wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Asesmen Sumatif Akhir Semester Ganjil Bahasa Jawa Kelas V

Total questions: 50

Worksheet time: 50mins

Name
Class
Date
1.

Gatekna crita ing ngisor iki!

  1. Nalikane Nawang Wulan ing kali, Jaka Tarub malah kepengin weruh isine kekep lan akhire kekep dibukak. Jaka Tarub kaget weruh isine kekep, tibake sing didang kuwi mung pari sawuli. Mulane pari salumbung kok ora kalong-kalong.

  2. Latar ana crita kasebut, yaiku ... .

a)

ngomah

b)

kali

c)

alas

d)

sawah

2.
  1. Urut-urutane prastawa sing dumadi sajrone crita arane ... .

a)

konflik

b)

latar

c)

tema

d)

alur

3.

Pangrembake crita rakyat jaman mbiyen kanthi cara ... .

a)

tulis

b)

lisan

c)

kalawarti

d)

ariwarti

4.

Crita Walisanga kelebu jinising legendha ... .

a)

pawongan

b)

sawijining papan

c)

alam gaib

d)

keagamaan

5.

Underaning crita diarani ... .

a)

latar

b)

paraga

c)

tema

d)

alur

6.

Samubarang sing nggambarake papan kedadeyane crita kasebut latar ... .

a)

wektu

b)

panggonan

c)

campuran

d)

swasana

7.

Piwulang kabecikan utawa pitutur luhur kang ana ing sajroning crita diarani ... .

a)

paraga

b)

sudhut pandhang

c)

latar

d)

pesan/amanat

8.

Watak kang digambarake paraga bawang putih yaiku ... .

a)

dumeh

b)

ora gelem nyambut gawe

c)

seneng tetulung

d)

panjaluke tansah diuja lan dituruti

9.

Dongeng kang gegandhengan karo dumadine sawijining panggonan diarani ... .

a)

fabel

b)

legendha

c)

mite

d)

sage

10.

Pawongan kang nindakake lakune crita diarani ... .

a)

alur

b)

tema

c)

paraga (tokoh)

d)

latar

11.

Crita Sunan Gresik kelebu legendha ... .

a)

alam gaib

b)

sawijining papan

c)

keagamaan

d)

pawongan

12.

Ing ngisor iki sing kelebu latar swasana yaiku ... .

a)

rame

b)

sawah

c)

sekolah

d)

alas

13.

Puisi Jawa gagrag lawas sing dilagokake lan kaiket dening paugeran-paugeran tartamtu diarani tembang ... .

a)

dolanan

b)

gedhe

c)

tengahan

d)

macapat

14.

Tembung "Macapat" nduweni tegese maca ... .

a)

loro-loro

b)

telu-telu

c)

papat-papat

d)

lima-lima

15.

Cacahing wanda saben sagatra arane ... .

a)

guru wilangan

b)

guru gatra

c)

guru lagu

d)

guru wanda

16.

Tembang macapat uga diarani ... .

a)

tembang tengahan

b)

tembang cilik

c)

tembang kawi

d)

tembang dolanan

17.

Tembang macapat iku cacahe ana ... .

a)

10

b)

11

c)

12

d)

15

18.

Tembang macapat iku paugerane ... .

a)

guru gatra, guru sastra, guru wilangan

b)

guru gatra, guru wilangan, guru lagu

c)

guru swara, guru sastra, guru basa

d)

guru swara, guru lagu, guru wilangan

19.
  1. Gatra kapisan tembang Gambuh yaiku 7u. Ukara sing trep kanggo gatra kasebut yaiku ... .

a)

kucingku cacah pitu

b)

aku mangan tahu telu

c)

adhiku ayu tur lucu

d)

aja ngguya-ngguyu

20.

Taruna, anom, lan weni mujudake sasmitane tembang ... .

a)

mijil

b)

sinom

c)

kinanthi

d)

asmarandhana

21.

Luwes, kewes, lan ndudut ati iku watake tembang ... .

a)

Asmarandhana

b)

Maskumambang

c)

Kinanthi

d)

Dhandhanggula

22.

Dur, undur, sirna, galak iku sasmitane tembang ... .

a)

durma

b)

kinanthi

c)

pocung

d)

sinom

23.

Tresna asih lan sedhih iku wewatake tembang ... .

a)

megatruh

b)

pocung

c)

asmarandhana

d)

sinom

24.

8a, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a paugerane tembang kuwi diarani ... .

a)

guru lagu lan guru wilangan

b)

guru wilangan lan guru basa

c)

guru lagu lan guru gatra

d)

guru wilangan lan guru gatra

25.

