NEW
Font size
S
M
L
XL
WorksheetsREMIDI BHS JAWA KELAS 4 TA. 2025/2026
Total questions: 10
Worksheet time: 10mins
Name
Class
Date
1.
Gatekna teks geguritan ing ngisor iki. Guyub Rukune Semut Si blekithi Nadyan alit ringkih Tansah negenake komunikasi Guyup rukun anggung den jagi Engga kwawa ngusung boga gung aluhur Pakaryan abot bisa rampung Geguritan ing dhuwur temane bab ….
a)
karukunan
b)
perjuwangan
c)
kamanungsan
d)
kapinteran
2.
Engga kwawa ngusung boga gung aluhur.
Tegese tembung "kuwawa" yaiku ….
a)
wani
b)
rukun
c)
cilik
d)
kuwat
3.
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Reny : "Ibnu, tulung lampune kuwi patenana! Ngene wae rak wis padhang ta."
Ibnu : "Geneya kok kudu dipateni, apa ngganggu?"
Reny : "Sakjane ya ora ngganggu, nanging kanggo pengiritan. Dhawuhe Pak Guru awake dhewe kudu ngirit energi.
Ibnu: "Eh Ren, aku arep takon, geneya awake dhewe kok kudu ngirit energi?"
Reny : "Anane awake dhewe kudu ngirit energi jalaran energi kuwi cacahe winates banget."
Awake dhewe kudu ngirit energi jalaran energi kuwi ....
a)
ora ana sing dodolan
b)
angel banget golekane
c)
cacahe energi kuwi winates
d)
penting banget gunane
4.
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Reny : "Ibnu, tulung lampune kuwi patenana! Ngene wae rak wis padhang ta."
Ibnu : "Geneya kok kudu dipateni, apa ngganggu?"
Reny : "Sakjane ya ora ngganggu, nanging kanggo pengiritan. Dhawuhe Pak Guru awake dhewe kudu ngirit energi.
Ibnu: "Eh Ren, aku arep takon, geneya awake dhewe kok kudu ngirit energi?"
Reny : "Anane awake dhewe kudu ngirit energi jalaran energi kuwi cacahe winates banget."
Temane pirembugan ing ndhuwur yaiku ....
a)
ngirit energi
b)
guyub rukun
c)
nyambut gawe
d)
gotong royong
5.
Sing diarani teks pirembugan yaiku teks wujude ….
a)
tembang
b)
gancaran
c)
geguritan
d)
pacelathon
6.
(1) Sapa wae sing bakal teka mrene?
(2) Kapan mbakyumu budhal menyang Malang?
Adhedhasar isine ukara ing ndhuwur diarani ukara ….
a)
adharan
b)
pitakon
c)
prentah
d)
sambawa
7.
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Amarga Dewi Sekartaji luwih ayu lan apik budi pakertine yen katadhing karo Galuh Ajeng, mula Raden Inu Kertapati milih Dewi Sekartaji minangka jodhone. Galuh Ajeng sing serik atine banjur golek dalan kanggo nyingkirake Dewi Sekartaji. Saka dhukung tenung, Galuh Ajeng oleh endhog sing wis dijampi-jampi kanggo disisipake ing dhaharane Dewi Sekartaji.
Watake Galuh Ajeng yaiku ....
a)
gampang serik
b)
loman banget
c)
becik banget
d)
pakartine becik
8.
Piwulang kabecikan utawa pitutur luhur kang ana ing sajroning crita diarani ….
a)
pesen/amanat
b)
sudhut pandhang
c)
seting
d)
paraga
9.
Wacanen teks ing ngisor iki.
Dhokter iku mujudake pakaryan sing nyambut gawene ing bidhang kesehatan. Tugase aweh tetulung lan nambani wong lara. Dadi dhokter iku kaya-kaya pakaryan sing paling disenengi dening saben bocah. Saben bocah menawa ditakoni apa sing dadi cita-citane rata-rata njawab kepengin dadi dhokter.
Salah sijine conto, dhokter Marsuji. Dhokter Marsuji kuwi kondhang dhokter sing becik, loman, lan ora mbedak-mbedakake pasien. Saben ana pasien sing mertamba mesthi dilayani kanthi becik, sopan, ramah lan nyenengake. Saben dina ing dalem prakteke ajeg rame. Senajan daleme manggon ing njero kampung, nanging akeh wong utawa pasien sing nggoleki. Akeh wong sing padha teka saperlu mertamba. Ketoke akeh wong sing jodho mertamba marang dhokter Marsuji.
Dhokter Marsuji kuwi duwe watak ....
a)
sombong, angkuh, lan seneng tetulung
b)
becik, loman, lan mbedak-mbedakake pasien
c)
becik, loman, lan ora mbedak-mbedakake pasien
d)
angkuh, loman, lan ora mbedak-bedakake pasien
10.
Gatekna karangan ing ngisor iki.
Kancaku nyambut gawe dadi loper utawa dodolan koran. Bocahe sregep, nggantheng, tur pinter. Dheweke uga nduweni watak sabar, loman, lan tanggung jawab. Kanca-kancane padha seneng. Senajan sinambi nyambut gawe, nanging sekolahe tetep ora keganggu. Saben nampa rapot dheweke mesti rangking siji.
Karangan ing dhuwur mujudake conto karangan ....
a)
narasi
b)
dheskripsi
c)
argumentasi
d)
persuasi
Reset
