Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN BASA JAWA KELAS VIII

Total questions: 20

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.
Basa rinengga yaiku....
a)
Basa sing dipaesi utawa basa kang endah
b)
Basa jawa kang alus banget
c)
Basa jawa kang nduweni teges akeh
d)
Basa kang angel dingerteni
2.
Kang ora kalebu jinise basa rinengga yaiku
a)
Tembung entar
b)
Paribasan
c)
Geguritan
d)
Bebasan
3.
Tembung loro utawa luwih sing dirangkep lan uweni teges ora kaya makna salugune utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe, diarani...
a)
Basa rinengga
b)
Tembung entar
c)
Tembung saroja
d)
Paribasan
4.
Kang kalebu jinis tembung entar yaiku
a)
adus kringet
b)
adi luhung
c)
edi peni
d)
adus banyu
5.
Peteng atine kalebu jinis basa rinengga, yaiku
a)
Tembung entar
b)
Tembung saroja
c)
Paribasan
d)
Bebasan
6.
Dawa tangane nduweni teges....
a)
Seneng biyantu
b)
tangane dawa
c)
seneng nggepuk
d)
seneng nyolong
7.
Tembung loro kang nduweni padha tegese utawa meh padha tegese dianggo bebarengan yaiku.....
a)
Tembung Saroja
b)
Tembung entar
c)
Paribasan
d)
Bebasan
8.
Ing ngisor iki kang kalebu jinis tembung saroja yaiku....
a)
dawa tangane
b)
ayem pikire
c)
gagah prakosa
d)
adus luh
9.
Abang mbranang kalebu jinis tembung....
a)
Tembung saroja
b)
Tembung entar
c)
Paribasan
d)
Bebasan
10.
Babak belur nduweni teges
a)
gagah perkasa
b)
bundas kabeh
c)
lara
d)
babak final
11.
Tembung kang trep kanggo njangkepi tembung saroja ing ngisor iki yaiku.... Nggula....
a)
Wentah
b)
Gulani
c)
Golu
d)
Lapa
12.
Unen-unen kang mawa teges entar lan ora ngemu surasa pepindhan yaiku.....
a)
Bebasan
b)
Paribasan
c)
Saloka
d)
Saroja
13.
Anak polah bapak kepradah kalebu jinis paribasan kang nduweni teges....
a)
sing ditindakake anak mesthi niru wong tuwane
b)
tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwane
c)
tingkah lakune anak ora adoh saka tingkah lakune wong tuwane
d)
tingkah polahe anak dadi tanggungane dhewe
14.
Ancik-ancik pucuking eri Unen-unen kasebut kalebu....
a)
Paribasan
b)
Bebasan
c)
Saloka
d)
Tembung entar
15.
Kang kalebu jinise paribasan yaiku....
a)
ancik-ancik pucuking eri
b)
kebo nusu gudel
c)
kutuk marani sunduk
d)
gelem jamure emoh watange
16.
Unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu teges entar lan ngemu surasa pepindhan, kang dipindhahake kahanan utawa sesipatane wong yaiku....
a)
Paribasan
b)
Bebasan
c)
Saloka
d)
Saroja
17.
Ing ngisor iki kang kalebu jinise bebasan yaiku....
a)
Gelem jamure emoh watange
b)
Kebo nusu gudel
c)
Anak polah bapak kepradah
d)
Becik ketitik ala ketara
18.
Ngubak-ubak banyu bening nduweni teges....
a)
Gawe kerusuhan ing papan kang tentrem
b)
Ora gelem ngerungokake rerasan sing ora becik
c)
ngrusuhi banyu sing bening
d)
njagakake barang kang durung mesthi
19.
Unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu teges entar lan ngemu surasa pepindhan, kang dipindhahake wonge yaiku....
a)
Paribasan
b)
Bebasan
c)
Saloka
d)
Saroja
20.
Ing ngisor iki kang kalebu jinise saloka yaiku
a)
Kebo nusu gudel
b)
Dudu berase ditempurake
c)
Gelem jamure emoh watange
d)
Nguyahi banyu segara