wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Soal Artikel & Wayang

Total questions: 20

Worksheet time: 3hrs 15mins

Name
Class
Date
1.

Miturut tujuane, artikel iki kalebu jenise artikel ….

a)

argumentasi

b)

eksposisi

c)

deskripsi

d)

persuasi

e)

narasi

2.

Kunir

 

Kunir minangka salah sawijining tanduran herbal sing gampang ditemokake. Masyarakat Indonesia nggunakake kunir kanggo bumbu pawon lan obat. Kunir nduweni jeneng Latin Curcuma Longa.

Wit kunir dhuwuré udakara 40-100 cm. Godhonge rupane ijo pucet dawane 20-40 cm lan ambane 8 cm. Godhong kunir nduweni struktur sing padha karo sirip iwak. Tanduran kunir siji biasane ngasilake 3 nganti 8 godhong.

Kembang kunir putih utawa kuning entheng kanthi bentuk kerucut. Sisih utama tanduran iki ana ing rimpang sing tuwuh ing pucuk. Rimpang ditutupi kulit coklat lan ing njerone kuning peteng, kuning oranye, utawa oranye abang nganti kuning coklat.

Miturut tujuane, artikel iki kalebu jenise artikel ….

a)

argumentasi

b)

eksposisi

c)

deskripsi

d)

persuasi

e)

narasi

3.

Judul artikel ing ngisor iki kang temane ‘religi’ yaiku ...

a)

Masyarakat Surabaya Nganakake Demo ing Ngarepe Gedhung DPRD amarga Rega BBM Mundhak.

b)

Wedang Cor: Ombenan Khas Jember kang Ngemot Akeh Khasiyat.

c)

Timnas Indonesia Kasil Ngalahake Curachao kanthi Skor 3-2, Posisi Timnas ing FIFA Munggah 4 Tingkat.

d)

Masarakat Protes ing Media Sosial awit Pertalite kecampuran banyu ndadekne mesin kendaraan mbrebet.

e)

Kaya Mangkene Amalan kang Kudu Dilakoni kanggo Nyengkuyung Dina Maulid Nabi.

4.

Wacanen kutipan artikel iki!

Limbah kanthong plastik dadi salah sawijine panyebab saya mundhake polusi lan sampah ing masyarakat. Iku sebabe kenapa awake dhewe kudu ngganti kanthong plastik nganggo kanthong sing luwih ramah lingkungan, kayata kanthong saka kain utawa saka karung goni.

Kutipan artikel kasebut kalebu perangan ….

a)

isi

b)

judul

c)

dudutan

d)

pambuka

e)

sambutan

5.

Wacanen kutipan artikel iki!

Limbah kanthong plastik dadi salah sawijine panyebab saya mundhake polusi lan sampah ing masyarakat. Iku sebabe kenapa awake dhewe kudu ngganti kanthong plastik nganggo kanthong sing luwih ramah lingkungan, kayata kanthong saka kain utawa saka karung goni.

Kutipan artikel kasebut kalebu perangan ….

a)

narasi

b)

persuasi

c)

deskripsi

d)

eksposisi

e)

argumentasi

6.

I.          Isi

II.        Judul

III.      Dudutan

IV.     Pambuka

V.        Sambutan

Sing ora kalebu strukture artikel yaiku ….

a)

I

b)

II

c)

III

d)

IV

e)

V

7.

I.          Opini

II.        Narasi

III.      Eksposisi

IV.     Deskripsi

V.        Argumentasi

Sing ora kalebu jenise artikel adhedhasar tujuwan utawa ancase yaiku …

a)

I

b)

II

c)

III

d)

IV

e)

V

8.

Wayang Kulit, Seni Pertunjukan Tradisional Jawa

Wayang kulit iku salah siji seni pertunjukan tradisional saka Jawa sing nduwe sejarah dawa lan kagungan peran penting ing kabudayan Jawa. Wayang iki digawe saka kulit sapi utawa kerbau sing diproses supaya dadi tipis lan lentur.

Tokoh-tokoh wayang kulit biasane njupuk cerita saka epos Mahabharata lan Ramayana. Lakon-lakon wayang kulit ora mung ngandhut unsur hiburan, nanging uga piwulang moral lan filsafat urip.

Ing saben pertunjukan, dalang (sing mbawakake wayang) nduweni peran minangka sutradara, narator, lan pemain karakter wayang. Seni iki njaga tradisi lan kearifan lokal supaya tetep lestari nganti saiki.

Jinise artikel kasebut yaiku ....

a)

deskripsi

b)

ekposisi

c)

persuasi

d)

argumentasi

e)

narasi

9.

