wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BDR KLS 8 GJL

Total questions: 40

Worksheet time: 20hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Wis sepasar iki Pak Marno katon suntrut. Sawahe sing amba lan ijo royo-royo saiki malih dadi coklat amarga diserang ama wereng. Sanajan saben dina wis disemprot, ama kasebut ora ilang, malah saya ndadra. Pak Marno mung bisa pasrah lan ndedonga marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Dheweke yakin, mesthi ana hikmah ing saben pacoban. Saka pethikan cerkak ing ndhuwur, watak kang diduweni dening Pak Marno yaiku...

a)

Gampang nesu lan ora trima

b)

Sabar, pasrah, lan nduweni iman kang kuwat

c)

Wedi ngadhepi kanyatan

d)

Gampang nyerah lan aras-arasen

2.

Wis sepasar iki Pak Marno katon suntrut. Sawahe sing amba lan ijo royo-royo saiki malih dadi coklat amarga diserang ama wereng. Sanajan saben dina wis disemprot, ama kasebut ora ilang, malah saya ndadra. Pak Marno mung bisa pasrah lan ndedonga marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Dheweke yakin, mesthi ana hikmah ing saben pacoban.

Amanat utawa pesen luhur kang bisa dijupuk saka pethikan cerkak kasebut yaiku...

a)

Dadi wong tani iku mesthi uripe rekasa

b)

Aja gampang nyerah lan tansah eling marang Gusti nalika ngadhepi pacoban

c)

Ama wereng iku ama sing paling mbebayani kanggo tanduran pari.

d)

Manungsa kudu ngindari saben masalah sing teka.

3.

Panggonan lan wektu kedadeyan crita diarani ...

a)

Tema

b)

Latar

c)

Alur

d)

Panokawan

4.

Tulisan aksara Jawa saka “mangan sega” yaiku ...

a)

b)

c)

d)

5.

Pasangan aksara “na” yaiku ...

a)

b)

c)

d)

6.

Saben dina Dimas sregep sinau, nanging nalika ujian, dheweke lali kabeh sing wis diapalake amarga gugup. Kahanane Dimas iki bisa digambarke nganggo bebasan ...

a)

Kebat kliwat, gancang pincang.

b)

Jer basuki mawa beya.

c)

Kebo nusu gudel.

d)

Welas tanpa lalis.

7.

Pak Lurah paring pitedah marang wargane supaya tansah rukun lan tulung-tinulung. Nanging, anake Pak Lurah dhewe malah asring kerengan karo tanggane lan ora gelem srawung. Kahanan iki cocog karo saloka...

a)

Kuthuk marani sunduk.

b)

Gajah ngidak rapah.

c)

Jarkoni, bisa ngajari ora bisa nglakoni.

d)

Timun mungguh duren.

8.

Ing ngisor iki kang kalebu solah bawa yaiku ...

a)

Rasa hormat marang wong tuwa

b)

Tata cara nganggo sandhangan

c)

Tundhuk, andhap asor, sopan

d)

Ukara krama alus

9.

Paribasan “alon-alon waton kelakon” tegese ...

a)

Gawé sing cepet

b)

Ora usah kesusu, penting kelakon

c)

Urip kudu sukses

d)

Aja akeh-akeh mikir

10.

Tuladhane cangkriman: “Yen digawa mlaku ora kroso, yen ditinggal golek nesu.” Jawabane yaiku ...

a)

Topi

b)

Klambi

c)

Utang

d)

Kalung

11.

“Sapa sing nandur bakal ngundhuh.” Tegese yaiku ...

a)

Wong nandur pari bakal panen

b)

Saben tumindak bakal ana baline

c)

Urip kudu nandur

d)

Aja nganti lali nandur

12.

Unggah-ungguh basa Jawa sing digunakake kanggo ngajeni wong luwih tuwa yaiku ...

a)

Ngoko alus

b)

Krama alus

c)

Ngoko lugu

d)

Krama inggil

13.

Bima pancen bocah sing enthengan. Nalika ana kancane sing tiba saka pit, dheweke langsung nulungi tanpa mikir dawa. Tembung "enthengan" ing ukara kasebut nduweni teges...

a)

Bobote entheng

b)

Seneng tetulung

c)

Ora duwe isin

d)

Gampang nesu

14.

