menyang sekolah numpak sepedha
c. Bapak menyang kantor nitih motor
d. Reno lali ora mateni lampu ing wayah awan
9. Pacelathon kudu nggunakake basa krama yen paragane antarane . . .
a. wong tuwa karo wong tuwa
b. wong enom karo wong tuwa
c. bocah karo bocah
d. wong enom karo wong enom
10. Pacelathon wong tuwo marang wong enom nggunakake basa . . .
a. ngoko lugu
b. krama alus
c. krama
d. krama lugu
