Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ALN Bahasa Jawa Kelas 7

Total questions: 100

Worksheet time: 2hrs 38mins

Name
Class
Date
1.

Ing ngisor iki kang kalebu paribasan yaiku ... .

a)

A. lambe satumang kari samerang

b)

B. pitik trondhol diumbar ing padaringan

c)

C. ana catur mungkur

d)

D. kodhok nguntal gajah

2.

Ing bab tembung sing mbedakake antarane paribasan, bebasan, lan saloka yaiku ... .

a)

A. paribasan tembunge ora wantah, bebasan lan saloka tembunge entar/kias

b)

B. paribasan tembunge wantah, bebasan lan saloka tembunge entar/kias

c)

C. paribasan tembunge endah, bebasan lan saloka tembunge lugu

d)

D. paribasan tembunge wantah , bebasan lan saloka tembunge lumrah

3.

Mikul dhuwur mendhem jero kalebu ... .

a)

A. paribasan

b)

B. bebasan

c)

C. saloka

d)

D. parikan

4.

Tuladhane bebasan yaiku ... .

a)

A. becik ketitik ala ketara

b)

B. bebek mungsuh mliwis

c)

C. ungak-ungak pager arang

d)

D. anak polah bapa kepradhah

5.

Unen-unen ing ngisor iki kalebu saloka, kejaba ... .

a)

A. iwak klebu wuwu

b)

B. asu belang kalung wang

c)

C. adigang adigung adiguna

d)

D. kemadheyan ngajak sempal

6.

Adigang adigung adiguna tegese ....

a)

Wong kang ngandalne kekuwatan, kekuwasaan, lan kepinteran

b)

Wong kang seneng jaluk warah marang wong sing luwih enom

c)

Wong kang wis kepenak, tambah kepenak maneh

d)

Wong kang sipate padha karo sipate wong tuwane

7.

Rudi senengane tukaran ing sekolah. Mulane wong tuwane sering dipanggil ing kantor sekolah.

Unen-unen kang mathuk kaya crita ing nduwur yaiku ....

a)

Adigang adigung adiguna

b)

Anak polah bapak kepradah

c)

Sepi ing pamrih rame ing gawe

d)

Mburu uceng kelangan dheleg

8.

"Kaya asu karo kucing"

Unen-unen ing dhuwur tegese....

a)

Rukun banget

b)

Seneng tulung tinulung

c)

Ora bisa akur

d)

Nduwe asu karo kucing ing oman

9.

Ing jaman sing nganggo teknologi maju, akeh wong tuwa sing njaluk wuruk/ golek ilmu marang wong enom.

Ukara paribasan sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku...

a)

Kebo kabotan sungu

b)

Kebo nusu gudel

c)

Mikul dhuwur mendhem jero

d)

Cebol nggayuh lintang

10.

Becik ketitik ala ketara, tegese ....

a)

tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

bia njunjung drajate wong tuwa

c)

wong tuwa njaluk warah wong enom

d)

wis nate lunga teka ngendi-ngendi

11.

Aksara Jawa ing pinggir unine yaiku ...

a)

Cara

b)

Coro

c)

Soro

d)

Cono

12.

Aksara Jawa ing pinggir unine yaiku ....

a)

Bakso

b)

Sakti

c)

Bakmi

d)

Bakwi

13.

Aksara Jawa ing pinggir unine yaiku ....

a)

Trampil

b)

Srampil

c)

Krambil

d)

Trampol

14.

Sandhangan sing digunakake ing ukara kasebut, yaiku....

a)

Taling

b)

Pepet

c)

Suku

d)

Wulu

15.

Supaya konsonan "r" ing tembung "Seger" bisa diwaca luluh/mati, ditulis kanthi nggunakake sandhangan.....

a)

Wignyan

b)

Pepet

c)

Layar

d)

Taling

16.

Jangkepana/lengkapi urutan aksara Jawa iki!

Ha ..... Ca ..... Ka

Da Ta Sa ..... .....

a)

Pa, Sa

Ga, Ma

b)

Na, Ra

Wa, La

c)

Wa, Sa

Pa, Dha

d)

Na, Ra

Nya, Nga

17.

Ukara aksara Jawa kasebut nggunakake sandhangan....

a)

Wulu

b)

Layar

c)

Pepet

d)

Wignyan

18.

