wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN BHS JAWA BAB 3 KELAS 6 2025 2026

Total questions: 50

Worksheet time: 4hrs 10mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki kang kalebu unen-unen basa jawa, kejaba....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Geguritan

2.

Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

3.

Unen-unen sing isine arupa menungsa diumpamake kewan utawa barang yaiku....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

4.

Kang kalebu unen-unen jinis saloka yaiku....

a)

Diwenehi ati ngrogoh rempelo

b)

Nututi layangan pedhot

c)

Pupur sawise benjut

d)

Kebo nusu gudel

5.

Sing kalebu unen-unen jinis bebasan yaiku....

a)

Bathok bolu isi madu

b)

Ula marani gepuk

c)

Kebo kabotan sungu

d)

Kebanjiran segara madu

6.

"Kaya asu karo kucing"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

7.

"Nglungguhi klasa gumelar"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

8.

"Kandang langit kemul mega"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

9.

"Gagak nganggo lare merak"


Unen-unen ing dhuwur kalebu bebasan

a)

Bener

b)

Salah

10.

"Mikul dhuwur mendhem jeru"


Unen-unen ing dhuwur kalebu saloka.

a)

Bener

b)

Salah

11.

(1) ancik-ancik pucuke eri

(2) arep nangkane emoh pulute

(3) diwenehi ati ngrogoh rempelo

(4) iwak klebu ing wuwu


Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (3)

d)

(2) lan (4)

12.

(1) ber budi bawa leksana

(2) tengu ngedu gajah

(3) mikil dhuwur mendhem jeru

(4) emprit abuntut bedhug


Unen-unen kang kalebu saloka yaiku nomer....

a)

(1) lan (2)

b)

(1) lan (3)

c)

(2) lan (4)

d)

(2) lan (3)

13.

"Timun wungkuk jaga imbuh"


Unen-unen ing dhuwur kalebu....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Parikan

14.

Unen - unen kang ajeng panggonane, tegese wantah/salugune ora ngemu pepindhan diarani ....

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

15.

Unen - unen kang ajeng panggonane, tegese entar, ngemu pepindhan, sing dipindakake KAHANAN/SIFAT diarani ....

a)

paribasa

b)

bebasan

c)

saloka

16.

Unen - unen kang ajeng panggonane, tegese entar, ngemu pepindhan, sing dipindakake WONGE diarani ....

a)

paribasa

b)

bebasan

c)

saloka

17.

Ukara ing ngisor iki sing kelebu paribasan yaiku ....

a)

kebo nusu gudel

b)

kriwikan dadi grojogan

c)

busuk ketekuk pinter keblinger

18.

Ukara ing ngisor iki sing kelebu bebasan yaiku ....

a)

kebo nusu gudel

b)

kriwikan dadi grojogan

c)

busuk ketekuk pinter keblinger

19.

Ukara ing ngisor iki sing kelebu saloka yaiku ....

a)

kebo nusu gudel

b)

kriwikan dadi grojogan

c)

busuk ketekuk pinter keblinger

20.

Ukara ing ngisor iki sing kelebu saloka yaiku ....

a)

kebo nusu gudel

b)

kutuk marani sunduk

c)

busuk ketekuk pinter keblinger

d)

becik ketitik ala ketar

21.

Ukara ing ngisor iki sing kelebu paribasan yaiku ....

a)

kebo nusu gudel

b)

kutuk marani sunduk

c)

busuk ketekuk pinter keblinger

d)

becik ketitik ala ketar

22.

Ukara ing ngisor iki sing kelebu bebasan yaiku ....

a)

kebo nusu gudel

b)

tumbu oleh tutup

c)

kakehan gludug kurang udan

d)

becik ketitik ala ketar

23.

Tegese paribasan udan tangis yaiku ...

a)

udan deres

b)

tangise kaya udan

c)

kabeh wong pada nangis

24.

Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....

a)

Paribasan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Saloka

25.

Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong diarani ....

a)

Cangkriman

b)

Geguritan

c)

Wangsalan

d)

Bebasan

26.

Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....

a)

nduweni pengin barange kanca

b)

wong tuwa rekasa amarga polahe anak

c)

nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa

d)

karepe ngirit nanging malah entek akeh

27.

... yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Wangsalan

28.

Becik ketitik ala ketara, tegese ....

a)

tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

bia njunjung drajate wong tuwa

c)

wong tuwa njaluk warah wong enom

d)

wis nate lunga teka ngendi-ngendi

29.

Esuk dele sore tempe, tegese ....

a)

uripe tansah kuwatir

b)

akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana

c)

ora teteg atine, gampang molah-malih

d)

sipate wong tuwa tumurn menyang anak

30.

Kodok nguntal gajah, saloka kasebut tegese ....

a)

wong kang rekasa uripe amarga kakehan anak

b)

luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane

c)

wong duwe kekarepan sing mokal kelakone

d)

prakara cilik dadi gede

31.

Wong tuwa njaluk wuruk wong enom, salokane yaiku ....

a)

Kebo nusu gudel

b)

Kebo kabotan sungu

c)

Kebo lagi turu

d)

Kebo mangan suket

32.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara paribasan yaiku...

a)

Asu rebutan balung

b)

Becik ketitik, ala ketara

c)

Gupak pulute ora mangan nangkane

d)

Mlakune kaya macan luwe

33.

Ing jaman sing nganggo teknologi maju, akeh wong tuwa sing njaluk wuruk/ golek ilmu marang wong enom.

