Font size
WorksheetsLATIHAN PAS JAWA X
Total questions: 88
Worksheet time: 44mins
Wacan: “Lingkungan Resik, Uripe Sehat”. Ing pungkasan wacan kasebut ana ukara “Lingkungan kudu resik amarga ....” Pilih jawaban sing paling trep adhedhasar wacan.
Panggonan sehat bisa dukung panguripane manungsa
Saka lingkungan resik bisa ndadekake urip sehat
Wargane nduweni kebiyasaan becik
Kahanan iki bisa nuwuhake sesawangan kang asri
Wargane supaya ora kemroh
Wacan ringkes: Karusakan alam sing paling gedhe dilakoni dening manungsa katimbang faktor alam. Owahe iklim global ndadekake negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap rusake alam. Manawa iklim global owah, bab iki njalari munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming. Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang nduweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa njalari pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe. Gagasan pokok cuplikan wacan mau yaiku ...
Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe
Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam
Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming
Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang nduweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan
Owahe iklim global ndadekake Negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap rusake alam
Artikel ing dhuwur mujudake jenis artikel ...
Eksploratif
Deskriptif
Prediktif
Preskriptif
Eksplanatif
Beni minangka salah siji panulis artikel. Dina iki Beni pengin nulis ngenani tips njaga kesehatan satenaghe pageblug corona. Artikel sing ditulis Beni mujudake artikel jenis ...
Preskriptif
Prediktif
Eksploratif
Deskriptif
Eksplanatif
Tumindak empan papan kudu ditindakake amarga papan siji lan sijine nduweni pranatan kang beda. Teges empan papan yaiku ...
Bisa ngerti kahanan
Nggawa papan
Ngowahi kahanan
Ngidak papan
Laku lurus
Gatekake ukara iki: “Mula saka kuwi saben pangreka daya pembangunan, sakhe prabeya sosial sesambungan karo lestarine lingkungan, perlu dipetung luwih dhisik.” Tembung kang kacekat kandel nduweni teges yaiku ...
Masalah, kaitane, dikira-kira
Kebutuhan, kaitane, dikira-kira
Kebutuhan, penelitian, diteliti
Kebutuhan, kaitane, dipetung
Biaya, kaitane, dietung
Gatekake ukara iki: “Kudu bisa njaga lingkungan supaya ora nandhang kapitunan tumrap awake dhewe, uga ana mumpanagate kanggo generasi sabanjure.” Tembung kang kacekat kandel nduweni teges yaiku ...
Ilang, manfaat
Rugi, manfaat
Rugi, keslametan
Pengaruh, perubahan
Tumindak, perubahan
Artikel sing ngandharake sawijining masalah kang dumadi ing masyarakat supaya bisa disumurupi apa sing sateneme dumadi. Jinis iki meh padha karo laporan utawa reportase, nanging artikel panulisan nerangake masalah kanthi gamblang lan bisa ana opini. Jenis artikel iki ...
Eksploratif
Eksplanatif
Deskriptif
Prediktif
Preskriptif
Strukture artikel dumadi saka ...
Irah-irahan, pembuka, pawarta, penutup
Irah-irahan, pembuka, tujuwan, penutup
Isi, pembuka, penutup, lan irah-irahan
Irah-irahan, pambuka, isi, lan penutup
Pambuka, purwaka, isi, panutup judul
Struktur artikel sing tugasé njlentrehake apa kang arep diwedharake ing sakabehe isi artikel diarani ...
Irah-irahan
Pambuka
Isi
Panutup
Dudutan
Karangan kang ditulis kanthi tujuan kanggo ngandharake gagasan lan fakta sing bisa ngyakinke, menehi pituduh, lan bisa nyenengake tumrap wong sing maca diarani ...
Geguritan
Tembang
Artikel
Pawarta
Parikan
Nalika budal sekolah, Jenar nitip sepeda. Struktur ukara kasebut yaiku ...
K-J-W-L
W-J-W-L
W-J-W-K
J-W-W-L
K-W-J-L
Ukara kang nuduhake sifat ora resikan yaiku ...
Lingkungan sing kita panggoni bisa ndhukung lan nduweni pengaruh tumrap panguripane manungsa dhewe
Wargane nduweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat
Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita
Lingkungan resik urip sehat nduweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat
Kita manggon ing warga kang nduweni pakulinan kemroh lan seneng omben-omben bab iki bakal nduweni pengaruh psikis lan mental kita
Bocah wadon kang lagi maca buku lan ketara ngantuk iku sregep. Wasesa ukara kasebut yaiku ...