Tembung "Ora" yen ditulis nganggo aksara Jawa nggunakake sandhangan......

a)

Taling tarung

b)

Taling

c)

Pepet

d)

Wulu

19.

Menawa ditulis latin unine ....

a)

Dasasila

b)

Pancasila

c)

Dasamuka

d)

Dasawarna

20.

Tulisan aksara taling tarung yaiku ....

a)
b)
c)
d)
21.

Tulisan aksara jawa sing bener kanggo tembung ukara yaiku ....

a)
b)
c)
d)
22.

Cacahe sandhangan saka ukara kasebut yaiku

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

23.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
24.

sandhangan kanggo menehi ng mati ana ing aksara yaiku ....

a)
b)
c)
d)
25.

Pasangan aksara ha yaiku ....

a)
b)
c)
d)
26.

Pasangan aksara Jawa tha yaiku ....

a)
b)
c)
d)
27.

Tembung-tembung iki sing nggunakake sandhangan pepet yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)

Sambel

b)

Tempe

c)

Enak

d)

Jare

28.

Tembung kasebut nduweni pasangan

a)

da

b)

wa

c)

ma

d)

ca

29.

Tembung sing panulisane nggunakake cakra keret yaiku

a)

Pramuka

b)

Kreteg

c)

Krupuk

d)

Ambyar

30.

Aksara Jawa ing pinggir unine yaiku ....

a)

Nyambung

b)

Nampung

c)

Sambung

d)

Sambang

31.

tembung kramane sirah

a)

rikma

b)

mustaka

c)

paningal

d)

suca

32.

panjenengan sampun dhahar?

a)

nggih kula sampun dhahar

b)

nggih kula sampun nedha

c)

nggih kula sampun maem

d)

nggih kula sampun mangan

33.

simbah (maca) koran

a)

maca

b)

maos

c)

mirsani

d)

ningali

34.

bu guru (gawa) buku

a)

nggawa

b)

mbekta

c)

ngasta

d)

njinjing

35.

kula saweg (mangan) bapak saweg (mangan)

a)

dhahar; dhahar

b)

maem; dhahar

c)

nedha; dhahar

d)

maem; nedha

36.

Unggah unguh basa ana pira?

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

37.

yen matur karo wong sing lewih tuwa nggunakake ragam basa ....

a)

campuran

b)

ngoko

c)

krama lugu

d)

Krama alus

38.

Ukara ing ngisor iki kang nggunakake ragam basa ngoko alus yaiku....

a)

Mas Anto kagungan motor Honda Scoopy enggal

b)

Bapak sare wonten kamar ngajeng

c)

Mbak Rina tindak Surabaya mau bengi

d)

Menawi kersa, budhe diaturi tindak mriki

39.

Ganepana ukara ing ngisor iki!

Mbah kakung remen ....... ulam toya, menawi kula seneng .... krupuk urang.

a)

dhahar ; nedhi

b)

nedhi ; nedhi

c)

nedhi ; mangan

d)

dhahar ; maem

40.

Bapak : "Bas, ....kowe duwe atlas? Bapak nyilih sedela"

Baskoro : " ..............."


Wangsulane Baskoro kang bener manut unggah-ungguhe yaiku:

a)

Kagungan pak, menika atlasipun

b)

Gadhah pak, niko wonten tas

c)

Gadhah pak, menika atlasipun.

d)

Duwe pak, kae nang tas

41.

Nulis crita pengalaman pribadi iku supaya gampang sing luwih dhisik ditindakake…

a)

Gawe irah-irahan

b)

Gawe pitutur luhure

c)

Gawe cengkorongan

d)

Nemtokake topik utawa temane crita

42.

Crita ngenani kadadeyan (peristiwa) sing nate dialami dhewe diarani crita... .

a)

rakyat

b)

novel

c)

cekak

d)

pengalaman

43.

Crita pengalaman kang becik kudu runtut, yaiku ana…

a)

Pambuka lan panutup

b)

Irah-irahan, pembuka, panutup

c)

Pambuka, isi, panutup, lan keterangan liyane

d)

Irah-irahan, isi, panutup, lan keterangan liyane

44.

Pak aku arep tuku buku dongeng, nanging ora duwe dhuwit kepriye, Pak?


