Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Soal Bahasa Jawa Sem 1 kelas VI

Total questions: 39

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Wacana deskripsi yaiku ....

a)

wacana kang nggambarke objek kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewek objek kang digambarke

b)

kegiatan-kegiatan budaya kang digelar kanggo ngerti prastawa tartamtu

c)

Puisi gagrak anyar

d)

wacana kang ora nggambarke objek kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewek objek kang digambarke

2.

Sawijining kedadeyan kang ana gayutane karo budaya diarani ....

a)

prastawa budaya

b)

tradhisi masyarakat

c)

crita rakyat

d)

kabudayan

3.

Ing ngisor iki kang ora kalebu carane nulis ringkesan yaiku ....

a)

ringkesan ditulis adhedhasar panemu lan alesan kang logis

b)

nulis ukara bakune

c)

njlentrehake ukara baku kanthi ringkes migunakake basane dhewe

d)

maca wacan kang arep diringkes kanthi setiti.

4.

Adicara kanggo ngumbah, ngresiki, ngadusi pusaka kang dileksanakake saben tanggal 1 Suro diarani ....

a)

Grebeg

b)

Padusan

c)

Jamasan

d)

Mitoni

5.

Paragrap kang ukara bakune mapan ana wiwitane paragrap kasebut ....

a)

Paragrap deduktif

b)

Paragrap induktif

c)

Paragrap ineratif

d)

Paragrap tanpa ukara baku

6.

Teks deskripsi iku nduweni rong struktur, yaiku ....

a)

Paragrap deduktif lan peragrap induktif

b)

deskripsi umum lan deskripsi bagean

c)

dekripsi isi lan deskripsi umum

d)

paragrap deduktif lan deskripsi umum

7.

Ciri-ciri wacana deskripsi ana ing ngisor iki, kajaba ....

a)

Nggambarke samubarang

b)

Nggunakake panca indra (pandeleg, pangrasa, pangrungu, pangganda, lan pangecap)

c)

Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa ndeleng dhewe, ngrasa dhewe, krungu dhewe, ngambu/ngganda dhewe, lan ngecap dhewe

d)

Nggambarke sebab akibat

8.

Prastawa Budaya Dugderan ana ing ....

a)

Solo

b)

Yogyakarta

c)

Semarang

d)

Surabaya

9.

Sejarah nyatet, menawi dugderan kaping setunggal digelar taun ....

a)

1991

b)

1981

c)

1891

d)

1881

10.

Wacan ing ngisor iki kanggo soal nomer 10-15! Sekaten utawa upacara Sekaten yaiku acara pengetan ambal warsa Nabi Muhammad saw.. Upacara iki digelar saben tanggal 5 wulan Jawa Mulud (Rabiul Awal taun Hijriah). Sekaten digelar ing alun-alun lor Keraton Surakarta lan Yogyakarta. Upacara iki dhisik digunakake dening Sultan Hamengkubuwana I, pangarsa karaton Yogyakarta kanggo ngundang masyarakat supaya melu nganut agama Islam.

a)

Keraton Yogyakarta

b)

Keraton Surakarta

c)

Muludan

d)

Sekaten

11.

Acara Sekaten digelar kanggo pengetan ambal warsane ....

a)

Sultan Hamengkubuwana I

b)

Sunan Pakubuwana I

c)

Nabi Muhammad saw.

d)

Nabi Sulaiman As

12.

Upacara Sekaten dipungeti saben tanggal ....

a)

4 wulan Jawa Mulud

b)

5 wulan Jawa Mulud

c)

6 wulan Jawa Mulud

d)

7 wulan Jawa Mulud

13.

Sekaten digelar ing alun-alun ... Keraton Surakarta lan Yogyakarta.

a)

lor

b)

kidul

c)

etan

d)

kulon

14.

Ukara pokok wacan kasebut yaiku ....

a)

Upacara iki dhisikie digunakake dening Sultan Hamengkubuwana I.

b)

Sekaten digelar ing alun-alun lor Keraton Surakarta lan Yogyakarta.

c)

Upacara iki digelar saben tanggal 5 wulan Jawa Mulud (Rabiul Awal taun Hijriah).

d)

Sekaten utama upacara Sekaten yaiku acara pengetan ambal warsa Nabi Muhammad saw.