Maca
Sregep
Ngantuk
Lagi maca
Lagi maca buku lan ketara ngantuk
Gatekna jinis-jinis wayang ing ngisor iki! 1. wayang Jawa, 2. wayang golek sunda, 3. wayang bali, 4. wayang sasak, 5. wayang potehi, 6. wayang saka thailand. Adhedhasar dhaptar kasebut, wayang ngrembaka ing ...
Indhonesia
Malaysia
Saperangan Asia Tenggara
Saperangan Tanah Melayu
Nuswantara
Gambar wayang iki kasebut asmane ...
Semar
Gareng
Petruk
Bagong
Sengkuni
Amanat saka crita wayang yaiku ...
Manungsa anggone urip bisa nuladha marang watak ala lan nyingkiri watak kang becik
Manungsa bisa nuladhani watak kang becik lan ninggalake watak kang ala
Aja nuladha marang watak wayang kang becik, utamane kang dituladhani dening Ramawijaya
Manungsa bakal nemoni kabegjan menawa ora gelem usaha utawa mbudidaya
Manungsa bakal nemini kamulyan yen nuladhani setunggul paraga wayang
Wayang kulit amarga digawe saka kulit lembu/maesa kasebut wayang ...
Purwa
Golek
Krucil
Beber
Gedhog
Teks crita wayang sing digelar sajrone pentas pawayangan bisa dadi pasinaon basa, jalaran ...
Paraga dhalang nalika ngurip-uripi wayang, bisa sinambi mulang basa Jawa
Nyinau nyaman basa Jawa
Basane teks crita wayang lumrahe gathuk karo basa sing digunakake para siswa saben dina
Antarane anak dhalang bisa sesrawungan
Unggah-ungguh ing basa wayang bisa digunakake patuladhan
Miturut sejarah, wayang kang asale saka negara manca iku, dianggit maneh lan bisa luwih ngrembaka lumantar kaprigelan lan kawicaksanan ...
Para wali kang nyebarake kabudayan lan agama
Para orientalis Walanda nalika njajah Indonesia
Para sarjana kesenian kabudayan kang kreatif
Para sutresna budaya supaya tetep lestari
Para dalang nganggep sarana golek pangupa jiwa
Ing ngisor iki sing diarani abdi/pelayan Pandhawa yaiku ...
Punokawan
Pandhu Dewanata
Dhestarasata
Adipati Warangga
Kumbakarna
Lakon wayang utawa teks carita wayang kang kagelar kanthi njupuk sumber carita saka Ramayana lan Mahabharata, kasebut jenis wayang ...
Wayang golek menak
Wayang purwa lan madya
Wayang beber lan panji
Wayang suluh utawa pembangunan
Wayang sudah lan wahyu
Sawiijine teks dhialog kang nggambarke panguripan lan watak tumindake pawongan diarani ...
Dongeng
Teks drama
Cerkak
Legenda
Drama kang umume nyritakake panguripan jaman saiki tuladahane ngenani pendidikan, sosial, lan liya-liyane kuwi diarani drama apa?
Tradhisional
Modern
Fabel
Lodrug
Kethoprak
Waca pethikan iki: “Minak Koncar: Dak kira perkara durung rampung. Awit saelingku Adipati Minak Jingga iku kondhang minangka pawongan kang sekti lan pinter, dadi ora gampang kok apusi. Ati-ati loh Patih! Patih Logender: Hahahaha… (karo mengkerik) kuwi perkara gampang. Ora usah kuwatir, kabeh mengko bisa dak rampungi. Hahaha… (guyune saya banter).” Saka pethikan teks ing nduwuwur, Patih Logender nduweni sipat apa?
Wicaksana
Ora gampang nyerah
Tanggung jawab
Pinter
Sombong
Salah sawijining bab-bab kang kudu digatekake sakdurunge maragakake sawijining paraga ing drama, kang paling utama yaiku apa?
