BARU
Ukuran huruf
Lembar kerjaSumatif Tengah Semester I Bahasa Jawa Kelas VI
Total soal: 40
Worksheet time: 20mins
Paringna tanda silang (x) ing huruf a, b, c, utawa d ingkang dados wangsulan ingkang paling leres! 1. Perangan ing ngisor iki sing nuduhake watake tembang macapat Dhandhanggula yaiku ....
Isine prihatin lan pasrah marang kahanan
Isine kabungahan lan pangarep-arep becik
Isine nasihat lan pangajab tumindak bener
Isine rasa sedhih amarga kapisah
Paringna tanda silang (x) ing huruf a, b, c, utawa d ingkang dados wangsulan ingkang paling leres! 2. Wacanen teks cekak iki! “Sekolah Adiwiyata iku sekolah kang ngupaya njaga lan nglestarakeke lingkungan. Saben warga sekolah nduweni tanggung jawab supaya sekolahé resik lan ijo royo-royo.” Gagasan anyar sing bisa digawe saka isi teks yaiku ....
Sekolah kudu nggawe lomba kebersihan saben minggu
Sekolah mung perlu taman sing akeh
Sekolah ora perlu aturan lingkungan
Sekolah cukup nganggo petugas kebersihan wae
Ing teks “Nguri-uri Basa Jawa”, ana penjelasan yén akeh bocah luwih seneng nganggo basa Indonesia utawa basa Inggris. Menawa arep ngrancang kegiatan sekolah kanggo nglestarèkaké basa Jawa, pilihan sing paling inovatif yaiku ....
Nglombakaké nembang macapat lan parikan antar kelas
Nulis slogan nganggo basa Inggris
Nglarang bocah ngomong basa Indonesia
Ngilangaké pelajaran basa Jawa
Paringna tanda silang (x) ing huruf a, b, c, utawa d ingkang dados wangsulan ingkang paling leres! 4. Coba waosan penggalan tembang iki! "Aja dumeh luwih dhuwur, elinga kabeh padha titahé Gusti." Tembung ing ndhuwur cocok karo watake tembang ....
Pangkur
Dhandhanggula
Maskumambang
Kinanthi
Guru nyritakake, yen tembang macapat iku nggambarake lelakon urip manungsa wiwit lair nganti mati. Yen siswa nyimpulake urutane tembang kaya ngene: Maskumambang – Mijil – Sinom – Asmaradana – Dhandhanggula – Durma – Pangkur – Megatruh – Pocung. Sing bisa disimpulake saka urutan iki yaiku ....
Siswa mung apal nama tembang
Siswa ngerti makna urip saka lair nganti pungkasan
Siswa mung niru saka buku tanpa ngerti isi
Siswa ora bisa nemtokake watake saben tembang
“Saben dina banyu sing metu saka kran ing sekolah kerep mubazir amarga ora langsung ditutup sawisé digunakaké. Yen saben bocah gelem nyadari pentingé ngirit banyu, sekolah kita ora mung resik nanging uga melatih tanggung jawab lan kepedulian marang lingkungan.” Gagasan anyar sing bisa kok usulake adhédhasar isi wacan kuwi supaya ajakan ngirit banyu luwih nyengkuyung warga sekolah tumindak nyata yaiku ....
Nambah poster ajakan ngirit banyu ing saben kelas.
Nulis aturan anyar tanpa sosialisasi luwih dhisik.
Nyalahké siswa sing lali nutup kran.
Nutup kabeh kran saben wektu.
Nalika dina Sabtu sore, Rara lunga menyang perpustakaan anyar. Dheweke kaget amarga perpustakaan iku luwih rame tinimbang sing biyèn, ana pojok maca kanggo bocah lan omah dongeng digital sing nyenengaké. Yen dadi Rara, caramu nerusaké crita kasebut supaya nuduhaké nilai gemar maca lan kolaborasi karo kanca-kanca yaiku ....
Rara mung maca buku nganti lali bali.
Rara ngajak kanca-kancané supaya padha nggawé klub maca ing perpustakaan.
Rara nyilih buku lan ora mbalekaké maneh.
Rara nesu amarga perpustakaan dadi rame.
