wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Teks Sesorah

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Langkung rumiyin, keparenga kula ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang tansah paring kawilujengan lan katentreman dhumateng kita sedaya, saengga kita saged makempal wonten mriki.

Ukara kasebut kalebu perangan sesorah kang diarani...

a)

salam pambuka

b)

pambuka

c)

surasa basa

d)

dudutan

2.

Mekaten kalawau ingkang saged kula aturaken, bilih wonten tata rakiting ukara ingkang kirang prayogi, kula nyuwun lumunturingsih samodra pangaksami.

Ukara kasebut minangka pirangan sesorah...

a)

surasa basa

b)

pangajab

c)

panutup

d)

salam panutup

3.

Ngandharake gagasan marang wong liya (para rawuh) sarana micara kang wis kasusun kanthi tata urutan lan paugeran sing becik ing adicara tartamtu diarani...

a)

sesorah

b)

pranatacara

c)

panyandra

d)

paripurna

4.

Bapak/Ibu saha mitra kanca ingkang satuhu minulya, ing mriki badhe kula aturaken kagiyatan Karang Taruna ingkang badhe kalaksanaan wulan ngajeng awujud kagiyatan kerja bakti.

Perangan sesorah ing dukur kalebu...

a)

salam pambuka

b)

dudutan

c)

pangajab

d)

pambuka

5.

Atur panuwun marang para tamu sing kepareng rawuh, sarta atur pamuji sukur marang Gusti Allah minangka perangan sesorah ing bageyan...

a)

pambuka

b)

salam pambuka

c)

dudutan

d)

panutup

6.

Nyebut sapa wae sing rawuh kanggo paring pakurmatan ing perangane naskah sesorah diarani...

a)

panutup

b)

panyapa

c)

surasa basa

d)

pangajab

7.

Ringkesan isi kang wigati utawa intine sing diandharake, ing naskah sesorah diarani...

a)

dudutan

b)

panyapa

c)

pangajab

d)

wasana

8.

Sesorah kanggo mahigya mapag rawuhe para tamu ing acara diarani...

a)

sambutan

b)

tanggap wacana

c)

pambagyaharja

d)

pengarahan

9.

Ing ngisor iki sing kalebu bab sing kudu digatekake nalika sesorah yaiku...

a)

swara lan pocapan cetha

b)

enggal-enggal dirampungi

c)

nggunakake unggah-ungguh basa sing becik

d)

ora nggatekake sapa sing diajak guneman

10.

Sing kudu digatekake supaya bisa komunikatif nalika maca sesorah yaiku...

a)

swasana nalika guneman

b)

sapa sing diajak guneman

c)

sapa sing digunemake

d)

cacahe sing diajak guneman

11.

Busana lan ngadi sarira kudu salaras karo kahanan ing adicara, tujuwane yaiku...

a)

supaya dadi punjering kawigaten para tamu

b)

supaya asor prabawane

c)

busana kang endah ndadekake paragane katon sulistya

d)

amarga ajining raga saka busana

12.

Wong sing ahli sesorah iku diarani...

a)

orator

b)

podium

c)

pranatacara

d)

jawara

13.

Sing dudu modhel sesorah kaya ngisor iki, yaiku...

a)

maca naskah

b)

dikte

c)

ngapalna naskah

d)

nggawe rangka

14.

“Mugi-mugi sedaya ingkang sampun kula andharaken kala wau saged wonten guna paedahipun tumrap kula pribadhi ugi panjenengan sedaya. Aamiin.”

Ukara iki yen ing perangane sesorah kalebu ing perangan...

a)

wasana

b)

dudutan

c)

pangajab / pangarep-arep

d)

panutup

15.

“Cekap semanten atur kula menawi lepat nyuwun agunge pangapura.”

Ukara iki kalebu perangane sesorah...

a)

purwaka

b)

wasana

c)

surasa basa

d)

dudutan