Nggatekake busana
Nggatekake wektu
Nggatekake swara
Nggatekake alur carita
Nggatekake panggonan
Waca teks drama iki: Jono: Heh, bocah-bocah wis podho latihan drama basa Jawa, terus kelompok awake dhewe yakpa? Pardi lan Parman: Terus, gue harus bilang wowo gitu? wow…!!! Supardi: Heladalah, iki tenanan lho… Parman: Lhah dhek wingi awakmu nandi ae? Supardi: Nyapo aku sing kok takoni? Parman: Kan wayahé kelompok, kowe yowis diomongi… Supardi: Kapan koen lek ngomong? (mulai nesu) Parman: ow koen wis pikun yo? Pethikan iki kalebu struktur drama bagean apa?
Tetepungan
Pangudare prakara
Pasulayan
Revolusi
Pungkasaning crita
Waca fragmen iki: Samin: Fred, aja cepet-cepet mbebayani! Fredi: Alaah, sepi banget ing wayah wengi, ora apa-apa! (Samin nyekel lan narik dheweke maneh.) Samin: Ayo mandheg dhisik! Fredi: Ah! luwih cepet tekan alamat kasebut, luwih apik! Samin: Elinga yen aku nggawa layang penting! Fredi: Makane kui. Samin: pokoke mandheg, Fred! Aku ora pengin ditangkap wowo Walanda. Fredi: Yowes, Min! Kowe sing nyekel komando. Konflik sing ana ing fragmen drama iki yaiku apa?
Sarmin lan Fredi tukaran
Kepinginan mandheg kanggo istirahat
Rebutan sing nyekel komando
Kuwatir marang keselamatan surat penting sing digawa
Wedi mlaku-mlaku pas wengi
Obah mosiké paraga drama kanthi dumadakan manut situasi lan kondisi diarani apa?
Audience
Casting
Improvisasi
Mimik
Flashback
Waca cuplikan Lutung Kasarung, ADEGAN 1: “Prabu: Dina iki wis tak tetepke sing bakal dadi pewaris tahta kerajaan iki yaiku Putri Purbasari. Purbasari: Nyuwun pangapunten, Prabu, menawi ingkang dados Ratu mboten kakanda Purbararang kemawon? Indrajaya: Nyuwun pangapunten, Prabu, menapa ingkang dipunandharaken Purbasari menika leres.” Saka cuplikan mau, latar panggonan ing adegan 1 ana ing endi?
Alas
Omahe penyihir
Kamar
Bale paseban
Kahyangan
Waca pethikan iki: “Minak Koncar: Dak kira perkara durung rampung. Awit saelingku Adipati Minak Jingga iku kondhang minangka pawongan kang sekti lan pinter, dadi ora gampang kok apusi. Ati-ati loh Patih!” Saka pethikan teks ing nduwuwur, Minak Jingga nduweni sipat apa?
Wicaksana
Sombong
Tanggung jawab
Ora gampang nyerah
Pinter
Klething Abang: Klething kuning cepet mréné! arep lunga menyang kutha, iki kumbahan ndang dikumbah! Klething Kuning: Inggih Mbak Yu, sendika dhawuh. Saka pacelathon drama ing nduwuwur, watèk Klething Abang yaiku apa?
Sabar
Wicaksana
Ladak/galak
Seneng tetulung
Gampang iri
Ukara aksara Jawa ing gambar diwaca dadi apa?
Ngangkat watu
Ngangkat banyu
Ngangkat wajan
Ngangkat omah
Ngangkat semangka
Tembung panggandeng kang nyatakake sebab yaiku apa?
Utawa
Amarga
Saengga
Sanadyan
Saumpama
Ing ngisor iki ukara kang nggunakake tembung panggandeng kang nyatakake wayah yaiku endi?
Saumpama aku bisa nonton prastawa iku mesti aku seneng banget
Nalika aku metu saka ngomah, kahanane dadi peteng banget
Sanadyan wis dianjurne nggunakake kaca mata kang ana filtere isih ana wae wong kang ora manut
Mata kudu dijaga supaya tetep preman kanggo nyawang
Aku lan adiku mlaku-mlaku ing pasar baru
Raden Arjuna satriya ing ngendi?
Madukara
Jodhipati
Bumi retawu
Ngastina
Plangkawati
Raden Werkudara satriya ing ngendi?
Jodhipati
Amarta
Ngastina
Madukara
Sawo jajar
“Prabu Pandu Dewanata lan Dewi Kunthi tansah nandhang duhkita amarga anake mbarep dilairake kawungkus selaput tipis kang ora bisa dipecah/diuswek kanggo pusaka apa wae.” Tembung duhkita padha tegese karo apa?
