wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

G5 Tata Krama Panggajak

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Nalika ana tamu teka neng omah, ukara sing paling trep kanggo ngajak melbu yaiku … .

a)

Mlebu wae, ora usah isin.

b)

Mangga pinarak, Bu.

c)

Ayo mlebu cepet!

d)

Wis, lungguha wae kana.

2.

Yen ngajak guru dhahar bareng, ukara sing sopan yaiku ...

a)

Ayo mangan, Bu Guru.

b)

Bu Guru, mangga dhahar rumiyin.

c)

Bu Guru, ayo mangan bareng!

d)

Mangan saiki, Bu!

3.

Basa ngoko kanggo ngajak kanca dolanan yaiku ...

a)

Mangga pinarak, kanca.

b)

Ayo dolanan, Rik.

c)

Kula nyuwun rawuhipun.

d)

Mangga dolanan, Rik.

4.

Yen ngajak wong tuwa lungguh, ukara sing trep yaiku ...

a)

Mangga lenggah rumiyin, Pak.

b)

Ayo lungguh, Pak.

c)

Lenggah kene wae, Pak.

d)

Wis lungguh wae kono.

5.

Ukara “mangga pinarak” tegese yaiku ...

a)

Ayo lunga.

b)

Ayo mlebu lungguh

c)

Ayo mangan.

d)

Ayo turu.

6.

Nalika kanca teka menyang omah, ukara sing trep kanggo ngajak mlebu yaiku ...

a)

Ayo mlebu, Rik.

b)

Mangga mlebet, Rik.

c)

Wis mlebu wae.

d)

Cepet mlebu!

7.

Nalika ngajak guru lenggah, ukara sing sopan yaiku ...

a)

Bu Guru, lungguha kene wae.

b)

Mangga lenggah rumiyin, Bu Guru.

c)

Bu Guru, ayo lungguh kene.

d)

Bu Guru, kene wae ya.

8.

Ukara basa krama alus kanggo ngajak mangan yaiku ...

a)

Ayo dhahar.

b)

Mangga dhahar rumiyin.

c)

Ayo mangan bareng.

d)

Mangga mangan pisan.

9.

Nalika ngajak kanca dolan, basa sing trep yaiku ...

a)

Basa krama alus.

b)

Basa krama madya.

c)

Basa ngoko.

d)

Basa campuran.

10.

Ukara “mangga pinarak” digunakake kanggo ...

a)

Ngajak mlebu utawa lungguh.

b)

Nimbali supaya lunga.

c)

Nimbali supaya mangan.

d)

Nyuwun tulung marang wong tuwa.

11.

Yen ing omahe panjenengan ana tamu teka, patrap sopan sing kudu ditindakake yaiku ...

a)

Nyawang wae saka jero omah.

b)

Matur “mangga pinarak”.

c)

Ora ngomong opo-opo.

d)

Ndelok televisi wae.

12.

Ukara basa ngoko kanggo ngajak dolan menyang lapangan yaiku ...

a)

Ayo dolan nang lapangan.

b)

Mangga dolan mrana.

c)

Mangga tindak lapangan.

d)

Kula nyuwun rawuhipun.

13.

Yen ngajak simbah mangan, ukara sing bener yaiku ...

a)

Mangan, Mbah.

b)

Mangga dhahar rumiyin, Mbah.

c)

Ayo mangan bareng, Mbah.

d)

Mbah, ayo dhahar saiki.

14.

Nalika ngajak kanca sinau bebarengan, ukara sing becik yaiku ...

a)

Ayo sinau bareng, Rik.

b)

Mangga sinau bareng.

c)

Kula nyuwun sinau bareng.

d)

Sinaua bareng saiki!

15.

Yen ngajak wong luwih tuwa lungguh, kudu nganggo basa ...

a)

Ngoko.

b)

Krama.

c)

Jawa alus.

d)

Inggris.

16.

Ukara “mangga pinarak rumiyin” kalebu basa ...

a)

Krama alus.

b)

Ngoko alus.

c)

Madya.

d)

Indonesia.

17.

Nalika ngajak guru mlebu kelas, ukara sing sopan yaiku ...

a)

Bu Guru, mangga mlebet kelas.

b)

Bu Guru, ayo mlebu.

c)

Mangga mlebu saiki, Bu.

d)

Ayo mlebu bareng.

18.

Tembung “mangga” nduwé teges padha karo tembung ...

a)

Ayo.

b)

Ora.

c)

Dudu.

d)

Sapa.

19.

Nalika ngajak wong lungguh, ukara sing kurang sopan yaiku ...

a)

Mangga pinarak.

b)

Mangga lenggah rumiyin.

c)

Kene lungguha.

d)

Mangga pinarak rumiyin.

20.

Saka ukara ing ngisor iki, endi sing nuduhake unggah-ungguh pangajak kanthi sopan?

a)

Mangga dhahar rumiyin, Pak!

b)

Wis mangan durung?

c)

Ayo cepet mangan saiki!

d)

Mangan kono wae.