Yen diminta nggawe tembang kanthi watak ngajari tumindak becik lan manut marang wong tuwa, tembang sing paling cocok yaiku ....
Sinom
Pangkur
Kinanti
Maskumambang
Wacanen teks iki kanthi teliti! "Kanggo nggawe es teh sing seger, disiapake bahan-bahan kaya teh celup, gula, lan banyu. Sawisé kuwi, banyu diudhek nganti panas, banjur teh dicelupaké nganti warnané metu. Gula ditambahaké miturut rasa, banjur es batu dilebokaké ing gelas." Yèn arep ngowahi teks prosedur ing dhuwur dadi teks informasi sing ngajak ngirit banyu nalika nggawe es teh, cara seng bener supaya pesené tetep cetha lan migunani yaiku ....
Nambahaké tembung-tembung lucu supaya teks luwih narik kawigaten
Nganti saben langkah dadi ukara pitakon supaya ora mboseni
Nambahaké katrangan babagan carané nggunakake banyu kanthi efisien nalika nggawe es teh
Nyuda jumlah langkah supaya teks luwih cendhak
Ing tembang macapat, saben bait diarani guru gatra. Tegese guru gatra yaiku ....
Cacahé wanda saben larik
Cacahé larik saben bait
Swara vokal ing pungkasan larik
Teges saben tembung
“Ing tengah kutha Kediri ana taman anyar sing diarani Taman Kilisuci. Saben pojoké kebak kembang warna-warni, ana kolam iwak sing bening lan kursi kayu kanggo wong sing pengin ngaso. Nalika sore, swara manuk lan semilir angin nggawé suasana tentrem.” Yen kaparingan tugas ngowahi deskripsi kasebut dadi teks persuasi, kalimat sing paling pas kanggo mbangun ajakan marang Masyarakat yaiku ....
Aja lunga menyang taman amarga rame.
Taman Kilisuci apik, nanging regane larang.
Ayo padha njaga lan ngresiki Taman Kilisuci supaya tetep endah lan nyaman kanggo kabeh warga.
Taman Kilisuci mung kanggo wong Kediri.
Guru lagu lan guru wilangan penting amarga ....
Mung kanggo keindahan tembang
Ngatur irama lan makna tembang supaya serasi
Mung kanggo nambah jumlah bait
Ora ana gandhèngané karo isi
Tembang Pangkur biasane dienggo kanggo ....
Nasihati wong enom supaya eling
Nyritakake kabungahan
Muji Gusti Allah
Ngrangkul bocah cilik supaya sinau
Wacanen teks iki! "Sawetara siswa nganggep yen dolanan tradisional ora penting maneh amarga saiki ana gadget sing luwih modern. Nanging sejatiné, dolanan tradisional kaya gobak sodor utawa dakon bisa nglatih kerja sama, strategi, lan sosialisasi antar bocah." Saka wacan kuwi, argumen paling kuat sing bisa kok gunakaké kanggo nggeppi pandangan sing ora setuju karo dolanan tradisional yaiku ....
Dolanan tradisional ora butuh listrik, dadi luwih hemat.
Dolanan tradisional ora perlu digatekaké maneh.
Dolanan tradisional kudu diganti karo game digital.
Dolanan tradisional nambah kecerdasan sosial lan strategi bocah.
Tembang macapat ora mung kanggo nyanyi, nanging uga kanggo ....
Olahraga
Media sinau nilai urip lan budi pekerti
Ngisi waktu luang
Pamer swara
Yen ana tembung “Sinom” sing tegese “enom” utawa “anyar”, makna simbolisé tembang Sinom yaiku ....
Semangat lan gegayuhan enom
Rasa prihatin lan sedhih
Tumandang nggayuh cita-cita
Katresnan kang ora kasil
Wacanen perangan teks iki! “Supaya kebon sekolah katon resik, saben dina ana jadwal piket kanggo nyapu lan nyirami tanduran.” Yèn diminta nggawe teks prosedur anyar adhedhasar isi teks informasi kasebut, langkah-langkah kang paling logis yaiku ....