Ukara paribasan sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku...

a)

Kebo kabotan sungu

b)

Kebo nusu gudel

c)

Mikul dhuwur mendhem jero

d)

Cebol nggayuh lintang

34.

Jer basuki mawa beya


Unen-unen ing dhuwur kalebu...

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Sanepan

35.

Rukun agawe santosa, crah agawe ....

a)

susah

b)

sedih

c)

bungah

d)

bubrah

36.

Wong tuwa sing kuwalahan ngramut anake digambarake kaya...

a)

kebo nusu gudel

b)

kebo kabotan sungu

c)

durung pecus keselak besus

d)

ancik ancik pucuking eri

37.

Wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka.

Paribasane ...

a)

Busuk ketekuk pinter keblinger

b)

Becik ketitik ala ketara

c)

Adigang adigung adiguna

d)

Jer basuki mawa beya

38.

Timun wungkuk jaga imbuh, paribasan iki tegese...

a)

wong bodo iku kanggone mung sak perlune wae

b)

wis ditulungi malah ora matur suwun

c)

nyambut gawe tanpa nyuwun pamrih babar pisan

d)

wong asor naging sugih kapinteran

39.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Teks wacan ing dhuwur grembug bab .........

a)

banyu sumber penguripan

b)

banyu kali kang resik

c)

limbah omahan

d)

banyu resik ing ngendhi-endhi

40.

Banyu resik angel digoleki amarga saiki akeh banyu kali kang kena ........

a)

uwuh utawa larahan

b)

uwuh lan limbah

c)

suket kang tukhul saparan-paran

d)

gegodongan

41.

Apa kang nyebabake sumber banyu lan kali akeh sing asat?

a)

banyu kali kena polusi

b)

akeh wit-witan ing pinggir kali

c)

wit-witan kang nandon banyu wis entek ditegori

d)

wis suwe ora udan

42.

Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake, batangane uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake.


Ing ndhuwur kuwi tuladhane cangkriman kang awujud ....

a)

pepindan

b)

irib-iriban

c)

sinawung ing tembang

d)

wancahan/cekakan

43.

Dikethok malah mundhak dhuwur.


Batangane...

a)

sabuk

b)

clana

c)

pring

d)

nanas

44.

Bapak pucung amung sirah lawan gembung,

Padha kinunjara,

Mati sajroning ngaurip,

Mijil baka si pucung dadi dahana.


Batangane cangkriman ing nduwur yaiku...

a)

sepur

b)

jun/wadah banyu

c)

pentol korek

d)

salak

45.

Masmu sing nyambut gawe ing Malaysia kabare ... ?

Ukara pitakon sing mathuk yaiku ... .

a)

kepriye

b)

ing ngendi

c)

kapan

d)

apa

46.

.........................................................

Ana bocah kang aran Si Thukul, senenge sok ngumbar kasaguhan marang kanca-kancane. Nanging kasaguhan mau ora tau temen, mung waton muni wae. Ing wayah sore Si Thukul dolan ing alun-alun karo bocah akeh. Ing kono metu kasaguhane maneh, tembunge: “Heh kanca, mengko bengi menyanga omahku, dakwenehi buku wacan siji-siji”.

Bareng bengi kanca-kancane teka temenan. Nanging Si Thukul digoleki ora ana, ndhelik ing buri omah. Dheweke sumelang yen ditagih janjine, awit satemene ora duwe buku wacan. Kanca-kancane muring-muring, banjur padha bali karo clathu: “Si Thukul kuwi ora sapisan iki wae olehe ngumbar janjine. Kabeh ora dituhoni. Dhasar bocah kakehan gludhug kurang udan. Kuwi gambaran kanthi unen-unen tumrap patrape Thukul.

(Serat Paribasan,

Dening Aryasutirta, 1931 : 788)


Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yen arupa unen-unen yaiku ….

a)

kurang gludhug kakehan udan

b)

seneng ngumbar janji

c)

kacang ora ninggal lanjaran

d)

kakehan gludhug kurang udan

47.

Kang tumrap wong tanah Jawa ‘. Ukara kang digaris ngisor kang ana sajroning tembang tegese ….

a)

kanggone wong ing laladan Jawa

b)

jalaran kepengin nggulawenthah para putra

c)

karakit lumantar endahing tembang

d)

direrengga (dihias) laras wiramane

48.

Teks kang isi lan andharane ngajak-ajak, narik kawigatene liyan, nyakinane, lan ndayani diarani teks ….

a)

dheskripsi

b)

narasi faktual

c)

argumentasi

d)

persuasi

49.

Taman Nasional Baluran kuwi salah sijine cagar alam utawa hutan lindung sing wis ditetepake dening pemerintah. Ekosistem sing asli ing Taman Nasional Baluran awujud padhang savana, alas mangrove, alas tropis, pesisir, rawa, lan pegunungan. Ana 444 jinis tanduran, 155 manuk, lan 26 mamalia. Mamalia sing paling misuwur yaiku bantheng.


Irah-irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yaiku ….

a)

Taman Nasional Baluran

b)

Padang Savana

c)

Alas Mangrove

d)

Hutan Lindung

50.

Ing ngisor iki ukara sing klebu jinise pawarta yaiku ….

a)

Sapa tekun bakal tekan

b)

Ber budi bawa leksana

c)

Okky Jelly Drink : “Ngeleh ilang, Ngelak ilang!”

d)

Kedadean tanah longsor neng desa Cijedil, Cugenang, Kabupaten Cianjur