Pentinge Pendidikan kanggo Manungsa

 

Pendidikan nduweni kalungguhan sing penting tumrap pangrembakane (perkembangan) umat lan bangsa. Kanthi pendidikan sing apik, kita bakal bisa dadi manungsa sing nduweni wawasan lan kecerdasan sing apik. Manungsa sing dididik kanthi apik bakal duwe peluang kang luwih gedhé kanggo karir lan pangembangan pribadi. Kanthi pendidikan, kita bisa nggayuh impen kita lan ngembangake kawruh kita.

Pendidikan ngajari kita kanggo urip kanthi nilai-nilai lan norma sing apik, sopan lan peduli marang liyan. Pendidikan nggawé masa depan sing luwih becik. Generasi enom saiki kudu nduweni sangu pendidikan kanggo urip mbesuke.

Jinise artikel kasebut yaiku...

a)

deskripsi

b)

ekposisi

c)

persuasi

d)

argumentasi

e)

narasi

10.

I. Dewi Gangga

II. Dewi Kunti

III. Dewi Madrim

IV. Drupadi

Ibuke para Pandawa yaiku dituduhake ing angka...

a)

I & II

b)

II & III

c)

III & IV

d)

III & IV

e)

I & IV

11.

Pandhawa yaiku ... Kurawa

a)

adik

b)

kangmas

c)

misanan

d)

dulur adoh

e)

besan

12.
  • - Salah siji anake Pandu karo Dewi Kunti

  • - Awake paling gedhe dhewe ing antarane Paandawa

  • - Duwe ajian Kuku Pancanaka

  • - Anake jenenge Gatotkaca

Sapa sing dimakssud paraga wayang Pandhawa ing gambar kasebut?

a)

Yudhistira

b)

Bima

c)

Arjuna

d)

Nakula

e)

Sadewa

13.
  • - Lahir kanthi kahanan wuta saengge ora bisa dadi raja

  • - Duwe bojo sing tansah setya ngancani sing jenenge Gendari

  • - Duwe anak cacahe satus

Sapa sing dimaksud paraga wayang kasebut?

a)

Abiyasa

b)

Pandu

c)

Destarasta

d)

Duryudana

e)

Widura

14.

Akeh cerita Mahabarata versi India sing diowahi dening seniman Jawa nalika ana ing Pulo Jawa. Salah sijine yaiku Dewi Drupadi sing versi India nduweni bojo 5 yaiku para Pandhawa, nanging ing Jawa, bojone Dewi Drupadi mung siji, yaiku Yudhistira.

Kenapa bisa mangkono?

a)

Supaya cerita wayang luwih apik.

b)

Amarga cerita wayang ing India perlu dibenerake.

c)

Amrih cerita wayang bisa lestari kanthi cerita kang anyar.

d)

Cerita wayang ing India kudu dislarasne karo ajaran agama.

e)

Amarga dislarasne karo kahanan sosial lan budaya sing ana ing Pulo Jawa supaya luwih pantes.

15.

Pranyatan sing bener ngenani paraga "Pandu" yaiku ....

a)

Bapake Pandhawa Lima

b)

Duwe bojo cacahe telu

c)

Duwe anak cacahe satus

d)

Simbahe Pandhawa lan Kurawa

e)

Kawit lahir nandang cacat wuta mripate

16.

Paseduluran antarane Pandhawa lan Kurawa yaiku ....

a)

tunggal bapak seje ibuk

b)

tunggal ibuk seje bapak

c)

sedulur kandung

d)

tunggal simbah

e)

sedulur adoh

17.
  • - Salah siji jinise wayang ing Indonesia, lan misuwur (terkenal) ing daerah Jawa Barat

  • - Digawe saka kayu

  • - Awujud telung dhimensi & diklambeni kaya manungsa

  • Jinise wayang sing dikarepake yaiku ....

a)

wayang kulit

b)

wayang golek

c)

wayang wong

d)

wayang beber

e)

wayang suluh

18.

Perang antarane Pandhawa mungsuh Kurawa disebut perang ....

a)

Batarayudha

b)

Puputan

c)

Paregreg

d)

Baratayudha

e)

Pamuksa

19.

Tema sing diangkat ing cerita Ramayana yaiku ngenani ....

a)

pangurbanan

b)

kamardikan

c)

kabudayan

d)

katresnan

e)

agama

20.

Simbahe Pandhawa lan Kurawa jenenge ....

a)

Pandu

b)

Destarasta

c)

Abiyasa

d)

Widura

e)

Sentanu