Font size
WorksheetsTEMBANG KREASI ANYAR
Total questions: 50
Worksheet time: 1hrs 10mins
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Sewu kutha uwis tak liwati
Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh
Padha ra ngerteni
Lungamu ing ngendi
Pirang taun aku nggoleki
Saprene durong bisa nemoni
Gatra kang ana jroning tembang ing nduwur iku akehe ana (a)
Gatekna cakepane tembang ing ngisor iki!
Yo pra kanca dolanan ing njaba,
Padhang mbulan padhange kaya rina,
rembulane kang ngawe-awe,
ngelikake aja turu soore-sore
tegese tembung “rina” jroning tembang ing nduwur yaiku (a)
Tembang Kreasi Anyar Jawa iku ana loro jinise, yaiku ... .
Tembang Dodolan lan Tembang Campursari
Tembang Dolanan lan Tembang Campursari
Tembang Dangdut lan Tembang Campursari
Tembang Dolanan lan Tembang Dangdutan
Tembang Dolanan iku lumrahe ditembangake .... nalika dolanan.
Wong-wong
Kewan-kewan
Bocah-bocah
Dhewe-dhewe
Ing ngisor iki kang klebu irah-irahan tembang campursari yaiku ... .
Cublek-cublek Suweng
Gundhul-gundhul Pacul
Stasiun Balapan
Suwe ora Jamu
Dhek semana janjimu disekseni
Mega kartika kairing rasa tresna asih
Tembung ‟kartika‟ ing pethikan cakepan dhuwur tegese ....
rembulan
awang-awang
lintang
panggonan
YEN ING TAWANG ANA LINTANG
(Pangripta: Anjar Any)
Yen ing tawang ana lintang, cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mega ing angkasa, nimas
Sun takokne pawartamu
Janji-janji aku eling, cah ayu
Sumedhot rasane ati
Lintang-lintang ngiwi-ngiwi, nimas
Tresnaku sundhul wiyati
Temane cakepan tembang ing dhuwur yaiku . . .
pendhidhikan
kaendahan
perjuwangan
katresnan
Terusna cakepane tembang iki! E dhayohe teka, e gelarna klasa.
E klasane .... E tambalen jadah. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut, yaiku ....
bubrah
rusak
belah
bedhah
Jinise purwakanthi kaya kang katulis ing ngisor iki, kejaba purwakanthi ....
guru swara
guru sastra
guru basa/lumaksita
guru lagu
Tembang kang ngrembaka ing tanah Jawa sing ora kaiket dening aturan diarani tembang ....
kreasi
macapat
geguritan
crita cekak
Purwakanthi kang nduweni pathokan anane tembung/wanda kang dibaleni, diarani purwakanthi ....
guru sastra
guru swara
guru lagu
guru basa/lumaksita
Gundhul-gundhul Pacul, Suwe Ora Jamu, Cublak-cublak Suweng, lan Gugur Gunung.
Irah-irahan ing dhuwur klebu irah-irahan … .
tembang dolanan
tembang dangdut
tembang macapat
tembang campursari
Tembang-tembang sing nganggo Basa Jawa iku lumrahe ana titi laras lan cakepane. Cakepan iku tegese padha karo … .
nada
titi laras
lirik/syair
tangga nada
Didi Kempot klebu penyanyi kang kondhang jenenge nganti mancanegara, amarga dheweke sregep nulis lan nyanyi tembang….
dolanan
dangdut
macapat
campursari
Pelog lan slendro iku diarani ... . Tembang Jawa.
Intro/Buka
Lirik (syair)
Tangga Nada
Reffrain/Chorus
Tembang sing iringane arupa campuran saka iringan modern lan tradhisional diarani tembang ... .
Campuran
Campursari
Campur-campur
Dolanan
Nembangake Tembang apa wae kalebu nalika nembangake Tembang Kreasi kudu diwenehi rasa supaya bisa kepenak dirasakake. Perkara iki ing Basa Jawa diarani ... .
wicara
wirama
wiraga
wirasa
Tembang dolanan iku tembang sing wose trep kanggo ...(1) , lagon iku wose trep kanggo ....(2).., dene langgam iku wose trep karo wong tuwa. Angka siji (1) lan loro (2) ing andharan dhuwur bisa diiseni tembung... .
bocah, wong enom
wong enom, bocah
wong tuwa, enom
bocah, wong tuwa
Tuladha purwakanthi swara = Becik ketitik ala ketara
Tuladha purwakanthi sastra = Tata titi titig tatag, tanggung tertib
Saka tuladha ing dhuwur bisa dijlentrehake yen salah siji bedane purwakanthi basa lan purwakanthi swara yaiku ... .
