Font size
WorksheetsKuis Cangkriman & Parikan
Total questions: 11
Worksheet time: 9mins
1. Cangkriman menika salah satunggaling unen-unen ingkang isi pitakenanipun samar utawi tegese didhelikake. Saengga pamaos kedah mikir supados manggihaken wangsulané.
Saking katrangan menika, tujuan utawi ancas ingkang utami saking cangkriman inggih menika...
A. Kangge nglulu atinipun tiyang sepuh
B. Kangge nguji kapinteran saha kacepetan mikir
C. Kangge nglatih maos aksara Jawa
D. Kanggo nglucu tanpa teges
2. Nalika siswa sami dolanan cangkriman ing sela pelajaran, guru ngendika menawi dolanan menika bisa ngembangake kecerdasan ugi guyub.
Tegesipun, fungsi sosial cangkriman inggih menika...
A. Nambah semangat lomba
B. Nguwataken raos kekancan saha kerja sesarengan
C. Nggantos pelajaran formal
D. Nambah kosakata Inggris
3. Wonten cangkriman mawi unen-unen: “Sing mlaku ora nganggo sikil, sing ngomong ora nganggo cangkem.” Wangsulanipun inggih menika radio. Unsur keendahan basa ing cangkriman inggih menika...
A. Ngandhut pepindhan saha pasemon
B. Mboten cetha saha boten nyambung
C. Basa kasar
D. Basa ilmiah
4. Cangkriman kadhangkala dipunginakaken kangge ngasah kecerdasan kanthi cara mastani barang umum kanthi unen-unen ingkang unik. Menawi wonten cangkriman “Sing ditekuk malah mlaku”, menika tegese...
A. Wangsulane andha utawi boten logis
B. Gaya pangandikan pepindhan kang lucu
C. Wangsulanipun pit utawi sepedha
D. Tegese ngelantur
5. Cangkriman menika saged ngandharaken menapa kemawon samubarang tuladha saged dhaharan, kewan, saha sanesipun. Menawi panjenengan dipunparing tugas damel cangkriman bab teknologi, cara paling trep anggenipun damel inggih menika...
A. Nyerat ngginakaken basa Indonesia
B. Ngandharaken kanthi ngginakaken tembung pepindhan
C. Nyebataken nama barang kanthi langsung
D. Nyalin saking internet
6. Parikan inggih menika unen-unen utawa tembang cekak ingkang dumadi saking kalih larik: larik sepisan minangka pambuka (purwakanthi), saha larik kaping kalih ngamot teges utawi pesen. Dados ciri khas saking parikan inggih menika...
A. Dipundamel mawi basa prosa
B. Wonten purwakanthi saha rima ing pungkasan ukara
C. Dipundamel tanpa irama
D. Dawa saha maknanipun dipundhelikake
7. Nalika wonten ing adicara tirakatan utawi pawiwahan, kathah parikan dipunlantaraken kanthi guyon nanging isinipun ngandhut piwulang moral ingkang sae. Dados tegesipun fungsi parikan ingkang dipunlantaraken ing masyarakat inggih menika...
A. Kangge guyonan saha maringi pitutur ingkang alus
B. Kangge nyindir tiyang kanthi kasar
C. Kangge nyerang pamrentah
D. Kangge nembang ingkang boten ngamot teges
8. Tulung waca parikan menika:
“Mlaku-mlaku neng pasar Legi,
Aja lali tuku semangka.
Wong urip kudu ngati-ati,
Supaya ora nindakake dosa.”
Pesan moral ingkang kaamot wonten ing parikan kasebat inggih menika...
A. Ampun seneng blanja
B. Ngatos-atos supados boten nindakaken lelampahan awon
C. Seneng dhahar woh semangka
D. Tansah tindak pasar
9. Nalika siswa dipunparingi tugas kangge damel parikan kanthi tema pendidikan, ukara pungkasan ingkang paling trep inggih menika...
A. “Sekolah angel, luwih becik turu”
B. “Sinau sregep, masa depan padhang”
C. “Aja sekolah, akeh PR”
D. “Sinau mung nalika ujian”
10. Cangkriman lan parikan menika sami-sami unen-unen ingkang dipunginakaken kangge hiburan ugi ngamot piwulang-piwulang ingkang sae. Dados miturut panjenengan bedanipun antawis cangkriman kaliyan parikan inggih menika...
A. Cangkriman ngandhut teges samar, dene parikan ngandhut piwulang utawa guyonan
B. Cangkriman tansah mawi tembang, parikan tansah gancaran
C. Parikan tansah boten gadhah rima
D. Sedaya sami boten gadhah makna
Kados pundi raos (perasaan) panjenengan sinau materi bab menika? (Gambar emoji atau apa bebas)

