Font size
WorksheetsUnggah ungguh basa jawa
Total questions: 90
Worksheet time: 3615secs
Kula sampun sinau unggah-ungguh basa.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Saben bubar maghrib aku ngaji ing mushollah.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Kula dipunutus ibu siyam Senin-Kemis.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Adhiku seneng banget nggambar kaligrafi.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Aku dipundhutake Tafsir Al-Qur’an.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Adhik tasih nedha roti bakar.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ibu bapak badhe tindak haji malih.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Aja lali tansah ndedonga ing ngendi wae.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Kangmasku sregep sholat Tahajud.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Bu guru ngandhani siswa supaya sregep sinau.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ibu lan bapak wis mundhutake laptop adhikku.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Yen panjenengan wis sayah, ya, enggal sare wae.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Mangga, sami dipundhahar dhaharanipun!
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Bapak nukokake sepatu aku lan adhiku.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Budhe tasih dereng kondur saking eyang.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Kesahipun Mas Bima wiwit enjing kalawau.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Amarga gerah, simbah ora kersa tindak-tindak.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Kula niki nembe dugi lan dereng nedha sekul.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Panjenenganipun tasih mboten pareng tindak-tindak amargi tasih gerah.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Pak Tegar mundhut obat resep dhokter, ngandikanipun kala wingi Ibunipun gerah.
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Manut wujude, unggah-ungguh basa dibedakake dadi 4 yaiku ....
Ngoko , ngoko lugu, krama madya, krama alus
Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus
Basa ibu, basa ilmu, basa budaya
Basa sanskerta, aksara jawa, basa daerah
Menyang sapa wae ngoko alus digunakake?
Kanca
Bapak/Ibu
Guru
Mas/Mbak
‘Saben dina, aku sekolah numpak sepeda motor’
Ukara kasebut yen diowahi dadi ngoko alus dadi .....
Saben isuk, aku sekolah nitih sepeda motor
Saben dina, kula sekolah nunggang sepeda motor
Saben dina, sampeyan sekolah numpak sepeda motor
Saben dinten, kula sekolah nitih sepeda motor
Nalika pacaturan karo Pakdhe, minangka pawongan kang luwih enom kudu nggunakake basa .....
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Pak Agus : ”Bola-bali telat wae, apa maneh alesanmu nar?”
Sunar : “....”
Ukara kang trep kanggo mangsuli Pak Agus yaiku ....
Dalem kula tebih sanget, Pak
Griya kula tebih, Pak
Dalem kula adoh, Pak
Omahku adoh, Pak
Krama aluse ngomong yaiku .....
Kandha
Ngendhika
Mbacot
Matur
Ngoko lugune talingan yaiku .....
Tangan
Irung
Kuping
Rambut
.....kula wonten ing Karangasem Sleman.
griya
omah
dalem
dalemipun
Bapak nembe mawon.....saking Surabaya.
mulih
wangsul
kondur
bali
Simbah....sabin nitih sepedha onthel.
menyang
bidhal
kesah
tindak
Pak guru ....... yen dadi siswa kudu sregep sinau.
omong
matur
ngendika
ngucap
Kula badhe.....dhateng Pak Guru.
omong
matur
ngendika
ngucap
Ing wayah sore srengenge....ing sisih kulon.
jumedhul
angslup
katon
cumlorot
Nalika badhe nedha kedah ngangge....tengen.
tangan
suku
asta
mustaka
Nalika kepethuk bapak ibu guru prayogane.....
mecucu
mbesengut
mesem
mrengut
Krama lugu Aku :
Kula
Aku
ingson
beta
Krama Inggil mangan :
nedha
dhahar
mangan
nguntal
Jam papat aku wis tangi,ibu uga wis ...
tangi
bangun
wungu
wuning
Panjenengan badhe tindak pundi? Ukara kuwi kalebu tataran unggah-ungguh basa...
