NEW
Font size
WorksheetsBAHAN ASAS BD XII
Total questions: 58
Worksheet time: 3600secs
Tulisan carangan/karangan kang nduweni urutan sawjining kadadeyan/prastawa kang ana siji prakara (konflik) kang kudu dipungkasi, biasane duweni sifat fiktif, lakune crita miturut alur/plot tartamtu lan critane sepisan rampung (sajroning konflik kang ora njlimet), momot paraga/tokoh. Pangerten kang kaya mangkana kanggo ngarani ...
novel
crita sambung
crita cekak
crita rakyat
crita bergambar
Kang kasebut ana ngisor iki dadi cirine/titikane CERKAK... kejaba (kecuali)...
crita luwih ringkes
konflik tunggal
tembung kurang saka 1.000 tembung
gegayutan karo crita padinan
Alur kompleks luwih saka siji prakara
Rerangkening/urut-urutaning kedadeyan ana ing sawijining crita diarani...
Penokohan
Alur/Plot
Tema/pamawas
Punjering crita
Pitutur luhur
Lakuning crita diwiwiti saka nyritakake prastawa kang wis dumadi sadurunge/kepungkur, banjur crita lumaku nganti prastawane pungkas (berakhir). Udalan kang kaya mangkana dadi cirine...
Alur Progresif
Alur campuran
Alur maju
Alur Flashback
Alur maju + mundur
Paraga/tokoh sajrone crita, duweni watak ala lan ndadekake lakuning crita nemoni prastawa lan dadi konflik kang kudu dirampungake, dadi cirine paraga kang diarani...
antagonis
protagonis
tritagonis
figuran
sampingan
Udhalan ana ing ngiso iki njlentrehake perangan pangerten latar...kejaba (kecuali)....
Wektu
Swasana Seneng
Panggonan
Swasana sedhih
paraga/tokoh
Wigatekno pratelan ana ing ngisor iki :
"punjering crita ana ing CERKAK, kang migunakake paraga/tokoh sudut pandang "Aku utawa kula". pratelan
kang kaya mangkana dadi cirine sudut pandang.....
wong ke-2
wong ke-1
wong ke-3 sajabane crita
Wong ke-3 ing sajrone crita
Wong ke-2 pengamat
Nilai/tuladha perilaku kang bisa ditemoni sajrone cerkak kang ana sesambungane karo tata laku srawung ana ing panguripan masyarakat/bebyaran antarane pawongan siji lan liyane, dadi pratanda nilai...
Nilai Religius
Nilai Moral
Nilai Sosial
Nilai Agama
Nilai Etika
Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake ....
Panguripan sabendina
Epos Ramayana-Mahabarata
Prastawa sejarah
Kedadean sajerone kraton
Kedadean apa anane
Kanggo nguripake crita, supaya para pamaos/pamiarsa kepenak anggone mudeng critane, pangripta/pengarang cerkak migunakake basa ....
Basa baku
Basa standar
Basa dialek lan idiolek
Lelawaning basa
Basa padinan
Adhedhasar urut-urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi ....
Koda, orientasi, komplikasi, lan resolusi
Resolusi, koda, orientasi, lan komplikasi
Komplikasi, resolusi, koda, orientasi
Orientasi, komplikasi, resolusi, koda
Orientasi, komplikasi, koda, resolusi
Perangane wiwitane crita kanggo nepungake (perkenalan) paraga, swasana, lan bibit kawit/konflik tumuju crita sabanjure, ing perangan/struktur teks cerkak diarani ....
Resolusi
Koda
Orientasi
Komplikasi
Klimaks
Dumadine prakara kang kudu diadhepi dening para paraga, ing struktur teks cerkak diarani ....
Resolusi
Koda
Orientasi
Komplikasi
Klimaks
Pesen moral kang ana ing sajroning crita akeh jinise. Babagan iki gumantung ....
Sing ngarang lan sing maca
Sing nyurasa lan ngrasakake isine crita
Kahanan masyarakat kang dicritakake
Kahanan masyarakat wong kang maca
Ing ngendi crita kasebut kawaca
Crita cekak iku manawa ana ing ilmu bahasa kalebu golongane ....
