wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Semester 1 Kelas VI

Total questions: 37

Worksheet time: 28mins

Name
Class
Date
1.

Teks informasi yaiku sawijining teks sing isine....

a)

Unen-unen utawa tembung-tembung ukara sing isine ngajak-ngajak marang sapa bae sing maca.

b)

Aweh wernane informasi marang para pamaca.

c)

Kanggo ngajak, ngajakinae, ndayani, mangribawani lan kanggo narik kawigaten.

d)

Tawa-tawa, pamer udata nuduhake lan ngajak marang sing maca supaya gelem ndeleng, nuku lan nggunakake produk sing ditawakake.

2.

Wujude teks informasi yaiku....

a)

Pawarta, persuasi lan pidato

b)

Narasi faktual, dheskripsi lan persuasi

c)

Sesanti, slogan lan dheskripsi

d)

Pawarta, dheskripsi faktual lan Crita

3.

Sawijining teks sing isi lan andarane kanggo ngajak, ngajakinae, ndayani, mangribawani lan kanggo narik kawigaten wong liya diarani teks....

a)

Narasi faktual

b)

Persuasi

c)

Dheskripsi

d)

Argumentasi

4.

Teks dheskripsi yaiku salah sawijining teks sing ngandakake....

a)

Kanggo ngajak, ngajakinae, ndayani, mangribawani lan kanggo narik kawigaten wong liyo.

b)

Isine supaya nawakake barang/ produk marang wong liya.

c)

Crita sing bener-bener lan dumadi.

d)

Samubarang (manungsa, barang, lelakon, panggonan, kahanan lan sapanunggalane) kanthi apa anane.

5.

Sawijine teks crita sing bener-bener ana lan dumadi, kayata: pengalaman pribadi, pawarta, profil tokoh idola, lan sapanunggalane diarani teks....

a)

Narasi faktual

b)

Persuasi

c)

Dheskripsi

d)

Argumentasi

6.

Tembang ing ngisor iki sing kelebu tembang macapat yaiku....

a)

Dolanan

b)

Gambuh

c)

Salaka

d)

Campursari

7.

Tembang macapat iku sawijining karangan kang duwe paugeran anane....

a)

Guru gatra, guru lagu, guru wicara

b)

Guru gatra, guru wanda, guru wilangan

c)

Guru gatra, guru lagu, guru wilangan

d)

Guru gatra, guru wilangan, guru lagu

8.

Ciri khas tembang kinanthi yaiku duwe watak kang kasebut ing ngisor iki yaiku....

a)

Sereng

b)

Asih asuh

c)

Welas

d)

Luwes

9.

Wacanen kanthi setiti tembang kinanthi ing ngisor iki!

Pasulayan karo dulur,

Iku mung ngisin-isini,

Tembang kasebut duwe paugeran guru wilangan lan guru lagu....

a)

8u, 8i

b)

8i, 8a

c)

8u, 8a

d)

8a, 8i

10.

Tembang macapat sing duwe paugeran 12u, 6a, 8i, 12a diarani tembang....

a)

Mijil

b)

Sinom

c)

Kinanthi

d)

Pocung

11.

Tegese tembung "Rebutan balung tanpa isi" yaiku...

a)

Rebutan barang sing regane larang

b)

Rebutan panganan sing ora enak

c)

Rebutan barang sing ora ana regane

d)

Rebutan panganan sing ana isine

12.

Paribasan yaiku unen-unen....

a)

Kang ajeg panggonane, mawa teges entar (kiasan), lan ora ngemu teges pepindhan.

b)

Nggambarake kahanan manungsa.

c)

Nggambarake sipate manungsa sing disandhingake karo barang utawa tanduran.

d)

Tembung utawa ukara sing nduweni makna padha.

13.

Unen-unen kang ajeg panggonane mawa teges entar (kiasan), ngemu teges pepindhan. Nanging kang dipindhahake wonge yaiku....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Unen-unen

14.

Becik ketitik, ala....

a)

Ora ketara

b)

Ketara

c)

Konangan

d)

Ditutupi

15.

Jaman saiki akeh Wong tuwa sing rekasa uripe amarga kabotan ngeni anak- anak. Tembung saloka kang mathuk karo pranyatan ing nduwur yaiku....

a)

Gajah ngidak rapah

b)

Kebo Bule mati setra

c)

Kebo kabotan sungu

d)

Kebo mulih menyang kandhange

16.

Unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibedhek isine (karepe) diarani....

a)

Wangsalan

b)

Cangkriman

c)

Paribasan

d)

Pepindhan

17.

Sing klebu jinis cangkriman yaiku....

a)

cangkriman paribasan

b)

cangkriman wancahan

c)

cangkriman bebasan

d)

cangkriman wangsalan

18.