Dina Minggu esuk, Roni isih leyèh-leyèh ing kamare. Dumadakan ibune nimbali saka pawon, "Ron, tulung tukona lombok lan bawang ing warunge Bu Lastri!" Roni kaget lan grendelan ing batin, "Ah, ibu iki ngganggu wong lagi ngantuk wae." Nanging, amarga wedi didukani, dheweke meksa mangkat. Tekan warung, Bu Lastri lagi ngladeni akeh wong. Roni kudu sabar ngenteni. Bareng gilirane, Roni kagi eling yen ora nggawa dhuwit. Kanthi isin, dheweke mbalik mulih. Ing dalan, dheweke nemu dompet. Atine bingung, arep dijupuk apa ora. Pungkasan, dompet iku dijupuk lan dibukak. Isine KTP lan dhuwit atusan ewu. Ing KTP kasebut ana alamat sing ora adoh saka omahane. Roni banjur mutusake mbalekake dompet kasebut. Sing duwe dompet, yaiku Pak Hadi, matur nuwun banget lan menehi imbalan. Nanging Roni nolak alus, "Mboten, Pak. Kula ikhlas." Wiwit dina iku, Roni sadar yen tumindak jujur kuwi gawe ayem ing ati.

Tema kang paling cocok kanggo cerkak ing dhuwur yaiku...

a)

    Kasabaran

b)

Pasrawungan

c)

Blaka sutha (kejujuran)

d)

Kaluwarga

15.

Dina Minggu esuk, Roni isih leyèh-leyèh ing kamare. Dumadakan ibune nimbali saka pawon, "Ron, tulung tukona lombok lan bawang ing warunge Bu Lastri!" Roni kaget lan grendelan ing batin, "Ah, ibu iki ngganggu wong lagi ngantuk wae." Nanging, amarga wedi didukani, dheweke meksa mangkat. Tekan warung, Bu Lastri lagi ngladeni akeh wong. Roni kudu sabar ngenteni. Bareng gilirane, Roni kagi eling yen ora nggawa dhuwit. Kanthi isin, dheweke mbalik mulih. Ing dalan, dheweke nemu dompet. Atine bingung, arep dijupuk apa ora. Pungkasan, dompet iku dijupuk lan dibukak. Isine KTP lan dhuwit atusan ewu. Ing KTP kasebut ana alamat sing ora adoh saka omahane. Roni banjur mutusake mbalekake dompet kasebut. Sing duwe dompet, yaiku Pak Hadi, matur nuwun banget lan menehi imbalan. Nanging Roni nolak alus, "Mboten, Pak. Kula ikhlas." Wiwit dina iku, Roni sadar yen tumindak jujur kuwi gawe ayem ing ati.

Konflik batin kang dialami dening Roni yaiku....

a)

     Nalika kesel amarga kudu ngantri ing warung.

b)

    Nalika bingung arep njupuk dompet sing ditemu apa ora.

c)

Nalika wegah ditimbali ibune kanggo tuku lombok.

d)

  Nalika nolak imbalan saka Pak Hadi.

16.

Dina Minggu esuk, Roni isih leyèh-leyèh ing kamare. Dumadakan ibune nimbali saka pawon, "Ron, tulung tukona lombok lan bawang ing warunge Bu Lastri!" Roni kaget lan grendelan ing batin, "Ah, ibu iki ngganggu wong lagi ngantuk wae." Nanging, amarga wedi didukani, dheweke meksa mangkat. Tekan warung, Bu Lastri lagi ngladeni akeh wong. Roni kudu sabar ngenteni. Bareng gilirane, Roni kagi eling yen ora nggawa dhuwit. Kanthi isin, dheweke mbalik mulih. Ing dalan, dheweke nemu dompet. Atine bingung, arep dijupuk apa ora. Pungkasan, dompet iku dijupuk lan dibukak. Isine KTP lan dhuwit atusan ewu. Ing KTP kasebut ana alamat sing ora adoh saka omahane. Roni banjur mutusake mbalekake dompet kasebut. Sing duwe dompet, yaiku Pak Hadi, matur nuwun banget lan menehi imbalan. Nanging Roni nolak alus, "Mboten, Pak. Kula ikhlas." Wiwit dina iku, Roni sadar yen tumindak jujur kuwi gawe ayem ing ati.

Amanat utawa piwulang luhur kang bisa dijupuk saka cerkak kasebut yaiku....

a)

        Yen ditimbali wong tuwa kudu enggal mangkat.

b)

   Tumindak jujur bakal nuwuhake rasa tentrem lan kabecikan.

c)

  Saben metu saka omah kudu nggawa dhuwit.

d)

    Aja gampang percaya karo wong liya.

17.

Ukara ing ngisor iki kang nggunakake unggah-ungguh sing bener yaiku...

a)

"Pak, kula ajeng tanglet, griyane sampeyan pundi?"

b)

"Simbah lagi maem sega jagung ing pendhapa."

c)

"Bu, menapa panjenengan sida tindak dhateng solo?"

d)

"Kowe apa wis nedha? Yen durung, ayo dhahar bareng."