Yen diowahi dadi karma sing becik yaiku…

a)

Pak aku arep mundhut buku dongeng, nanging ora kagungan dhuwit kepriye, Pak?

b)

Pak aku arep tumbas buku dongeng, nanging ora gadhah dhuwit kepriye, Pak?

c)

Pak, kula badhe tumbas buku dongeng, nanging boten gadhah arta kados pundi, Pak?

d)

Pak, kula badhe mundhut buku dongeng, nanging boten kagungan arta kados pundi, Pak?

45.

Menawa matur karo bapak, ibu, guru, lan para pinisepuh becike nggunakake unggah-ungguh sing bener.


Ukara iku migunakake unggah-ungguh basa…

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

46.

Menawa matur karo kanca kang sapadha-padha, becike nggunakake unggah-ungguh sing bener.


Ukara iku migunakake unggah-ungguh basa…

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

47.

Sarana kanggo medharake gagasan manungsa sing luwih luwes, praktis lan komunikatif diarani…

a)

Lisan

b)

Tulisan

c)

Ukara

d)

Basa

48.

Sarana kanggo medharake gagasan manungsa sing Nganggo paugeran kang gumathok diarani…

a)

Lisan

b)

Tulisan

c)

Ukara

d)

Basa

49.

Nggunakake basa, ukara, lan tembung kang bener lan trep.


Tembung "ukara" iku tegese...

a)

kata

b)

kalimat

c)

bahasa

50.

Dina Minggu esuk, udakara jam enem aku wis dandan necis.


Tembung "udakara" ing ukara kapisan kasebut tegese… .

a)

pas

b)

pinuju

c)

nalika

d)

kira-kira

51.

Sega sakepel dirubung tinggi = ......

a)

salak

b)

nanas

c)

andha

d)

sulak

52.

Bapak pucung, rodha papat bisa mbengung

Wujud kothak dawa

Nguntal barang sakabehing

Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha

a)

pesawat

b)

montor

c)

andha

d)

Trek

53.

Lawa lima kalong telu, pira? = ......

a)

loro

b)

siji

c)

wolu

d)

telu

54.

Ceblok ing ngisor digoleki ing dhuwur = .....

a)

andha

b)

sumur

c)

geni

d)

genteng bocor

55.

Cilik dadi kanca gedhe dadi mungsuh = ......

a)

geni

b)

banyu

c)

lemah

d)

angin

56.

Mboke diidhak idhak anake dielus-elus =......

a)

sulak

b)

nanas

c)

salak

d)

andha

57.

kang ora klebu paugeran parikan

a)

Kedadean saka rong ukara

b)

Ukara kapisan minangka purwaka, ukara kapindo wosse

c)

Migunakake purwakanti guru basa

d)

Migunaake puwakanti guru swara

58.

Isa gambang ora isa nyuling

.................................................

a)

Isa ngendang ora isa nyanting

b)

Isa nyawang ora isa nyanding

c)

Isa ngomong ora isa aweh tuladha

d)

Isa ngarang ora isa mangsuline

59.

Parikan : Abang-abang ora legi, tiwas dagang . . . .

a)

mesti rugi

b)

ora mesti

c)

ora bathi

d)

ora sugih

60.

Ireng-ireng gorengan kopi, ....

Tembung sing mathuk kanggo nggenepi parikan ing dhuwur yaiku ....

a)

Legi-legi rasane gula

b)

Ati seneng juwara siji

c)

Bocah cilik ajar ngaji

d)

Ngenteni bocah sing keri

61.

Bapak pucung, rodha papat bisa mbengung

Wujud kothak dawa

Nguntal barang sakabehing

Yen wis nggereng banjur lunga tanpa kandha

a)

pesawat

b)

montor

c)

andha

d)

Trek

62.

Jenenge padha karo rasane = ......

a)

keset

b)

legi

c)

asem

d)

pait

63.

Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake, batangane uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake.


Ing ndhuwur kuwi tuladhane cangkriman kang awujud ....

a)

pepindan

b)

irib-iriban

c)

sinawung ing tembang

d)

wancahan/cekakan

64.

bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,

tangan papanira,

nuduhake rina wengi,

lamun mati bingung wektu sang bendara


Batangane cangkriman ing nduwur yaiku...

a)

sepur

b)

gajah

c)

kalung

d)

jam tangan

65.