Bungah
Mantep
Nelangsa
Sumringah
Nesu
Paraga-paraga wayang iki sing ora kalebu Pandhawa yaiku sapa?
Krisna
Werkudara
Janaka
Yudhistira
Sadewa
Cuplikan teks crita wayang kang sumberé kakawin Arjuna Wiwaha nuduhake yen pagelaran wayang kuwi wis kelaksanane kawin jaman Kediri. Ana kono uga diandharake anane paraga punakawan yaiku sapa?
Semar, Gareng, Petruk, Bagong
Puntadewa, Yudhistira, Arjuna, Nakula, Sadewa
Tolong, Bilung, Limbuk
Sengkuni, Karna, Duryudana
Rama, Sinta, Lestari, Anoman
Sandhangan kanggo menehi ng mati ana ing aksara yaiku sandhangan apa?
Pilihan A (gambar sandhangan)
Pilihan B (gambar sandhangan)
Pilihan C (gambar sandhangan)
Pilihan D (gambar sandhangan)
Pilihan E (gambar sandhangan)
Sandhangan kanggo menehi r mati ana ing aksara nggunakake sandhangan apa?
Pilihan A (gambar sandhangan)
Pilihan B (gambar sandhangan)
Pilihan C (gambar sandhangan)
Pilihan D (gambar sandhangan)
Pilihan E (gambar sandhangan)
Sandhangan kanggo nulis vokal o ana ing tembung kebo yaiku sandhangan apa?
Pilihan A (gambar sandhangan)
Pilihan B (gambar sandhangan)
Pilihan C (gambar sandhangan)
Pilihan D (gambar sandhangan)
Pilihan E (gambar sandhangan)
Tembung-tembung iki sing nggunakake sandhangan pepet yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku endi?
Sambel
Lemah
Kertas
Becik
Sumringah
Tembung sing panulisané nggunakake cakra keret yaiku…
Pramuka
Kreteg
Krupuk
Ambyar
Blarak
Sandhangan swara cacahé ana…
5
4
6
3
7
Ukara aksara Jawa sing katon ing gambar diwaca…
Kretege salareja
Kreteg selareja
Kreteg selorejo
Krateg seloreja
Kratege selarejo
Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
Pilihan A ing gambar
Pilihan B ing gambar
Pilihan C ing gambar
Pilihan D ing gambar
Pilihan E ing gambar
Byar-byar aduse, yen ditulis nganggo aksara Jawa nggunakake sandhangan…
Cakra, layar, suku, taling
Pengkal, pangkon, suku, lan pepet
Wignyan, layar, suku, pepet
Pengkal, layar, suku, lan taling
Wignyan, layar, suku, taling
Aksara Jawa iki uniné…
Tejo tuku buku 54,400
Teja tuku buku 45,400
Tejo tuku buku 44,500
Teja tuku buku 45,000
Tejo tuku buku 45,400
Apa sing diarani teks artikel?
Teks sing nyritakake pengalaman pribadi
Teks sing ngandhut informasi lan fakta kanggo njlentrehake sawijining topik
Teks sing isiné crita rakyat utawa dongeng
Teks sing isiné dialog antarane tokoh
Teks sing ngandhut unsur-unsur puisi
Tujuan utama penulisan teks artikel yaiku…
Nggambarake kedadeyan nyata
Nyritakake legenda utawa dongeng
Nyedhiyakake hiburan marang pamaos
Nyritakake pengalaman pribadi
Nyedhiyakake informasi lan pengetahuan marang pamaos
Kalimat sing cocog kanggo paragraf panutup teks artikel yaiku…
Wong Jawa pancen luwih seneng mangan sega
Mula saka iku, ayo kita nguri-uri kabudayan Jawa
Nalika iku, kanca-kancaku padha padha ngguyu
Romo tansah nuntun kula mboten kendhat
Kembang mawar iku arum lan ayu
Apa tujuan utama saka teks drama?
Nggambarake tokoh lan watak
Nyedhiyakake informasi marang pamaos
Nglipur utawa nyenengake pamirsa liwat dialog lan adegan
Nggambarake pemandangan alam
Nggambarake pengalaman pribadi
Apa fungsi saka narator ing teks drama?
Tokoh sing nduweni watak utama
Wong sing ngemot dialog ing adegan
Wong sing nggawé latar lan set panggung
Wong sing nerangake latar utawa njlentrehake crita
Tokoh antagonis ing crita
Apa sing diarani monolog ing teks drama?
