wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BASAN ASAS BD XI

Total questions: 39

Worksheet time: 49mins

Name
Class
Date
1.

Tuladhane ukara sing isine pangarep-arep ( harapan ) ing sesorah yaiku....

a)

Mugi-mugi perjuanganipun para pahlawan ing jaman kamardikan saged dados patuladhan kangge generasi mudha.

b)

Bapak Ibu Guru ingkang kula hormati, kula nyuwun pangapunten amargi kula sekolah ing ngriki nate tumindak salah.

c)

Ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring berkah lan kanikmatan kangge kita sedaya.

d)

Para rawuh, tiyang menika kedah gadhah kesadharan kangge mbucal sampah ing panggenanipun supados lingkungan resik.

e)

Bapak ibu lan sederek sedoyo ingkang kula hormati. Kita sedaya kados sampun mangertosi sesarengan bilih rikala tanggal 17 agustus 1945 indonesia mbiyawaraaken kamardhikan

2.

Puji syukur ing ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, kebagaswarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya.

Tembung “kebagaswarasan” ing ukara dhuwur tegese ….

a)

kamulyan

b)

kesehatan

c)

kapinteran

d)

kabegjan

e)

raos syukur

3.

Ukara sing diucapake ing bagian pambukane sesorah yaiku :

a)

Mugi-mugi menapa ingkang kula aturaken saged nambah pangertosan dhumateng panjenengan sedaya.

b)

Sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring kanugrahan

c)

Wasana cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.

d)

Boten kasupen kulo kalian konco-koncoku kula nyuwun pangapunten. Dalam menikah pernah asring kagem bapak-ibu guru saiki bapak ibu guru duka lan kuciwa. Alat saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani panggalih panjenengan bapak ibu guru sedaya.

e)

Kulo ngajak monggo kito tansah njagi badan kito ampun ngantos ngginaaken barang ingkang dipun larang agama lan pemerintah. Mugo-mugo kito sedoyo dados umatipun ingkang becik.

4.

Ing ngisor iki Teknik maca sesorah sing becik, kajaba…

a)

Patrap nalika sesorah kudu ngadeg jejeg, anteng, lan ora mingsat-mingset.

b)

Basa kang digunakake gampang dingerteni, tembunge komunikatif

c)

Nggatekake swasana

d)

Ngelingi wayah

e)

Kerep nyekel mic, nyoba mic kanthi nyebul

5.

Ing ngisor iki  kalebu ancase sesorah, kajaba…

a)

Paring (nyaosi) andharan lan pangerten marang wong liya kang padha rawuh ngrungokake

b)

Paring (nyaosi) andharan kang nyenengake kang padha midhangetake, jalaran basane kang edi lan peni kanthi nggunakake unggah-ungguh basa Jawa

c)

Kanggo milut panemune wong liya sawise gelem midhangetake, lan sabanjure gelem manut lan  pracaya karo wose andharan kang kababar utawa katurake

d)

Paring (nyaosi) andharan utawa pangerten marang wong kanthi lelewaning basa kang becik, nyenengake, lan kepenak dirungokake, lan kepingin milut panemune wong liya kang padha midhangetake

e)

Kanggo ngajeni utawa ngurmati wong sing luwih tuwa amarga kita kudu nduweni unggah-ungguh kang becik

6.

Ekpresi sing kurang nyenengake nalika sesorah yaiku…

a)

Kerep mesem sing digawe-gawe, kaya cengengesan

b)

Nganggo basa alus, nanging ora perlu ndakik-ndakik, supaya gampang ditampa;

c)

Ukarane ora mubeng-mubeng, nanging cekak aos;

d)

Wiramane wicara cetha sarta jumbuh karo kahanan;

e)

Swara ora perlu seru, cukupan wae  nanging cetha

7.

Sesorah kang ditindakake kanthi sing pidhato nyekel cathethan cilik (outline) minangka pangeling-eling urutane isi sing bakal diwedharake diarani…

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Memoriter

d)

Impromptu

e)

Ekstemporan

8.

Sesorah kang ditindakake kanthi ora kenyana-nyana sadurunge diarani…

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Memoriter

d)

Impromptu

e)

Ekstemporan

9.

Sesorah kang ditindakake kanthi kudu nyekel naskah lan maca sawutuhe diarani…

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Dadakan

d)

Impromptu

e)

Ekstemporan

10.

Sesorah kang ditindakake kanthi kudu nyekel naskah lan maca sawutuhe diarani…

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Dadakan

d)

Impromptu

e)

Ekstemporan

11.

Sesorah kang ditindakake kanthi kudu nyekel cathetan utawa tulisan sing diapalake supaya ora lali nalika sesorah diarani…

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Dadakan

d)

Impromptu

e)

Ekstemporan

12.

Sesorah kang ditindakake kanthi kudu nyekel cathetan utawa tulisan sing diapalake supaya ora lali nalika sesorah diarani…

a)

Apalan

b)

Naskah

c)

Dadakan

d)

Impromptu

e)

Ekstemporan

13.

