WorksheetsBAHASA JAWA KELAS 4
Total questions: 50
Worksheet time: 25mins
1. Tembung “mangan” ing basa krama yaiku…
a. Neda
b. Ngombe
c. Nglakoni
d. Nedhi
Wacanen kang patitis
Raka yaiku bocah kelas papat sing pinter lan sregep sekolah. Saben dina, Raka mesthi sowan marang simbah sadurunge mangkat sekolah. Dheweke tansah matur, “Sugeng enjing, Mbah. Kula badhe sekolah rumiyin.” Simbahé banjur mesem lan mangsuli, “Nggih, le. Mugi sinaundhine lancar.”
Nanging, ing sekolah, Raka kudu sinau cara nganggo basa sing trep. Wektu sawijining dina, Raka ora sengaja ngomong nganggo basa ngoko marang gurune. Dheweke ngendika, “Bu, aku arep njupuk buku.” Guru langsung mesem lan paring piwulang alus, “Raka, nek karo guru nganggo basa krama yo, le. Coba diulangi.”
Raka banjur ngucap, “Bu, kula badhe njupuk buku rumiyin.” Gurune memuji, “Nah, kuwi wis bener.”
Saka kedadeyan kuwi, Raka ngerti yen unggah-ungguh basa Jawa iku penting. Kanthi nganggo basa sing trep, wong liya bakal krasa dihormati. Wiwit dina iku, Raka saya sregep nggunakake basa krama marang guru lan wong tuwa, lan basa ngoko marang kanca-kancane.
2. Basa sing trep kanggo ngomong karo simbah yaiku…
a. Ngoko
b. Krama alus
c. Ngoko campuran
d. Krama madya
3. “Arep menyang warung” basa kramane yaiku…
a. Badhe tindak warung
b. Arep menyang toko
c. Badhe nedha warung
d. Arep menyang omah
4. Tembung krama saka “omah” yaiku…
a. Griya
b. Umah
c. Umahe
d. Keraton
5. Basa krama saka “kowe” yaiku…
a. Panjenengan
b. Dheweke
c. Sampeyan
d. Kowen
6. Tembung krama saka “dolan” yaiku…
a. Lelungan
b. Dhateng
c. Mampir
d. Dolanan
7. Apa basa kramane saka “aku”…
a. Awakmu
b. Inggih
c. Kula
d. Panjenengan
8. “Ngombe” ing basa krama yaiku…
a. Ngunjuk
b. Nguntal
c. Ngunthuk
d. Nguyahi
9. Basa krama saka “lungguh” yaiku…
a. Neng
b. Dodok
c. Lenggah
d. Nang
10. “Dheweke lunga” basa krama aluse yaiku…
a. Panjenengan tindak
b. Dalem tindak
c. Piyambake tindak
d. Dheweke rawuh
11. Yen arep nyuwun tulung marang guru, kudu matur…
a. Bu, tulung bukak buku
b. Bu, tulungana aku
c. Bu, tulungakan kula mbukak buku
d. Bu, bukakno bukune
12. Salam sing trep kanggo simbah yaiku…
a. Halo simbah
b. Piye kabare mbah
c. Sugeng enjing mbah
d. Hei mbah
13. “Kowe arep menyang ngendi?”
yen di kramakne dadi…
a. Panjenengan badhe tindak pundi
b. Sampeyan lunga endi
c. Kula badhe tindak pundi
d. Kowe badhe pundi
14. “Ayo mangan bareng” ing krama yaiku…
a. Monggo dhahar bareng
b. Monggo nedha dewe
c. Ayo dhahar dewe
d. Ayo nedha kene
15. Tembung ngoko kanggo kanca sebaya yaiku…
a. Panjenengan
b. Sampeyan
c. Kowe
d. Dalem
16. “Aku ora ngerti” basa kramane …
a. Kula mboten mangertos
b. Kula mboten dhahar
c. Dalem mboten pirsa
d. Kula pirsa
17. Kalimat ngajak guru sing bener yaiku…
a. Ayo mlebu bu
b. Monggo pinarak bu
c. Mlebu wae bu
d. Bu ayo mlebu
18. Tembung krama saka “turu” yaiku…
a. Sare
b. Tilem
c. Guling
d. Lelap
19. “Adikku njaluk pitulungan” basa kramane yaiku…
a. Adik kula nyuwun tulung
b. Adik kula mboten tulung
c. Kula nyuwun tulung
d. Piyambakipun nyuwun tulung
20. “Sirahe loro” krama alus yaiku…
a. Musthi kula loro
b. Mastaka kula loro
c. Kersa mastaka
d. Sirahipun loro
21. Ukara sing ora sopan yaiku…
a. Sugeng enjing pak
