WorksheetsSTS GANJIL BAHASA JAWA
Total questions: 24
Worksheet time: 12mins
Name
Class
Date
1.
Sawijine teks sing ngandharake samubarang (manungsa, barang, lelakon, panggonan, kahanan, lan sapanunggalane) kanthi apa anane kasebut teks …
a)
A. Narasi
b)
B. Dheskripsi
c)
C. Persuasi
d)
D. Pawarta
2.
Pilihen ukara ing ngisor iki kang kalebu pawarta faktual kang trep!
a)
A. Kacarita, wingi ana buta ijo dadi-dadian nyolong pitik jago ing Désa Ngemplak.
b)
B. Miturut para ahli nujum, taun ngarep panèn pari bakal mundhak tikel ping pindho.
c)
C. Pamrayoga kula, luwih becik sekolah kudu wiwit ngetrapaké Full Day School supaya murid-murid pinter.
d)
D. Dinas Kesehatan ngetokaké wara-wara bilih kasus Demam Berdarah (DBD) ing wulan Mèi taun iki mundhak 20% tinimbang wulan kapungkur.
3.
Udan Angin Ing Kutha Ngayogyakarta
Dinten Selasa (15/10) sonten, udan deres lan angin lesus ndadèkaké sawetara wit gedhé ing pinggir dalan ing Kitha Ngayogyakarta padha ambruk. Prastawa kasebut kadadéan kira-kira jam 15.30 WIB lan ngganggu lalu lintas ing dalan-dalan utama kaya ta Dalan Sudirman lan Dalan Solo. Petugas saka Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) enggal tumindak kanggo ngevakuasi wit-wit sing ambruk kasebut kanthi gotong royong kaliyan warga sakubenge, saéngga lalu lintas saged normal malih kira-kira jam 17.00 WIB. Sanajan ora ana korban jiwa, kerugian materiil ditaksir nganti puluhan yuta rupiyah. Warga dipengetake supaya tansah waspada amarga prakiraan cuaca isih nuduhake anané udan deres ing sawetara dina ngarep.
Prastawa apa kang dadi punjering pawarta ing ndhuwur?
a)
A. Tindhak kriminal ing Dalan Sudirman.
b)
B. Lumpuhé listrik amarga udan.
c)
C. Wit ambruk amarga udan deres lan angin.
d)
D. Gotong royong warga ndandani dalan.
4.
Kapan prastawa wit ambruk kasebut kadadéan?
a)
A. Dinten Rebo, jam 17.00 WIB.
b)
B. Dinten Selasa, jam 15.30 WIB.
c)
C. Dinten Setu, ing Dalan Solo.
d)
D. Wonten ing prakiraan cuaca énggal
5.
Sapa sing tumindak cepet (enggal) ngatasi wit ambruk kasebut?
a)
A. Namung warga sakubenge.
b)
B. Petugas Badan Meteorologi.
c)
C. Petugas BPBD lan warga.
d)
D. Polisi Lalu Lintas (Satlantas).
6.
Unen-unen, tetembungan utawa ukara sing isine ajak-ajak, ngelingake, serta menehi semangat marang sapa wae sing maca yaitu ….
a)
A. Sesanti
b)
B. Persuasi
c)
C. Pawarta
d)
D. Pariwara
7.
Yen kepingin awakmu tetap sehat, ngombea jamu herbal asli ramuane Mak Bawor sing wis kondhang nganti tekan ngendi-ngendi.
Teks ing nduwur iki diarani teks …
a)
A. Sesanti
b)
B. Persuasi
c)
C. Pawarta
d)
D. Pariwara
8.
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Rumaketing kekadangan mahani jejeging kamulyan! Teks kasebut kelebu teks ….
a)
A. Pawarta
b)
B. Persuasi
c)
C. Slogan
d)
D. Pariwara
9.
Wingi sore jam 14.00 dam kali brantas mbludak, manut katerangan Pak Kamituwa ana 7 omah ing sakiwa tengene kali kelem.
Teks kasebut kelebu teks ….
a)
A. Pawarta
b)
B. Persuasi
c)
C. Slogan/sesanti
d)
D. Pariwara
10.
Saben dina manungsa mbutuhake oksigen sing diwetokake dening wit-witan, mulane ayo padha nandur wit-witan saakeh-akehe sing sakiwa tengene dhewe!
Teks ing nduwur diarani teks …
a)
A. Sesanti
b)
B. Persuasi
c)
C. Pawarta
d)
D. Pariwara
11.
Teks iki nduweni ciri-ciri
· Ngandarake samubarang sing dianggep penting
· Isine ngajak-ngajak, ngyakinake, mangaribawani marang wong liya
Teks kasebut diarani…
a)
A. Sesanti
b)
B. Persuasi
c)
C. Pawarta
d)
D. Pariwara
12.
Ukara ing ngisor iki kang kalebu Basa Ngoko Lugu yaiku...
a)
A. Panjenengan apa wis dhahar sega pecel?
b)
B. Kowe apa wis mangan sega pecel?
c)
C. Bapak kersa rawuh menyang omahku.
d)
D. Aku mau didukani déning Bapak.
13.