Gatekana urutan-urutan nggawe sesorah ing ngisor iki!

a.       Ndumuk kahanane sing ngrungokake;

b.      Nemtokake tema;

c.       Nemtokake tujuwan;

d.      Nliti tembung, ukara, lan paragrafe jumbuh karo paramasastra lan unggah-ungguh

e.       Ngempalake bahan sesorah;

f.        Ngembangake cengkorongan dadi ukara-ukara lan paragraf;

g.      Nggawe ragangan (cengkorongan);

Urutan carane nggawe sesorah sing bener yaiku…

a)

c-b-a-g-e-f-d

b)

a-b-c-d-e-f-g

c)

d-e-f-a-b-g-c

d)

g-f-e-d-c-b-a

e)

e-b-f-d-a-c-g

14.

Sadurunge sesorah kudu ngerteni acara apa kang bakal digelar, amarga sesorah iku mesthi ana ing acara kang beda. Umpamane ing acara pengajian mesthi beda nalika ing acara kamardikan RI. Perangan iki wigati supaya pamrayogane wedharan kang diarani ...

a)

Ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacana

b)

Ngreteni wektu utawa durasi tanggap wacana kang diwenehake

c)

Ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara

d)

Nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacana

e)

Busana kang jumbuh karo swasana

15.

Ing desaku bapak kulina kadhapuk dadi sesulih piyayi kang duwe gawe, pakaryan iki atur pambagyaharja. Nalika pasamuan ing desa bapak ngageme jas nasional, nanging nalika ana ing karaton ngagem kejawen jangkep. Perangan iki bab-bab wigati amrih prayogane wedharan kang diarani ...

a)

Ngreteni wawasan pamireng kang bakal ngrungokake tanggap wacana

b)

Ngreteni wektu utawa durasi tanggap wacana kang diwenehake

c)

Ngreti jinise tanggap wacana lan tema acara

d)

Nyepakake bab-bab lan piranti kang dibutuhake nalika tanggap wacana

e)

Busana kang jumbuh karo swasana

16.

Kados namung semanten ingkang saged kula aturaken wonten ing ngarsa  panjenengan sedaya, bilih kathah atur kula ingkang mboten mranani penggalih,kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Perangan ing sesorah kuwi ana ing bagian ...

a)

Pambuka

b)

Purwaka

c)

Purwaka

d)

Pangarep-arep

e)

Wasana/ panutup

17.

Perangan sesorah kang ngemot andharan wigatining sesorah yaiku ...

a)

Pambuka

b)

Purwaka

c)

Surasa basa

d)

Pangarep-arep

e)

Wasana/ panutup

18.

Rembugan ana ing sangarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijining gagasan, panemu, pamikir lan sapanunggale diarani ...

a)

Pranatacara

b)

Ceramah

c)

Sesorah

d)

Wara-wara

e)

Khotbah

19.

Perangan pambuka  ing  sesorah kang diandharake yaiku kajaba ...

a)

Ngandharake salam

b)

Mbagekake kang padha rawuh

c)

Ngucapke syukur marang Gusti

d)

Nyuwun pangapura

e)

Atur pakurmatan marang para tamu

20.

Adhedhasar struktur teks pewara, wacan ing ndhuwur kalebu...

a)

panyapa

b)

dudutan

c)

purwaka

d)

surasa basa

e)

wosing pranatacara

21.

Adhedhasar struktur teks pewara, wacan ing ndhuwur kalebu...

a)

panyapa

b)

dudutan

c)

purwaka

d)

surasa basa

e)

wosing pranatacara

22.

Adhedhasar wacan ing ndhuwur, adicara sajrone teks pewara kasebut yaiku...

a)

Rapat Karang Taruna

b)

Tasyakuran Desa

c)

Wisuda

d)

Maulid Nabi Muhammad SAW

e)

Sosialisasi

23.

Adhedhasar wacan ing ndhuwur, adicara kang bakal dileksanani ana...

a)

Siji

b)

Telu

c)

Lima

d)

Pitu

e)

Sanga

24.

Struktur teks pewara kang ana ing wacan kasebut ana ing ngisor iki, kajaba...

a)

Wosing Pranatacara

b)

Pambuka

c)

Panyapa

d)

Salam Panutup

e)

Salam Pambuka

25.

Pidhato kasebut kagolong jinise pidhato...

a)

Sambutan

b)

Laporan

c)

Pengarahan

d)

Pambuka

e)

Peresmian

26.

Kang kagolong struktur pambuka sajrone teks tanggap wacana ing ndhuwur yaiku...

a)

Assalamualaikum Wr. Wb. ....

b)

Minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur ....

c)

Kula minangka sesulih kelas sedasa saha sewelas ngaturaken panampi atur pepisahan saking kadag kelas kalih welas ....

d)

Kula namung saged memuji, mugya ingkang anggadhahi penggalih nglajengaken wonten ing pawiyatan sageda katampi...

e)

Cekap semanten atur panampi pamitan menika...