Dialog antarane rong tokoh
Dialog tokoh karo pamirsa
Dialog tokoh karo latar
Pidhato tokoh utama
Ucapan saka siji tokoh kanggo awake dhewe
Sing endi aksara Jawa sing nglambangake "ka"?
Pilihan aksara A
Pilihan aksara B
Pilihan aksara C
Pilihan aksara D
Pilihan aksara E
Sing endi aksara Jawa sing nglambangake "ma"?
Pilihan aksara A
Pilihan aksara B
Pilihan aksara C
Pilihan aksara D
Pilihan aksara E
Aksara ing gambar iku kanggo nglambangake…
Sa
Ba
Ta
Da
Ka
Apa fungsi saka sandhangan "cecak" ing aksara Jawa?
Nandhani swara "e"
Nandhani swara "o"
Nandhani swara "i"
Nandhani swara "u"
Nandhani swara "ng"
Sandhangan "taling" ing aksara Jawa kanggo nglambangake swara…
I
U
O
E
A
Pandhawa Lima iku tokoh utama saka epos…
Ramayana
Bharatayudha
Mahabharata
Serat Centhini
Arjunawiwaha
Pandhawa Lima iku putrané…
Dresarasta
Ramawijaya
Pandhu Dewanata
Rahwana
Janaka
Sapa Pandhawa sing dikenal minangka ksatria panengah sing ahli panahan?
Bima
Yudhistira
Nakula
Arjuna
Sadewa
Bima dikenal minangka ksatria sing…
Licik lan pinter
Kuat lan wani
Luwes lan romantis
Sombong lan tega
Lemah lembut
Wayang Ramayana lan Mahabharata padha-padha nggambarake perang antarane…
Saudara sedulur
Manungsa lan Dewa
Pahlawan lan Raksasa
Ksatria lan Asura
Kurawa lan Pandhawa
Ing epos Ramayana, tokoh utama yaiku…
Yudhistira
Arjuna
Rama
Bima
Nakula
Apa sing dadi ciri utama wayang Mahabharata tinimbang wayang Ramayana?
Konflik antarane sedulur kandung
Cerita cinta antara raja lan ratu
Kisah petualangan ing alas
Perselisihan karo raksasa
Kisah peperangan antarane dewa-dewa
Ing epos Mahabharata, Pandhawa Lima nduweni musuh utama sing diarani…
Sugriwa
Hanoman
Kurawa
Rahwana
Kumbakarna
Apa jeneng piranti sing digunakake kanggo layar nindakake pagelaran wayang kulit?
Sabet
Gunungan
Kelir
Blencong
Kepyak
Piranti sing dipasang ing tengah layar lan dadi pralambang gunung suci yaiku…
Kothak wayang
Cempala
Kayon
Kepyak
Blencong
Apa jeneng piranti sing minangko lampu minyak tradisional kanggo madhangi pagelaran wayang?
Kothak wayang
Cempala
Kayon
Kepyak
Blencong
Apa jeneng papan panggonan wayang disimpen nalika ora digunakake?
Kelir
Kothak wayang
Cempala
Kayon
Kepyak
Miturut bacaan "Masa Depan Tani Organik", artikel kasebut kalebu jinis artikel apa?
