Font size
WorksheetsUH BAHASA JAWA KELAS 6
Total questions: 50
Worksheet time: 50mins
Unen-unen ana ing Basa lan Kasusastran Jawa cacahe ana ....
1
2
3
4
Sing ora kalebu unen-unen ing Basa lan Kasusastran Jawa yaiku ....
pepindhan
paribasan
bebasan
saloka
Unen-unen sing ajeg panganggone, ora nganggo jejer, ora nganggo gegambaran, lan tetembungane ora kena diwolak-walik yaiku ....
pepindhan
paribasan
bebasan
saloka
Unen-unen Basa Jawa sing nganggo gegambaran barang utawa kewan yaiku ....
pepindhan
paribasan
bebasan
saloka
Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom, paribasane ....
kebo kabotan sungu
kebo nusu gudel
ula marani gepuk
gajah nguntal slangkrah
Wong tuwa nemu reribed amarga polahe anak, paribasane ....
jer basuki mawa beya
kriwikan dadi grojogan
anak polah bapa kepradah
rawe-rawe rantas malang-malang putung
Melu sengsarane ora melu kepenake, paribasane yaiku ....
bathok bolu isi madu
gupak pulut ora melu mangan nangkane
ana gula ana semut
sepi ing pamrih rame ing gawe
Kriwikan dadi grojogan, tegese yaiku ....
wong asor nanging sugih kapinteran
seneng njejaluk nanging ora tau weweh
prakara cilik dadi prakara gedhe
paseduluran sing ora tau rukun
Kaya banyu karo lenga, tegese paribasan yaiku ....
prakara cilik dadi prakara gedhe
njarag marani bebaya
paseduluran sing ora tau rukun
seneng njejaluk nanging ora tau weweh
Ula marani gepuk, tegese yaiku ....
prakara cilik dadi prakara gedhe
paseduluran sing ora bisa rukun
njarag marani bebaya
melu sengsarane ora melu senenge
Wong tuwa sengsara uripe amarga kakehan anak, paribasane ....
kebo nusu gudel
kebo kabotan sungu
ana gula ana semut
ula marani gepuk
Wong asor nanging sugih kapinteran, paribasane ....
ana gula ana semut
jer basuki mawa beya
bathok bolu isi madu
kebo nusu gudel
Wong sing seneng nyambut gawe tanpa duwe pamrih diparibasakake ....
jer basuki mawa beya
sepi ing pamrih rame ing gawe
kriwikan dadi grojogan
kaya banyu karo lenga
Unen-unen Basa lan Kasusastran Jawa sing nganggo jejer yaiku ....
pepindhan
bebasan
paribasan
saloka
Panggonan sing akeh rejekine mesthi diparani wong akeh, diparibasakake ....
ana gula ana semut
kriwikan dadi grojogan
kebo nusu gudel
kebo kabotan sungu
Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....
Paribasan
Wangsalan
Bebasan
Saloka
Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong diarani ....
Cangkriman
Geguritan
Wangsalan
Bebasan
(1) ancik-ancik pucuke eri
(2) arep nangkane emoh pulute
(3) diwenehi ati ngrogoh rempelo
(4) iwak klebu ing wuwu
Unen-unen kang kalebu bebasan yaiku nomer....
(1) lan (2)
(1) lan (3)
(2) lan (3)
(2) lan (4)
Unen-unen sing diumpamakake yaiku kahanan, tumindak, utawa sifate manungsa diarani....
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
Saben panggonan iku nduwe cara utawa adat dhewe-dhewe
paribasane ....
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
Negara mawa tata, Desa mawa cara
Jer basuki mawa bea
Adigang adigung adiguna
Panggonan sing akeh rejekine mesthi diparani wong akeh, diparibasakake ....
ana gula ana semut
kriwikan dadi grojogan
kebo nusu gudel
kebo kabotan sungu
Sawijine karangan kang kaiket mawa paugeran : guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu di arani ...
