wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Cerkak Basa Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Semaken pungggelan cerkak iki!


Dheweke kethap-kethip dhewekan. Swarane gludhuk pating jlegur kaya-kaya mung ana dhuwure sirah. Saka cendhela pos kamling Andhini ngungak nyang njaba. Arek cilik iku meruhi banyu kali wis amber, banjur mili banter liwat ngarepe pos kamling panggonane ngiyub. Andhini lekas krasa kadhemen, saking adheme awake nganti ndredeg nggreweli. Dheweke banjur ndodok dhek pojokan, karo tangane loro ngekep sikile.

Satemene Andhini kepingin nekad mlayu mulih, nanging ora wani amarga udane kaya diwutahna saka langit lan angine banter banget. Apa maneh swarane bledheg kaya kudu mecah-mecahna sirah. Saliyane iku dalan ngarepe pos kamling wis ora ketok merga ketutupan banyu sing molak-molak. Dalan iku wis ora beda karo kali. Saking derese udan lan saking gedhene banyu, ora ana uwong sing wani liwat. Menawa ana uwong liwat, dheweke mesthi njaluk tulung supaya diterna mulih. Nanging, sepi ora ana wong liwat babar pisan.

Kang dadi puncak masalah saka crita pethikan cerita cekak ing ndhuwur yaiku….

a)

Dheweke kethap-kethip dhewekan. Swarane gludhuk pating jlegur kaya-kaya mung ana dhuwure sirah

b)

Andhini lekas krasa kadhemen, saking adheme awake nganti ndredeg nggreweli

c)

Satemene Andhini kepingin nekad mlayu mulih, nanging ora wani amarga udane kaya diwutahna saka langit

d)

Swarane bledheg kaya kudu mecah-mecahna sirah. Saliyane iku dalan ngarepe pos kamling wis ora ketok merga ketutupan banyu sing molak-molak. Dalan iku wis ora beda karo kali. Saking derese udan lan saking gedhene banyu, ora ana uwong sing wani liwat

2.

Alur kang nyritakake cerita kang runtut saka wiwitan nganti pungkasan, ora ana pengulangan wektu diarani...

a)

A. Campuran

b)

B. Mundur

c)

C. Maju

d)

D. Alur/plot

3.

unsur sing mbangun cerkak ana 2 unsur, yaiku unsur...

a)

A. Instrinsik lan ekstrinsik

b)

B. Ekstrinsik lan crita

c)

C. Instrinsik lan crita

d)

D. Komplikasi lan Resolusi

4.

Dene paraga kang dadi lakon cerita utawa pameran utama diarani...

a)

sastragonis

b)

protagonis

c)

tritagonis

d)

antagonis

5.

Paraga iku kaperang dadi 3, dene paraga mungsuh iku uga diarani...

a)

antagonis

b)

protagonis

c)

tritagonis

d)

artagonis

6.

Wacan ing ngisor iki wacanen kanthi patitis!


Dhompet sing ditemu Tono ing ngisor kursi sing dilungguhi mau tansah ngganggu pikirane. Ing ngarepe Tono lungguh mau ana bapak-bapak kang rupane isih dieling banget dening Tono.

“Dhompet iki yen takserahne Pak Polisi, apa bener Pak Polisi bakal nyerahne marang sing nduwe? Dhompet iki rak isine dhuwit akeh?”

Tono dhewe ora kepengin ngepek barang kang dudu duweke. Kejujuran iku nomer siji, dhawuhe bapake. Wong dianggep luhur drajate yen jujur tumindake.


Watak sing digambarake paraga Tono ing crita kasebut, yaiku ...

a)

Seneng

b)

Susah

c)

Jujur

d)

Geleman

7.

Cerkak mujudake crita rekayasa (imajinatif) sing sumbere bisa crita kasunyatan. Ing crita cekak ngandhut unsur instrinsik lan ekstrinsik. Unsur instrinsik yaiku unsur sing ana sajrone cerkak. Sing kalebu unsur intrinsik ing crita cekak, yaiku ...

a)

Kabudayan

b)

Pendidikan

c)

Latar/setting

d)

Pariwisata

8.

Sing ora kalebu titikane (ciri-ciri) cerkak yaiku...

a)

Ceritane Cekak

b)

Perkara sing di critakake mung siji

c)

Cacahe paraga mung sethithik

d)

basane krama inggil

9.