Unen unen kang dumadi saka rong ukara utawa patang ukara kang migunakake purwakanthi guru swara diarani....

a)

Cangkriman

b)

Parikan

c)

Wangsalan

d)

Sengkalan

66.

Sawo kecik ditandur ing tengah latar,

Luwih becik kudu ulah ati sabar.


Parikan ana ing ndhuwur ngemu pitutur...

a)

Kudu tumindak kanthi sabar

b)

Ngajak nandur sawo ing latar

c)

Sawo bisa gawe ati sabar

d)

Wong kang sabar kudu nandur sawo kecik

67.

Ngasah arit kudu landhep.

......


Larik isi kang trep kanggo parikan ing ndhuwur yaiku...

a)

Dadi murid nganti tuwa

b)

Dadi murid kudu pinter

c)

Dadi murid kudu sregep

d)

Dadi murid kudu bekti

68.

Ukara kapisan saka parikan diarani...

a)

Purwaka

b)

Isi

c)

Wasana

d)

Parwaka

69.

Ing ngisor iki endi parikan sing isine pitutur?

a)

Dara mangan pari, durung bada wis nganyari

b)

Manuk emprit nucuk pari, dadi murid sing taberi

c)

Good morning selamat pagi, klambi kuning jenenge Ali

d)

Jaran kore, tumpakane ki demang, marga kowe dheweke dadi gemang

70.

Kembang menur, sinebar den awur-awur.

Yen wis makmur, aja lali mring .........


Tembung kang trep kanggo njangkepi parikan ing dhuwur yaiku...

a)

Kanca

b)

Wong tuwa

c)

Sedulur

d)

sanak kadang

71.

tuku gethuk ing Muntilan, Suwe ra pethuk dadi ....

4 lines
72.

Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit.

Isih murid aja seneng keceh .....


Tembung kang trep kanggo njangkepi parikan ana ing dhuwur yaiku...

a)

Arta

b)

Dhuwit

c)

Toya

d)

Banyu

73.

Ireng-ireng gorengan kopi, ....

Tembung sing mathuk kanggo nggenepi parikan ing dhuwur yaiku ....

a)

Legi-legi rasane gula

b)

Ati seneng juwara siji

c)

Bocah cilik ajar ngaji

d)

Ngenteni bocah sing keri

74.

pak demang klambi abang, disuduk mantuk-mantuk, batangane .....

a)
b)
c)
d)
75.

Ing ngisor iki sing klebu Cangkriman sing wujude plesetan yaiku...

a)

dikethok malah dhuwur

b)

sego sakepel dirubung tinggi

c)

burnas kopen

d)

Ana gajah numpak becak, ketok apane?

76.

Cangkriman iku wujude ana ?

a)

3

b)

5

c)

4

77.

Cilik dadi kanca gedhe dadi mungsuh = ......

a)

geni

b)

banyu

c)

lemah

d)

angin

78.

Burnaskopen, kalebu cangkriman..

a)

Wancahan

b)

Pepindhan

c)

Blenderan

d)

Bedhekan

79.

Sapi mblandhang lukune katut, yen di wancah dadine..

a)

Pindhang kutut

b)

Samblan kutut

c)

Sapidhang lutut

d)

Pindhang lutut

80.

Ngarep ireng,mburi ireng,tengah methentheng, apa iku?

a)

Wong mikul areng

b)

Wong bakar sate

c)

Wonge ireng kaya areng

d)

Arenge ora ana sing ireng

81.

1.Menthok-menthok tak kandhani.

Mung rupamu angisin-isini.

Mbokya aja ngetok.

Ana kandhang wae.

Enak-enak ngorok.

Ora nyambut gawe.


Judul tembang dolanan ing ndhuwur yaiku . . . .

a)

Padhang bulan

b)

Menthog-menthog tak kandani

c)

Menthog-menthog

d)

Ingon-ingonku

82.

Salah sijine tembang sing lumrahe ditembangake bocah-bocah nalika dolanan diarani ....

a)

tembang jawa

b)

tembang macapat

c)

tembang dolanan

d)

tembang campursari

83.

