Font size
WorksheetsBasa Jawa-SAS GANJIL-8
Total questions: 47
Worksheet time: 46mins
NAMA LENGKAP :
KELAS :
NOMOR PESERTA :
Crita cekak kuwi ing basa Indonesia diarani ….
Novel
Cerpen
Geguritan
Dongeng
Titikan (ciri-ciri) crita cekak yaiku …
Wujud gancaran (prosa)
Critane dawaé kaya novel
Critane akeh dialog nganggo basa asing
Critane tansah ana geguritan
Ing ngisor iki kalebu ciri crita cekak, kajaba …
Isi critane ringkes lan mung rekan pengarang wae
Critane cekak lan fokus marang siji prastawa
Wektu lan papan ing critane jembar banget
Nggawe kritik utawa piwulang marang masyarakat
Unsur intrinsik ing crita cekak yaiku …
Tema, paraga, latar, alur, wewatekan, sudut pandang, lan gaya basa
Tema, pupuh, guru lagu, lan guru wilangan
Latar njaba, alur njaba, lan swasana masyarakat
Alur, pupuh, lan purwakanti
Tema ing sajwinjing crita cekak iku …
Gambaran watak paraga
Gagasan dhasar kang ngandhut isi cerita
Swasana latar papan kang muncul ing crita
Cara pengarang nyritakake crita
Paraga kang dadi tokoh utama lan dadi pusat prastawa sinebut …
Antagonis
Tritagonis
Protagonis
Figuran
Wewatekan bisa digambarke kanthi rong cara, yaiku …
Cara prosa lan cara geguritan
Teknik analitik lan teknik dramatik
Cara pitutur lan cara dongeng
Teknik ringkesan lan teknik jembar
Alur sing runtut saka wiwitan nganti pungkasan tanpa kilas balik diarani ….
Alur maju
Alur mundur
Alur campuran
Alur balik
Alur sing isiné kilas balik utawa crita ngenani kedadeyan biyen diarani …
Alur maju
Alur mundur
Alur campuran
Alur balik
Latar sing nuduhake papan kedadeyan prastawa ing crita sinebut ...
Latar wektu
Latar papan
Latar sosial
Latar swasana
Sudut pandang sing pangripta dumunung ana ing sajroning crita minangka paraga utama diarani ...
Sudut pandang wong kapisan
Sudut pandang wong kapindho
Sudut pandang wong katelu
Sudut pandang objektif
Ing ngisor iki sing kalebu sudut pandang wong katelu yaiku ...
Pangripta crita nganggo tembung “aku” minangka tokoh utama
Pangripta dumunung ana ing njabané crita
Pangripta dumunung minangka paraga utama
Pangripta crita minangka paraga sing padha karo tokoh loro
Amanat ing sawijining crita cekak kuwi tegese ...
Gagasan dhasar sing ngandhut isi crita
Pesan utawa piwulang sing arep diwenehake pangripta marang pamaos
Cara pangripta nggambarake watak tokoh
Gambaran latar lan swasana crita
Gaya basa ing crita cekak nduwèni fungsi ...
Supaya crita luwih dawa lan rumit
Supaya crita tansah nganggo tembung baku
Supaya crita luwih menarik lan nduwèni daya pangaruh marang pamaos
Supaya crita luwih gampang dingerteni tanpa perasaan
Tuladha gaya basa kang asring digunakake pangripta yaiku ...
Pribadi, masyarakat, lingkungan
Dialog, monolog, geguritan
Paribasan, pepindhan, panyandra
Tema, paraga, latar
Kosok balen kuwi tegese ...
Tembung kang padha tegese
Tembung kang béda tegese nanging padha swarane
Tembung kang ngetokake teges walikane sawijining tembung
Tembung kang padha cara nulisé nanging béda pangucapane
Ing ngisor iki kalebu conto kosok balen, kajaba ...
Gedhé – cilik
Urip – mati
Sugih – mlarat
Wanita – wadon
Tembung "hak" kang tegese "milik" lan "hak" kang tegese "perangan sepatu" klebu jinis ...
Homonim
Homograf
Homofon
Tunggal teges
Ing ngisor iki kang klebu homograf yaiku ...
Jarak (rentang waktu) – jarak (tuwuhan)
Apel (woh-wohan) – apel (kagiatan kumpul)
Hak (milik) – hak (perangan sepatu)
Panas – adhem
Tembung "bank" (papan nyimpen dhuwit) lan "bang" (panggilan marang wong lanang) kalebu conto ...
Homonim
Homograf
Homofon
Kosok balen
Pethikan teks ing ngisor iki wacanen sing permati, sabanjure wangsulana pitakon kanthi milih wangsulan sing paling bener (nomer 21-22)!
