wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Soal Tembang Macapat

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Geguritan tradhisional Jawa kang nduweni telu paugeran (guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu) diarani...

a)

Tembang Gedhe

b)

Tembang Macapat

c)

Tembang Dolanan

d)

Kakawin

2.

Tembang macapat iku kalebu jinising tembang...

a)

Tembang Gedhe lan Tembang Jangkep

b)

Tembang Madya lan Tembang Jangkep

c)

Tembang Cilik lan Tembang Tengah

d)

Tembang Gedhe lan Tembang Cilik

3.

Miturut Serat Mardawalangu, tembung 'Macapat' iku cekakan saka frasa...

a)

Maca Papat Papat

b)

Maca Pat Tembang

c)

Maca Pat Papat

d)

Maca-Pat-Lagu

4.

Cacahe tembang macapat sing lumrahe diapalake iku ana...

a)

10

b)

11

c)

12

d)

13

5.

Saliyane Tembang Maskumambang, ing ngisor iki sing kalebu tembang macapat yaiku...

a)

Wirangrong

b)

Balabak

c)

Pocung

d)

Kakawin

6.

Kabeh tembang macapat cacahe 11 iku sejatine nyritakake babagan...

a)

Sejarah para ratu

b)

Crita wayang Mahabarata

c)

Lelampahaning urip manungsa

d)

Crita kembang lan kewan

7.

Tembang Maskumambang nyritakake tahapan panguripane manungsa sing isih ana ing...

a)

Donya nalika diwas

b)

Guwa garba (kandhutan)

c)

Sekolah nalika isih cilik

d)

Alam kubur

8.

Tembung 'Kumambang' ing Maskumambang tegese...

a)

Ngambang/kemampul

b)

Wis lair

c)

Bisa mlaku

d)

Wis diwasa

9.

Watake tembang Maskumambang umume nggambarake swasana sing...

a)

Bungah lan seneng

b)

Gagah lan semangat

c)

Sedhih, susah, utawa nalangsa

d)

Grapyak lan sumadulur

10.

Tembang macapat sing cocog dienggo nggambarake tangisan kang sedhih banget yaiku...

a)

Kinanthi

b)

Durma

c)

Maskumambang

d)

Dhandanggula

11.

Cacahing gatra (baris/larik) saben sapada (bait) ing tembang macapat diarani...

a)

Guru Lagu

b)

Guru Gatra

c)

Guru Wilangan

d)

Titi Laras

12.

Cacahing wanda (suku kata) saben sagatra (sabar) ing tembang macapat diarani...

a)

Guru Lagu

b)

Guru Gatra

c)

Guru Wilangan

d)

Pathet

13.

Tibaning swara (huruf vokal a, i, u, e, o) ing pungkasaning gatra diarani...

a)

Guru Wilangan

b)

Guru Gatra

c)

Guru Lagu

d)

Srambahan

14.

Paugerane Tembang Maskumambang yaiku Guru Gatrane ana...

a)

5

b)

4

c)

6

d)

7

15.

Paugeran Guru Wilangan lan Guru Lagu kanggo Tembang Maskumambang yaiku...

a)

8a, 8i, 8a, 8i

b)

10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12i, 6a, 8i, 8a

16.

Aja sira niru tindak kang tan becik

Sanadyan wong liya

Lamun pamuruke becik

Miwah ing tindak prayoga

Tembang Maskumambang ing dhuwur cacahe gatra (baris) ana...

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

17.

Aja sira niru tindak kang tan becik

Sanadyan wong liya

Lamun pamuruke becik

Miwah ing tindak prayoga

Guru wilangan ing gatra kapisan (Aja sira niru tindak kang tan becik) yaiku...

a)

10

b)

11

c)

12

d)

8

18.

Aja sira niru tindak kang tan becik

Sanadyan wong liya

Lamun pamuruke becik

Miwah ing tindak prayoga

Tibaning swara (guru lagu) ing pungkasan gatra kapisan yaiku...

a)

a

b)

u

c)

e

d)

i

19.

Aja sira niru tindak kang tan becik

Sanadyan wong liya

Lamun pamuruke becik

Miwah ing tindak prayoga

Guru lagu ing gatra kapindho (Sanadyan wong liya) yaiku...

a)

a

b)

i

c)

u

d)

o

20.

Aja sira niru tindak kang tan becik

Sanadyan wong liya

Lamun pamuruke becik

Miwah ing tindak prayoga

Isine tembang ing dhuwur ngandhut pitutur supaya kita ora niru...

a)

Wong tua

b)

Tumindak kang ora becik

c)

Kanca sing lucu

d)

Tumindak sing prayoga

21.

Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis

Sambate mlas arsa

Luhnya marawayan mili

Gung tinameng astanira

Tembung sru ing gatra kapisan tegese...

a)

Alon

b)

Sedhih

c)

Seru/banter

d)

Seneng

22.

Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis

Sambate mlas arsa

Luhnya marawayan mili

Gung tinameng astanira

Tembung mlas arsa ing gatra kapindho tegese...

a)

Gawe bungah

b)

Gawe guyu

c)

Mesakake banget

d)

Gawe nesu

23.

Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis

Sambate mlas arsa

Luhnya marawayan mili

Gung tinameng astanira

Tembung Luhnya marawayan mili tegese...

a)

Tangane ditadhahi

b)

Sambate banter banget

c)

Eluhe deleweran mili

d)

Ora nangis

24.

Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis

Sambate mlas arsa

Luhnya marawayan mili

Gung tinameng astanira

Isine tembang Maskumambang Gathutkaca ing dhuwur nyritakake Gathutkaca sing...

a)

Nangis banter lan mesakake

b)

Seneng-seneng karo kancane

c)

Lungguh anteng lan menengd

d)

Lagi dolanan layangan

25.

Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis

Sambate mlas arsa

Luhnya marawayan mili

Gung tinameng astanira

Tembung asta ing gatra kapapat iku basa krama inggil. Basa ngokone yaiku...

a)

Sikil

b)

Mata

c)

Tangan

d)

Kuping

26.

Basa ngoko sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil diarani...

a)

Basa Krama Alus

b)

Basa Krama Lugu

c)

Basa Ngoko Lugu

d)

Basa Ngoko Alus

27.

Basa Ngoko Lugu lumrahe dienggo dening...

a)

Murid marang gurune

b)

Anak marang wong tuwane

c)

Sapadha-padha kang wis kulina (akrab)

d)

Andhahan marang pimpinane

28.

Basa ngoko sing kecampuran tembung-tembung krama inggil, nanging wuwuhan (awalan/akhiran) tetep ngoko, diarani...

a)

Basa Krama Lugu

b)

Basa Ngoko Alus

c)

Basa Krama Alus

d)

Basa Ngoko Lugu

29.

Ukara: "Kowe sesuk apa sida lunga?" kalebu conto basa...

a)

Krama Alus

b)

Ngoko Lugu

c)

Krama Lugu

d)

Ngoko Alus

30.

Panganggone Basa Krama Alus sing paling bener yaiku...

a)

Guru marang muride

b)

Anak marang bapak utawa ibune

c)

Kanca sing wis raket (akrab)

d)

Wong tuwa marang wong enom