NEW
Font size
WorksheetsSUMATIF BAB 3 Kelas X
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Miturut tembunge, paramasastra iku duweni teges ….
Ngelmu/kawruh kang luhur
Ngelmu tembung
Basa lan sastra
Kasusastran jawa
Ngelmu bab sastra
Paramasastra dumadi saka tembung parama kang ateges ….
Kawruh
Linuwih
Tembung
Ngelmu
Ukara
Kang ora disinaoni jroning paramasastra yaiku …
Widya swara
Widya tembung
Widya darma
Widya makna
Widya ukara
Ngelmu kang nyinaoni bab unine sawijining tembung utawa wanda diarani …
Widya tembung
Widya makna
Widya ukara
Widya swara
Widya basa
Lira-liruning (variasi) swara (bunyi) kang bisa njalari sawijining tembung/wanda dadi beda tegese lan wujude diarani …
Sintaksis
Morfologi
fonem
fonologi
alofon
Unine angin kang metu saka paru-paru lan kawedhar saka jroning tutuk diarani …
swara
vokal umlaut
konsonan
wanda
tembung
Jroning paramasastra basa jawa, swara vokal iku cacahe ana …
12
10
8
7
5
Tembung ing ngisor iki kang ora kalebu jinise swara vokal a jejeg yaiku …
Ana pira
Putra nuswantara
Ora saguh
Mangan sega
Teka lunga
Tembung ing ngisor iki kang nggunakake swara vokal e miring yaiku …
Enak
Eman
Lele
Estri
Sepet
Owahing swara vokal ing wandaning (suku kata) tembung jalaran antuk panambang (imbuhan) tartamtu diarani …
Vokal rangkep
Vokal miring
Vokal jejeg
Vokal tunggal
Vokal umlaut
Tembung ing ngisor iki kang diarani vokal rangkep yaiku …
Uenak tenan
Anting-anting
Jagunge
Naga sari
Grusa-grusu
Swara konsonan m/n kang tansah tumempel ana ing tembung kang kawiwitan konsonan B, D, G, J diarani swara ...
Konsonan aspirat
Prenasalisasi
Konsonan rangkep
Konsonan glotal
Konsonan lambe
Tembung “klenthing” iku dumadi saka fonem/uni apa wae …
KV
KVK
KKVK
KVKK
KVVK
Rerangkeng swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang nduweni teges lan bisa dimangerteni isi/surasane diarani …
Surasa
Wanda
Ukara
Tembung
Swara
Ngelmu paramasastra kang nyinaoni babagan tembung yaiku …
Fonologi
Semantik
Sintaksis
Fonem
Morfologi
Tembung ing basa jawa bisa dibedakake miturut wujud lan jinise. Ing ngisor iki kang ora kalebu wujude tembung yaiku …
Tembung ancer-ancer
Tembung lingga
Tembung rangkep
Tembung camboran
Tembung andhahan
Tembung kang isih wutuh/asli, durung rinaketan utawa kawuwuhan apa-apa diarani …
Tembung andhahan
Tembung lingga
Tembung camboran
Tembung rangkep
Tembung keterangan
Tembung kang wis owah saka asale amarga kawuwuhan lan karangkep diarani …
Tembung lingga
Tembung panggandheng
Tembung andhahan
Tembung camboran
Tembung camboran tugel
Tembung loro utawa luwih kang digandheng dadi siji lan tembung mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu anyar diarani tembung …
Lingga
Andhahan
Rangkep
Camboran
Dwilingga
Linggane tembung “prajanjen” yaiku …
Janjen
Prajanji
Praja
Janjian
Janji
Kang nyebabake tembung lingga malih dadi tembung andhahan yaiku, kajaba …
Camboran
Ater-ater
Wuwuhan
Panambang
Seselan
Tembung ing ngisor iki kang antuk ater-ater anuwara yaiku …
Sore iki ayo padha bal-balan
Agus macul ing sawah
Simbah tuku mbako
Sinau aja nganti lali
Wayah surup adzan magrib
Ing ngisor iki tembung kang antuk wuwuhan bebarengan yaiku …
Suwarane
Manunggal
Kadigdayan
Sumikir
Tambanane
Ing ngisor iki kang kalebu tuladha tembung camboran yaiku …
Adus kramas
Balung pelem
Mripat tuwa
Naga sari
Adhem panas
Tembung kang mratelakake (menyatakan) jenenge barang utawa apa wae kang kaanggep barang diarani tembung ....