Ngoko Alus
Ngoko Lugu
Krama
Krama Inggil
Mengko sore, bapak arep tindak menyang toko buku Gramedia. Ukara kuwi kalebu tataran basa
Krama
Ngoko Alus
Krama Inggil
Ngoko Lugu
Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku …
Ngoko Lugu
Ngoko Alus
Krama Alus
Krama Lugu
Nyuwun tulung panjenengan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa kang digunakake yaiku ……
Ngoko alus
Ngoko lugu
krama alus
krama lugu
Yen tindak daleme Pakdhe, aja lali welingane Bapak diaturke Pakdhe ya, Le! Basa kang digunakake yaiku …
Krama Alus
Krama lugu
Ngoko Alus
Ngoko Lugu
Pak dhokter mau dhawuh karo simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang digunakake yaiku …
Basa Ngoko Alus
Basa Krama Alus
Basa Krama Lugu
Basa Ngoko Lugu
Bapak saiki duwe pimpinan anyar, dene pimpinane iku biyen kancane saklas nalika ana ing SMA. Basa kang trep digunakake bapak marang pimpinane kuwi yaiku ….
Ngoko lugu
Ngoko Alus
Krama lugu
Krama Alus
Mas, menawi kondur mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang digunakake yaiku …
Ngoko Alus
Basa Ngoko Lugu
Krama alus
Krama lugu
Basa kang kanggo bocah-karo bocah utawa sapadha-padha yaiku ….
krama lugu
ngoko alus
ngoko lugu
krama alus
Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!
Tira : “Ran, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”
Rani : “Sida Tir, apa kowe ora ngerti?”
Tira : “Ora, jalaran pertemuan minggu kepungkur aku ora mlebu sekolah amarga lara.”
Rani : “Yen ngono mengko sore sinau bareng wae ya Tir neng omahku.”
Tira : “Ya, kebeneran aku mengko arep ngajak Sinta.”
Rani : “Ya, taktunggu tekamu. Kae bel sakolah wis muni. Ayo ndang mlebu kelas.
Pratelan dialog ing ndhuwur nggunakake ragam basa..
ngoko alus
krama lugu
ngoko lugu
krama alus
Gatekna pratelan dialog ing ngisor iki!
(Esuk iku ing kelas lagi pelajaran basa Jawa, Bu Eni wis miwiti pamulangan yaiku bab tembung saroja, para siswa pada mangsuli pitakonane bu Eni, ujug-ujug Bagas teka lan langsung nuju lungguhane)
Bu Eni : “Bagas, geneya kok tekamu telat?”
Bagas : “Nyuwun pangapunten, Bu! Kula kerinan.”
Bu Eni : “Geneya kok tangimu nganti kerinan, Bagas?”
Bagas : “Kalawingi tilem kula kedalon, Bu. Ningali bal-balan wonten TV”
Bu Eni : “Sejatine kowe kabeh iku oleh-oleh wae nonton TV, nanging kudu eling wektu. Yen ora malem minggu ora oleh nganti bengi, sebab esuke kowe kabeh rak kudu mangkat sekolah. Yen nganti telat kowe dhewe sing rugi ta?”
Bagas : “Inggih, Bu!”
Ragam basa kang digunakake Bagas ing pratelan dialog kasebut yaiku....
Ngoko Lugu
Ngoko alus
Krama Alus
Krama lugu
Unggah-ungguh basa kang trep pangetrapane yaiku....
Adhi kula sampun dhahar kalawau.
Bu, panjenengan ingkang mbeta tas punika, kula ingkang ngasta buku!
Kula tindak dhateng sekolahan, bapak kesah dhateng kantor.
Pak Guru kondur, kula ugi ndherek wangsul.
Panjenengan napa wis dhahar? Ukara menika mlebet jenising basa
(a)
Xyla sampun sinau unggah-ungguh basa Jawa. Ukara kasebut ngangge jenising basa (a)
Nalika Firman isih turu Bapak tindak kerja. Ukara menika ngangge basa...
(a)
Ibu nyuwun pangapunten, kula badhe dhateng wonten pakiwan. Ngangge basa napa ukara menika...
(a)
Ronaldo seneng banget sinau basa Jawa. Ukara menika ngangge basa...
(a)
sampeyan menapa sampun nedha? Ukara menika nganggo basa...
(a)
Kanca kula boten mlampah amarga gerah. Ukara menika bener napa luput?
(a)
Bu Suryanti mangkat menyang sekolah. Ukara menika luput. Ukara ingkang leres...
(a)
kula mundhut sate ayam wonten Samirono. Ukara menika luput. Ukara ingkang leres...
(a)
Pigunane basa Ngoko Alus kanggo, kejaba...
