wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan AAS Bhs Jawa 9.1

Total questions: 35

Worksheet time: 18mins

Name
Class
Date
1.

Teks asil kagiatan olehe njingglengi (mengamati) adhedhasar kanyataan (fakta) lan kasunyatan (data) diarani teks ...

a)

Observasi

b)

Dheskripsi

c)

Narasi

d)

Kolaborasi

2.

Lapuran kagiatan bisa disusun dhewe-dhewe utawa kelompok manut ...

a)

kabutuhan

b)

panulis

c)

lapuran

d)

kagiatan

3.

Panulise lapuran kagiatan kudu …

a)

runtut

b)

apik

c)

basa

d)

nuladhani

4.

Strukture teks lapuran asil observasi dumadi saka, kejaba ...

a)

Andharan inti

b)

Andharan bagian

c)

Andharan umum

d)

Guna paedahe

5.

Strukture teks asil observasi kang mujudake andharan umum ngenani teks lapuran asil observasi diarani ...

a)

pambuka

b)

isi

c)

Saran

d)

Penutup

6.

Strukture teks asil observasi kang dumadi saka dheskripsi bagiyan lan dheskripsi manfaat diarani ...

a)

saran

b)

isi

c)

pambuka

d)

panutup

7.

Strukture teks asil observasi kang mujudake dudutan utawa Kesimpulan saka teks asil observasi diarani …

a)

isi

b)

panutup

c)

saran

d)

pambuka

8.

Tembung sing nerangake tumindak / tandang gawe / solah bawa, diarani tembung …

a)

kahanan

b)

kriya

c)

aran

d)

katrangan

9.

Kang diarani tembung aran yaiku ...

a)

Tembung sing nerangake tumindak / tandang gawe / solah bawa, diarani tembung

b)

Tembung sing nerangake barang utawa apa wae sing dianggep barang

c)

Tembung sing nerangake kahanan utawa sipate barang

d)

Tembung sing aweh katrangan marang wasesa utawa solah bawa

10.

Sugih, sabar, bening, lsp kalebu tembung ...

a)

kahanan

b)

katrangan

c)

sesulih

d)

aran

11.

Ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung kahanan yaiku ...

a)

Manuke dara mabur dhuwur

b)

Kodhoke oleh mencolot adoh

c)

Adhikku playune banter banget

d)

Dhik Hari olehe mangan suwe

12.

Layang iki mengko ... marang Bu Guru, aja nganti lali!

a)

paringna

b)

caosna

c)

wenehna

d)

sukakna

13.

Ing ngisor iki sipat teks lapuran asil observasi yaiku …

a)

informatip

b)

komunikatip

c)

objektip

d)

subjektip

14.

ukara ing ngisor iki sing nggunakake tembung katrangan yaiku …

a)

Hadyan kuwi tibake panganane akeh

b)

Nila saiki isih duwe sapi lemu-lemu

c)

Anane kesel merga aku mlayu banter

d)

Mas Keanu sandhangan e reged kabeh

15.

Lapuran asil observasi iku isine adhedhasar saka, kejaba ...

a)

kanyataan

b)

data

c)

fakta

d)

khayalan

16.

Titikane basa teks lapuran asil observasi yaiku ...

a)

Ditulis lelandhesan nyimpang saka kasunyataan nalika nindakake pengamatan

b)

Migunakake basa kang endah

c)

Ngemot bab-bab kang nyimpang saka kasunyatan

d)

Isi teks kudu objektip

17.

Ngomong ing ngarepe wong akeh kanthi ancas lan tujuwan tartamtu. Tanggap wacana uga diarani ...

a)

Medharsabda

b)

Manembrama

c)

Mernata adicara

d)

Umbul donga

18.

Naskah crita ing sandhiwara diarani …

a)

Prosa

b)

Pachelaton

c)

Teks

d)

Skenario

19.

Drama kang nyritakake crita rakyat jaman kuna, lan isine tarkadhang ora kalebu ing nalar diarani drama ...

a)

tradisional

b)

modern

c)

komedi

d)

tragedi

20.

Rerangkening utawa runtuting crita sing dialami dening para paraga saka wiwitan nganti tumekane pungkasan sajroning teks drama diarani ...

a)

alur

b)

tema

c)

setting

d)

paraga

21.