Sastra Film pendek
Sastra fiksi
Sastra nonfiksi
Nonsastra fiksi
Nonsastra lan nonfiksi
Crita cekak iku wujude
Gancaran
Geguritan
Pacelathon
Drama
Jurnal
Ciri khas crita cekak, yaiku ....
Migunakake alur flashback
Munjerake marang siji kedadeyan
Setting panggonan lan wektu akeh
Prakara kang tuwuh ing crita rumit
Kadadeyan sing dialami tokoh bola-bal
Unsur kang ana gegayutane karo wektu, swasana, lan lingkungan sosial ing cerkak diarani ....
Latar
Panggonan
Paraga
Alur
Tema
Ing ngisor iki sing kalebu unsur intrinsik cerkak, yaiku ....
Tema, amanat, watak, alur, dialog
Tema, blegere crita, penokohan
Amanat, isi, latar
Sudut pandang, alur, dialog, pamawas
Tema/pamawas, alur, tokoh, amanat
Nalika awake dhewe nyadhur, gawe sinopsis, utawa ngringkes CERKAK, ana babagan kang ora kena diowahi yaiku ....
Basane cerkak
Lelawaning basa cerkak
Underan, isi lan "rasa"ne cerkak
Titikane basane cerkak
Kaendahan basane cerkak
Supaya bisa dadi sarana kritik sosial kang dulce et utile ‘nyenengake lan migunani’, teks anekdot kudu ....
dibungkus kanthi crita kang ngguyokake lan dibumboni lelewaning basa kangtrep.
dibungkus kanthi crita horor kang medeni lan dibumboni lelewaning basa kangtrep.
dibungkus kanthi crita kang up to date lan dibumboni lelewaning basa kangtrep.
dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni gambar-gambar kang endah.
dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni prenesan maneka warna.
Minangka teks kang tujuane kanggo nyemoni utawa nyindir, teks anekdot basa Jawa nduweni titikan yaiku ....
migunakake basa baku utawa standar.
migunakake basa campuran baku lan ora baku.
migunakake basa kang trep karo unggah-ungguh basa.
migunakake paribasan, bebasan, lan saloka.
migunakake basa standar kaya Jogja-Solo.
Ing ningsor iki, sing ora kalebu titikane teks anekdot yaiku.....
Gunakake teks kang lucu
isine kritikan lan sindiran
sarana lelipur
wenehi kabar berita kang anyar
Urutan struktur teks anekdot kang trep yaiku....
Abstraksi, orientasi, krisis, koda, reaksi
Abstraksi, orientasi, krisis, reaksi, koda
Orientasi, abstraksi, koda, reaksi, krisis
Koda, reaksi, krisis, orientasi, abstraksi
Struktur tes anekdot kang isine pengenalan awal crita yaiku....
Orientasi
Abstraksi
Krisis
Koda
loro unsur sing harus ana ing teks anekdot adalah....
Humor dan cerita pendek
Humor dan kritikan tajam
Humor dan Kritikan halus
Humor dan kritik sastra
Bagian terjadine masalah utawa hal unik ing struktur teks anekdot kasebut.....
krisis
abtraksi
koda
reaksi
Definisi
Bagian kang nunjukake tanggapan paraga menyang konflik kasebut …
Abstraksi
Orientasi
Krisis
Reaksi
Koda
Mobil Murah
Sapa wonge sing pengin duwe urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglangar hukum. Luwak mangan tales, lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi.
Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, ”Thok...thok...thok, kula nuwun”. ”Mangga, tengga sekedhap nggih”, keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kepeksa dibungkukake.
”Nuwun sewu, sugeng enjing,” Kangsa uluk salam.”Ooo...inggih, Pak Kangsa...mangga lenggah, wonten kersa menapa,” Pak Jaksa mbagekake tamune.”Saderengipun kula matur, kula nyadhong duka mbok menawi kula klentu ing atur,” Kangsa miwiti rembug kanthi alus.
Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, ”Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon.””Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan,” ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane.”Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun,” Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, ”Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan.”
”Boten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?” Pak Jaksa ngendika kanthi teges.
”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusake
ngendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!” ”Ooo...inggih...inggih..., kula nyuwun pamit.” Kangsa mlaku ngloyor kaya Baladewa ilang gapite.
Karakteristik wacan kanthi irah-irahan “Mobil Murah” Sing bener. Kajaba…
Guyonane ngandhut pasemon,wewarah, lan utawa .
Isine nyritakake lelakone paraga/wong penting.
Guyonane lugu/ wantah.
Mupangate minangka sarana kritik
Mupangate minangka sarana hiburan.
Teks kanthi irah-irahan ”Mobil Murah” kalebu teks apa?
Teks humor
Teks anekdot
Teks cerkak
Teks wayang
Teks drama
janturan, yaiku andharan umum kang nggambarake mula bukaning crita. Kang klebu janturan wacan “Mobil Murah” yaiku…
Sapa wonge sing pengin duwe urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglangar hukum. Luwak mangan tales,wong yen lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi.
Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, ”Thok...thok...thok, kula nuwun”. ”Mangga, tengga sekedhap nggih”, keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kepeksa dibungkukake.
Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, ”Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon.””Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan,” ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane.”Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun,” Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, ”Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan.”
”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusakengendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!”
”Boten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?” Pak Jaksa ngendika kanthi teges.
prakara, yaiku perangan crita kang nggambarake kahanan kang gawat, aeng‘aneh’,utawa janggal ‘ora lumrah. Prakara wacan “Mobil Murah”yaiku…
Sapa wonge sing pengin duwe urusan karo jaksa? Yen ora kepengin duwe urusan karo jaksa, mula aja nglangar hukum. Luwak mangan tales,wong yen lagi apes. Kaya ngono nasibe Kangsa, mantan bupati kang kudu urusan karo jaksa, jalaran kasus korupsi.
Dina Minggu, sedina sadurunge kasuse disidhangake ing pengadilan, Kangsa sowan ing ndaleme jaksa kang arep nangani prakarane. Kanthi ageman necis, rambut disisir mlipit Kangsa nothok lawang, ”Thok...thok...thok, kula nuwun”. ”Mangga, tengga sekedhap nggih”, keprungu wangsulan saka njero ngomah. Kangsa atine dheg-dhegan. Karo nunggu dibukakake lawang, ukara-ukara kang wis disusun ing omah ditata maneh. Tangane ngapurancang, awake kang gagah prakosa dina iku kepeksa dibungkukake.
Pak Jaksa wis kulina ngadhepi wong kang kena masalah, mula panjenengane tetep anteng merbawani, ”Mboten dados menapa, ngendika blaka suta mawon.””Anggen kula sowan menika, kula badhe ngaturaken mobil mewah kagem panjenengan,” ature Kangsa lirih nganti meh ora keprungu swarane.”Pundi mobilipun? Lan pinten reginipun,” Pak Jaksa pitakon kanthi madhep mantep. Rumangsa pancingane meh ngenani sasaran, Kangsa wiwit pracaya dhiri. Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba, Kangsa matur, ”Menika ingkang cemeng! Estunipun regi mobil menika setunggal milyar, nanging menika kula aturaken gratis kagem panjenengan.”
”Boten,....kula mboten purun nampi barang gratisan, awit niku kalebet gratifikasi utawi tindakan korupsi. Ananging, awit kula remen kaliyan mobil menika, kados pundi menawi kula tumbas?” Pak Jaksa ngendika kanthi teges.
e. ”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusakengendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ”Inggih...mangga kersa, panjenengan pundhut pinten?” Kangsa mangsuli kanthi dheg-dhegan lan kebingungan. ”Kula tumbas Rp 50.000,- menapa angsal?” Pak Jaksa nerusakengendikane. ”Ooo...inggih...inggih...mangga!” Kangsa tambah bingung. Karo menehake salembar dhuwit Rp 100.000,- Pak Jaksa ngendika, ”Menika artanipun.” Kangsa nampani dhuwit karo matur, ”Nyuwun duka, kula mboten gadhah wangsulanipun? ”Mboten perlu dipunwangsulaken, panjenengan mbenjing sasampunipun sidhang, cekap maringi kula mobil setunggal malih, nanging kula nyuwun warninipun ingkang abrit!”