Nindakaké piket kanthi tertib lan tanggung jawab
Nggawe jadwal piket saben minggu
Ngumpulaké tanduran anyar kanggo ditandur
Nyapu lan nyirami tanduran saben dina
Ana teks informasi babagan “Cara Ngolah Sampah Dapur Dadi Kompos”. Retno diminta ngritik teks mau amarga ana ukara kaya mangkene: “Yèn wis rampung, kompos bisa dipangan kéwan utawa disimpen ing kulkas supaya awet.” Kritik sing paling trep lan logis yaiku ....
Ukara iku wis bener amarga kulkas bisa njaga kesegaran kompos.
Ukara iku ora logis amarga kompos ora kanggo dipangan kéwan.
Ukara iku kudu diganti nganggo “Kompos bisa digunakaké kanggo nyuburaké tanduran.”
Ukara iku wis pas amarga kéwan seneng mangan kompos.
Supaya tembang macapat iso nggayuh ati pamaca, panyair kudu bisa ....
Nyalin saka tembang liyane
Milih tembung sing endah lan nduwèni rasa
Nggatekake wirama lan guru lagu
Niru tembang saka wong liya tanpa owah-owahan
Wonten ing teks prosedur “Cara Nggawe Rujak Cingur”, penulis ngatur langkah-langkah kanthi runtut wiwit saka nyiapake bahan nganti sawise piring dipun sajikake. Menawi panjenengan dipun paringi tugas kanggo ngrancang teks prosedur anyar kanthi judhul “Cara Ngolah Sampah Organik dadi Pupuk Kompos”, tindakan ingkang kedah dipun tindakake rumiyin supados isi teks saged dipun wastani prosedur sing trep yaiku ....
Milih tembung-tembung sing endah lan puitis
Nulis langkah-langkah kanthi runtut lan logis
Nyusun bahan lan piranti sing dipun butuhake
Nambahake latar lan tokoh supaya luwih narik kawigatosan
Bedane tembang macapat karo geguritan yaiku ....
Tembang macapat nduwèni guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Geguritan ditulis nganggo basa bebas tanpa paugeran guru lagu
Geguritan ora nduwèni makna
Macapat mung kanggo wong tuwa
Ana teks informasi sing judhule “Kebersihan Sekolah Tanggung Jawab Kabeh Warga Sekolah”. Yen arep nggawe teks kaya ngono, nanging nganggo topik “Ngirit Listrik Kanggo Bumi Lestari”, sing kudu digatekake supaya isine nduweni daya pengaruh marang wong sing maca yaiku ....
Nulis nganggo tembung kang kandel lan warna-warni
Nggunakaké data utawa conto nyata bab panggunaan listrik
Njelasake sebab akibat yen listrik ora diirit
Nambahaké gambar sing lucu supaya narik kawigaten
Saka isi lan rasa, tembang Maskumambang nggambarake ....
Pangarep-arep marang urip sabanjuré
Rasa bungah amarga kabungahan urip
Rasa sedhih amarga kahanan sing ora mesthi
Rasa nelangsa lan ora duwe daya
Teks informasi “Petani lan Pangan Lokal” nerangaké yén pangan lokal luwih lestari tinimbang pangan impor. Menawa dadi wartawan cilik, judhul tulisan sing paling cocog kanggo narik kawigaten adhedhasar teks kasebut yaiku ....
“Petani Nguri-uri Bumi kanthi Pangan Lokal”
“Pangan Impor luwih Apik tinimbang Pangan Lokal”
“Ngapa Kudu Milih Pangan saka Tani Dhewe?”
“Importa Pangan Supaya luwih Modern”
Sakwisé maca teks prosedur “Cara Nandur Kacang Panjang”, guru njaluk siswane nggawé teks prosedur anyar kanthi nyelarasake karo kahanan sekolahanmu. Yen sekolamu lagi ngembangake program Sekolah Ijo, langkah kreatif sing bisa kok lebokake supaya teksmu luwih migunani lan nduweni nilai anyar tinimbang teks asline yaiku ....