Tembang macapat
Lelagon campursari
Tembang dolanan
Gendhing manasuaka
Cacahe tembang macapat ana .....
2
3
7
11
Guru gatra yaiku .....
Tibane swara ing pungkasane gatra
Cacahe gatra saben sapada
Cacahe wanda saben sagatra
Tibane swara saben sawanda
Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....
Maskumambang
Balabak
Citramengeng
Girisa
Tembang macapat sing gatrane mung papat yaiku .....
Pangkur
Gambuh
Pocung
Dhandhanggula
Tembung macapat tegese ...
Maca papat-papat
Maca cepat-cepat
Maca seprapat
Maca
Tembang macapat uga bisa diarani tembang ...
Tengahan
Gedhe
Cilik
Kuna
Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku
7u, 8i, 8u, 8i, 8o
6u, 8i, 10u, 6u, 8o
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
12u, 8u, 10i, 8u, 80
Isine tembang pocung iku lumrahe ...
Kasmaran
Getun
Susah
Pitutur
Tibane swara ing pungkasane gatra yaiku ...
Guru lagu
Guru wilangan
Guru swara
Guru basa
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Tembung "guyub rukun" tegese yaiku ...
Nyawiji
Congkrah
Bubrah
Tukar padu
Dedalane guna lawan sekti
Ukara ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune yaiku ...
8u
9i
10a
10i
Cacahe wanda saben gatra jroning tembang macapat diarani ...
Guru wanda
Guru gatra
Guru wilangan
Guru lagu
Tembang macapat kang watake nelangsa keranta ranta yaiku tembang ...
Pangkur
Pocung
Maskumambang
Dhandhanggula
Watake tembang pangkur yaiku ...
Sereng, tegas
Nesu, muntab
Nglokro, sedhih
Grapyak, renyah
Paugeran tembang macapat iku ana telu, yaiku ...
guru gatra, guru wilangan, guru lagu
guru lagu, guru kula, guru liya
guru wilangan, guru siji, guru telu
guru gatra, guru liyane, guru lagu
Unen-unen " dhayung oleh kendhung" tegese
diwenehi kapitayan nanging malah gawe kapitunan
nyambut gawe tansah kuatir yen luput
pikoleh samubarang kanthi gampang
wong oleh kebegjan kang gedhe
"Sepi ing ...rame ing gawe."
Tembung sing cocog kanggo ngisi unen-unen kasebut yaiku...
omah
pamrih
tuku
tulung
Adhi kulo saweg..tela
Tetembungan kang terp kanggo njangkepi ukaran kasebut yaiku...
ngombe
nginum
nedha
dhahar
Cangkriman gambar iki yaiku..
sega sakkepel dirubung laler
gajah nguntal sangkrah
pitik walik saba kebon
pitik walik saba amben
sega sak kepel dirubung tinggi, batangane...
nanas
salak
andha
menthe
Dicakot bongkote sing kalong pucuke, bathangane...
andha
rokok
celana
gentheng
Basa ngoko lugu lumrahe dianggo dening ....
anak marang wong tuwa
wong kang lagi tetepungan anyar
murid marang guru
wong kang wis pada tetepungan kanthi raket
Bapak ngunjuk kopi, aku ....... wedang putih.
Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara kasebut yaitu....
ngunjuk
ngombe
mangan
dhahar
Ukara ing ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko yaiku...
aku arep lunga mancing
kowe wis adus apa durung
bapak tindak semarang nitih kereta
anita lagi mangan sate
Basa krama alus/inggil dinggo dening....
kanca sapdha
wong tuwa marang anake
guru marang muride
anak marang wong tuwa
Desi ora seneng mangan Sate.
Ukara kasebut nganggo basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Kondur basa ngokone yaiku ....
mulih
wangsul
kondur
tindak
Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama alus yaiku ....
bapak sampun tindak datheng Yogyakarta
kula badhe mangan mas. napa panjenengan badhe tumut?
pak iwan saiki wis rawuh apa durung?
irma ora mlebu sekolah jalaran lara.
