WorksheetsULANGAN HARIAN BASA JAWA KELAS VII
Total questions: 20
Worksheet time: 15mins
Name
Class
Date
1.
Sing diarani tokoh idhola yaiku....
a)
tokoh sing kepengin disenengi wong
b)
sawijining tokoh sing paling digethingi
c)
tokoh sing durung tau dikenal wong
d)
sawijining tokoh sing paling digandrungi
2.
Teks sing nggambarake tokoh lan prastawa apa wae sing tau dialami dening tokoh kasebut diarani teks....
a)
Cerita rakyat
b)
Cerita cekak
c)
Profil tokoh
d)
Deskripsi
3.
Saben-saben wong mesthi nduweni tokoh sing paling digandrungi, ing ngisor iki ciri-cirine wong sing nyenengi (ngidholakake) sawijine tokoh, kejaba .......
a)
Tata carane tumidak, patrap, solah, serta apa wae tansah ditiru
b)
Saben dina mesthi ketemu lan rembugan ing sadhengah panggonan
c)
Ing saben-saben kalodhangan tansah dicritakak marang wong liya
d)
Tokoh mau kaya-kaya dadi panutan, lan rumangsa duwe rasa tresna
4.
Bagean teks sing isine ngenalake tokoh, umume ngandharake jeneng, papan kelairan, lan keluwargane, diarani....
a)
Orientasi
b)
Penutup
c)
Prastawa
d)
Reorientasi
5.
Apa bedane orientasi lan reorientasi kang ana ing strukture teks profil tokoh ?
a)
Orientasi ngandharake bagean umum, reorientasi ngandharake bagean penutup
b)
Orientasi ngandharake kahanan, reorientasi ngandharake peristiwa utawa masalah sing pernah dialami tokoh
c)
Orientasi ngandharake ngandharake bagean penutup, reorientasi ngandharake bagean umum
d)
Orientasi ngandharake pandangan lan pemawase penulis marang sing diceritakake, reorientasi ngandharake jeneng, papan lairan, lan keluwargane tokoh sing diceritakake
6.
Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!
Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing Sukabumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Sinau ing TK anjur melbu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran melbu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan SMA uga kelebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasin Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe.
Babagan sing narik kawigaten tumrap tokoh Rafida yaiku....
a)
Rafida pinter lan genius
b)
Ing SD melbu kelas akselerasi
c)
Prestasine Rafida ngetutake mbakyune
d)
Umur 14 taun dadi mahasiswi kedokteran
7.
Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!
Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing Sukabumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Sinau ing TK anjur melbu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran melbu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan SMA uga kelebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasin Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe.
Tindak-tanduk sing pantes dituladha saka tokoh ing teks kasebut yaiku......
a)
Kesadharan sinau dhewe
b)
Mlebu kelas akselerasi
c)
Isih enom dadi dokter
d)
Prestasine
8.
Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!
Rafida Helmi lair tanggal 31 Juli 1998 ing Sukabumi, Jawa Barat. Dheweke kenya putrine bapak Helmi lan ibu Rofi’ah. Rafida pinter lan genius. Umur lagi 14 taun wis nyandhang status mahasiswi kedokteran ing Universitas Islam Sultan Agung (Unissula) Semarang. Sinau ing TK anjur melbu SD Sriwedari Sukabumi mung mbutuhake wektu 5 taun, jalaran melbu ing kelas akselerasi. Ing SMP lan SMA uga kelebu kelas akselerasi, kabeh mung mbutuhake wektu 4 taun. Prestasin Rafida ngetutake mbakyune, yaiku Rina Helmi sing tau kawisuda dadi dokter paling enom ing FK UGM. Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe.
“Rafida kasil jalaran karo wong tuwane ditanemake kesadaran sinau dhewe-dhewe”
Ukara ing ndhuwur kelebu bagean teks....
a)
Komplikasi
b)
Orientasi
c)
Prastawa
d)
Reorientasi
9.
Wacanen teks ing ingisor iki kanthi setiti!
Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959 Pamerintah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional.
Tembung lelabuhan tegese.....
a)
Jasa
b)
Modal
c)
Andhil
d)
Cita-cita
10.
Struktur teks profil tokoh kang ngandharake pandhangan lan pamawase panulis diarani....
a)
Orientasi
b)
Prastawa
c)
Reorientasi
d)
Dudutan
11.
Tujuan utama saka panulisan Teks Profil Tokoh yaiku...
a)
Menehi dhawuh (perintah) marang pamaos supaya nindakake sawijining tumindak.
b)
Nyak-nyaki (menghibur) pamaos kanthi crita fiksi sing lucu
c)
Njlentrehake (menjelaskan) proses damel (membuat) sawijining barang.
d)
Ngenalake tokoh lan menehi pituladhan (keteladanan) supaya bisa ditiru.
12.
Urutan wektu kedadean, riwayat pendidikan, lan pengalaman karir tokoh lumrahe dicritakake ing perangan struktur...
a)
Orientasi
b)
Panutup
c)
Prastawa
d)
Reorientasi
13.
Informasi sing paling utama lan paling penting dicantumake ing perangan orientasi teks profil tokoh yaiku...
a)
Daftar buku karangane
b)
Kritik panulis marang tokoh
c)
Dudutan (kesimpulan) urip tokoh
d)
Jeneng jangkep, papan, lan tanggal laire
14.
Salah siji ciri-ciri Teks Profil Tokoh yaiku informasi sing diandharake kudu asipat...
a)
Luwih ngutamakake emosi tinimbang logis
b)
Fiksi (rekaan) lan digawe-gawe
c)
Faktual (nyata) lan adhedhasar data sing bener
d)
Subjektif lan awujud panemu (pendapat) pribadi panulis
15.
Babagan 'pendidikan wiwit SD nganti kuliah' sing dialami tokoh minangka fakta urip, lumrahe kalebu ing struktur...
a)
Orientasi
b)
Prastawa
c)
Reorientasi
d)
Panutup
16.
Ater-ater kang nganggo swara irung amarga swarane mbrengengeng (n, ny, m, lan ng) diarani.....
a)
Ater-ater anuswara
b)
Ater-ater triswara
c)
Ater-ater tripurusa
d)
Ater-ater dwi purusa
17.
Ing ngisor iki kang kalebu tembung kang nggunakake ater-ater anuswara yaiku....
a)
ditulis
b)
kok waca
c)
nandur
d)
katulis
18.
Ater-ater kang digunakake sajrone tembung "nuthuk" yaiku....
a)
n
b)
m
c)
ny
d)
ng
19.
Ing ngisor iki kang kalebu ater-ater anuswara yaiku....
a)
dak
b)
ko
c)
di
d)
m
20.
Ing ngisor iki kang kalebu ater-ater tripurusa yaiku
a)
m
b)
ny
c)
n
d)
di
100 %