Artikel prediktif, amarga ngandharake saran lan panemuan anyar
Artikel preskriptif, amarga menehi arahan marang para petani supaya ngadopsi cara tani organik
Artikel deskriptif, amarga nggambarake kepriye kondisi tani organik saiki
Artikel deskriptif, amarga nerangake manfaat saka cara tani organik sing wis diterapake
Wacan cekak bab alas minangka paru-paru donya sing nyedhiyakake oksigen lan panyimpen banyu, bisa ngancam ekosistem lan uripé manungsa amarga penggundulan, mula perlu langkah kanggo njaga supaya lestari. Artikel ing dhuwur nduweni ciri-ciri artikel …
Prediktif
Deskriptif
Preskriptif
Argumentatif
Naratif
Yen artikel iku kalebu jinis artikel preskriptif, mesthine bakal ngandhut …
Prakiraan bab akibat saka tindakan
Gambaran rinci babagan alas lan fungsie
Saran lan pitunjuk kanggo nyegah penggundulan alas
Pendapat penulis tanpa bukti sing cetha
Kasunyatan sing disampaikan kanthi netral
Tuladhane artikel deskriptif yaiku artikel sing …
Ngandhut prakiraan babagan masa depan ekosistem
Nyritakake fungsi alas kanthi rinci lan visual
Nerangake cara-cara ngrampungake masalah penggundulan alas
Mbujuki pamaca supaya peduli marang lingkungan
Nuduhake kepiye akibaté yen alas rusak
Artikel prediktif lumrahé nggunakake tembung-tembung …
“Ing mangsa ngarep”, “ana kemungkinan”, lan “diprakirakake”
“Dipunandika”, “kita kudu”, lan “supados”
“Mesthine”, “iku sebabé”, lan “paling apik”
“Miturut para ahli”, “adhedhasar data”, lan “samubarang”
“Akeh sing ngomong”, “katon yen”, lan “ora mesthi”
Saben artikel mesthi duwe tujuan kang beda. Tujuan utama artikel preskriptif yaiku …
Ndidhihak pamaca bab topik tartamtu
Ngandhani pamaca bab prakiraan masa depan
Maringi saran kanggo ngatasi masalah tartamtu
Ngenalake pamaca marang barang utawa kedaedan anyar
Apa alasan utama wayang bisa nyebar saka India menyang Jawa?
Dihasilake dening budaya asli Jawa
Digawa para pedagang India kang dagang ing Jawa
Dikenal amarga cerita-cerita pahlawan lokal Jawa
Dimainkan kanggo tujuan dagelan lan hiburan masyarakat
Dikenal amarga pengaruh kolonial Eropa ing Nusantara
Apa pengaruh agama Hindu lan Buddha marang perkembangan wayang ing Jawa?
Nyiptakake gaya wayang kang padha karo asliné India
Ngganti kabeh karakter wayang dadi tokoh-tokoh Jawa asli
Ngurangi nilai moral lan agama ing cerita wayang
Nyumbangake epos Mahabharata lan Ramayana ing cerita wayang
Ngganti wayang dadi alat kanggo ngihibur para pejabat kolonial
Ing Jawa, wayang ora mung dadi hiburan nanging uga …
Alat kanggo adu kekuwatan antarane tokoh pahlawan
Media kanggo nyebarake ilmu politik lan ekonomi
Media kanggo nyritakake legenda lan ajaran moral
Alat kanggo perdagangan antarabangsa
Alat kanggo upacara religi non-agama
Apa sing ndadekake wayang ing Jawa dadi unik lan beda karo wayang asliné saka India?
Wayang ing Jawa nganggo basa Inggris kanggo dialogé
Wayang ing Jawa luwih nggabulake elemen musik modern
Wayang ing Jawa ngadopsi karakter-karakter lokal lan budaya Jawa
Wayang ing Jawa ora ana hubungan karo agama
Wayang ing Jawa nduweni gaya seni lukis sing mirip seni Eropa
Wayang mlebu menyang Pulau Jawa nalika ana pengaruh agama …
Islam
Buddha lan Hindu
Kristen
Animisme
Katolik
Lakon-lakon wayang sing ana ing Jawa umume asale saka epos …
Bharatayuda lan Sudamala
Mahabharata lan Ramayana
Serat Centhini lan Pararaton
Tantu Pagelaran lan Serat Wedhatama
Panji lan Dewaruci
Proses adaptasi lakon wayang saka India supaya luwih cocok karo budaya Jawa dicethaake kanthi …
Nganti lakon lan tokoh India tetep asli
Nambahake unsur lokal lan tokoh khas Jawa
Ngrubah cerita dadi bentuk asli India
Nganti budaya India tetep ana ing Jawa
Ngowahi kabeh cerita supaya beda saka India
Sak durunge diadaptasi para wali, para pujangga Jawa nggunakake epos Mahabharata lan Ramayana ing wayang kanggo tujuan …
Panyebaran agama Islam
Pembelajaran masyarakat babagan ajaran moral lan etika
Penguasaan politik saka negara asing
Pembuktian pengaruh budaya Barat ing Jawa
Peniruan budaya asing tanpa perubahan
Salah siji alasan kenapa wayang bisa ditampa kanthi apik ing Jawa amarga …
Wayang nduweni unsur-unsur budaya Jawa sing kuat
Wayang asline saka budaya Jawa asli
Lakon-lakone ora ana hubungane karo ajaran agama
Wayang ngandhut akeh tokoh saka budaya Barat
Wayang mung dipentase ing lingkungan keraton
