wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ragam Teks

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Teks deskripsi yaiku sawijing teks kang digunakake kanthi maksud...

a)

Ngajak para pamaos

b)

Nggambarake objek

c)

Tawa barang utawa jasa

d)

Kanggo nglipur

e)

Kanggo informasi

2.

Ing ngisor iki titikane teks deskripsi, kajaba...

a)

Ngandharake sawijining objek

b)

Diandharake kanthi cetha

c)

Ndadekake pamaos bisa ngrasakeke apa kang diandharake

d)

Akeh-akehe nggunakake pancadriya kanggo ngandhrake sawijining objek

e)

Panulisane asipat informatif

3.

Struktur teks deskripsi kang awujud pambuka ngenani bab kang bakal kaatutake, bab-bab umum ngenani sawijing objek lan njlentrehake wigatine bab kang bakal dirembug, diarani...

a)

Identifikasi

b)

Deskripsi bagian

c)

Simpulan

d)

Tesis

e)

Pangukuh

4.

Struktur teks deskripsi kang mujudake isi gambaran kahanan objek lan njlentrehake isi gambaran objek kang dideskripsikake miturut sudut pandang panulis kanthi princi, diarani…

a)

Identifikasi

b)

Deskripsi bagian

c)

Simpulan

d)

Tesis

e)

Pangukuh

5.

Struktur teks deskripsi kang arupa dudutan utawa kesan panulis ngenani sawijing objek, diarani…

a)

Identifikasi

b)

Deskripsi bagian

c)

Simpulan

d)

Tesis

e)

Pangukuh

6.

Wacanen teks deskripsi ing ngisor iki!

Nana iku salah siji hero ing game mobile legend sing nduwe wujud lucu lan nyengsemake. Wujude kaya kucing cilik, kuping lan buntute imut. Nanging sejatine Nana iku sawijing penyihir sing duwe digdaya sihir gedhe. Dheweke saka ras leonin, sawijining bangsa sing urip tentrem ing alas lan nduweni kabisan sihir alami.

Pethilan teks kasebut minangka struktur teks deskripsi kang sinebut…

a)

Tesis

b)

Pangukuh

c)

Simpulan

d)

Identifikasi

e)

Deskripsi bagian

7.

Wacanen teks deskripsi ing ngisor iki!

Teras utawa pendhapa dumunung ing ngarep dhewe, piguna utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinerbuka iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati.

Perangan sabanjure ana pringgitan. Pringgitan jan-jane ruwangan iki isih kalebu papan umum/ publik. Ing jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Ruwangan iki dibangun kanthi maksud nuduhake yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan budaya.

Pethilan teks kasebut minangka struktur teks deskripsi kang sinebut…

a)

Tesis

b)

Pangukuh

c)

Simpulan

d)

Identifikasi

e)

Deskripsi bagian

8.

Wacanen teks deskripsi ing ngisor iki!

Ing ruwangan dalem agung ana perangan kang arane senthong utawa krobongan. Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Piguna utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti liyane. Kang duwe omah nalika nindakake ngibadah uga katindakake ing ruwangan iki. Ruwangan iki nuduhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan.

Dasanama/ sinonim saka tembung senthong/ krobongan yaiku…

a)

pawon

b)

teras

c)

aula

d)

kamar

e)

jedhing

9.

Wacanen teks deskripsi ing ngisor iki!

Ora gumun nganti saiki Malioboro tansah dadi dalan gedhe ing kutha Jogja. Ora perlu kuatir babagan penginapan, amarga Jogja mesthi nyedhakake akomodasi sing murah lan layak.

Pethilan teks kasebut minangka struktur teks deskripsi kang sinebut…

a)

Tesis

b)

Pangukuh

c)

Simpulan

d)

Identifikasi

e)

Deskripsi bagian

10.

Teks deskripsi sing cocok kanggo nggambarake kaendahan gisik yaiku…

a)

Swaraning ombak kang nelesi wedhi putih nambahi swasana endahing alam Menganti

b)

Redi kang jugrug anambahi wingit bebendu ing desa Bumirejo

c)

Ing taman jurug para muda lan mudi tansah kumpul kanggo ngrasakake endahing swasana wengi ing kutha Solo

d)

Ing panggonan iki ana maneka kolam banyu panas kang sumbere saka bumi

e)

Mangan bakso prasmanan sawarege mung rega Rp. 20.000 ora bakal rugi

11.

Teks eksposisi yaiku sawijing teks kang digunakake kanthi maksud…

a)

Njembarake kawruhe wong kang maca

b)

Ngajak pamaca supaya gelem nganggo produke

c)

Kanggo panglipur wong kang maca

d)

Supaya pamaca kaya-kaya bisa weruh, krungu lan ngrasakake objek

e)

Supaya pamaca bisa milih bener lan salahe

12.

Ing ngisor iki titikane teks eksposisi, kajaba…

a)

Njlentrehake sawijing bab/ kawruh

b)

Panulisane asipat informatif

c)

Adhedhasar kasunyatan/ fakta

d)

Migunakake basa kang baku

e)

Ngandharake sawijining objek

13.

Struktur teks eksposisi kang isine underane panemu arupa gegambaran saka panulis ngenani sawijing bab kang lelandhesan kasunyatan/ fakta, diarani…

a)

Tesis

b)

Argumentasi

c)

Pangukuh

d)

Identifikasi

e)

Simpulan

14.