Purwakanthi swara iku sing runtut swarane/vokal, purwakanthi sastra sing runtut sastrane/konsonan.
Purwakanthi swara iku sing runtut sastrane/konsonan, purwakanthi sastra sing runtut swarane/vokal.
Purwakanthi swara iku sing runtut basane, purwakanthi sastra sing runtut sastrane/konsonan.
Purwakanthi swara iku sing runtut swarane/vokal, purwakanthi sastra sing runtut basane.
Jingglengana teks tembang ing ngisor iki!
Gundhul Pacul
Gundhul gundhul pacul cul gembelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul glempang segane dadi saratan
Wakul glempang segane dadi saratan
Perangan ing teks tembang dhuwur iku diarani ... tembang.
Titilaras
Cakepan
Wosing
Piweling
Jingglengana teks tembang ing ngisor iki!
Gundhul Pacul
Gundhul gundhul pacul cul gembelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul glempang segane dadi saratan
Wakul glempang segane dadi saratan
Sawise njlingglengi teks ing dhuwur, kowe bisa negesi yen wakul bisa glempang jalaran ... .
Wong kang nyunggi kuwi gundhul
Sirahe sing nyunggi geleng-geleng
Mlaku - mlaku ana ing ratan/ dalan
Wakule diterak angin sing lagi liwat
Jingglengana teks tembang ing ngisor iki!
Gundhul Pacul
Gundhul gundhul pacul cul gembelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul glempang segane dadi saratan
Wakul glempang segane dadi saratan
Tuladha purwakanthi swara kang bisa ditemokake ana ing sajerone tembang Gundhul-gundhul Pacul yaiku ... .
gembelengan, nyunggi
Gundhul, pacul, wakul
Nyunggi, wakul, segane
Wakul, ngglempang, dadi
Tembang ing dhuwur kalebu jinise tembang apa?
Lagon
Langgam
Macapat
Gedhe
Tembang ing ndhuwur nyritakake ngenani ... .
Panggonan
Sato Kewan
Mula buka
Pakaryan
Ing teks tembang ndhuwur kang ditulis Pelog Nem diarani perangan ... .
Piweling
Wosing
Titilaras
Cakepan
Purwakanthi kang ana ing gatra kapisan lan kapindho yaiku... .
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi guru basa
purwakanthi lumaksita
Piweling kang bisa dijupuk saka cakepan tembang ndhuwur yaiku ... .
Manungsa ing urip bebrayan kudu tansah tulung-tinulung marang liyan.
Manungsa iku ora kena kesed, kudu sregep anggone nyambut gawe.
Wong kang paling apik kuwi wong kang seneng menehi pangapura.
Dadi wong kang ana ngarep kudu bisa dadi tuladha kangge wurine.
Tembang Campursari biasane kanggo nggambarake perkara ing ngisor iki, KEJABA ... .
Kahanan urip
Kawula alit
tresna asmara
kahanan sekolah
Tembang sing biasane ngandhut (mengandung) piwulang moral lan pitutur kang apik kanggo bocah-bocah diarani tembang ... .
Dangdut
Campursari
Dolanan
Macapat
Obahe awak nalika nembangake Tembang Kreasi diarani ... .
wicara
wirama
wiraga
wirasa
laras ing tembang jawa diperang dadi
Pelog lan pelog barang
pelog barang lan pelog nem
Pelog lan Slendro
demung lan saron
lagu iki kalebu jenis tembang kreasi apa?
Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelenter
Mambu ketundung gudhel
Pak Empong lerak-lerek
Sapa ngguyu ndelekakhe
Sir-sir pong dele kopong
Sir-sir pong dele kopong
tembang pangkur
tembang dolanan
tembang macapat
lelagon/ langgam
pesen moral ing lagu kasebut?
aja gampang percaya marang wong liya
kita kudu mbrantas korupsi
yen dadi pejabat aja nganti kita korupsi merga ndadekake negara rugi
korupsi iku minangka kegiyatan kang lumrah
Rek ayo rek mlaku mlaku nang Tunjungan
Rek ayo rek rame rame bebarengan (ayongan)
Cak ayo cak sopo gelem melu aku (ku ku)
Cak ayo cak dolek kenalan cah ayu
Ngalor ngidul liwat toko ngumbah mata
Masiya mung nyenggal nyenggol ati lega
Sapa ngerti nasib awak lagi mujur
Kenal anake sing dodol rujak cingur
Jok dipikir pon podho gelem mlaku (ayungu)
Jok dipikir angger podho gak duwe sangu (ayungu)
Mangan tahu jok dicampur nganggo timun (mun mun)
Malam minggu jok podho digowo nglamun
isi lagu rek ayo rek yaiku....
Ngajak mlaku-mlaku malam minggu
ngajak tuku rujak
ngajak supaya sinau
ngajak kanggo supaya sregep reresik
Lagu-lagu utawa tembang Jawa sing carane nggarap, carane ngarang, lan carane mainake sarana dimodifikasi dijumbuhake karo kemajuwane jaman diarani tembang....
klasik
kenangan
kreasi anyar
Gending langgam
Tembang dolanan sing mathuk karo gambar yaiku ....
Jaranan
Gundhul Pacul
Kupu Kuwi
Jamuran
Ayo kanca ngayahi karyaning praja
Kene kene gugur gunung tandang gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning negara
Irah-irahan tembang ing ndhuwur yaiku ....
Bulan Gedhe
Kupu Kuwi
Gugur Gunung
Ilir-ilir
Jaranan-jaranan, jarane jaran teji
Sing numpak ....
Tembung sing trep kanggo tembang ing ndhuwur yaiku ....
klambi abang
ndara Bei
para mantri
jaran kepang
Tembang jaranan ditembangake bocah-bocah wektu dolanan ....
Wadyabala Pandhawa lan Kurawa wis sapirang-pirang kang dadi kurban, klebu Prabu Salya lan Raden Drestajumena. Tembung wadyabala iku tembung loro kang padha tegese, dianggo bebarengan lan ngemu surasa mbangetake. Tembung kaya ing dhuwur diarani ....
tembung saroja
tembung dasanama
tembung entar
tembung garba
"Edi peni", iku kalebu salah satunggaling jinis tembung
Entar
Camboran
Saroja
Panyandra
Lampu kamare Esa isih mekan, padahal wis padhang jingglang. Tembung padhang jingglang tegese ....
peteng banget
padang banget
panas banget
adem banget
5.Tembung silihan sing tegese dudu teges samesthine diarani tembung ...
Saroja
Camboran
Lingga
Entar
7. Bocah kuwi seneng ngabangake kuping. Ngabangake kuping tegese...
Kupinge dadi abang
Kupinge getihen
Kupinge kabangen
Nggawe nesu
9.Ukara ing ngisor iki sing ngandut tembung camboran yaiku...
Malem Minggu aku nonton bal-balan
Adhiku dolan ing omahe Bulik
Ibu mundhut jeruk rong kilo
Mbak Sari nyirami kembang
10.Ukara ing ngisor iki sing ngandhut tembung entar yaiku...
Mas Bagas awake gagah prakosa
Amar disenengi kanca-kancane amarga seneng guyon
Sela ora disenengi kanca-kancane amarga dawa tangane
Adik seneng nggawe klambi werna bangjo
Sepedahmu iku ditata ben aja malang...
tindih
batu
megung
jejer
Ukara ing ngisor iki sing kalebu tembung saroja yaiku... .
Ibuku mususi beras ketan ing pawon.
Adhiku nangis gulung-koming.
Bola-bali mangan ancene weteng karet.
Kabare ngenani rajapati wis sumebar warata ing ngendi-endi.
Tembung kang nduweni teges ora asli (kias), yaiku ....
tembung entar
tembung garba
tembung camboran
tembung pitakon
Wiwitan tembang kreasi kang awujud instrumen musik tanpa cakepan diarani ....
intro
verse
reffain
ending