Perangane alur crita drama sing nuduhake dumadi anane konflik sajroning adegan-adegan drama lan kena diarani tekan ing pucuking perkara (masalah) kang njalari penonton padha gregetan diarani ...

a)

klimaks

b)

resolusi

c)

eksposisi

d)

komplikasi

22.

Sajroning teks drama perangan kang mujudake perangan wiwitane drama kang mujudake katerangan gegambarane drama kanthi umum kanggo nepungake paraga, nerangake papan panggonan lan wektu diarani ...

a)

prolog

b)

dhialog

c)

monolog

d)

epilog

23.

wong kang tugase mimpin, lan ngatur sekabehane pementasan drama diarani ...

a)

Sutradara

b)

Skenario

c)

Paraga

d)

Uba rampe

24.

Dhialog ing sandhiwara diarani ...

a)

Pachelathon

b)

Omongan

c)

Caturan

d)

Guneman

25.

Andharan bab pangertene paraga ing ngisor iki sing bener yaiku ...

a)

Paraga antagonis, yaiku paraga sing nengahi antarane paraga tritagonist karo paraga protagonis, lumrahe nyengkuyung tokoh protagonis

b)

Paraga protagonis, yaiku paraga sing tumindake becik/bener, biasane disenengi penonton

c)

Paraga tritagonis, yaiku paraga sing tansah lelawanan karo paraga utama, biasane digethingi penonton

d)

Paraga utama, yaiku paraga sing ora dadi punjering lakon jalaran jroning lakon paraga utama iki jarang dimainake

26.

Perangane crita sing nuduhake wiwit anane dredah (konflik) ing antarane paraga utama karo paraga liyane yaiku ...

a)

eksposisi

b)

komplikasi

c)

klimaks

d)

resolusi

27.

Paraga tritagonis yaiku …

a)

paraga sing nengahi antarane paraga antagonis karo paraga protagonis, lumrahe nyengkuyung tokoh protagonis

b)

paraga sing ora dadi punjering lakon jalaran jroning lakon paraga utama iki jarang dimainake

c)

paraga sing tumindake becik/bener, biasane disenengi penonton

d)

paraga sing tansah lelawanan karo paraga utama, biasane digethingi penonton

28.

Kang ora kalebu plot utawa alur teks drama yaiku ...

a)

klimaks

b)

resolusi

c)

dhialog

d)

eksposisi

29.

paraga kang duweni watak ala diarani paraga ...

a)

protagonis

b)

tritagonis

c)

antagonis

d)

fiksigonis

30.

Paraga antagonis yaiku paraga kang …

a)

paraga sing nengahi antarane paraga tritagonist karo paraga protagonis, lumrahe nyengkuyung tokoh protagonis

b)

paraga sing ora dadi punjering lakon jalaran jroning lakon paraga utama iki jarang dimainake

c)

paraga sing tansah lelawanan karo paraga utama, biasane digethingi penonton

d)

paraga sing tumindake becik/bener, biasane disenengi penonton

31.

Wong sing nindakake sesorah utawa tanggap wacana diarani …

a)

Pambiwara

b)

Pamedharsabda

c)

Pranatacara

d)

Panembrama

32.

Strukture teks tanggap wacana yaiku …

a)

Pambuka, isi, panutup

b)

Salam, pambuka, isi

c)

Pambuka, acara inti, panutup

d)

Pambuka, salam, panutup

33.

Wong sing nglantarake lan ngatur lumakune adicara diarani …

a)

Pambiwara

b)

Pamedharsabda

c)

Pranatacara

d)

Panembrama

34.

Struktur teks laporan kegiatan kang isine ngenani andharan ngenani jinis kagiatan wektu lan panggonane, peserta lan panitian, sarta andharan bab asli kagiatan sajroning struktur teks lapuran kagiatan diarani ...

a)

Isi

b)

Saran

c)

Pambuka

d)

panutup

35.

Paraga kang tansah lelawanan karo paraga utama, biyasane digething penonton diarani paraga ...

a)

Pentagonis

b)

Antagonis

c)

Protagonis

d)

tritagonis

Similar Resources on Wayground