”Ooo...inggih...inggih..., kula nyuwun pamit.” Kangsa mlaku ngloyor kaya Baladewa ilang gapite. Pethikan teks iki klebu…
Buku kang asesirah Ngengrengan Kasusastran DJawa jilid I diserat dening…
Padmo Sukotco
S. Padmosoekotjo
S. Padmosoekendro
Padmosoekendro
Padmo Sukendro
Buku kang asesirah Ngengrengan Kasusastran DJawa jilid I isine ngenani. Kajaba…
paribasan, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar,ngemu surasa pepindhan
bebasan,unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar, ngemu surasa pepindhan, lan kang dipindhakake kahanan utawa sipate manungsa,
paribasan, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar,ora ngemu surasa pepindhan
saloka, unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar, ngemu surasa pepindhan nanging kang dipindhakake manungsane.
saloka, unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges entar, ngemu surasa pepindhan.
“Luwak mangan tales”unen iki klebu jinise basa rinengga…
Paribasan
Bebasan
Saloka
Cangkriman
Purwakanthi
Luwak mangan tales nduweni teges…
Carane ngomong luwes
Wong kang pantes
Tumindake gandes
Wong kang lagi apes
Wong kang lamis
“Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba” ukara iki klebu jinise ukara…
Tanggap
Tanduk
prentah
pitakon
lamba
“Karo nudhing mobil sing diparkir ing njaba” tembung nudhing migunakake ater-ater…
An-(anuswara)
An-(tripurusa)
Ing-(anuswara)
Ing-(tripurusa)
Seselan -dha-
Supaya bisa dadi sarana kritik sosial kang dulce et utile ‘nyenengake lan migunani’, teks anekdot kudu ....
dibungkus kanthi crita kang ngguyokake lan dibumboni lelewaning basa kangtrep.
dibungkus kanthi crita horor kang medeni lan dibumboni lelewaning basa kangtrep.
dibungkus kanthi crita kang up to date lan dibumboni lelewaning basa kangtrep.
dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni gambar-gambar kang endah.
dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni prenesan maneka warna.
Milih sumber teks anekdot kudu ati-ati, kudu nyiriki ….
pengalaman pribadi utawa pawarta babagan tingkah polahe para priyayi.
ariwarti, kalawarti, radhio, televisi, internet, lan media massa liyane.
bab-bab kang kaanggep sakral dening masyarakat.
ngajak tumindak becik lumantar pasemon.
jenenge paraga lan papan dumadine prakara.
Tembung utawa ukara tinamtu kang perlu oleh kawigaten, nalika maca teks anekdot perlu diucapake kanthi ....
nadha kang dhuwur
nadha kang bisaa
nadha endhek banget
kang bisa nrenyuhake
kang kepenak dirungokake
Minangka teks kang tujuane kanggo nyemoni utawa nyindir, teks anekdot basa Jawa nduweni titikan yaiku ....
migunakake basa baku utawa standar.
migunakake basa campuran baku lan ora baku.
migunakake basa kang trep karo unggah-ungguh basa.
migunakake paribasan, bebasan, lan saloka.
migunakake basa standar kaya Jogja-Solo.
jenis ragam basa manut panggonane sing trep manut unggah ungguh yaiku ...
basa formal - basa informal
basa tulis - basa lisan
basa ngoko - basa krama
basa gancaran - basa sastra
basa rinengga - basa madya
ragam dialek surabayaan, bojonegoroan, malangan lan sapanunggale, ragam basa sing dititik saka ...
panggonane
wilayahe
sapa sing nganggo
situasine
kumpulane
" Nalika ketemu wong sepisan kudu mbungkukake awak lan manthuk, ngucap salam, salaman yen lanang padha lanang utawa wadon padha wadon ukara."
ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa
basa ngoko lugu
basa ngoko alus
basa krama lugu
basa krama madya
basa krama alus
" Wonten ing pasrawungan saben dinten tiyang Jawi anggadahi pranatan ingkang mligi, ingkang kawastanan tata krama".
ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa ...
basa ngoko lugu
basa ngoko alus
basa krama lugu
basa krama madya
basa krama alus
Ukara ing ngisor iki paling trep manut aturan unggah-ungguh yaiku ...
kula sampun nyuwun arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu
kula sampun nedha arta, nanging dereng disukani kalih ibu
kula empun nedha arta, nanging dereng dipunparingi kalih ibu
kula sampun nedhi yatra, nanging dereng diparingi ibu
kula empun nedhi yatra nanging dereng diparingi ibu
Adhedhasar pamawasmu ngenani gambar bagan ing dhuwur, pangetrape basa ing saben patemon pacelathon, jagongan utawa cangkrukan beda-beda. Miturut gunane basa kaperang dadi telung golongan. Basa Jawa minangka basa budaya yaiku ...
basa jawa mujudake salah sijine budaya Indonesia kang diakoni adiluhunge dening wong jawa apa dene wong-wong manca negara
basa jawa mujudake salah sijine budaya Indonesia kang diakoni adiluhunge dening wong jawa.
Basa jawa digunakake kanggo medharake saweneh kawruh
Basa jawa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair awit saka sesambungane keluarga utawa masyarakat kiwa tengene
Wangsulan A lan B bener
Adhedhasar pamawasmu ngenani telung gambar ing dhuwur, pangetrape basa ing saben panggon beda-beda. Minangka pribadi lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan jalaran ...
Ing endi lan karo sapa kita rembugan panggonane basa pada wae
Panggonane basa ing warung kopi padha karo ing arisan
Bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe yen jagongan, basa e padha wae
Para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae
Beda papan lan bab kang dirembug bisa ndadekake beda panggonane basa
Ibu : Bapak wis ... ?
Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.
Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira
Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?
Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...
maem
mangan
madang
nedha
dhahar
Ibu : Aja kesusu turu, shalat Isya dhisik Rina!
Rina : Inggih bu, kula sampun shalat. Menawi Ibu sayah, mangga sare rumiyin.
Punggelan teks kasebut, ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Ngoko dan krama
Adhik .... susu, kula .... es teh ugi bapak .... kopi
Tembung-tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....
Ngombe, nginum, ngunjuk
Nginum, nginum, ngunjuk
Ngombe, ngombe, ngombe
Nginum, nginum, ngunjuk
Ngombe, ngombe, ngunjuk
Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....
Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....
Dhahar, dhahar
Nedha, nedha
Nedha, mangan
Nedha, dhahar
Dhahar, nedha
Anis : mengko sore sido latihan ora san?
Santi : sido, mengko dak ampiri jam setengah papat.
Pacelathon ing dhuwur mau migunakake unggah-ungguh basa ...
Ngoko lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Madya
Krama Alus
Wong sing dijak wawancara priyayine luwih tuwa, basa sing digunakake apike ...
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama madya
basa krama alus
Jingglengono pacelathon ing ngisor iki !
Bagus : Drun, nyang endi ?
Badrun : Lapangan, melu ta?
Bagus : Gak, kadhung semayan karo adul
Badrun : Ana acara ta
Bagus : Biasa motor anyar, Mas Bro
...
Sarampunge nyemak pacelathon ing dhuwur, nggunakake ragam basa apa ...
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
basa krama madya
Jingglengono 5 ukara ing ngisor
1. wong tuwa marang wong enom
2. wong/bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane
3. wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur kalungguhane
4. wong sing luwih dhuwur pangkate marang sing luwih asor
5. ngrembug wong liya kang perlu diajeni
Sing kalebu ing ragam ngoko lugu yaiku....
1,2,3
1,2,4
2,3,4
2,4,5
3,4,5