b. Pak kula badhe lapor
c. Pak kula arep takon
d. Pak kowe lunga endi
22. “Panjenengan badhe tindak pundi?” cocok kanggo…
a. Kanca
b. Adik
c. Kepala sekolah
d. Sedulur
23. Unsur watak ing teks narasi yaiku…
a. Sapa sing crita
b. Kepiye tumindake tokoh
c. Panggonan crita
d. Wektu kedadean
24. Manungsa sing nulungi kancane nduwe watak…
a. Sombong
b. Apik
c. Jahat
d. Ora sopan
25. Ukara ngoko yaiku…
a. Kula badhe tindak
b. Kowe arep menyang omah
c. Sampeyan pinarak
d. Panjenengan rawuh pundi
26. “Monggo pinarak” cocok kanggo…
a. Adik
b. Guru
c. Kanca
d. Bocah
27. Tembung “biyen” nuduhake unsur…
a. Wektu
b. Panggonan
c. Watak
d. Tujuan
28. “Pak guru pinarak dhisik” nuduhake…
a. Ajak sopan
b. Larangan
c. Omongan kasar
d. Ngok
29. Tembung “biyen” nuduhake unsur…
a. Wektu
b. Panggonan
c. Watak
d. Tujuan
30. “Pak guru pinarak dhisik” nuduhake…
a. Ajak sopan
b. Larangan
c. Omongan kasar
d. Ngoko
31. Tokoh sing nesu terus duwé watak…
a. Sabar
b. Lembut
c. Gampang nesu
d. Ayu
32. “Ing alas sing peteng” nuduhake…
a. Latar wektu
b. Latar panggonan
c. Latar tujuan
d. Latar rasa
33. Ukara paling sopan kanggo kepala sekolah yaiku…
a. Pak kowe lunga endi
b. Pak panjenengan badhe tindak pundi
c. Hei pak arep menyang ngendi
d. Pak lunga endi
34. “Bu kula mboten saged ngerjakake” nuduhake…
a. Ora sopan
b. Jujur lan sopan
c. Ngundang
d. Ngomel
35. Ukara sing kurang trep kanggo kanca sebaya yaiku…
Kowe wis mangan
Ayo dolanan
Panjenengan badhe dhahar
Kowe lagi apa
36. Kalimat iki campuran ngoko lan krama: “Sampeyan kula ajak tindak kantin” amarga…
a. Tembunge salah kabeh
b. Krama lan ngoko campur
c. Krama kabeh
d. Ngoko kabeh
37. “Kowe pinter banget!” marang guru iku…
a. Bener
b. Sopan
c. Ora sopan
d. Apik
38. Ending teks narasi sing tepat yaiku…
a. Crita ora rampung
b. Pungkasane padha seneng
c. Mung intro wae
d. Mung tokoh
39. Basa “Simbah kersa rawuh” kalebu…
a. Ngoko
b. Krama alus
c. Krama lugu
d. Indonesia
40. Ukara sing ora sopan yaiku…
a. Monggo dhahar
b. Kowe ojo nangis mbah
c. Sugeng sonten
d. Kula nuwun
41. “Kula nyuwun pangapunten” digunakake kanggo…
a. Nedha
b. Njaluk ngapura
c. Njaluk dhuwit
d. Dolanan
42. “Kula nyuwun dhawuh” tegese…
a. Njaluk pituduh
b. Njaluk dhuwit
c. Njaluk mangan
d. Njaluk dolanan
43. Salam sopan kanggo guru yaiku…
a. Halo bu
b. Sugeng enjing ibu guru
c. Hei bu
d. Enjing bu
44. Kalimat ngajak kanca nganggo ngoko yaiku…
a. Monggo tindak
b. Ayo dolanan bareng
c. Pinarak rumiyin
d. Kula nyuwun dolan
45. Ukara kanggo takon marang simbah sing sopan yaiku…
a. Mbah kowe arep mangan
b. Mbah panjenengan badhe dhahar
c. Mbah ayo mangan
d. Mbah mangan saiki
46. Ukara pamit krama yaiku…
a. Aku lunga dhisik
b. Kula pamit rumiyin
c. Kowe pamit saiki
d. Aku pamit saiki
47. “Monggo pinarak dhisik” bisa diowahi dadi…
a. Ayo lungguh kene
b. Pinarak wae
c. Monggo lenggah rumiyin
d. Ayo deleng omah
48. Ukara pambuka narasi sing becik yaiku…
a. Biyen ana bocah jenenge Raka
b. Aku luwe banget
c. Lungguh kene
d. Aku ora ngerti
49. Ukara sing bisa dadi konflik yaiku…
a. Rina tangi
b. Kembangku layu
c. Dina padhang
d. Raka sekolah
50. Ending sing nyenengake yaiku…
a. Kabeh bali lan susah
b. Pungkasane padha seneng
c. Critane ora rampung
d. Dheweke dadi nesu
