wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

G3 Unggah-ungguh: Nyuwun Tulung lan matur nuwun

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Nalika kowe ora isa ngangkat ember amarga abot, ukara sing trep kanggo nyuwun tulung yaiku ...

a)

Tulung aku!

b)

Hei, ewangi aku!

c)

Tulung ewangi aku ngangkat ember iki amarga abot banget yen dhewean!

d)

Oalah abot banget iki!

2.

Wong enom kudu nganggo basa apa nalika nyuwun tulung marang guru?

a)

Basa krama

b)

Basa ngoko

c)

Basa kasar

d)

Basa campuran

3.

Yen nyuwun tulung marang kanca sing padha umur, tembung sing trep yaiku ...

a)

Kula nyuwun tulung

b)

Tulung ya, kanca

c)

Mangga tulung

d)

Aku njaluk ditulungi

4.

Ukara “Tulung bukakna lawangé, ya” kalebu basa ...

a)

Krama alus

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Ngoko lugu

5.

Yen ana wong sing ora nulungi nalika kowe nyuwun tulung, kowe kudune ...

a)

Nesu amarga ora ditulungi

b)

Muni-muni banjur lunga

c)

Matur nuwun lan golek cara liya

d)

Ngundang kanca liyané kanggo meksa nulungi

6.

Nyuwun tulung kudu nganggo swara sing ...

a)

Banter lan seru

b)

Alon lan santun

c)

Seru lan karo nesu

d)

Seru lan kasar

7.

Yen kowe nyuwun tulung marang adik, carané kudu ...

a)

Diperintah nganggo swara seru

b)

Diwenehi perintah langsung

c)

Diomongi kanthi alus lan ngajari

d)

Dinengke wae

8.

Yen ana tembung “Nyuwun pangapunten lan nyuwun tulung”, tegese yaiku ...

a)

Minta maaf lan minta tolong

b)

Minta hadiah lan bantuan

c)

Ngatur jadwal

d)

Nyuwun idin mangan

9.

Ing pacelathon “Pak, kula nyuwun tulung kangge nyumet lampunipun”, tegesé yaiku ...

a)

Aku arep nyumet lampu

b)

Aku nyuwun tulung Bapak supaya nyumet lampu

c)

Bapak nyumet lampu dhewe

d)

Aku ora nyumet lampu

10.

Saka ukara ing ngisor iki, endi sing paling sopan yen nyuwun tulung marang guru?

a)

Bu, ayo cepet tulungi aku!

b)

Bu Guru, kula nyuwun tulung diterangake malih!

c)

Bu, tulung ta saiki!

d)

Tulungi aku, Bu!

11.

Sawisé ditulungi, ukara sing kudu diucapaké yaiku ...

a)

Nuwun sewu

b)

Matur nuwun

c)

Sugeng rawuh

d)

Kula nuwun

12.

Nalika kanca ngewangi kowe nggawa buku, ukara sing trep yaiku ...

a)

Matur nuwun, kancaku

b)

Ora usah, wis biasa

c)

Kowe telat mbantu

d)

Aku ora butuh pitulunganmu

13.

“Matur nuwun sanget” tegesé yaiku ...

a)

Terima kasih banyak

b)

Mohon maaf

c)

Tolonglah

d)

Selamat datang

14.

Nalika guru maringi pitulungan, kowe kudu ...

a)

Ngguyu

b)

Matur nuwun kanthi sopan

c)

Lunga tanpa ngomong

d)

Ngendika banter

15.

Ukara “Sami-sami” diucapaké nalika ...

a)

Wong matur nuwun marang awake dhewe

b)

Wong nesuh

c)

Wong lunga

d)

Wong njaluk idin

16.

Yen ana kanca ngucap “matur nuwun”, wangsulan sing sopan yaiku ...

a)

Ora usah matur nuwun

b)

Sami-sami

c)

Heleh, aku males

d)

Aku ora butuh matur nuwun

17.

Kowe ditulungi adik nalika njupuk barang sing tiba. Apa sing kudune kowe ucapaké?

a)

Ayo dolanan maneh

b)

Matur nuwun, Dik

c)

Cepet bali

d)

Wis, ora usah

18.

Ukara ing ngisor iki kang nuduhaké tata krama bener yaiku ...

a)

“Hei, tulung aku saiki!”

b)

“Din, aku nyuwun tulung nggawa buku, nggih.”

c)

“Aku ora butuh pitulunganmu.”

d)

“Tulung cepet, ora usah alon.”

19.

Yen wong tuwa ngewangi kowe ngrampungaké PR, sikap sing bener yaiku ...

a)

Ora ngomong apa-apa

b)

Matur nuwun lan ngambung tangan

c)

Ngomel amarga suwe

d)

Ninggal tanpa pamit

20.

Apa akibaté yen bocah ora tau matur nuwun lan ora sopan?

a)

Dihormati wong liya

b)

Ora disenengi wong liya

c)

Dadi luwih pinter

d)

Dadi luwih sugih