Ing ngisor iki sing ora kalebu tembang macapat yaiku ... .

a)

pocung

b)

romansa

c)

asmarandhana

d)

dhandhanggula

26.

Tegese unen-unen Jawa, yaiku ... .

a)

tetembungan kang nduweni teges meh pada

b)

tetembungan kang nduweni teges beda

c)

tetembungan kosok balen

d)

tetembungan tartamtu sarjone ukara, kang nduweni titikan lan piguna tartamtu

27.

Tegese paribasan "Becik ketitik ala ketara" yaiku ... .

a)

tumindak ala lan becik iku bakal ketara

b)

ora gelem ngrungokake omongan utawa guneman sing ala

c)

durung nyambut gawe nanging duwe pepenginan werna-werna

d)

ngati-ati sadurunge nemu cilaka

28.

Tegese paribasan "Sepi ing pamrih rame ing gawe" yaiku ... .

a)

sapa sing salah bakal konangan

b)

nyambut gawe kanthi mempeng tanpa duwe pamrih

c)

rekasane nanging isih menehi pitulungan

d)

mitulung nanging malah gawe rekasa sing ditulungi

29.

Tegese bebasan "Diwenehi ati ngrogoh rempela" yaiku ... .

a)

diwenehi nanging isih kurang trima, njaluk maneh

b)

gelem kepenake nanging ora gelem rekasane

c)

uripe tansah kuwatir

d)

ora teteg atine, gampang molah malih

30.

Tegese bebasan "Kaya banyu karo lenga" yaiku ... .

a)

paseduluran sing ora bisa rukun

b)

oleh kabegjan kang gedhe

c)

duwe kekarepan ora duwe sarana

d)

njagakake barang kang durung mesthi ana

31.

Tegese saloka "Bathok bolu isi madu" yaiku ... .

a)

ilang kekuatane

b)

melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe

c)

wong asor nanging sugih kepinteran

d)

perkara sepele dadi gedhe

32.

Kosok balene "Andhap" yaiku ... .

a)

inggil

b)

panas

c)

alon

d)

cendhak

33.

Kosok balene "eling" yaiku ... .

a)

dawa

b)

susila

c)

lali

d)

atos

34.

Kosok balene "mulih" yaiku ... .

a)

gela

b)

kuru

c)

sengsara

d)

mangkat

35.

Dasanamane "bumi" yaiku ... .

a)

srengenge

b)

baskara

c)

jagad

d)

arga

36.

Dasanamane "angin" yaiku ... .

a)

bayu

b)

yoga

c)

paratiwi

d)

agni

37.

"Ayune kaya Dewi Ratih." Tegese yaiku ... .

a)

ayu banget

b)

kurang ayu

c)

ora ayu

d)

mandan ayu

38.

Gancaran kang isine menehi pawarta ngenani kedadeyan diarani ... .

a)

eksposisi definisi

b)

eksposisi pawarta

c)

eksposisi pertentangan

d)

eksposisi perbandhingan

39.

Gancaran kang sistematis kanggo nglapurake kedadeyan kang wis kedaden sadurunge diarani ... .

a)

eksposisi klasifikasi

b)

eksposisi pawarta

c)

eksposisi definisi

d)

eksposisi lapuran

40.

Gancaran kang nggunakake pola sebab lan akibat diarani ... .

a)

eksposisi sebab akibat

b)

eksposisi pawarta

c)

eksposisi proses

d)

eksposisi perbandhingan

41.

Struktur teks eksposisi kang isine ngenani dudutan (kesimpulan) diarani ... .

a)

pambuka

b)

paneges

c)

panutup

d)

isi

42.

Nalika Nawang Wulan ing kali, Jaka Tarub malah kepengin weruh isine kekep lan akhire dibukak. Jaka Tarub kaget weruh isine kekep, tibake sing didang kuwi mung pari sawuli. Mulane pari salumbung kok ora kalong-kalong.

Pethikan crita kasebut, yaiku crita ... .

a)

Damar Wulan

b)

Jaka Tarub lan Dewi Nawang Wulan

c)

Kamajaya Kamaratih

d)

Keong Mas

43.

Rebab iku piranti kang nyuwara saka gineseke senar lan senar. Rebab iku salah sawijine racikan gamelan kang cara nabuhe utawa ngunekake kanthi digesek. Rebab iku piranti musik saka Arab/Timur Tengah. Naging, saiki rebab wis ora asing ing tlatah Jawa.

Kepriye cara ngunekake rebab?

a)

dipetik

b)

digebuk

c)

digesek

d)

didamu

44.