15.

18. Adigang adigung adiguna. Ukara kasebut kalebu ....

a)

paribasan

b)

sanepa

c)

isbat

d)

kerata basa

16.

Paribasan busuk ketekuk pinter keblinger, tegese ....

a)

wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka

b)

ngulat-ulati limpene wong, tujuane arep njupuk barang sing dilimpe mau

c)

tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe mburine utawa dititeni tembe mburine

d)

karepe arep ngirit jebul malah entek akeh

17.

Ngendel-endelake kekuwatane, kalu-hurane, lan kapintarane paribasane ....

a)

Anak polah kapradhah

b)

Ana catur mungkur

c)

Adigang, adigung, adiguna

d)

Angon mangsa

18.

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo wangsulan sing bener! 1. Tembung deskripsi asale saka basa Latin yaiku ....

a)

describere

b)

descriptio

c)

descriptus

d)

describus

19.

Deskripsi kadhangkala diarani ....

a)

gambaran

b)

tuladhan

c)

wacana

d)

dongeng

20.

Crita wayang kulit asale saka crita ....

a)

Wali songo

b)

Ramayana lan Mahabarata

c)

Dewi Shintha

d)

Pandhawa

21.

Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabarake lakon mahabarata utawa ramayana sing wayange digawe saka ....

a)

Kulit

b)

Plastik

c)

Kertas

d)

Kayu

22.

Wayang kulit dilakokake ing layar putih kang sinebut ....

a)

Debog

b)

Kulit

c)

Niyaga

d)

Kelir

23.

Brajadenta iku anak nomer telune ....

a)

Bratasena

b)

Prabu Arimbaka

c)

Puntadewa

d)

yudhistira

24.

Senjata pamungkas Adipati Karna yaiku ....

a)

Kunta Wijayandanu

b)

Gada rujakpolo

c)

Kuku pancawati

d)

wanacala

25.

Bapak karem banget karo iwak lele. Karem tegese ....

a)

gemes

b)

seneng

c)

wedi

d)

lali

26.

Swarane Werkudara kuwi ... gedhe.

a)

cementheng

b)

cemengkleng

c)

cemleret

d)

gemleger

27.

... sing arep menyang pasar?

a)

pira

b)

kapan

c)

sapa

d)

kepriye

28.

Dalan lan pager di tata supaya katon ....

a)

sehat

b)

asri

c)

wagu

d)

elek

29.

Yen ora diresiki banyu got bisa ....

a)

mili

b)

rapi

c)

mambeg

d)

sehat

30.

Sing gaweane masak yaiku ....

a)

para bapak

b)

para pemuda

c)

para bocah

d)

para ibu

31.

Dolanan gasing digawe saka ....

a)

watu

b)

lemah

c)

kertas

d)

kayu

32.

Parmàn lan Sandi padha rekreasi menyang Taman Lele. ... sing lunga rekreasi?

a)

Pira

b)

Ngapa

c)

Ngendi

d)

Sapa

33.

Tembalang kuwi kalebu ing tlatah kota Semarang. Tlatah tegese ....

a)

wewengkon

b)

manggon

c)

desa

d)

kampong

34.

Sing mandheg ana stasiun yaiku ....

a)

bis

b)

montor mabur

c)

sepur

d)

kapal laut

35.

Yen dolanan bal-balan apike ana ....

a)

kampung

b)

sawah

c)

tegalan

d)

lapangan

36.

Pira .... bocah sing arep bal-balan?

a)

anane

b)

cacahé

c)

regane

d)

mesthine

37.

Mbah Kakung dhawah, sikile sakit. Sikile becike diganti tembung ....

a)

samparanipun

b)

racikanipun

c)

sampeyanipun

d)

jengkunipun

38.

Dadi bocah iku kudu kendel. Menawa ora weruh kenthongane ya kudu ditabuh. Karepe kenthongane kudu ditabuh ing ukara dhuwur yaiku ....

a)

kenthongane dititir

b)

gelem takon

c)

wani nuthuk kentongan

d)

wani mbengok

39.

Sekolah iku sawijining papan kanggo ngudi kawruh. Ngudi kawruh tegese ....

a)

papan kanggo gejo-gejogan

b)

papan golek kanca

c)

papan golek ilmu

d)

papan golek kasenengan