27.

Kang kagolong struktur pangarep-arep sajrone teks tanggap wacana ing ndhuwur yaiku...

a)

Assalamualaikum Wr. Wb. ....

b)

Minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur ....

c)

Kula minangka sesulih kelas sedasa saha sewelas ngaturaken panampi atur pepisahan saking kadag kelas kalih welas ....

d)

Kula namung saged memuji, mugya ingkang anggadhahi penggalih nglajengaken wonten ing pawiyatan sageda katampi...

e)

Cekap semanten atur panampi pamitan menika...

28.

Kang kagolong struktur panutup sajrone teks tanggap wacana ing ndhuwur yaiku...

a)

Assalamualaikum Wr. Wb. ....

b)

Minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur ....

c)

Kula minangka sesulih kelas sedasa saha sewelas ngaturaken panampi atur pepisahan saking kadag kelas kalih welas ....

d)

Kula namung saged memuji, mugya ingkang anggadhahi penggalih nglajengaken wonten ing pawiyatan sageda katampi...

e)

Cekap semanten atur panampi pamitan menika...

29.

Upacara tingkeban ditindakake masyarakat Jawa nalika wong wadon lagi mbobot pitu. Ubarampe jajanan kang umum digunakake, yaiku bubur procot lan rujak. Jajanan bubur procot nduweni teges...

a)

kasembadan panuwunipun manungsa dening gusti ingkang murbeng dumadi.

b)

nyuwun samangsa dumugi lekipun lare, lahira kanthi gampang, mrocot kados kajong-konhaken, lan ari-ari enggala sumrinthil nututi.

c)

pralambang sekar telon, kangge ngepyur-epyuri tiyang ingkang ngandheg.

d)

simbol kangge ngraketaken biyung lan calon jabang bayi.

e)

nyuwun samangsa dumugi lekipun, supaya jabang bayi lahiran kanthi slamet.

30.

Klapa cengkir gadhing kanthi gambar paraga wayang Arjuna utawa Kamajaya sajrone ubarambe upacara siraman tingkepan, tegese...

a)

nduweni pasuryan kang bagus

b)

nduweni watak kasatriya

c)

nduweni watak angkara murka

d)

nduweni watak kesatriya lan bagus pasuryane

e)

nduweni watak gagah prakarsa

31.

Adhedhasar wacan ing ndhuwur, ancase upacara tingkeban yaiku...

a)

tandha syukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi

b)

supaya ing dina pahargya penganten putri kasulistyane kaya dene widadari

c)

supaya temanten kakung lan putri resik raga lan jiwane

d)

pralambang paweh nafkah

e)

mujudaken satunggaling kekudangan supados temanten kakung putri

32.

Adhedhasar wacan ing ndhuwur, ubarampe kang dibutuhake ana ing ngisor iki, kajaba...

a)

tumpeng

b)

jajan pasar

c)

dawet

d)

kembang setaman

e)

rujakan

33.

Adhedhasar wacan ing ndhuwur, kang ditindakake pungkasan nalika upacara tingkeban yaiku...

a)

nyuwun pangestu para sesepuh

b)

siraman

c)

nglebokake tigan ing sarung

d)

ganti busana kaping pitu

e)

mecahake klapa gadhing

34.

Ing ngisor iki kang kalebu Aksara Murda yaiku...

a)

b)

c)

d)

e)

35.

Ukara kasebut yen disalin menyang aksara Latin kang bener yaiku...

a)

Nadeo lahir nalika taun Pat Wening Nawa Surya.

b)

Nadeo lahir nalika tanggal Pat Wening Nawa Surya.

c)

Nadeo lahir nalika sasi Pat Wening Nawa Surya.

d)

Nadeo lahir nalika Pat Wening Nawa Surya.

e)

Nadeo lahir nalika mangsa Pat Wening Nawa Surya.

36.

Ukara kasebut yen disalin menyang aksara Latin kang bener yaiku...

a)

Aku lulus kuliyah Ilang Catur Dewa Kartika.

b)

Nadeo lahir nalika tanggal Pat Wening Nawa Surya.

c)

Aku lulus kuliyah taun Ilang Catur Dewa Kartika.

d)

Aku lulus kuliyah Ilang Catur Dewa Kartika.

e)

Aku lulus kuliyah nalika Ilang Catur Dewa Kartika.

37.

Sengkalan Pandawa Nyawiji Dewa Surya kuwi nuduhake taun ...

a)

1945

b)

1519

c)

1925

d)

1159

e)

1915

38.

Yen ing taun Caka kuwi nuduhake 2004, mula bisa diweruhi yen ing taun Masehi nuduhake taun...

a)

1926

b)

2008

c)

2028

d)

2082

e)

1962

39.

Sengkalan kuwi nganut taun Caka. Dadi yen saiki taun 2025 M, mula taun iki ... C.

a)

1947

b)

1964

c)

2102

d)

2012

e)

1966