wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa kelas 6 Bebasan

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Ing daleme Bu Pipit sing mentas seda, sing padha layat prasasat ... .

a)

berbudi bawa leksana

b)

udan tangis

c)

nglungguhi klasa gumilar

d)

ana bapang sumipang

2.

Budi terus nyawang tase Bima sing anyar, bebasan ... .

a)

ungak-ungak pager arang

b)

kecing-kecing diraupi

c)

Nututi layangan pedhot

d)

pupur sawise benjut

3.

Nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa, bebasane ... .

a)

yitna yuwana, lena kena

b)

sadawa-dawane lurung isih dawa gunung

c)

sepi ing pamrih rame ing gawe

d)

cincing cincing meksa klebus

4.

Njunjung drajade wong tuwa, bebasane ... .

a)

legan golek momongan

b)

kebat kliwat gancang pincang

c)

emban cindhe emban siladan

d)

mikul dhuwur mendhem jero

5.

Diwenehi penak isih njaluk penak, bebasane ... .

a)

diwenehi ati ngrogoh rempela

b)

Ancik-ancik pucuke eri

c)

kandhang langit kemul mega

d)

becik ketitik ala ketara

6.

Lambe satumang kari samerang.

Bebasan iki tegese ... .

a)

Pilih kasih

b)

Kakehan janji palsu

c)

sarwa kecukupan

d)

bola-bali dituturi ora digugu

7.

Mubra mubru blabur madu

Bebasan iki tegese ... .

a)

ngati-ngati sawise kedadeyan

b)

nyingkiri bebaya

c)

sarwa kecukupan

d)

mlarat banget

8.

Nglungguhi klasa gumelar

Bebasan iki tegese ... .

a)

kegedhean kekarepan

b)

kebanjiran segara madu

c)

wis kepenak malah golek rekasa

d)

oleh kenikmatan tanpa rekasa

9.

tatanan tembung kanggo bebasan sing bener yaiku...

udan-kakehan-kurang-gludhug

a)

kurang gludhug kakehan udan

b)

kakehan gludhug kurang udan

c)

kurang udan gludhug kakehan

d)

kakehan udan gludhug kurang

10.

bathuk-bumi-sanyari-sadumuk

tatanan tembung kanggo bebasan sing bener yaiku ...

a)

bathuk bumi sadumuk sanyari

b)

sadumuk bumi sanyari bathuk

c)

sadumuk bathuk sanyari bumi

d)

bumi sadumuk bathuk sanyari