Ing ngisor iki titikan utawa ciri-cirine tembang dolanan, kajaba ....

a)

basane prasaja lan gampang dingerteni

b)

jumlah barise (gatrane) uga winates

c)

isine bab sing salaras karo kahanane bocah

d)

nyritakake bab sinau

84.

Tujuan utama isine tembang dolanan yaiku ....

a)

nyenengake bocah dolanan

b)

bisa dienggo nari daerah

c)

ajaran nilai budi pekerti

d)

ajaran sinau sing sregep

85.

Tembang dolanan kulina ditembangake dening bocah cilik, utamane ing ….

a)

pegunungan

b)

desa

c)

kutho

d)

sekolah

86.

Tembang sing cocok kanggo dolanan kuwi yaiku ....

a)

Jaranan

b)

Gugur Gunung

c)

Cublak-cublak Suweng

d)

Gundhul Pacul

87.

Tembang jaranan ditembangake bocah-bocah wektu dolanan ....

a)
b)
c)
d)
88.

Aku duwe pitik, pitik tukung

Saben dina, tak pakani jagung

Petok go gog petog petog

Ngendhog pitu

Tak ngremake netes telu

Kabeh trondhol dhol dhol tanpa wulu

Mondol - mondol dol gawe guyu

Apa pakanane pitik . . . .

a)

jagung

b)

kacang

c)

beras

d)

sega

89.

Tembang dolanan iku mesthine olehe nembang karo . . . .

a)

turu

b)

sinau

c)

dolanan

d)

mlaku

90.

Gambar ing nduwur arane dolanan ....

a)

jamuran

b)

gobak sodor

c)

dhelikan

d)

Cublak-Cublak Suweng

91.

AKU DUWE PITIK

Aku duwe pitik pitik tukung,

Saben dina tak pakani jagung,

Petok gogok petok ngendhog pitu,

Tak ngremake netes telu,

Kabeh torndhol ndhol tanpa wulu,

Mondhol-mondhol dhol gawe guyu


Budi pekerti sing bisa

dituladha miturut lelagon mau yaiku ….

a)

Paraga aku sing seneng usaha golek hasil

b)

Teleh pitik sing mondhol-mondhol

c)

Anakan pitik sing ora duwe wulu

d)

Pitik sing wis ngendhog pitu

92.

Salah sijine tembang sing lumrahe ditembangake bocah-bocah nalika dolanan diarani ....

a)

tembang jawa

b)

tembang macapat

c)

tembang dolanan

d)

tembang campursari

93.

Ing ngisor iki titikan utawa ciri-cirine tembang dolanan, kajaba ....

a)

basane prasaja lan gampang dingerteni

b)

jumlah barise (gatrane) uga winates

c)

isine bab sing salaras karo kahanane bocah

d)

nyritakake bab sinau

94.

Tujuan/ancas utama isine tembang dolanan yaiku ....

a)

nyenengake bocah dolanan

b)

bisa dienggo nari daerah

c)

ajaran nilai budi pekerti

d)

ajaran sinau sing sregep

95.

Ayo kanca ngayahi karyaning praja

Kene kene gugur gunung tandang gawe

Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane

Lila lan legawa kanggo mulyaning negara


Irah-irahan tembang ing ndhuwur yaiku ....

a)

Bulan Gedhe

b)

Kupu Kuwi

c)

Gugur Gunung

d)

Ilir-ilir

96.

Tembang sing cocok kanggo dolanan kuwi yaiku ....

a)

Jaranan

b)

Gugur Gunung

c)

Cublak-cublak Suweng

d)

Gundhul Pacul

97.

Tembang jaranan ditembangake bocah-bocah wektu dolanan ....

a)
b)
c)
d)
98.

Dolanan sing gambar pola kotak-kotak disik, banjur saben bocah gantian mencoloti kotak gawe sikil siji karo gawa krikil/ watu cilik, yaiku dolanan . . .

a)
b)
c)
d)
99.

Tembang dolanan sing cocok karo gambar ing dhuwur yaiku . . . .

a)

jaranan

b)

kidang talun

c)

tikus buntung

d)

menthog - menthog

100.

Tembang dolanan sing duwe makna kudu bersyukur marang Gusti Allah yaiku . . .

a)

Kidang talun

b)

Kodhok ngorek

c)

Padhang bulan

d)

Jamuran