Cangkriman ing ngisor iki klebu cangkriman blendheran yaiku....

a)

Mbokne dielus- elus, anake didak- idak

b)

Ana gajah numpak becak, ketok apane?

c)

Pak bomba, pak lawa, pak iyu

d)

dikethok say dhawur, disambung saya eedhak

19.

Cangkriman ing ngisor iki sing klebu cangkriman wancahan yaiku....

a)

Awa lima kalung telu, isih pira

b)

Cangkriman nguntal sangkrah

c)

Burnas kopen

d)

Anake gelungan ibune ngrembyang

20.

Sawah rong kedhok galengane mung sithok, Batangané (bedhekané) cangkriman kang awujud tembang kasebut yaiku....

a)

Kembang gedhang

b)

Godhong gedhang

c)

blumbang iwak

d)

Lapangan

21.

Ngomong ing ngarep wong akeh kanthi tujuan tartamtu diarani....

a)

Nembung

b)

Nyinden

c)

Sesorah

d)

Nuturi

22.

Urut-urutan kang runtut struktur baku teks pidato yaiku....

a)

Salam, pambuka, panutup

b)

Pambuka, isi, panutup

c)

Pambuka, panutup, isi

d)

Salam, isi, pambuka

23.

Wasana cekak semanten ingkang dados atur kula. Ukuran ing nduwur klebu stuktur pidatho yaiku....

a)

Salam

b)

Pambuka

c)

Isi

d)

Panutup

24.

Jroning sesorah becike nggunakake basa....

a)

Ngoko alus

b)

Ngoko lugu

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

25.

Unen-unen, tetembungan ukara sing isine ajak-ajak, ngelingake sarta menehi semangat sapa bae marang sing maca diarani teks....

a)

Pawarta

b)

Persuasi

c)

Deskripsi

d)

Argumentasi

26.

Salah sijine ciri - ciri teks pawarta yaiku ngandakake kedadeyan kang....

a)

durung dumadi

b)

wis dumadi

c)

ora bener

d)

mung kahanan

27.

Cacahe tembang macapat yaiku ana....

a)

10

b)

11

c)

12

d)

13

28.

Dhong dhinge utawa tibane swara ing saben-saben pungkasané gatra tembang macapat diarani....

a)

Guru gatra

b)

Guru lagu

c)

Guru wilangan

d)

Guru wicara

29.

Unen-unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar (kiasan), ngemu teges pepindhan. Sing dipindhahake kahanan/sesipatane wong utawa barang yaiku....

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Cangkriman

30.

Sepi ing pamrih rame ing.... (Lanjutan Paribasan)

a)

karya

b)

gawe

c)

atine

d)

balungan

31.

Ana gajah numpak becak, ketok apane.... (Wangsulana Cangkriman)

a)

Gajahe

b)

Becake

c)

Ngapusi

d)

Lawase

32.

Burnas kopen, wangsulane.... (Wangsulan Wangsalan)

a)

Bubur kacang ijo dipangan sore wayah mulih kerja

b)

Nangka jiblok ning suketan

c)

Slimut teles pepenen

d)

Bubur panas kokopen

33.

Kanggo mateni aksara sing ana ing mburine ukara kejaba yen ukara ana ing pungkasane ukara yaiku....

a)

Pasangan

b)

Sandangan

c)

Cecak

d)

Pangkon

34.

Apa bae sing kelebu teks informasi iku?

a)

Pawarta, iklan, persuasi, dheskripsi.

b)

Crita, sesorah, pawarta.

c)

Iklan, crita fiksi, tembang.

d)

Slogan, cerkak, drama.

35.

Sebutna 5 Jenise tembang macapat!

a)

Pocung, Gambuh, Durma, Maskumambang, Megatruh

b)

Kinanti, Pangkur, Asmarandana, Sinom, Dhandhanggula

c)

Semua jawaban di atas benar

d)

Semua jawaban di atas salah

36.

Jelasna bedane paribasan, bebasan, lan saloka!

a)

Paribasan iku unen-unen sing ajeg panggonane, mawa teges entar, ora ngemu pepindhan.

b)

Bebasan iku unen-unen sing ajeg panggonane, mawa teges entar, sing dipindhakake sipate manungsa.

c)

Saloka iku unen-unen sing ajeg panggonane, mawa teges entar, sing dipindhakake wonge dhewe karo kewan utawa barang.

d)

Kabeh jawaban ing ndhuwur bener.

37.

Geketno tembung ing ngisor iki! “kowe kudu tanggung jawab, aja tinggal glanggang colong payu” Terangke tegese tembung ing nduwur!

a)

a. Keplayu saka papan parangan utawa ora duwe tanggung jawab

b)

b. Tansah eling lan waspada ing saben tumindak

c)

c. Aja gampang percaya marang wong liya

d)

d. Tansah ngupaya supaya sukses