Ukara Ngoko Lugu: "Kowe saiki arep turu jam pira?" Yèn diowahi dadi ukara Ngoko Alus sing bener yaiku...
a)
A. Panjenengan saiki arep turu jam pira?
b)
B. Kowe saiki arep saré jam pira?
c)
C. Panjenengan saiki arep saré jam pira?
d)
D. Kula saiki badhé turu jam pinten?
14.
Ukara ing ngisor iki kang kalebu Basa Krama Lugu yaiku...
a)
A. Bapak taksih gerah wonten griya.
b)
B. Sampeyan menawi badhé tindak mangga.
c)
C. Panjenengan sampun dhahar sekul dereng?
d)
D. Kula tumbas obat wonten peken.
15.
Ukara Krama Lugu: "Sampeyan sare kemawon, sampun mikiraken punapa-punapa." Yèn diowahi dadi ukara Krama Alus sing paling trep yaiku...
a)
A. Panjenengan tilem kemawon, sampun mikiraken punapa-punapa.
b)
B. Sampeyan saré kemawon, sampun kersa punapa-punapa.
c)
C. Panjenengan saré kémawon, sampun mikiraken punapa-punapa.
d)
D. Panjenengan tilem kémawon, sampun ngersakaken punapa-punapa.
16.
Ukara Krama Lugu: "Sampeyan numpak sepedha motor saking pundi?" Yèn diowahi dadi ukara Krama Alus sing trep yaiku...
a)
A. Panjenengan nitih sepedha motor saking pundi?
b)
B. Kula nitih sepedha motor saking pundi?
c)
C. Panjenengan numpak sepedha motor saking pundi?
d)
D. Sampeyan nitih sepedha motor saking pundi?
17.
Ukara Krama Alus: "Ibu sampun kondur saking peken wau énjing." Yèn diowahi dadi ukara Krama Lugu sing bener yaiku...
a)
A. Ibu sampun wangsul saking peken wau énjing.
b)
B. Ibu sampun mulih saking peken wau énjing.
c)
C. Ibu sampun mantuk saking peken wau énjing.
d)
D. Ibu sampun tindak saking peken wau énjing.
18.
Tembung Krama Lugu "tumbas" yèn dienggo kanggo wong sing luwih dhuwur drajaté utawa diajèni banget kudu diowahi dadi...
a)
A. Nyambut
b)
B. Mundhut
c)
C. Maringi
d)
D. Ngunjuk
19.
Paugeran ing tembang macapat kang magepokan karo cacahé baris saben sapada diarani...
a)
A. Guru Gatra
b)
B. Guru Wilangan
c)
C. Guru Lagu
d)
D. Guru Swara
20.
Pucung
Pikolehe yen padha sregep sianu
Nulis klawan maca
Urip bakal dadi aji
Uga bakal tata Tentrem lan raharja
Tembang pucung ing dhuwur isine ana pirang gatra?
a)
A. 3
b)
B. 4
c)
C. 5
d)
D. 6
21.
Pangkur
Kuwajibane pra siswa,
Kudu tansah mituhu lan ngabekti
Lamun hangupadi ngelmu,
Tumuju pawiyatan,
Nyumingkiri miring sakabehe pepacuh,
Tansah nindakake pranatan,
Kanthi eklas lair batin
Tembang Macapat Pangkur nduweni paugeran Guru Gatra, Guru Wilangan, lan Guru Lagu yaiku...
a)
A. 7 gatra; 8a, 11i, 8u, 7a, 13u, 9a, 8i
b)
B. 6 gatra; 10i, 6a, 10u, 10i, 6i, 8i
c)
C. 7 gatra; 12u, 6a, 8i, 12a, 11i, 8u, 7a
d)
D. 7 gatra; 12u, 6a, 8i, 12a, 10i, 6a, 10e
22.
Gambuh
Sekar gambuh ping catur?
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh
Katutun pan dadi awon
Guru lagu tembang ing dhuwur yaiku …
a)
A. u, u, i, u, o
b)
B. u, u, u, i, u, o
c)
C. a, u, i, a, u, o
d)
D. a, u, i, u, o
23.
Kinanti
Marang ibu bapak guru,
Aja nganti pisan wani,
Wigatekna lan rungokno,
Yen ana kang mituturi,
Aja ninggal tata krama,
Mituhu sarta ngbekti
Guru wilangan tembang kinanti ing dhuwur yaiku …
a)
A. 8, 8, 8, 8, 8, 8
b)
B. 7, 8, 8, 8, 8, 8
c)
C. 8, 7, 8, 8, 8, 8
d)
D. 8, 7, 8, 8, 8, 8
24.
Guru lagu tembang kinanti ing dhuwur yaiku …
a)
A. u, i, o, i, a, i
b)
B. i, u, o, i, a, i
c)
C. i, u, a, u, a, i
d)
D. u, i, a, i, a, i
100 %