Kriya
Sesulih
Kaanan
Katrangan
Aran
Tembung kang mratelakake (menyatakan) solah bawa, tandang gawe (tindakan) diarani tembung …
Kriya
Aran
Kaanan
Sesulih
Katrangan
Tembung kang mratelakake (menyatakan) sipat utawa watak sawijining bab diarani tembung …
Sesulih
Kaanan
Kriya
Aran
Panyilah
Ing ngisor iki kang diarani tembung kang padha panulisane nanging unine lan tegese beda yaiku …
Sekar - kembang
Alun - alon
Teken - teken
Arem -arem
Ngukuri lemah – ngukuri sikil
“minggu esuk aku merlokake dolan menyang desa gumiwang, ngiras pantes minggon karo kulawarga”. Ukara ing ngisor iki kang pangrimbage (pembentukannya) padha karo tembung kang kacithak kandel “minggon” yaiku ….
Ibu masak ana ing pawon
Ing empyak ana omah tawon
Aku gladhèn nabuh saron
Iki barang temon aja digawa
Mengko sisan tuku galon
1. Mbak sinta lagi dhahar
2. Bu Minah nyaponi latar
3. dhik oca nangis kejer
4. sarwono keluwen durung madhang
5. dhuwite wis daksinggahke
Ukara ing dhuwur kang kalebu ukara tanggap yaiku nomer …
1
2
3
4
5
“Kanggo putra-putriku kabeh kang sedhela maneh bakal ninggalake sekolah iki, bapak lan ibu guru mung bisa nyangoni donga pangestu”. Tembung kriya kang kinandhut ing ukara kasebut kalebu kriya …
Tanduk
Tanggap
Lingga
Rangkap
Camboran
“andika pancen bocah kang pinunjul, bocah sregep sinau uga doyan gawean. Esuk-esuk wis tangi, ngrewangi ibune resik omah, klebu mbuwang reregedan ing pawuhan. Ing sekolahan tansah mitgatekake piwulangan amarga kepengin gegayuhane dadi dokter bisa kasembadan”. Tembung rangkep dwipurwa ing wacan kasebut kang kalebu tembung kriya yaiku …
Reregedan
Reresik
Esuk-esuk
Kasembadan
Piwulangan
Murid kelas X kang lagi gladhen maca geguritan nemokake ana tembung narpati, prapteng, panastis, ginasthel, yeku, lan kapyarsa. Pak guru banjur ngandharake menawa iku tembung garba. Asale saka rong tembung kang beda wujude banjur digandheng dadi siji utawa saktembung, lan uga bisa diarani tembung camboran …
Wutuh
Wudhar
Tugel
Tunggal
Susun
“Supaya bisa munggah kelas XI kanthi biji sing becik, aku kudu sinau sing mempeng”. Ukara kasebut kalebu ukara …
Crita
Pitakon
Pakon
Sananta
Tanggap
“Duwea dhuwit akeh aku mesthi wis piknik tekan bali”. Ukara kasebut kalebu warnaning ukara …
Pakon
Pitakon
Crita
Sananta
Sambawa
Tembung 2 kang padha unine, padha panulisane nanging beda tegese (meri “pengen” – meri “anak bebek”) diarani …
Homonim
Sinonim
Antonim
Polisemi
Homograf
Kanggo pendaftaran pegawai apa wis disiyapake berkase mas budi? (1). Mangkonono pitakone pak direktur kang kebak semangat kaya jumedhule srengenge sing sunare sumusup ing selane cendhela PT. Samodra Sejahtera (2). Sampun pak, sedaya sampun smadya kantun nyetak kemawon (3). Ya wis mengko yen wis rampung takjak mangan bareng kanca-kanca (4). Mas budi banjur cekat-ceket anggota tandang gawe (5). Ukara nomer pira kang kalebu ukara sananta …
5
4
3
2
1
Ukara ing ngisor iki kang bisa diowahi dadi ukara tanduk yaiku …
Surti kangelan anggone maca
Layang iki bakal kaaturake marang pakdhe
Buku iki kaselehake ing meja dening Jodi
Mengko sore aku arep nonton bal-balan
Rustini ora bisa ambekan amarga sesek
Bu Nita lan muride gawe pariwara/iklan kang isine babagan gunane njaga karesikan kelas lan lingkungan sekolah. Mesthine ukara kang ditulis iku nggunakake …
Ukara crita
Ukara pitakon
Ukara sananta
Ukara pangajak
Ukara camboran
1. Dheweke ora mara jalaran ora ngerti papane
2. Apa piyambake wis rawuh mas
3. Sing nggawa dudu aku nanging dheweke
4. Pak dahlan dereng saged rawuh amargi taksih gerah
5. Sing matur sampeyan wae ya, aku ora wani
Ukara kasebut kang ngandhut tembung sesulih madyama purusa yaiku …
1
2
3
4
5