Nambah langkah pembuangan sampah organik dadi pupuk kompos kanggo nandur kacang panjang
Ngatur supaya tanduran ditandur ing pot bekas utawa barang daur ulang
Nuliske manfaat kacang panjang kanggo kesehatan kanthi rinci
Ngganti isi teks dadi cara masak sayur kacang panjang
Nalika nulis teks prosedur “Carane ngirit banyu saben dina”, unsur penting sing kudu digatekake yaiku tujuan lan ....
langkah-langkah
judul
ringkesan
gambar
Yen ana teks sing nyritakake kedadeyan kanthi urut wektu lan nduweni tokoh, latar, lan alur, iku kalebu teks ....
narasi
deskripsi
argumentasi
eksposisi
II.3. Teks persuasi tujuane kanggo ... pamaca supaya gelem nindakaké apa sing disarekaké pangripta.
ngajak
nglarang
ngancam
ngapusi
Yèn ana tembang Sinom sing irama lan isinè nyemangati bocah enom kanggo sinau lan ngelakoni kawruh, tegese tembang iki paling cocok kanggo kahanan nggayuh ....
cita-cita
kekancan
kasangsaran
kabutuhan
II.5. Tembang Asmaradana nduwèni isi bab rasa katresnan. Nanging rasa katresnan ing tembang Jawa ora mung kanggo kekasih, nanging uga bisa kanggo ....
wong tuwa
kanca dolanan
guru sekolah
tukang becak
II.6. Yen ana teks sing njlentrehake suasana sekolahan kanthi rinci lan migunani kanggo ngenali karakter lingkungan, kalebu teks ....
deskripsi
narasi
eksposisi
argumentasi
Delengen potongan tembang iki! “Urip iku mung mampir ngombe...” Yèn bait iki dilebokaké ing sawijining tembang macapat, tembang sing paling cocok yaiku ....
Pocung
Dhandhanggula
Maskumambang
Sinom
II.8. Saka tembang-tembang macapat, tembang sing paling cocok kanggo nyritakake rasa sedhih amarga pisah karo kanca yaiku ....
Maskumambang
Pangkur
Dhandhanggula
Sinom
II.9. “Kebon sekolaku kebak kembang warna-warni. Ana mawar abang, melati putih, lan kenanga sing wangi.” Pancaindra sing paling digunakake kanggo mangerteni isi teks kasebut yaiku ....
indra pencium (hidung)
indra pengecap (lidah)
indra peraba (kulit)
indra pendengar (kuping)
Tanda utawa ciri yen sawijining teks iku kalebu persuasi yaiku ana ajakan utawa tembung ....
ajakan
larangan
critane
pitakonan
Apa pesen moral saka crita bocah sing ora gelem nulungi kancané sing tiba saka sepeda?
Kita kudu nulungi kanca sing butuh pitulungan.
Kita kudu nglirwakake kanca sing kesusahan.
Kita kudu ora peduli karo kanca.
Kita kudu nglanggar aturan sekolah.
Pilih salah siji kalimat ajakan sing kuat lan logis kanggo ngajak kanca-kanca supaya melu njaga kabersihan kelas!
Ayo padha melu njaga kabersihan kelas supaya kelas kita tetep resik lan nyaman!
Ayo padha rame-rame mangan ing kelas!
Ayo padha nggambar tembok kelas!
Ayo padha ninggalake sampah ing meja!
Salah siji isi tembang Pangkur yaiku ngajak supaya wong bisa ninggal angkara murka. Menawa tembang kuwi dienggo pepeling kanggo bocah sekolah, pesen apa sing bisa cocok karo kahanan saiki?
Aja tumindak angkara murka lan kudu rukun ing sekolah.
Aja sinau tenanan ing sekolah.
Aja ngajak kanca kanggo rebutan.
Aja nggatekake guru nalika nerangake.
Unsur apa wae sing kudu ana ing gambar sekolah supaya wong liya bisa mbayangaké suasana sekolahmu?
Bangunan sekolah, lapangan, papan jeneng sekolah, siswa-siswi
Gunung, kali, alas, pasar
Mobil balap, pesawat, kapal laut, motor
Gedung pencakar langit, mall, hotel, bioskop
Miturut piwulang tembang Kinanti, guru sing ideal iku kaya apa?
Sing nuntun lan mbimbing murid kanthi sabar
Sing mung menehi tugas akeh
Sing ora peduli karo murid
Sing mung ngukum murid yen salah
