NEW
Font size
WorksheetsBAB 1 BAHASA JAWA KELAS 6
Total questions: 20
Worksheet time: 40mins
Apa kang diarani teks narasi?
Teks kang nggambarake kahanan kanthi rinci
Teks kang nyritakake urutan kedadean kanthi kronologis
Teks kang nggambarake kahanan sawijining objek
Teks kang nyritakake pendapat pribadi
Apa bedane teks narasi lan teks deskripsi?
Teks narasi nggambarake kahanan objek, Teks deskripsi nyeritakake urutan kedadean.
Teks narasi ora nduweni konflik, Teks deskripsi nduweni konflik.
Teks narasi nyeritakake urutan kedadean, Teks deskripsi nggambarake kahanan objek.
Teks narasi nggunakake ukara sedina-dina, Teks deskripsi nggunakake ukara kang bisa nggugah rasa
Apa tujuwan utama teks narasi?
Nggambarake kahanan salah sijine objek
Nyeritakake pendapat pribadhi
Nggambarake salah sawijining kahanan kanthi rinci
Nyeritakake urutan kedadeyan kanthi kronologis
Salah siji titikane teks narasi yaiku
Adhedhasar crita nyata utawa imajinasi
Ditulis kanthi kronologis
Nggambarake kedadean
Nggunakake basa sedina-dina
Salah sijine teks narasi kang nyeritakake kedadean adhedhasar fakta yaiku
Teks narasi informatif
Teks narasi artistik
Teks narasi sugestif
Teks narasi spasial
Ing tanggal 10 Nopember 1945 ana perlawanan rakyat ing Surabaya kanggo ngusir Walanda lan sekutune saka tanah kelairane. Perang iki diwiwiti kanthi nesune para tentara Inggris amarga matenine, Brigadir Jenderal Mallaby. Banjur Inggris menehi ultimatum marang pejuang ing Surabaya supaya pasrah.
Teks ing dhuwur kelebu jenise teks narasi...
Teks narasi Sugestif
Teks narasi Artistik
Teks narasi Ekspositoris
Teks narasi Eksposisi
Dina iku langite panas banget, nanging Budi isih narik grobage. Dheweke ngumbara ing lorong-lorong pasar kanthi pangarep-arep yen ana sing tuku getuk gaweane ibune. Dina kuwi, Budi pancen butuh dhuwit kanggo biaya pengobatan bapake.
Teks kasebut kelebu jenise teks narasi...
Teks narasi Ekspositoris
Teks narasi Sugestif
Teks narasi Artistik
Teks narasi Eksposisi
Nalika iku srengenge durung njedhul saka paturone. Jago jago durung rampung. Nanging Pak Raden wis lunga saka omahe. Kulite kusut lan tipis kaya-kaya ora bisa nahan sumilire angin sing wis arep beku. Tangan tengene sing kuwat nggawa pacul, dene tangan kiwane nyekel bungkusan gedhe.
Teks narasi kasebut klebu jenis teks narasi....
Teks narasi Artistik
Teks narasi Sugestif
Teks narasi Ekspositoris
Teks narasi Ekposisi
Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Pintar nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.
Irah-irahan perangan karangan ing dhuwur yaiku....
Dina Sabtu lan Minggu ana kemah
Bocah-bocah kelas VI kemah
Kemah pramuka ing Wonosalam
Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan
Perangan kang ora ana ing wacan narasi yaiku....
biografi pengarang
paraga
latar
alur
Prapto iku paraga kesenian drama tradisional, kang iringane gendhing kulonan, ana keprak/Kenthongane, biasane lakone panguripan keluarga Kerajaan."
Manut wacan ing nduwur, Prapto minangka paraga kesenian ….
Tayub
Wayang
Ludruk
Kethoprak
Cerita rakyat kui klebu karangan....
Deskripsi
Narasi
Eksposisi
Persuasi
Drama tradisional iki nyritaake Ramayana, Mahabharata, sakliyane iku uga ana dalange, (parogone ngomong dewe). Penontone sing ake wong tuwa.
Ludruk
Wayang Uwong
Wayang
Kthoprak humor
Ngringkes uga di arani....
Sinopsis
Prolog
Ikhtisar
Babak
Joko Seger lan Rara Anteng muja semedi ing pucuke Gunung Lejar. Anggone muja semedi dikantheni rasa temen-temenan supaya kekarone keturutan duwe putra. Sanajan suwene patang puluh dina patang puluh bengi lan akeh panggodane, kakarone tetep mantep muja semedi.
Saka perangan crita kasebut sing dadi lakon utama yaiku....
Jaka seger
Rara anteng
Jaka seger lan Rara anteng
GUnung lejar
Trap - trapane nulis narasi cara kapisan yaiku....
Nemtokake tema
Nemtokake kertas
Nemtokake jeneng
Nemtokake judul
Wacan kang digunakake pengarang kanggo nggancarake ancasane karangan kang di tulis yaiku....
Argumentasi
Eksposisi
Narasi
Diskripsi
Nggawe ringkesan nanging nganggo basane dhewe kasebut....
Sinopsis
Prolog
Ikhtisar
Babak
Teks sing isi lan andharane ngajak-ngajak, narik kawigatene liyan lan ngeyakinake wong sing
maca kalebu teks….
Deskripsi
Narasi
Persuasi
Eksposisi
Teks sing isine ngenani kedadeyan kang diwedharake ing sajroning tulisan ing medhiya cethak,
utawa laporan ing medhiya elektronik diarani teks….
Narasi
Pawarta
Argumerntasi
Eksposisi