18.

Tembung "mangan" basa krama aluse yaiku...

a)

Nedha

b)

Dhahar

c)

Mangan

d)

Nedhi

19.

Solah bawa utawa polatan kang becik nalika matur marang wong sing luwih tuwa yaiku...

a)

Karo mlegos

b)

Awak rada mbungkuk lan polatan sumeh

c)

Karo dolanan HP

d)

Ngadeg njegang

20.

Aksara Jawa ing sisih kiwa iki unine...

a)

Bapak tindak pasar

b)

Bapak tindak sawah

c)

Bapak mundhut salah

d)

Bapak tindak salah

21.

Pasangan kang digunakake kanggo nulis tembung "mas Bima" yaiku pasangan aksara...

a)

b)

c)

d)

22.

Sandhangan swara kang digunakake kanggo menehi swara "u" yaiku...

a)

Wulu

b)

Suku

c)

Pepet

d)

Taling

23.

Tegese paribasan "Anak polah bapa kepradah" yaiku...

a)

Anak lan bapak kudu rukun.

b)

Tingkah polahé anak dadi tanggung jawabé wong tuwa.

c)

Bapake repot golek dhuwit kanggo anak.

d)

Anak sing mbiyantu bapake.

24.

Wong kang ora bisa nyimpen wewadi (rahasia) diarani... (Bebasan)

a)

Cebol nggawuh lintang

b)

Ember bocor

c)

Jembar segarane

d)

Lunyu ilate

25.

"Kacang ora ninggal lanjaran." Iki tuladha saka...

a)

Bebasan

b)

Paribasan

c)

Saloka

d)

Cangkriman

26.

Salah siji pejabat sing tumindake mentingake awake dhewe lan ora mikir rakyaté, kaya unen-unen...

a)

Kriwikan dadi grojogan

b)

Mikul dhuwur mendhem jero

c)

Kebo nusu gudel

d)

Adigang, adigung, adiguna

27.

"Bapak pucung, dudu watu dudu gunung, sangkamu ing Plembang, ngon-ingone sang Bupati, yen lumampah si pucung lembahan grana." Batangane cangkriman iki yaiku...

a)

Sapi

b)

Jaran

c)

Gajah

d)

Kebo

28.

Gatekna aksara Jawa iki! Ukara ing ndhuwur yen ditulis latin yaiku...

a)

Sapiku lemu

b)

Sapine lemu

c)

Sapiku lima

d)

Sapine lima

29.

"Garwa" iku kerata basane sigaraning nyawa. Iki nuduhake yen garwa iku...

a)

Wong sing kudu diwèdèni.

b)

Wong sing paling penting ing urip.

c)

Wong sing dadi kanca kerja.

d)

Wong sing kudu diladèni.

30.

Tuladha rurabasa "njait klambi" dadi salah amarga...

a)

Klambi kudune dituku, dudu dijait.

b)

Sing dijait kudune kain, dudu klambi sing wis dadi.

c)

Njait iku nggunakake mesin, dudu tangan.

d)

Klambi iku wis suwek, dudu dijait.

31.

Unsur intrinsik cèrak kang ngrembug babagan watak lan sifate paraga diarani alur.

a)

bener

b)

salah

32.

Basa ngoko alus digunakake dening anak marang bapake.

a)

bener

b)

salah

33.

Pasangan aksara Jawa cacahe ana 22, padha karo aksara legena.

a)

bener

b)

salah

34.

Ukara "Ibu saweg sare" nggunakake basa krama lugu.

a)

bener

b)

salah

35.

Panulisan jeneng "Raden Mas" nganggo aksara Jawa yaiku ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀.

a)

bener

b)

salah

36.

"Doni mlayu sipat kuping sawisé ngerti yen asu galak duwèke Pak RT ucul saka kandhange." Tembung "sipat kuping" tegese mlayu banter banget.

a)

bener

b)

salah

37.

Paribasan "Anak polah bapa kepradah" tegese wong tuwa sing ora gelem tanggung jawab marang tumindake anaké.

a)

bener

b)

salah

38.

Panulisan aksara Jawa "tuku klambi"

a)

bener

b)

salah

39.

Miturut kerata basa, "krikil" ditegesi "keri ing sikil", iki nuduhake yen krikil iku watu cilik sing asring krasa ngganggu ing sikil.

a)

bener

b)

salah

40.

Cangkriman "Dikethok malah dhuwur" batangane yaiku "gunung".

a)

True

b)

False