Ing ngisor iki sing kelebu struktur teks saka crita cerkak (cekak) yaiku ...

a)

Identifikasi, klarifikasi/definisi, deskripsi bagean

b)

Pambuka, (Orientasi), Pasulayan (Komplikasi), Pangudhare Prakara(Resolusi)

c)

Pambuka, Surasa/isi, Panutup

d)

Pambuka (Orientasi), panutup (reorientasi)

10.

Perangan sing nggambarake masalah/konflik wiwit dirampungake utawa pamecahe prakara sajrone crita diarani struktur RESOLUSI.

a)

Bener

b)

Salah

11.

Bageyan struktur teks cerkak kang ngandharake prakara kang lagi diadhepi dening paraga utama, klebu intine crita, lan kudu ana sajrone crita diarani …

a)

Orientasi

b)

Komplikasi

c)

Resolusi

d)

Pamecahe masalah

12.

Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake

a)

Panguripan sabendina

b)

Kedadean apa anane

c)

Prastawa sejarah

d)

Kedadean sajerone kraton

13.

Unsur ing ngisor iki kang kalebu perangane unsur intrinsik setting yaiku….

a)

alur, paraga, swasana

b)

wektu, papan, swasana

c)

tema, papan, swasana

d)

sudut pandang, swasana, wayah

14.

Wacanen pethilan crita cekak nang ngisor kiye kanthi patitis !

“Saiki aja padha adu nepsu lan karep. Wis dha lerema! Aku sing bakale ngrumat bapak!”. Kabeh pada meneng nalika Saptono lagi ngomong kaya kuwe, kabeh pada krasa ayem uga wedi amarga omongane mau. Sita lan Sono banjur pada siap-siap bali maring umaeh sinambi nyepakake dhaharane bapak.

Manut pethilan cerkak nang ndhuwur, wateke paraga aku yakuwe ....

a)

ngalah karo liyan

b)

gawe nesu

c)

kemaki

d)

bekti maring wong tuwa

15.

Rumangsa duwe utang, Kang Soma banjur ngedol wedhuse loro menyang pasar. Dheweke ngrekadaya amrih bisa mbayar utang lan mbayar SPP putrane. Miturut panjenengan, piweling saka andharan ing dhuwur yaiku ….

a)

Urip kudu digawe seneng-seneng.

b)

Urip kudu priatin, aja lali karo kewajiban

c)

Aja seneng adol-adol barang kang larang

d)

Urip kudu seneng utang, apa maneh nek butuh.

16.

Wacanen pethilan crita cekak nang ngisor kiye kanthi patitis !

Kaya saben dinane Bawang putih lunga maring kali kanggo ngumbaih. dheweke ketemu karo nini-nini. Dening nini-nini mau Bawang Putih diwei semangka sing ora patiya gedhe. Maune Bawang Putih ora gelem, nanging sawise dipeksa dening nini-nini mau akhire dheweke gelem lan ngaturaken matur nuwun. Sagutule ngumah semangkane disigar, kagete Bawang Putih isi semangkane arupa emas sing cacaeh akeh banget.

Adhedhasar tugelan cerkak nang ndhuwur, nilai-nilai sing bisa dijukut yakuwe ....

a)

moral lan sosial

b)

sosial lan agama

c)

agama lan budaya

d)

pendidikan lan moral

17.

Cerkak nduweni unsur intrinsik lan ekstrinsik. Ing ngisor iki sing ora kalebu unsur ekstrinsik cerkak yaiku....

a)

pendhidhikan panganggit

b)

sudhut pandhang

c)

kahanan politik

d)

ekonomi panganggit

18.

Unsur Intrinsik cerkak, kejaba

a)

Alur

b)

Tema

c)

Pasulayan

d)

Tokoh

19.

Pambuka kang ngenalake latar, paraga, lan wektu dumadine crita yaiku....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

konflik

20.

Pangerten cerkak yaiku...

a)

A. Awujud gancaran

b)

B. Karangan sing awujud gancaran sing ringkes lan padet, nyritakake kedadeyan saka wiwit nganti pungkasan kanthi cekak/ringkes.

c)

C. Cerita sing duweni unsur instrinsik lan unsur ekstrinsik

d)

D. Karangan sing nyritakake kedadeyan lan paragane/lakone yaiku awujud kewan(binatang).