Saiki aku wis kelas lima SD. Aku duwe kanca raket. Kanca raketku iku uga kancaku sabangku ing kelas, arane Hardina. Hardina iku bocah sing sumeh lan gapryak marang sapa wae, mula kancane akeh. Dheweke uga sopan lan manut marang prentah guru. Sanajan bapak lan ibune mung tani, nanging Hardina tansah dadi juara kelas wiwit kelas siji nganti kelas lima SD. Bapake Hardina asmane Pak Jarot, dene asmane ibune yaiku Bu Siti. Dheweke nduweni siji kang mas arane Mas Rosid, lan siji mbakyu arane Mbak Desy.

Sapa arane kanca rakete panulis?

a)

Hardina

b)

Jarot

c)

Rosid

d)

Desy

45.

Apa sebabe Hardina kancane akeh?

a)

bocaeh galak

b)

ora manut marang prentah guru

c)

bocaeh gapryak

d)

kakehan polah

46.

Saiki aku wis kelas lima SD. Aku duwe kanca raket. Kanca raketku iku uga kancaku sabangku ing kelas, arane Hardina. Hardina iku bocah sing sumeh lan gapryak marang sapa wae, mula kancane akeh. Dheweke uga sopan lan manut marang prentah guru. Sanajan bapak lan ibune mung tani, nanging Hardina tansah dadi juara kelas wiwit kelas siji nganti kelas lima SD. Bapake Hardina asmane Pak Jarot, dene asmane ibune yaiku Bu Siti. Dheweke nduweni siji kang mas arane Mas Rosid, lan siji mbakyu arane Mbak Desy.

Sapa jenenge kang mas e Hardina?

a)

Desy

b)

Siti

c)

Jarot

d)

Rosid

47.

Saiki aku wis kelas lima SD. Aku duwe kanca raket. Kanca raketku iku uga kancaku sabangku ing kelas, arane Hardina. Hardina iku bocah sing sumeh lan gapryak marang sapa wae, mula kancane akeh. Dheweke uga sopan lan manut marang prentah guru. Sanajan bapak lan ibune mung tani, nanging Hardina tansah dadi juara kelas wiwit kelas siji nganti kelas lima SD. Bapake Hardina asmane Pak Jarot, dene asmane ibune yaiku Bu Siti. Dheweke nduweni siji kang mas arane Mas Rosid, lan siji mbakyu arane Mbak Desy.

Bapak lan ibune Hardina kerja ana ing ... .

a)

kantor

b)

sekolahan

c)

sawah

d)

pabrik

48.

Ing sawijining dina esuk Kleting Kuning ngosoki dandang ing pinggir kali. Dumadakan ana manuk blekok gedhe nggodha Kleting Kuning. Bareng blekok disirati banjur owah wewujudane dadi Bathara Kamajaya. Bathara Kamajaya paring bebana marang Kleting Kuning arupa Cemeti Sada Lanang. Amarga Kleting Kuning prawan sing tabah ngadhepi sakabehing pasiksane sedulure. Cemethi iki yen disabetake segara asat, gunung bisa longsor. Kanthi cemethi kuwi Kleting Kuning bakal nemu kamukten.

Manuk Blekok kui pawujudane saka ... .

a)

Bathara Indra

b)

Bathara Surya

c)

Bathara Kamaratih

d)

Bathara Kamajaya

49.

Ing sawijining dina esuk Kleting Kuning ngosoki dandang ing pinggir kali. Dumadakan ana manuk blekok gedhe nggodha Kleting Kuning. Bareng blekok disirati banjur owah wewujudane dadi Bathara Kamajaya. Bathara Kamajaya paring bebana marang Kleting Kuning arupa Cemeti Sada Lanang. Amarga Kleting Kuning prawan sing tabah ngadhepi sakabehing pasiksane sedulure. Cemethi iki yen disabetake segara asat, gunung bisa longsor. Kanthi cemethi kuwi Kleting Kuning bakal nemu kamukten.

Apa kang diwenehke Bathara Kamajaya marang Kleting Kuning?

a)

Manuk Blekok

b)

dandang

c)

cemethi sada lanang

d)

kamukten

50.

Ing sawijining dina esuk Kleting Kuning ngosoki dandang ing pinggir kali. Dumadakan ana manuk blekok gedhe nggodha Kleting Kuning. Bareng blekok disirati banjur owah wewujudane dadi Bathara Kamajaya. Bathara Kamajaya paring bebana marang Kleting Kuning arupa Cemeti Sada Lanang. Amarga Kleting Kuning prawan sing tabah ngadhepi sakabehing pasiksane sedulure. Cemethi iki yen disabetake segara asat, gunung bisa longsor. Kanthi cemethi kuwi Kleting Kuning bakal nemu kamukten.

Tembung kamukten tegese yaiku ... .

a)

keberhasilan

b)

kesusahan

c)

cilaka terus

d)

kapusan