NEW
Font size
Worksheetsbahasa Jawa Pacelathon
Total questions: 20
Worksheet time: 26mins
Kepriye carane nggunakake tata krama sing bener nalika guneman karo sedulur sing luwih tuwa?
Teks pacelathon iku katulis kanthi wujud
Gancaran
Pada
Imbal wacana
Geguritan
Sakabehe ukara ing teks pacelathon iku nggunakake
Ukara kandha
Ukara crita
Ukara pakon
Ukara panjaluk
Cacahing paraga utawa tokoh ing teks pacelathon yaiku
Loro utawa luwih
Akeh banget
Siji utawa luwih
Ora bisa dietung
Ukara ing teks pacelathon
Dawa boseni
Cekak aos
Ngelantur
Cekak banget
Pacelathone bocah marang wong tuwo nggunakake basa
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Miturut unggah-ungguh utawa undha usuk, basa jawa kaperang dadi loro, yaiku
Ngoko lugu lan ngoko alus
Krama lugu lan krama alus
Basa ngoko lan basa krama
Krama lugu lan krama inggil
Bapak : “ Ron, yen lagi sinau TVne mbok ya dipateni!”
Roni : “ Inggih pak, ngapunten kulo kesupen.”
Bapak : “ Aja nganti lali, amarga mateni TV yen lagi ora ditonton iku bisa ngirit biaya.”
Roni : “ Inggih, pak. Badhe kulo emut-emut welingipun bapak.”
Pachelathon ing dhuwur, ngagas bab...
gemi marang banyu
boros marang banyu
gemi marang energi listrik
boros marang energi listrik
Bu Dewi : Surti, kowe arep menyang ndi ?
Surti : . . .
Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing nduwur yaiku . . .
Nyang omahe budhe
Dhateng dalemipun budhe
Nyang griyane budhe
Tindak griyane budhe
Miturut unggah-ungguh utawa undha usuk, basa ngoko kaperang dadi loro, yaiku ...
ngoko lugu lan ngoko alus
krama lugu lan krama alus
basa ngoko lan basa krama
krama lugu lan krama inggil
"Bapak badhe ... nopo?" Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ...
mangan
nehda
dhahar
nginum
Pacelathon tegese ...
beda karo percakapan utawa dialog ing basa Indonesia
ing basa Indonesia diarani drama utawa teater
pangudarane pawongan ngenani sawenehe bab
rembugane wong loro utawa luwih ngenani sawenehe bab
Tegese unggah-ungguh basa yaiku ...
sopan santune wong-wong jawa
sopan-santun, tata susila, tata pranata
kebiasaane wong jawa marang liyane
sopan-santun, tata susila, tata pranatane basa sing tujuane kanggo ngajeni wong liya
Pak Bawa : ”Bim, TV ne yen ora kok deleng, patenana!”
Bima : ”Kula, badhe ningali film kartun, Pak.”
Pak Bawa : ”Film kartun iku isih sak jam maneh... hemat energi!”
Bima :”Nanging setrumipun TV niki lak alit, paling bayaripun listrik mirah.”
Pak Bawa : ”Ora merga hemat mbayare wae, ya hemat energi. Delengen ta, isih akeh desa sing durung dialiri listrik.”
Bima : ”Niku ing luar Jawi, Pak ing kang dereng wonten listrik.”
Pak Bawa : ”Ya yen wis ngreti, saiki TV-ne ndang dipateni.”
Bima : ”Inggih Pak, mangke yen film kartune sampun wiwit kula ningali, nggih!”
Pak Bawa : ”Aja kuwatir, kana sinau dhisik!
Tema sakin teks pacelathon kuwi, yaiku...
ngirit duwit
ngirit energi
boros energi
ayo tuku LED
Basa krama alus saka tembung "turu", yaiku....
siram
sare
unjuk
mundhut
Basa ngoko saka tembung "siram", yaiku....
jamu
adus
obat
pasar
Pacelathon kudu nggunakake basa krama yen paragane antarane ....
bocah cilik marang wong tuwa
wong enom marang wong enom
wong tuwa marang wong enom
wong tuwa karo kancane
Ibu : Srengenge wes mlethek, lampu kamarmu yen arep budhal sekolah aja lali dipateni.
Arka : Inggih Bu, kulo mboten ngantos kesupen. Matur nuwun.
Sing nindakake pacelathon ing ndhuwur yaiku ...
Ibu lan Bapak
Arka lan Bapak
Ibu lan Arka
Arka lan Rama
Jangkepana teks pacelathon iki!
Bima : “Wonten dhawuh bu?"
Ibu :"........................................”
Bima : “Sampun, TV nipun
sampun kula pejahi.”
TV ne mau wis kok pateni, Bim?
TV ne mau wis kok ganti, Bim?
TV ne mau wis kok resik, Bim?
TV ne mau wis kok pindah, Bim?
Wacanen ukara iki!
“Aku lagi wae siram, nalika bapak kondur dinas”
Ukara kasebut kleru bab unggah-ungguh, sebabe …
Tembung kondur diganti wangsul
Tembung kondur diganti mulih
Tembung siram diganti adus
Tembung siram diganti wuwung