A. Guneman marang wong kang enom utawa drajade luwih cendhek
B. Guneman marang wong drajade dhuwur nanging wis rumaket
C. Wong Ngudarasa utawa guneman dhewe
D. Kanggo sesorah utawa pidato sing sifate umum
Unggah-ungguh mujudake ...
Rasa kurmat marang wong liya
Rasa seneng marang wong liya
Rasa iri marang wong liya
Rada jengkel marang wong liya
Nalika guneman karo kanca utowo wong kang luwih enom migunakake basa ...
Indonesia
Jawa inggil
Jawa ngoko
Krama alus
Nalika guneman karo wong kang luwih tuwa nganggo basa ...
Ngoko
Indonesia
Krama alus
Ngoko lugu
Yen liwat sak ngarepe uwong ngucapake ...
Nderek langkung
Nyuwun tulung
Matur nuwun
Nyuwun sewu
Nalika luput becike njaluk ...
Pangapura
Tulung
Guneman
Pamit
Nalika diparingi wong liya kudu ngucap ...
Matur nuwun
Nyuwun sewu
Nderek langkung
Nderek bingah
Nalika mertamu kudu ngucap ...
Nderek langkung
Nyuwun sewu
Matur nuwun
Kula nuwun
Ing ngisor iki unggah-ungguh awujud tumindak sing ora bener yaiku..
Nalika matur tangane ngapurancang
Lungguh kanthi sopan nalika mertamu
Nyuwun pamit nalika arep bali mertamu
Ngadeg nalika ana wong tuwa lagi lungguh
Nalika mertamu, mangan utawa ngombe nalika uwis ...
Disumanggaake
Disuguhi
Ana panganan
Ana ngombe
Basa krama ngoko digunakake nalika guneman karo ...
Wong kang luwih enom
Wong kang luwih tuwa
Bapak ibu
Guru
Budi : “Rin, kowe ngerti apa ora Bapak Kepala Sekolah ... apa pas upacara mau?
(Ngoko Alus)
ngomong
matur
ngendika
sanjang
Badrun : “Mir, bapak ... maring ngendi ya, kok awit mau nyong ora weruh?"
(Ngoko Alus)
kesah
lunga
balik
tindak
Yudis: “Bud, kayane Pak Joko lagi ... neng kantin Bu Edi.”
(Ngoko ALus)
A. nedha
B. dhahar
C. mangan
D. njagong
Faisal: “Vin, Bu Darmi ora tindak, jare lagi .... Kuwe ana tugas neng papan tulis.”
(Ngoko Alus)
lara
sakit
gerah
mriyang
Siti : “Yon, ibu neng ruang TV lagi ... acara apa?"
(Ngoko Alus)
nonton
ningali
mirsani
ngileng
Siti : “Yon, Ibu ngendikane neng pasar arep ... apa?”
(Ngoko ALus)
tuku
njaluk
tumbas
mundhut
Yono: “Ti, Bapak apa durung ... saka kantor?”
(Ngoko Alus)
bali
mulih
kondur
wangsul
Wisnu badhe … bal-balan wonten lapangan.
(Krama Lugu)
nonton
ningali
mirsani
ngileng
Kula badhe … pulpen ing koperasi.
(Krama Lugu)
tuku
njaluk
tumbas
mundhut
Adhik sampun … saking sekolah jam kalih welas.
(Krama Lugu)
bali
mulih
kondur
wangsul
Johan dinten menika mboten pangkat sekolah amargi … tipes.
(Krama Lugu)
lara
sakit
gerah
mriyang
Adhik nembe ... ing kamar.
turu
tilem
sare
dhahar
Kalawingi enjang kula ... ponggol ing alun-alun Hanggawana Slawi..
nedha
mangan
dhahar
ngombe
Bapak saweg ... ing kamar.
(Krama Alus)
turu
tilem
sare
lungguh
Pak guru sampun ... kalawau.
bali
wangsul
kondur
mulih
Simbah dereng ... obat.
nginung
ngombe
ngunjuk
nguntal
Bu Guru sampun ... ing kantor.
teka
dugi
dhateng
rawuh
Bapak boten ... duren.
gelem
doyan
purun
kersa
Budhe ... kula arta gangsal ewu.
nyaosi
ngaturi
maringi
mein
Pak Lurah ... radio saluranipun Pertiwi FM.
ngrungokaken
mirengaken
midhangetaken
nyimakaken
