WorksheetsKelas 5 Pandadaran Akhir Wulangan 3
Total questions: 15
Worksheet time: 11mins
Bocah kok saben dina “dhuwat-dhuwit” bae.
Maksude bocah mau seneng ...
ngilangake dhuwit
dolanan dhuwit
njaluk dhuwit
ngentekake dhuwit
Aku wingi kudanan, sandhanganku teles ...
blas
mbethethet
njejet
kebes
Basa sing dipacaki utawa dipaesi supaya tembung-tembunge katon luwih endah, luwih bergas, lan luwih ngresepe diarani basa ....
endah
rinengga
krama
bebas
Kanggo nambahi kaendahaning ukara (pepaes) iku ... basa rinengga.
ancase
jinis
strukture
isine
Adhem ayem iku klebu ....
tembung entar
tembung saroja
tembung saloka
tembung paribasan
Tembung loro sing padha tegese (artine) utawa meh padha kang dianggo bebarengan ancasé kanggo mbangetake diarani tembung ....
entar
garba
saroja
camboran
Tembung loro utawa luwih sing dirangkep (digabung) dadi siji sok-sok banjur duwe teges anyar diarani tembung ....
entar
garba
saroja
camboran
Tembung sing tegese dudu teges salugune diarani tembung ....
entar
garba
saroja
camboran
Ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung entar yaiku ...
Dhasar bocah weteng karet rong piring isih panggah durung wareg.
Muga-muga kabeh kulawargamu tansah seger kuwarasan.
Adhimu kuwi pancen kethul pikirane, aja dipeksa!
Direwangi nyambut gawe adus kringet, meksa durung cukup.
Ukara-ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung camboran yaiku ...
Kowe aja seneng colong jupuk barange liyan!
Olehmù tuku jajan randha royal iki mau ana ngendi?
Nyambut gawe mempeng kanggo golek sandhang pangan.
Dhasar bocah rai gedheg, wis kaya ngono kok ora isin.
Ukara-ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung saroja yaiku ...
Ibuku isih mususi beras ketan ing mburi jalaran arep digawa tape.
Geneya adhikmu kok nangis nganti gulung koming kaya ngono?
Karo kanca kuwi kudu guyub rukun aja seneng tukaran.
Satria bagus kang katon gagah pidegsa iku prajurit saka endi?
Wenehana tanda panah jinis basa rinengga karo tuladha ing sisih tengen!
ngangsu kawruh; tatu atine
Tembung entar
nggantung kepuh; sandhang pangan
Tembung camboran
sekti mandraguna; wadya bala
Tembung saroja
Basa sing dipacaki supaya katon luwih endah lan luwih bergas diarani (a)
Basa sing mujudake basa padinan lan dudu basa sing direngga diarani (a)
Pilih jawaban sing bener: Apa bedane tembung saroja, tembung camboran, karo tembung entar?
