NEW
Font size
WorksheetsSoal Crita Rakyat lan Unsur Intrinsik
Total questions: 30
Worksheet time: 15mins
Crita rakyat yaiku crita sing wis suwe ana lan diwarisake turun-tumurun. Iki nuduhake ciri crita rakyat sing sifate...
Modern
Tradhisional
Anonim
Fiksi
Ciri-ciri crita rakyat yaiku ora dimangerteni sapa pengarange. Istilah liyane saka 'ora dimangerteni sapa pengarange' yaiku...
Fabel
Legendha
Anonim
Mite
Crita rakyat kang nyritakake babagan kewan utawa sato sing tindhak-tandhuke kaya manungsa diarani...
Legendha
Mite
Fabel
Sage
Legendha 'Asal-usul Rawa Pening' kalebu jinise crita rakyat sing nyritakake babagan...
Kepahlawanan satunggaling tokoh
Asal-usul dumadine panggonan
Crita Dewa lan Dewi
Crita kewan sing bisa omong
Crita rakyat sing nyritakake babagan dewa lan dewi utawa makhluk lembut ing alam liya lan dianggep bener-bener kedadeyan dening penganute diarani...
Dongeng
Fabel
Mite
Sage
Crita 'Timun Mas' lan 'Sangkuriang' kalebu jinise crita rakyat...
Mite, amarga ana keajaiban
Legendha, amarga nyritakake asal-usul
Dongeng, amarga isine mung khayalan/fiksi
Sage, amarga nyritakake sejarah
Crita rakyat 'Hikayat Hang Tuah' lan 'Pangeran Diponegoro' kalebu jinise crita rakyat...
Sage
Fabel
Legendha
Dongeng
Babagan kang dudu ciri-ciri crita rakyat yaiku...
Isine kebak pitutur luhur
Duweni versi kang beda-beda
Sifate modern lan anyar
Diwarisake turun-tumurun
Crita rakyat asring dicritakake dening para simbah marang putune amarga kebak... luhur kang becik.
Harapan
Pitutur
Cerita
Guyonan
Ing ngisor iki kalebu tuladha crita rakyat Fabel, kajaba...
Kura-kura lan Terwelu
Si Kancil lan Boyo
Malin Kundang
Lutung Kasarung
Gagasan pokok kang dadi dhasare crita utawa ide utama ing crita legendha diarani...
Tokoh
Tema
Amanat
Alur
Paraga utawa wong kang nindakake prastawa ing crita rakyat diarani...
Amanat
Alur
Tokoh
Tema
Gambaran sipat, sikap, utawa watak paraga ing sajrone crita diarani...
Tokoh
Latar
Penokohan
Alur
Katrangan babagan wektu, papan, lan swasana nalika pristiwa kedadeyan diarani...
Plot
Latar
Watak
Tema
Urut-urutane crita kang nduweni sesambungan sebab akibat diarani...
Amanat
Latar Swasana
Alur/Plot
Penokohan
Pesen utawa pitutur pengarang kang pengin disampaike marang pamaos diarani...
Latar Wektu
Tokoh Panyengkuyung
Amanat/Piwulang Luhur
Alur Campuran
Yen crita legendha iku nyritakake wiwit awal nganti pungkasan kanthi urut, mula alur sing digunakake yaiku...
Alur mundur
Alur campuran
Alur maju
Alur maju mundur
Nilai luhur sing hubungane karo keimanan lan kepercayaan marang Gusti diarani nilai...
Sosial
Etika
Moral
Religius
Wacanen crita "Asal-Usul Kutha Kudus" ing materi kanggo mangsuli pitakon iki!
Sapa paraga utama utawa sentral ing crita "Asal-Usul Kutha Kudus"?
Sun Ging/Ling Sing
Kaisar Kerajaan Majapahit
Syekh Jafar Shodiq (Sunan Kudus)
Raden Patah
Wacanen crita "Asal-Usul Kutha Kudus" ing materi kanggo mangsuli pitakon iki!
Jeneng "Kudus" dumadi saka tembung Baitul Maqdis, kang tegese...
Wangun
Seneng
Suci
Akeh watu
Wacanen crita "Asal-Usul Kutha Kudus" ing materi kanggo mangsuli pitakon iki!
Latar papan (panggonan) sing kasebut ing crita asal-usul kutha kudus yaiku, kajaba...
Kraton Majapahit
Sunggingan (desa cilik)
Yerussalem, Palestina
Gunung Bromo
Wacanen crita "Asal-Usul Kutha Kudus" ing materi kanggo mangsuli pitakon iki!
Amanat sing paling utama sing bisa dijupuk saka crita "Asal-Usul Kutha Kudus" yaiku babagan...
Pentinge dadi ahli ngukir
Dakwah Islam kanthi cara alus lan wicaksana
Kudu dadi pedagang sugih
Kudu ngedegake pondok pesantren
Wacanen crita "Legendha Watu Gajah" ing materi kanggo mangsuli pitakon iki!
Miturut unsur penokohan ing crita "Legendha Watu Gajah", Ki Ageng Menawan nduweni watak...
Welas asih lan sabar
Sirik, iri, lan duwé niyat ala
Wicaksana lan tegas
Gelem berkorban
Wacanen crita "Legendha Watu Gajah" ing materi kanggo mangsuli pitakon iki!
Mas kawin (mahar) sing dijaluk dening Ki Ageng Rajekwesi yaiku...
Emas lan perak akeh
Watu gede sing wujude gajah
Gajah
Omah lan sawah
Wacanen crita "Legendha Watu Gajah" ing materi kanggo mangsuli pitakon iki!
Piwulang luhur/amanat sing trep karo crita Watu Gajah yaiku...
Kabeh padha entuk gajah wutuh
Sifat iri lan sirik iku ala, saben tumindak nduwe akibat
Perang tandhing luwih apik tinimbang rembugan
Yen nglamar kudu disuguh jogedan
Wacanen crita "Legendha Watu Gajah" ing materi kanggo mangsuli pitakon iki!
Latar papan sing dudu panggonan kedadeyan ing crita Legendha Watu Gajah yaiku...
Jepara
Desa Kedungsari (Kudus)
Desa Menawan (Kudus)
Surakarta
Sadurunge nyusun ukara baku dadi paragraf kang becik, langkah sawise negesi tembung sing durung dimangerteni artine nalika arep ngringkes crita legendha yaiku...
Maca wacan sak wutuhe
Nyritakake maneh kanthi lisan
Nulis ukara-ukara bakune
Nyatheti unsur intrinsik
Piwulang luhur ing njero crita legendha sing hubungane karo sesrawungan ing bebrayan amarga manungsa ora bisa urip ijen (urip dewe) lan butuhake wong liyo diarani...
Nilai moral
Nilai religius
Nilai etika
Nilai sosial
Yen arep crita karo wong sing luwih tuwa utawa diajeni, basa Jawa sing kudu digunakake yaiku...
Basa Ngoko
Basa Ngoko Lugu
Basa Krama Alus
Basa Campuran
Tulisan ukara: "Ibu guru mara ing sekolah numpak motor" yen diowahi dadi basa Krama Alus sing bener yaiku...
Ibu guru teka ing sekolah numpak motor
Ibu guru rawuh ing sekolah nitih motor
Ibu guru dugi wonten sekolahan nitih motor
Ibu guru dugi ing sekolah numpak motor