Struktur teks eksposisi kang isine panjlentrehe panulis kanthi rinci babagan perkara kang dipercaya benere dening panulis kanthi ngudharake fakta-fakta kang ana, diarani

a)

Tesis

b)

Argumentasi

c)

Pangukuh

d)

Identifikasi

e)

Simpulan

15.

Struktur teks eksposisi kang isine arupa dudutan kanggo nguwatake panemu kang wis dijlentrehake dening panulis, diarani…

a)

Tesis

b)

Argumentasi

c)

Pangukuh

d)

Identifikasi

e)

Simpulan

16.

Wacanen teks eksposisi ing ngisor iki!

Ing tanah Jawa gamelan yaitu gamelan ageng lan sakabeh piranti gamelan digunakake kanggo nyawisake ganding-gending. Gunane kanggo iringan musik utawa genting ing sawijining pementasan, umpamane wayang becik, wayag lulang, wayang wong, ketoprak, tari-tarian adat lan liya-liyane. Ana rupa-rupa gamelan kang digunakake saben ana acara utawa pementasan.

Pethilan teks kasebut minangka struktur teks eksposisi kang sinebut

a)

Identifikasi

b)

Deskripsi bagian

c)

Pangukuh

d)

Tesis

e)

Argumentasi

17.

Wacanen teks eksposisi ing ngisor iki!

Pagelaran seni tradisional wayang wong ingkang pementasan eksklusif, namung digelar kangge bangsawan ing keraton. Nangung, ing taun 1902 wayang wong ngerembaka urip lan kanggo tontonan warga umum lan komersial kanthi nyade karcis.

Wayang wong kang komersil ngerembaka lan puncakipun nalika wonteng pekempalan “Ngesti Pandowo” ingkang dipunpandegani dening Sastrosabdo. Abad XVIII ingkang dipunpandegani dening Mangkunegera I, wekdal punika ingkang dipungelar namung lakon-lakoninpun wayang purwa. Sasampunipun menika pagelaran seni tradisional wayang wong wiwit boten subur maneh ing Surakarta. Ananing teng Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang wong ngantos taun 1881. Kanthi pembiyantunipun Mangkunegara V, wayang wong ngerembaka maling nanging taksih winetes ing daerah Yogyakarta lan Surakarta kemawon.

Pethilan teks kasebut minangka struktur teks eksposisi kang sinebut…

a)

Identifikasi

b)

Deskripsi bagian

c)

Pangukuh

d)

Tesis

e)

Argumentasi

18.

Wacanen teks eksposisi ing ngisor iki!

Kita kudu ngerti manfaat olahraga iki dudu mligi akeh wacana, nanging dudu ngrasani. Yen kita pengin sehat lan tetep pinter, wong Jawa kudu pintar-pintar ngolahragaké. Kabeh sing kudu dilakokake ya prasaja, ora usah takon, ya pikirna manfaat kang bisa dadi hadiah kang apik kanggo awak lan pikiran kita.

Pethilan teks kasebut minangka struktur teks eksposisi kang sinebut…

a)

Identifikasi

b)

Deskripsi bagian

c)

Pangukuh

d)

Tesis

e)

Argumentasi

19.

Wacanen teks eksposisi ing ngisor iki!

Karesikan lingkungan sekolah mujudake salah sijine faktor kang wigati kanggo nuwuhake rasa nyaman ing omah lan ing lingkungan sekitar.  Saben sekolah tansah ngajari murid-muride supaya njaga karesikan lingkungan sekolah. Nyatane, akeh lomba kebersihan sekolah kanggo narik kawigaten sekolah supaya padha peduli karo kebersihan. Cara kanggo njaga karesikan sekolah, kalebu mbuwang sampah ing panggonane, mbusak papan tulis, nyapu kelas, lan liya-liyane.

Gagasan utama saka pethilan teks eksposisi kasebut yaiku…

a)

Saben sekolah tansah ngajari murid-muride supaya njaga karesikan lingkungan sekolah

b)

Akeh lomba kebersihan sekolah kanggo narik kawigaten sekolah supaya padha peduli karo kebersihan

c)

Cara kanggo njaga karesikan sekolah, kalebu mbuwang sampah ing panggonane, mbusak papan tulis, nyapu kelas, lan liya-liyane

d)

Ngajari murid-murid supaya njaga karesikan lingkungan sekolah

e)

Karesikan lingkungan sekolah mujudake salah sijine faktor kang wigati kanggo nuwuhake rasa nyaman ing omah lan ing lingkungan sekitar

20.

Ukara ing ngisor iki sing trep karo teks eksposisi yaiku…

a)

Olahraga bisa ngasilake hormon enhorpin sing bisa nyebabkake rasa seneng lan ngilangi stres

b)

Saben wayah lingsir wengi mripatku tansah ora bisa turu amargane kelingan wae kedadean awan mau nalika ing sekolah

c)

Teras utawa pendhapa dumunung ing ngarep dhewe, piguna utamane kanggo nampa tamu.

d)

Ayo tuku sampo iki, regane murah khasiate kathah

e)

Ora kuat nandhang duhkita, Ramawijaya melu pati obong nyusul Shinta