"Wonten enjing ingkang langitipun padhang, Mbok Randha kaliyan putrinipun para kleting ingkang ayu-ayu, inggih menika Kleting Abang, Kleting Biru, Kleting Ungu, lan Kleting Ijo sami ngenggar-enggar penggalih. Wonten nggriya Kleting Kuning olah-olah lan reresik griya piyambakan. Kleting Kuning niku putra tirine Mbok Randha. Pengrengkuhe Mbok Randha dhateng Kleting Kuning niku winastanan emban cindhe emban siladan, benten kaliyan putri sanesipun....”
Bebasan sing tegese ora adil, yaiku ....
Arep jamure ora arep watangane.
Emban cindhe, emban siladan.
Ora uwur ora sembur.
Rebut balung tanpa isi.
Pethikan teks ing dhuwur dititik saka ragam basa manut unggah-ungguh klebu ragam basa ….
basa ngoko lugu
basa ngoko alus
basa krama lugu
basa krama alus
. ”Jeneng asline mono Wira. Embuh Wira sapa, tangga teparone ora ana sing mudheng. Nanging sarehne saben nandangi pegawean apa wae mesthi mung klemar-klemer, mula dening wong-wong banjur diceluk Wira Klemer”.
Punggelan crita cekak ing dhuwur, manut struktur teks kalebu perangan....
tema
alur/ plot
paraga/ pamaragan
latar/ setting
. ”Mripate Damarjati katon mbrabak krungu critane Sekarwangi. Rasane trenyuh, atine welas marang kenya ayu lan wasis kang lungguh ing ngarepe iku. Sekarwangi duwe gegayuhan bisa sekolah ing SMK jurusan Boga, yen wis lulus banjur bukak rumah makan sing dikemonah kanthi becik lan duwe ciri khas sing bisa narik lengganan. Nanging amarga bapake seda nalika dheweke isih kelas 3 SMP, mula banjur bara menyang kutha kanggo golek dhuwit sing bakal dienggo pawitan nyambut gawe nganti selawase kaya angen-angene.”
Punggelan crita cekak ing dhuwur, paraga utamane yaiku....
Damarjati
Sekarwangi
Bapake
Aku
Ngisor iki sing kalebu ukara langsung yaiku ....
“Alah Yan, penting isa mangan enak lak wis,” Gusti nyuwara.
Aku ya ngerti bapake Deni mung pegawe endhek ing pabrik rokok, ibune uga ibu rumah tangga biasa.
Dheweke mung njagakake kiriman saka bapake. Dheweke ya ora entuk beasiswa.
Deni kandha, menawa dheweke oleh rejeki maneh bakal nraktir aku lan kanca-kancaku kabeh.
Ing ngisor iki bebasan sing tegese rebutan barang sepele (ora ana isine) yaiku ....
Arep jamure ora arep watangane
Emban cindhe, emban siladan
Ora uwur ora sembur
Rebut balung tanpa isi
Nalika ketemu wong sepisanan kudu mbungkukake awak lan manthuk, ngucap salam, lagi salaman yen lanang padha lanang utawa wadon padha wadon. Ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah-ungguh klebu ragam basa ….
basa ngoko lugu
basa ngoko alus
basa krama lugu
basa krama alus
Dokter lan perawate kluyur-kluyur lunga. Aku dheleg-dheleg ana ruangan mau. Eba kagetku, dakrungu ibune bocah-bocah nggugah aku, “Mas, tangi. Wis esuk.”. Saka pethikan cerkak kasebut, unsur intrinsik kang katon yaiku ….
Penokohan
Alur
Setting
Tema
Pak Wiryo terus ngladeni wong tuku. Aku mangan puthu sing kari siji neng tanganku. Aku gumun dene Pak Wiryo yen ngomong karo aku nganggo basa krama alus. Kamangka Pak Wiryo umure ora beda adoh karo Bapakku. Nalika aku pisanan tuku puthu banjur dadi langganan, Pak Wiryo malah rikuh aku ngomong nganggo basa alus. Karepku mono ngajeni wong tuwa, kaya sing diajarake Bapakku, yen aku kudu ngajeni wong sing umure luwih tuwa, sapa wae kuwi.
Watake tokoh Pak Wiryo ing pethikan cerkak kasebut yaiku ....
rikuhan lan sarwa ora kepenak
prasaja lan ngajeni marang wong liya
ora duwe tata krama ing pasrawungan
duweni rasa wedi marang wong kang luwih sugih, mulane nganggo basa kang alus
Cerkak utawa cerita cekak kalebu jinis crita fiksi. Crita fiksi tegese crita sing isine ….
Kenyataan
Khayalan
dewa-dewi
pengalaman pribadi
Wacanen kanthi titi!
Narti sejatine bocah wadon sing manut lan ngabekti banget marang wong tuwane. Nanging wis ana sawulan iki, Narti sajak wani marang ibune. Saben diutus ibune, Narti mesthi ora langsung nandangi, lan malah nyentak ibune nganti ibune kaget. Babagan kuwi jalaran panjaluke Narti ora dituruti dening ibune, yaiku dheweke njaluk HP. Nganti sawijining dina, Narti diutus ibune tuku beras ing warung. Nanging Narti malah metu menyang omahe Dina saperlu dolanan. Ibune Narti banjur budhal tuku beras dhewe. Ora suwe anggone Narti mlaku saka omahe, dumadakan krungu BRUAAAAKKK... Narti kaget, banjur mara menyang swara iku mau. Narti langsung nangis lan ngrangkul ibune sing wis ngglethak ing tengah ratan, amarga ketabrak sepedha motor. Dheweke getun ora nuruti panyuwune ibuke.
Patuladhan sing bisa dijupuk saka wacan kasebut yaiku ….
kudu wani marang wong tuwa
ora nuruti panyuwune wong tuwa
yen diutus wong tuwa kudu dituruti
wong tuwa kudu ditulung
Ibu tuku jarit ing pasar gedhe. Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama dadi ....
Ibu tumbas nyamping ing peken ageng.
Ibu mundhut jarit ing pasar ageng.
Ibu mundhut nyamping dhateng peken ageng.
Ibu tumbas sinjang dhateng peken ageng.
Iklan ing dhuwur isine nawakake ....
panggawean
lembaga kursus Hangtuah
lapangan kerja maritim
jasa komputer
Sing dadi sasarane iklan ing dhuwur yaiku ....
kabeh masyarakat
masyarakat sakiwa tengene jalan Brajagati
Masyarakat sing lagi lulus SMA
Bapak Suminto
Dene sing ditawakake liwat iklan ing dhuwur yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba ....
kursus kemaritiman
kursus pertukangan
kursus baby sitter
ndandani HP
Iklan kang duwe tujuan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa, lire ndayani masyarakat minangka pangsa pasar supaya ketarik, rumangsa butuh, lan wusanane gelem tuku utawa nggunakake barang lan jasa sing ditawakake diarani ....
iklan komersial
iklan layanan masyarakat
. iklan persuasif
iklan reminder
Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, basa sing digunakake apike ....
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
. Ing ngisor iki sing kudu disiapake sadurunge nindakake wawancara, kajaba ....
nemtokake narasumber
nemtokake tema
nemtokake biaya
nemtokake tujuan
1) Kepriye carane ngembangake usaha bathik ”Sekar Jagad” punika pak?
2) Kados pundi caranipun ngembangaken bathik ”Sekar Jagad”punika pak?
3) Kenging punapa kok opah buruh awis pak?
4) Sinten ingkang paring bantuan?
Ukara pitakon ing dhuwur sing nakokake cara yaiku ukara nomer ....
1,3
2,4
1,2
3,4
Anik : Kula nuwun.
Pak Karji : Mangga nak, kene mlebu kene.
Anik : Inggih pak, matur nuwun.
Pak Karji : Ana perlu apa kok sajak wigati banget.
Dewi : Punika lho pak, kula pengin ngertos bathik kagungan panjenengan.
Pak Karji : Apa bae sing pengin dingerteni nak?
Anik : .........................................................
Pak Karji : Usaha bathik iki dakjenengake "Sekar Jagad".
Kanggo nggenepi pacelathon ing dhuwur ukara sing trep yaiku ....
Apa jenenge usaha bathik sampeyan pak?
Punapa naminipun usaha bathik panjenengan pak?
Sinten naminipun usaha bathik panjenengan pak?
Sapa jenenge sing duwe usaha bathik pak?
Terangna apa sing diarani tema ing sawijining teks crita cekak! Wènèhana tuladha supaya luwih cetha.
2. Bedakna antarane paraga protagonis lan paraga antagonis, banjur gawekna tuladha saka crita sing tau kok waca!
3. Jelaské macem-macem alur crita (alur maju, mundur, lan campuran) lan sebutna salah siji tuladhané.
4. Apa sing diarani sudut pandang ing crita cekak? Sebutna bedane sudut pandang wong kapisan lan wong katelu!
5. Terangna makna saka amanat ing sawijining crita cekak lan kenapa amanat iku penting kanggo pamaos.
